Matius 25


25:1 “Samasa Putraning Manungsa rawuh ngasta Kratoné Allah, kena diupamakaké: Kaya kaanané prawan sepuluh sing arep ngiring pengantèn, padha nggawa oncor, banjur mangkat methuk pengantèn lanang.
25:2 Prawan sing lima bodho, lan sing lima liyané wicaksana.
25:3 Prawan lima sing bodho mau padha nggawa oncor, nanging ora nggawa lenga tandhon.
25:4 Déné prawan lima sing wicaksana, nggawa oncor lan nggawa lenga sing kanggo tandhon.
25:5 Pengantèn lanang mau tekané kasèp, mulané prawan-prawan mau banjur ngantuk nganti keturon.
25:6 Bareng tengah-wengi ana swarané wong alok-alok: ‘Pengantèné teka! Ayo padha dipethukaké!’
25:7 Prawan sepuluh mau banjur padha tangi lan nyandhak oncoré dhéwé-dhéwé.
25:8 Prawan-prawan sing bodho nuli padha nembung marang prawan-prawan sing wicaksana: ‘Mbok aku wènèhana lengamu sethithik waé, awit oncorku arep mati.’
25:9 Wangsulané prawan-prawan sing wicaksana: ‘Aja, mengko lengané mundhak ora cukup yèn kanggo aku lan kowé. Luwih becik yèn kowé menyanga warung sing adol lenga lan tuku dhéwé.’
25:10 Nanging nalika prawan lima mau lagi padha lunga tuku lenga, mantèné lanang teka. Prawan lima sing wis miranti, nuli padha ngiring pengantèn lanang, mlebu ing omahé sing mantu. Lawangé banjur dikancing.
25:11 Sawisé mengkono prawan lima liyané mau iya padha teka, lan matur saka njaba: ‘Bapak, kula aturi mbikak korinipun.’
25:12 Nanging wangsulané pengantèn lanang: ‘Kowé sapa, aku ora kenal karo kowé.’ ”
25:13 Gusti Yésus banjur mungkasi pasemoné srana ngandika: “Mulané padha melèka, awit kowé padha ora weruh dina lan wayahé Putraning Manungsa rawuh.”
25:14 “Samasa Putraning Manungsa rawuh ngasta Kratoné Gusti Allah kaanané iya kena diupamakaké kaya wong sing arep mangkat lelungan menyang negara sing adoh. Wong mau nuli nimbali para abdiné, banjur mitayakaké barang darbèké marang para abdi mau.
25:15 Saben abdi dipasrahi, undha-usuk miturut kabisané dhéwé-dhéwé. Ana abdi sing dipasrahi dhuwit limang talenta, ana sing rong talenta, ana sing satalenta. Sawisé kuwi wong mau nuli mangkat.
25:16 Sing nampa limang talenta tumuli mangkat, nglakokaké dhuwité, lan olèh bathi uga limang talenta.
25:17 Mengkono uga abdi sing tampa rong talenta, iya nindakaké mengkono, lan olèh bathi uga rong talenta.
25:18 Nanging abdi sing tampa satalenta, lunga ngedhuk luwangan, banjur mendhem dhuwité bendarané mau ana ing kono.
25:19 Let sawetara suwéné, bendarané abdi-abdi mau lagi rawuh, banjur nganakaké étung-étungan karo para abdiné.
25:20 Sing tampa limang talenta sowan lan ngaturaké bebathèné limang talenta, karo matur: ‘Bapak, kula panjenengan pasrahi gangsal talenta. Samenika kula aturi mirsani, kula angsal bebathèn kathahipun inggih gangsal talenta.’
25:21 Wangsulané bendarané: ‘Becik banget, kowé abdi sing becik lan temen. Sarèhné kowé wis ketitik tumemen marang barang sing sethithik, kowé bakal dakpasrahi ngurusi barang sing akèh. Mlebua lan mèlua ngrasakaké kabungahanku.’
25:22 Abdi sing tampa rong talenta uga sowan lan matur: ‘Bapak, panjenengan sampun mitadosaken arta kalih talenta dhateng kula. Samenika, sumangga panjenengan pirsani. Kula saged angsal bebathèn kathahipun inggih kalih talenta.’
25:23 ‘Becik banget’, wangsulané bendarané. ‘Kowé abdi sing becik lan temen. Sarèhné kowé wis ketitik tumemen marang barang sing sethithik, saiki kowé bakal dakpasrahi ngurusi barang-barang sing akèh. Ayo, mlebua lan mèlua ngrasakaké kabungahanku!’
25:24 Sawisé kuwi abdi sing nampa satalenta iya banjur sowan, lan matur: ‘Ndara, kula sumerep, bilih panjenengan menika tiyang ingkang sawenang-wenang. Remen ngenèni ing panggènan ingkang mboten panjenengan sebari, lan mendheti taneman, ingkang mboten panjenengan tanem.
