Markus 9


9:1 Gusti Yésus nglajengaké ngandikané: “Titènana! Ing antarané wong-wong sing ana ing kéné ana sing bakal ora mati, sadurungé padha ndeleng Kratoné Allah kebabar kanthi pangwasa.”
9:2 Nem dina sawisé lelakon mau, Gusti Yésus dhawuh marang Rasul Pétrus, Rasul Yohanes lan Rasul Yakobus, sedulur kakang-adhi, supaya padha ndhèrèk Gusti Yésus, minggah ing gunung kang dhuwur. Ana ing kono ora ana wong liyané menèh. Para rasul mau padha weruh Gusti Yésus malih rupa; dadi mencorong.
9:3 Agemané dadi putih mengkilap; sajagad iki ora ana wong sing bisa mutihaké sandhangan nganti kaya mengkono.
9:4 Para rasul uga padha weruh Nabi Élia lan Nabi Musa ana ing kono, lagi padha ngandikan karo Gusti Yésus.
9:5 Rasul Pétrus banjur matur marang Gusti Yésus: “Gusti, iba saénipun, menawi kita sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngedegaken téndha tiga wonten ing ngriki, setunggal kagem Panjenengan, setunggal kagem Nabi Musa, setunggalipun malih kagem Nabi Élia.”
9:6 Enggoné Rasul Pétrus matur mengkono mau, merga ora ngerti apa sing kudu dikandhakaké, sebab Rasul Pétrus, Rasul Yohanes lan Rasul Yakobus, kabèh padha wedi banget.
9:7 Dumadakan ana méga teka; ayang-ayangané nutupi wong kabèh mau. Tumuli ana swara saka ing sajroning méga, tembungé: “Iki Putra-Ku dhéwé sing Dakkasihi; padha manuta sapréntahé.”
9:8 Para rasul padha nolèh ngiwa-nengen, nanging ing kono wis ora ana wong liyané menèh, kejaba mung Gusti Yésus piyambak.
9:9 Sawisé kuwi Gusti Yésus lan para rasul nuli padha mudhun saka gunung mau. Sajroné tindak Gusti Yésus meling marang para rasul mengkéné: “Apa sing kokdeleng iki mau aja kokkandhakaké marang sapa waé, nganti Putraning Manungsa wungu saka ing séda.”
9:10 Wong telu mau padha netepi sapiwelingé Gusti Yésus, nanging padha rerasanan dhéwé, apa kersané Gusti Yésus kokngandika bab ‘wungu saka séda’.
9:11 Mulané para rasul banjur padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: “Menapa sebabipun kokpara ahli Torèt sami criyos, bilih Nabi Élia badhé rawuh rumiyin?”
9:12 Gusti Yésus ngandika: “Ya, pancèn, Nabi Élia teka dhisik, supaya nyawisaké samubarang kabèh. Nanging kepriyé mungguh Putraning Manungsa? Apa sebabé déné ing Kitab Suci ditulis yèn Putraning Manungsa kudu nandhang sangsara akèh lan disawiyah-wiyah!
9:13 Élinga, Nabi Élia pancèn wis rawuh. Nanging wong-wong padha tumindak sawenang-wenang marang panjenengané. Kuwi cocog karo sing wis katulis ing Kitab Suci.”
9:14 Nalika Gusti Yésus, Rasul Pétrus, Rasul Yohanes lan Rasul Yakobus padha bali menèh ing panggonané para murid sing katilar, wong akèh lagi padha nglumpuk ana ing kono; ing antarané uga ana para ahli Torèt sawetara. Wong-wong mau lagi padha dhébatan karo muridé Gusti Yésus.
9:15 Bareng wong akèh mau padha weruh Gusti Yésus rawuh, padha bungah, banjur énggal-énggal padha mbagèkaké Panjenengané.
9:16 Gusti Yésus banjur ndangu marang para murid: “Apa sing lagi kokrembug karo para ahli Torèt kuwi?”
9:17 Wangsulané wong sing ana ing kono: “Guru, kula badhé nyowanaken anak kula wonten ing ngarsa Panjenengan. Laré menika kepanjingan dhemit ngantos bisu.
9:18 Samangsa dhemit wau misakit, larénipun dipun banting ing siti. Cangkemipun lajeng muruh, untunipun kerot-kerot, lan badanipun sakojur lajeng kaken. Kula sampun nedha tulung dhateng para murid Panjenengan, supados nundhung dhemitipun, nanging sami mboten saged.”
9:19 Gusti Yésus banjur ngandika: “Wah, pancèn kebangeten kowé kuwi! Kokpadha ora precaya temen! Nganti pira suwéné Aku kudu isih ana ing antaramu. Nganti kapan Aku isih kudu nyabari kowé? Bocahé gawanen mréné!”
9:20 Bocahé banjur disowanaké ing ngarsané Gusti Yésus. Bareng dhemité weruh Gusti Yésus, sanalika nuli ngoyog-oyog awaké bocah mau, nganti bocahé tiba njengkelit lan cangkemé muruh.
9:21 Gusti Yésus ndangu marang bapakné si bocah: “Olèhé mengkono kuwi wis pira lawasé?” Bapakné bocah mau mangsuli: “Wiwit alit mila.
9:22 Kerep kémawon laré menika badhé dipun pejahi, srana dipun dhawahaken ing latu utawi ing toya. Mila menawi Panjenengan saged, mbok inggiha Panjenengan welas dhateng kula; kula Panjenengan pitulungi.”
