Markus 5


5:1 Satekané ing sabrangé tlaga, Gusti Yésus lan para murid padha ndharat ing tanahé wong Gerasa.
5:2 Lagi waé mandhap saka ing prau, banjur ana wong sing kepanjingan dhemit marani Gusti Yésus. Wong mau tekané saka ing pekuburan.
5:3 Pancèn manggoné ana ing kono, lan wis ora ana wong sing bisa mbanda dhèwèké. Senajan dibanda nganggo ranté pisan, mesthi dipedhot.
5:4 Wis bola-bali wong kuwi tangan lan sikilé diranté, nanging iya bola-bali dipedhot.
5:5 Awan bengi wong sing kepanjingan dhemit mau klambrangan ana ing pekuburan kono, utawa ana ing gunung-gunung, karo bengak-bengok, lan awaké diantemi dhéwé nganggo watu.
5:6 Bareng wong sing kepanjingan dhemit mau saka kadohan weruh Gusti Yésus rawuh, tumuli marani, lan banjur jèngkèng ana ing ngarsané,
5:7 aturé: “Dhuh Gusti Yésus, Putranipun Allah ingkang Mahaluhur, kula badhé Panjenengan menapakaken? Panyuwun kula, demi Allah, mbok kula sampun Panjenengan siksa!”
5:8 (Enggoné matur mengkono kuwi, merga dhemité wis didhawuhidéning Gusti Yésus: “Hé, dhemit, metua saka wong kuwi!”)
5:9 Gusti Yésus ndangu marang dhemit mau: “Sapa jenengmu?” Dhemité mangsuli: “Nama kula Legiun *Legiun: saking basa Yunani, tegesipun: ‘cacahipun éwon.’* awit cacah kula kathah.”
5:10 Dhemit mau nyuwun kanthi adreng marang Gusti Yésus, supaya dhemit-dhemit kuwi aja ditundhung saka panggonan kono.
5:11 Ana ing pèrènging punthuk, cedhak panggonan kono, ana babi pirang-pirang lagi padha golèk pangan.
5:12 Dhemit-dhemit mau padha nyuwun marang Gusti Yésus: “Mbok kula sami kaparengna manggèn ing babi-babi menika.”
5:13 Gusti Yésus marengaké. Dhemit-dhemit mau banjur padha metu saka wong kuwi, tumuli mlebu ing babi-babi, sing cacahé kira-kira ana rong èwu. Babi-babi mau banjur padha mudhun saka ing punthuk, padha ambyur ing tlaga, lan padha mati kleleb ana ing kono.
5:14 Kocapa para pangoné babi-babi mau tumuli padha mlayu mlebu ing désa, padha nyritakaké lelakon mau marang wong-wong ing kono, sing banjur padha mbuktèkaké apa sing kelakon.
5:15 Satekané ana ing ngarsané Gusti Yésus wong-wong kuwi padha weruh wongé sing kepanjingan dhemit Legiun, lagi lungguh ing lemah, wis menganggo genep, lan wis waras. Nanging wong-wong mau isih padha wedi karo wong kuwi.
5:16 Sing padha weruh lelakon mau, banjur padha nyritakaké marang wong-wong kang padha teka iku, bab lelakoné wong sing kepanjingan dhemit, lan bab babi-babi mau.
5:17 Wong-wong mau banjur padha nyuwun klawan adreng marang Gusti Yésus, supaya kersa tindak saka panggonan kono.
5:18 Nalika Gusti Yésus minggah ing prau, wong kang mentas kepanjingan dhemit mau matur kelilana ndhèrèk.
5:19 Gusti Yésus ora marengaké. Malah wong mau didhawuhi: “Kowé muliha, ketemua wong-wong ing kampungmu, padha critanana pakaryané Gusti Allah kabèh lan gedhéning kamirahané marang kowé!”
5:20 Wong mau banjur mangkat lan martak-martakaké ana ing tlatah Dékapolis bab apa sing ditindakaké déning Gusti Yésus marang dhèwèké. Saben wong sing krungu critané padha kaéraman.
5:21 Gusti Yésus nitih prau menyang sabrangé Tlaga Galiléa menèh. Ana ing kana jumeneng ing sapinggiring tlaga. Tumuli akèh banget wong kang padha sowan ing ngarsané.
5:22 Banjur ana wong teka, jenengé Yairus. Yairus kuwi penggedhéné sinagogé. Nalika ketemu Gusti Yésus, Yairus nuli jèngkèng ing ngarsané.
