Matius 27


27:1 Ésuké kabèh pengareping imam lan para sesepuhé bangsa Yahudi padha gawé putusan arep nyédani Gusti Yésus.
27:2 Panjenengané banjur dibanda, nuli diirid, kapasrahaké marang Pilatus, gubernur pepréntahan Rum ing wilayah kono.
27:3 Nalika Yudas, sing ngulungaké Gusti Yésus ngerti yèn Panjenengané bakal diukum pati, dhèwèké keduwung, banjur mbalèkaké dhuwité telung puluh sèkel selaka marang para pengareping imam lan para sesepuhé bangsa Yahudi.
27:4 Aturé: “Kula sampun damel dosa, déné ngulungaken tiyang ingkang mboten lepat, ngantos dipun ukum pejah.” Nanging para pengareping imam sarta para sesepuh mau padha mangsuli: “Preduli apa, kuwi rak urusanmu dhéwé!”
27:5 Yudas banjur nguncalaké dhuwit mau ana ing Pedalemané Allah, nuli lunga lan ngendhat.
27:6 Para pengareping imam nuli padha njupuki dhuwit mau lan muni: “Iki dhuwit getih, dadi ora kena dilebokaké ana ing pethi pisungsung ing Pedalemané Allah.”
27:7 Sawisé padha sarujuk, dhuwit mau nuli dienggo tuku lemahé tukang grabah. Lemah mau digawé kuburan kanggo ngubur wong neneka sing mati ing kono.
27:8 Mulané tekan sepréné palemahan mau disebut Hakeldama, tegesé: Palemahan Getih.
27:9 Srana mengkono kelakon temenan apa sing dingandikakaké déning Nabi Yérémia, mengkéné: “Padha nampani dhuwit telung puluh sèkel selaka, yakuwi regané wong siji sing disarujuki déning bangsa Israèl.
27:10 Dhuwit mau nuli dienggo tuku palemahan kundhi, kaya sing didhawuhaké déning Pangéran marang aku.”
27:11 Gusti Yésus banjur dipriksa déning Pilatus, gubernur ing negara kono. Pilatus ndangu: “Apa kowé ratuné wong Yahudi?” “Inggih, leres!”
27:12 Nanging bareng para pengareping imam lan para sesepuhé bangsa Yahudi padha ngajokaké pandakwa-pandakwa marang Gusti Yésus, Panjenengané ora kersa mangsuli babar-pisan.
27:13 Mulané Pilatus ngandika marang Gusti Yésus: “Apa kowé ora nggatèkaké gugatan-gugatan sing diajokaké marang kowé kuwi?”
27:14 Nanging Gusti Yésus ora nanggapi pitakoné gubernur mau, nganti gubernur gumun banget.
27:15 Wis dadi padatan ing wektu semana, saben dina Paskah, gubernur ngluwari wong ukuman siji, sing disuwun déning wong akèh.
27:16 Nalika semono ana wong ukuman sing dikunjara. Jenengé Yésus Barabas.
27:17 Bareng wong sing padha nglumpuk wis akèh, Gubernur Pilatus nuli ngandika marang wong akèh mau: “Sapa sing koksuwun luwar, Yésus Barabas apa Yésus, sing ketelah Kristus?”
27:18 Enggoné ngandika mengkono mau, awit Pilatus mirsa yèn wong Yahudi enggoné masrahaké Gusti Yésus kuwi merga saka drengkining atiné.
27:19 Nalika Pilatus lagi lenggah ing kursi pengadilan, garwané ngutus supaya matur marang Pilatus mengkéné: “Panjenengan sampun tumut-tumut ing prekawisipun tiyang mursid menika, awit kala wau dalu kula supena sarta kraos sedhih sanget margi Panjenenganipun.”
27:20 Nanging para pengareping imam lan para sesepuhé bangsa Yahudi terus padha ngojok-ojoki wong akèh kang ana ing kono, supaya nyuwun marang Pilatus ngluwari Barabas lan nyédani Gusti Yésus.
27:21 Pilatus banjur ndangu menèh marang wong akèh mau: “Wong loro kuwi, sing endi sing kokkarepaké dakluwari?” Wong akèh mau nuli padha mangsuli: “Barabas!”
27:22 Pilatus banjur ndangu menèh: “Yèn mengkono, banjur Yésus sing disebut Kristus kuwi karepmu dakkapakaké?” Wong akèh mau saur manuk, aturé: “Dipun salib kémawon.”