9:23 Gusti Yésus ngandika: “Apa kandhamu? Yèn Aku bisa? Tumrapé wong precaya, ora ana barang mokal.”
9:24 Sanalika bapakné bocah mau matur marang Gusti Yésus: “Gusti, kawula pitados. Mugi Gusti mitulungi lan ngiyataken pitados kawula.”
9:25 Bareng Gusti Yésus mirsa, yèn wongé sing ngrubung saya akèh, dhemité banjur ditundhung: “Hèh dhemit sing gawé budheg lan bisuné bocah iki; metua! Aja bali menèh!”
9:26 Dhemit mau banjur njerit seru banget, bocahé digawé ngececeng-ngececeng, banjur metu saka bocah mau. Bocahé kaya mati, nganti kabèh padha ngarani yèn bocahé wis mati.
9:27 Gusti Yésus banjur ngasta tangané bocah mau, nuli diadegaké. Bocahé banjur ngadeg.
9:28 Sawisé Gusti Yésus tekan pondhokan, para murid banjur padha nyuwun pirsa: “Sebab menapa kula koksami mboten saged nundhung dhemit menika?”
9:29 Gusti Yésus ngandika: “Dhemit bangsané iki ora kena ditundhung, kejaba mung srana pandonga.”
9:30 Gusti Yésus lan para rasul banjur padha nilar omah kono, nerusaké tindaké ngliwati tanah Galiléa. Kersané supaya aja nganti ana wong sing ngerti, yèn Panjenengané ing wektu kuwi ana ing panggonan kono,
9:31 awit Gusti Yésus lagi paring piwulang marang para rasul. Pangandikané: “Putraning Manungsa bakal diulungaké marang tangané wong-wong sing arep nyédani Panjenengané. Nanging ing telung dinané Panjenengané bakal wungu menèh saka ing sédané.”
9:32 Para rasul padha ora nyandhak karo dhawuhé Gusti Yésus mau, nanging padha ora wani matur marang Panjenengané.
9:33 Gusti Yésus lan para rasul tindaké wis tekan kutha Kapèrnaum. Ana ing pondhokan, Gusti Yésus ndangu marang para rasul: “Ana ing dalan mau kowé padha rembugan bab apa?”
9:34 Nanging para rasul mau ora ana sing mangsuli, sebab padha rebut unggul bab sapa sing pinunjul dhéwé ing antarané wong sakanca kuwi.
9:35 Gusti Yésus nuli lenggah sarta nimbali para rasul rolas, dipangandikani: “Sapa sing kepéngin dadi pengarep, kuwi kudu dadi baturé wong kabèh.”
9:36 Gusti Yésus banjur nimbali bocah cilik sing didhawuhi ngadeg ana ing ngarepé para muridé kabèh. Gusti Yésus ngrangkul bocah mau, banjur ngandika:
9:37 “Sapa sing nampani bocah sing mengkéné iki atas jeneng-Ku, kuwi Aku sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, kuwi dudu mung Aku waé sing ditampani, nanging uga Gusti Allah sing ngutus Aku.”
9:38 Rasul Yohanes matur: “Guru, kula sami sumerep wonten tiyang ingkang nundhungi dhemit mawi nyebut asma Panjenengan. Tiyang wau lajeng sami kula awisi, awit piyambakipun sanès saking golongan kita.”
9:39 Gusti Yésus ngandika: “Aja kokpenging. Awit yèn ana wong gawé mujijat nganggo nyebut jeneng-Ku, kuwi mesthi ora bakal tumuli ngala-ala Aku.
9:40 Sapa sing ora nglawan kita, kuwi nyarujuki.
9:41 Ngandela, wong sing mènèhi kowé ngombé merga enggonmu dadi muridé Sang Kristus, wong kuwi mesthi bakal tampa ganjaran saka Gusti Allah.”
9:42 Gusti Yésus paring piwulang marang para rasul mengkéné: “Wong sing dadi jalarané wong cilik sing padha precaya marang Aku nganti nyingkur Aku, wong kuwi luwih becik dibandhulana watu sing gedhé, banjur dicemplungaké ing segara.
9:43 Menawa tanganmu dadi jalaran kowé nglakoni dosa, kethoken waé! Awit luwih becik kowé ngalami urip langgeng kanthi tangan siji, tinimbang tanganmu genep loro, nanging kowé mlebu nraka, sing geniné ora bakal sirep.
9:44 [Ing nraka singgaté ora mati lan geniné ora sirep.]
9:45 Menawa sikilmu njalari kowé gawé dosa, luwih becik kethoken waé! Awit luwih becik kowé urip kanthi sikil siji, tinimbang sikilmu genep loro, nanging mlebu nraka.
9:46 [Nraka kuwi singgaté ora mati lan geniné ora sirep.]
9:47 Déné menawa mripatmu sing marakaké kowé gawé dosa, cupliken waé! Awit luwih becik kowé dadi umat ing Kratoné Allah kanthi mripat siji, tinimbang kowé duwé mripat loro, nanging kacemplungaké ing nraka.
9:48 Ing nraka singgaté ora mati lan geniné ora sirep.
9:49 Saben wong kudu nglakoni pendadaran supaya precayané ora luntur. Srana pengalaman sing mengkono kuwi, wong mau presasat diuyahi supaya awèt.
9:50 Uyah kuwi gedhé paédahé, nanging menawa wis ilang asiné enggonmu mulihaké asiné kepriyé? Kowé padha dadia wong sing presasat wis diuyahi. Lan padha uripa bebarengan kanthi rukun.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 41 Markus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s