5:23 Yairus nyuwun kanthi adreng, aturé: “Gusti, anak kawula sakit sanget, badhé pejah. Mugi Gusti kersa rawuh ing griya kawula. Gusti kersaa numpangi asta, temah anak kawula badhé saras mboten pejah.”
5:24 Gusti Yésus banjur tindak bebarengan menyang omahé Yairus. Wong akèh banget suk-sukan ndhèrèkaké tindaké.
5:25 Ana ing antarané wong akèh mau ana wongé wadon siji, sing wis rolas taun lara ngetokaké getih.
5:26 Wong wadon mau wis katog enggoné ikhtiyar, mretamba menyang dhukun-dhukun, nganti bandhané entèk kanggo ragad. Nanging ora bisa waras, malah larané saya banget.
5:27 Wong wadon mau wis krungu critané wong akèh bab Gusti Yésus. Mulané dhèwèké nékad nrenjel ing satengahé wong akèh mau, nyedhaki Gusti Yésus, arep ndemèk jubahé.
5:28 Awit wong wadon kuwi duwé pengandel: “Angger aku bisa ndemèk jubahé Gusti Yésus, aku mesthi waras.” Bareng wis cedhak karo Gusti Yésus wong wadon mau banjur ndemèk jubahé.
5:29 Sakal wong kuwi mari, getihé mampet, lan krasa yèn awaké wis waras.
5:30 Bareng karo mariné wong wadon mau, Gusti Yésus uga krasa yèn ana daya sing metu saka ing sarirané. Panjenengané banjur minger, mirsani wong akèh kang padha ndhèrèkaké, sarta ndangu: “Sapa sing ndemèk jubah-Ku?”
5:31 Murid-muridé padha matur: “Gusti, tiyang semanten kathahipun sami suk-sukan. Kok Gusti ndangu: ‘Sapa sing ndemèk jubah-Ku?’ ”
5:32 Nanging Gusti Yésus terus enggoné mirsani wong akèh mau, nggolèki wongé sing wis ndemèk jubahé.
5:33 Wong wadon sing rumangsa ndemèk jubahé mau, lan krasa yèn awaké wis waras, banjur sowan ing ngarsané Gusti Yésus. Sowané klawan ndhredheg, merga wedi. Wong wadon kuwi jèngkèng ing ngarsané, sarta matur blaka.
5:34 Gusti Yésus banjur ngandika: “Ibu, precayamu sing mitulungi kowé. Saiki mundura kanthi tentrem atimu. Laramu wis mari.”
5:35 Gusti Yésus durung rampung enggoné ngandika, wis ana susulan teka saka omahé Yairus, ngaturi yèn anaké Yairus wis mati. Aturé wong mau marang Yairus: “Putra panjenengan sampun tilar-donya. Menapa prelunipun damel ribedipun Gusti Yésus, kapurih rawuh ing dalem panjenengan?”
5:36 Gusti Yésus ora nggatèkaké aturé susulan mau, nanging paring dhawuh marang Yairus: “Aja wedi, Yairus! Precayaa waé!”
5:37 Wong akèh padha dipenging ndhèrèk Gusti Yésus, kejaba Pétrus, lan wong loro sasedulur, yakuwi Yakobus lan Yohanes.
5:38 Sarawuhé ing omahé Yairus, Gusti Yésus mireng wong-wong padha nangis pating jlerit.
5:39 Gusti Yésus mlebet ing omah, banjur ngandika karo wong-wong sing padha nangis mau: “Yagéné kowé padha nangis lan ribut mengkono kuwi? Bocahé ora mati. Mung lagi turu!” Nanging wong-wong mau padha nggeguyu.
5:40 Gusti Yésus banjur ndhawuhi supaya wong kabèh padha metu. Bareng wis padha metu kabèh, Yairus lan bojoné tuwin Pétrus, Yakobus lan Yohanes, diajak mlebu ing kamar sing kanggo nurokaké bocahé sing lara.
5:41 Gusti Yésus banjur ngasta tangané bocah kuwi karo ngandika: “Talita kum!” Jarwané: “Gendhuk, kowé tangia!”
5:42 Sanalika bocah wadon mau tangi, banjur mlaku. (Umuré bocah mau wis rolas taun.) Bapak lan ibuné apa déné para murid padha gumun banget.
5:43 Gusti Yésus meling wanti-wanti marang wong-wong, supaya aja nganti ana wong sing ngerti lelakon mau. Sawisé mengkono, “Panjenengané dhawuh, supaya bocahé diwènèhi mangan.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 41 Markus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s