27:23 Pendanguné Pilatus menèh: “Nanging apa keluputané wong iki?” Wong akèh mau malah saya seru pambengoké: “Kasaliba!”
27:24 Pilatus pirsa yèn pambudidaya saterusé wis ora ana gunané, malah bisa njalari kaanané saya tambah kisruh. Mulané banjur mundhut banyu, nuli wijik asta ana ing ngarepé wong akèh, sarta ngandika: “Aku ora tanggung jawab tumrap getihé wong iki! Kuwi urusanmu dhéwé!”
27:25 Wong akèh mau nuli mangsuli bebarengan: “Inggih, kersanipun kula lan anak-anak kula ingkang nyanggi paukumanipun.”
27:26 Pilatus nuruti karepé wong akèh, Barabas diluwari, lan dhawuh supaya Gusti Yésus disiksa, sabanjuré dipasrahaké supaya disalib.
27:27 Para prejurité Pilatus banjur ngirid Gusti Yésus mlebu gedhong gubernuran, nuli padha nglumpuk saubengé Gusti Yésus.
27:28 Jubah agemané Gusti Yésus dijupuk, diganti jubah wungu.
27:29 Prejurit-prejurit mau nuli gawé makutha saka caranging wit-witan sing ana eriné. Makutha eri mau nuli diagemaké ing mestakané Gusti Yésus. Para prejurit mau nuli njupuk teken, dicepengaké ing astané Gusti Yésus sing tengen. Sawisé kuwi banjur padha sujud ing ngarsané, karo moyoki Panjenengané: “Ngaturaken kasugengan, ratunipun tiyang Yahudi!”
27:30 Prejurit-prejurit mau padha ngidoni Gusti Yésus, njupuk teken sing diasta déning Panjenengané, lan digebugaké ing mestakané.
27:31 Sawisé rampung enggoné nyenyamah, jubah wungu sing diagemaké Gusti Yésus disalini agemané piyambak menèh, banjur diirid metu, arep disalib.
27:32 Ana ing dalan sing metu saka kutha, para prejurit sing ngirid Gusti Yésus mau kepethuk wong sing jenengé Simon, asalé saka Kiréné. Simon mau dipeksa déning para prejurit manggul salibé Gusti Yésus.
27:33 Lakuné banjur tekan panggonan sing aran Golgota, sing tegesé: Panggonan Cumplung.
27:34 Ing kono Gusti Yésus dicaosi unjukan anggur sing dicampuri rempelu. Sawisé dikedhapi, Gusti Yésus ora kersa ngunjuk.
27:35 Gusti Yésus nuli disalib, agemané diedum-edum nganggo dilotré.
27:36 Para prejurit nuli padha linggih ana ing kono, njaga Gusti Yésus.
27:37 Ing sandhuwuring mestakané dipasangi tulisan, sing nerangaké pendakwa tumrap Panjenengané, uniné: “Iki Yésus, wong Nasarèt, ratuné wong Yahudi.”
27:38 Nalika semana ana bégal loro sing disalib bebarengan karo Gusti Yésus, sing siji ana ing sisih tengené, sijiné ana ing sisih kiwané.
27:39 Wong-wong sing padha liwat ing kono padha gèdhèg-gèdhèg, sarta moyoki Gusti Yésus.
27:40 Padha muni mengkéné: “Kowé sing arep mbubrah Pedalemané Allah lan mbangun menèh sajroné telung dina! Yèn kowé nyata Putrané Allah, coba luwarana awakmu dhéwé! Mudhuna saka salib!”
27:41 Mengkono uga para pengareping imam lan para ahli Torèt sarta para sesepuhé bangsa Yahudi padha moyoki Gusti Yésus. Padha muni mengkéné:
27:42 “Wong liya diluwari, nanging ngluwari awaké dhéwé ora bisa! Wong iki rak Ratuné Israèl ta? Bèn mudhun saka salib, nuli aku bakal padha precaya.
27:43 Dhèwèké ngendelaké Gusti Allah, lan kandha yèn dadi Putrané Allah. Saiki padha dideleng waé, apa Gusti Allah bakal nylametaké dhèwèké.”
27:44 Para bégal sing padha disalib iya padha mèlu-mèlu moyoki Gusti Yésus.
27:45 Wiwit jam rolas awan, ing satanah kono dadi peteng, suwéné telung jam.