25:25 Mila kula ajrih, lajeng késah; arta panjenengan satalenta lajeng kula pendhem ing siti. Mangga kula aturi nampèni arta panjenengan!’
25:26 Bendara mau banjur ngandika: ‘Kowé abdi sing ala lan kesèd. Kowé duwé penganggep yèn aku ngenèni ing panggonan sing ora daksebari lan ngundhuh tanduran sing ora daktandur.
25:27 Mulané, beneré dhuwitku kuwi koktitipaké marang wong sing nglakokaké dhuwit, supaya samangsa aku teka, aku bisa nampa dhuwitku menèh saanakané.
25:28 Dhuwit satalenta kuwi jaluken, banjur wuwuhna marang wong sing duwé sepuluh talenta mau.
25:29 Sebab sing sapa wis duwé, kuwi bakal kaparingan luwih akèh menèh nganti kalubèran. Nanging sing sapa ora duwé, barang sethithik sing diduwèki kuwi bakal kapundhut kabèh.
25:30 Déné abdi sing ora ana gunané kuwi cekelen, lan lebokna ing pakunjaran. Ing kono bakal ana penangis lan panggegeting untu!’ ”
25:31 “Mbésuk samasa Putrané Manungsa rawuh ngagem kamulyané, kadhèrèkaké sakèhing malaékat, Panjenengané bakal lenggah ing dhamparing Kratoné Gusti Allah,
25:32 lan sakèhing wong ing bumi bakal kaklumpukaké ing ngarsané. Panjenengané nuli bakal misah wong-wong mau dadi rong pantha, kaya pangon sing misahaké wedhusé gèmbèl lan wedhusé bérok.
25:33 Sing gèmbèl dipisahaké ana ing tengené lan sing bérok ana ing kiwané.
25:34 Tumuli Sang Prabu bakal ngandika marang wong-wong sing ana ing tengené: ‘Mara, kowé sing padha binerkahan déning Rama-Ku. Kowé bakal padha ngrasakaké kanikmataning Kratoné Allah, sing wis kacawisaké wiwit dumadiné jagad.
25:35 Awit nalika Aku keluwèn, Aku kokcaosi dhahar; nalika Aku ngelak, Aku kokcaosi ngunjuk; nalika Aku ngumbara, Aku kokcaosi pondhokan ing omahmu;
25:36 nalika Aku kewudan, Aku kokcaosi ageman; nalika Aku gerah, Aku kokupakara; nalika Aku dikunjara, Aku koktiliki.’
25:37 Ing kono wong-wong mursid mau padha matur: ‘Gusti, kala menapa kawula sumerep Panjenengan keluwèn, lan kawula caosi dhahar, utawi kasatan, kawula caosi ngunjuk?
25:38 Kala menapa kawula sumerep Panjenengan ngumbara, lajeng kawula caosi pondhokan ing griya kawula? Kala menapa kawula sumerep Panjenengan kelukaran, lajeng kawula caosi ageman?
25:39 Kala menapa kawula sumerep Panjenengan gerah utawi dipun kunjara, lajeng kawula tuwèni?’
25:40 Sang Prabu nuli bakal paring wangsulan: ‘Élinga, apa waé sing tau koktindakaké marang salah sawijining sedulur-Ku sing asor dhéwé iki, kuwi ateges iya wis koktindakaké marang Aku!’
25:41 Sang Prabu mau iya bakal ngandika marang wong-wong sing ana ing kiwané: ‘Padha sumingkira saka ing ngarep-Ku, kowé wong sing kena ing laknat! Sumingkira menyang geni langgeng sing wis dicawisaké kanggo Iblis lan para malaékaté!
25:42 Awit nalika Aku keluwèn, kowé ora nyaosi dhahar; nalika Aku ngelak, kowé ora nyaosi ngunjuk;
25:43 nalika Aku ngumbara, kowé ora nyaosi pemondhokan; nalika Aku kewudan, kowé ora nyaosi ageman; nalika Aku gerah, lan ana ing pakunjaran, Aku ora kokupakara.’
25:44 Wong-wong mau nuli bakal padha munjuk: ‘Kala menapa kawula sumerep Panjenengan keluwèn, kasatan, ngumbara, utawi kelukaran, utawi gerah, utawi dipun kunjara lan mboten kawula ladosi?’
25:45 Sang Prabu banjur bakal paring wangsulan: ‘Rungokna sing becik. Apa waé sing ora koktindakaké marang salah sawijining wong sing asor dhéwé iki, kuwi iya ora koktindakaké marang Aku.’
25:46 Wasana wong-wong mau bakal nampa paukuman langgeng, nanging wong-wong mursid bakal nampa ganjaran urip langgeng.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s