27:46 Bareng kira-kira jam telu soré, Gusti Yésus nguwuh-uwuh klawan swara sora: “Èli, Èli, lama sabakhtani?”, sing tegesé: Dhuh Allah, dhuh Allah, kénging menapa Kawula Paduka tégakaken?
27:47 Wong sawetara sing padha ngadeg ana ing kono padha ngrungu pangandikané Gusti Yésus mau, nuli padha muni: “Wong kuwi ngundang Élia!”
27:48 Ana wong siji sing énggal-énggal njupuk kembang karang lan dicelupaké ana ing anggur kecut. Kembang karang mau digawèkaké garan saka glagah, nuli dicaosaké Gusti Yésus, supaya dicecep.
27:49 Nanging wong-wong liyané padha muni: “Mengko dhisik, coba dientèni, apa Élia teka temenan, ngluwari dhèwèké!”
27:50 Gusti Yésus banjur nguwuh menèh klawan swara sora, nuli séda.
27:51 Nalika semono geber sing gumantung ing Pedalemané Allah suwèk dadi loro, wiwit saka ing ndhuwur tekan ing ngisor. Bumi gonjang-ganjing lan gunung-gunung karang padha bengkah.
27:52 Kuburan-kuburan padha menga, lan akèh umaté Gusti Allah sing wis padha mati, diuripaké menèh.
27:53 Sawisé Gusti Yésus wungu saka ing séda, wong-wong mau padha metu saka kuburané, banjur padha mlebu ing kutha Yérusalèm. Ing kono akèh wong sing padha weruh.
27:54 Komandhan dalasan para prejurité sing padha njaga Gusti Yésus, bareng ana lindhu lan nyipati kabèh sing kelakon mau, padha wedi banget. Nuli padha muni: “Nyata, Panjenengané kuwi Putraning Allah!”
27:55 Ing kono akèh wong wadon sing lagi padha ngawasaké saka kadohan. Wong-wong kuwi sing mauné padha ndhèrèkaké Gusti Yésus saka ing tanah Galiléa, prelu ngladosi Panjenengané.
27:56 Kayata: Maryam Magdaléna, Maryam ibuné Yakobus lan Yusuf, tuwin somahé Zébedéus.
27:57 Bareng wis soré, ana wong sugih saka Arimatéa teka. Jenengé Yusuf. Yusuf kuwi muridé Gusti Yésus,
27:58 sowan marang Gubernur Pilatus, nyuwun layoné Gusti Yésus. Pilatus nuli dhawuh supaya layoné Gusti Yésus diwènèhaké Yusuf.
27:59 Yusuf banjur njupuk layon mau, nuli diulesi nganggo mori putih memplak.
27:60 Layoné Gusti Yésus mau banjur disarèkaké ana ing kuburané Yusuf dhéwé, sing isih anyar. Kuburan mau wujud guwa sing digrowong ing padhas. Sawisé nutup lawanging pesaréan nganggo watu gedhé, Yusuf banjur lunga.
27:61 Maryam Magdaléna lan Maryam sijiné padha kèri ana ing kono, lungguh ing sangareping pesaréan.
27:62 Ésuké, yakuwi dina Sabbat, para pengareping imam lan para wong Farisi padha bebarengan sowan ana ing ngarsané Gubernur Pilatus.
27:63 Lan padha matur: “Bapak Gubernur, kawula sami kèngetan, bilih juru penasaran menika nalika taksih gesang, naté mungel mekaten: ‘Sawisé telung dina Aku bakal urip menèh!’
27:64 Mila prayogi menawi panjenengan dhawuh supados kuburipun kajagi, ngantos tigang dinten. Sebab menawi mboten mekaten, para muridipun sami saged nyolong layon wau, lajeng sanjang dhateng tiyang-tiyang sanès: ‘Gusti Yésus urip menèh.’ Srana mekaten badhé tuwuh penasaran énggal, ingkang langkung awon ketimbang kaliyan ingkang rumiyin.”
27:65 Pilatus banjur dhawuh: “Wis, nggawaa prejurit, kuburané jaganen saprayogané.”
27:66 Wong-wong mau nuli padha mangkat menyang pesaréané Gusti Yésus. Pesaréan mau disègel, lan watu sing kanggo nutup pesaréan mau dicap. Sawisé kuwi banjur akon para prejurit jaga ana ing kono.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 40 Matius

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s