Para Rasul 12


12:1 Nalika semana Sang Prabu Hérodès wiwit nganiaya para warganing pasamuwan Kristen sawetara.
12:2 Atas dhawuhé Sang Prabu Hérodès, Rasul Yakobus seduluré Rasul Yohanes, katigas guluné.
12:3 Bareng pirsa, yèn tindaké mengkono kuwi gawé senengé atiné wong Yahudi, Sang Prabu Hérodès saya ndadra; mula banjur dhawuh supaya Rasul Pétrus uga ditahan. (Kelakoné prekara mau nalika pinuju Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi.)
12:4 Sawisé Rasul Pétrus dicekel, nuli dilebokaké ing pakunjaran. Ing kono Rasul Pétrus dipasrahaké kanthi dhawuh supaya dijaga déning prejurit patang pantha, saben panthané wong papat; olèhé jaga giliran, sapantha-sapantha. Kersané Sang Prabu Hérodès, Rasul Pétrus arep diadili ana ing ngareping umum, sawisé Riaya Paskah.
12:5 Dadi Rasul Pétrus dijaga ana ing pakunjaran, nanging pasamuwan olèhé ndongakaké marang Gusti Allah ora kendhat.
12:6 Ngarepaké Rasul Pétrus diladèkaké marang pengadilané Sang Prabu Hérodès, ing wengi kuwi Rasul Pétrus saré, kaapit déning prejurit loro; tangané diranté kiwa-tengen karo prejurit sing ana ing kiwa lan tengené mau. Lawangé pakunjaran dijaga déning prejurit.
12:7 Dumadakan ana Malaékating Pangéran jumeneng ana ing sèl panggonané Rasul Pétrus dikunjara mau. Cahyaning malaékat mau madhangi sèl pakunjaran. Malaékat mau nuli nggugah Rasul Pétrus, karo ngandika: “Énggal tangia!” Sakal ranténé padha ucul saka tangané Rasul Pétrus.
12:8 Malaékat mau ngandika menèh: “Sandhanganmu lan sepatumu enggonen!” Rasul Pétrus iya nuli nindakaké apa sing didhawuhaké déning malaékat. Malaékat banjur ngandika menèh: “Jubahmu enggonen lan mèlua aku.”
12:9 Pétrus ndhèrèkaké tindaké malaékat mau, metu saka pakunjaran. Nanging Pétrus ora ngerti, apa malaékat mau ana temenan apa ora, sebab pangirané kabèh mau mung rerupan waé.
12:10 Bareng tindaké malaékat lan Rasul Pétrus mau wis ngliwati panggonané wong jaga sing kapisan, banjur sing kapindho, nuli tekan lawang wesi, panggonané metu menyang dalan gedhé, sing nuju menyang kutha. Lawang wesi mau menga dhéwé, malaékat lan Rasul Pétrus nuli padha metu, mlaku liwat lurung; dumadakan malaékat mau ngilang.
12:11 Rasul Pétrus lagi ngerti, apa sing mentas dialami. Pangucapé: “Saiki aku ngerti, yèn Pangéran wis ngutus malaékaté supaya ngluwari aku saka pangwasané Sang Prabu Hérodès, lan saka sakèhing prekara sing dirancang déning wong Yahudi.”
12:12 Bareng wis ngerti marang lelakon mau, Rasul Pétrus nuli lunga menyang omahé Maryam, ibuné Yohanes sing uga karan Markus. Ing omah kono ana wong akèh sing lagi padha ngumpul lan ndedonga.
12:13 Pétrus thothok-thothok ing lawang régol, nuli ana abdi wadon, sing jeneng Rodhé, teka arep niliki sapa wong sing thothok-thothok mau.
12:14 Rodhé ora pangling karo swarané Rasul Pétrus, nanging saka bungahé, Rodhé mau ora ngengakaké lawangé, malah bali mlebu lan ngandhani wong-wong sing padha nglumpuk, yèn Rasul Pétrus ana ing régol.
12:15 Wong kabèh mau padha muni: “Kowé kuwi gendheng apa kepriyé?” Nanging Rodhé nggegegi yèn apa sing dikandhakaké kuwi temenan. Wong-wong mau nuli muni: “O, bisa uga kuwi rohé Pétrus.”
12:16 Nanging Rasul Pétrus terus waé enggoné thothok-thothok. Pungkasané wong-wong mau padha ngengakaké lawangé régol. Bareng weruh Rasul Pétrus, wong-wong mau padha kaéraman.
12:17 Rasul Pétrus nuli nyasmitani srana tangané, supaya wong kabèh padha meneng, sarta nyritakaké enggoné Pangéran wis ngetokaké saka ing pakunjaran. Welingé Rasul Pétrus: “Padha ngandhanana Yakobus lan sedulur-sedulur liyané.” Rasul Pétrus nuli lunga saka kono menyang liya panggonan.
12:18 Ésuké para prejurit sing jaga ana ing pakunjaran padha gègèr, lan padha takon-tinakon: “Pétrus ana ing ngendi?”
12:19 Sang Prabu Hérodès dhawuh nggolèki, nanging Rasul Pétrus ora ketemu, sing padha jaga nuli dipriksa lan dipatèni. Sawisé kuwi Sang Prabu Hérodès tindak saka tanah Yudéa lan nganti sawetara suwéné ana ing kutha Kaisaréa.
12:20 Sang Prabu Hérodès duka banget marang wong kutha Tirus lan kutha Sidon. Mulané wong-wong mau padha saiyeg sowan bebarengan. Sing dhisik wong-wong mau padha ngrimuk Blastus, yakuwi punggawa kraton sing dhuwur pangkaté, supaya ngiloni marang wong-wong mau. Sawisé mengkono, padha sowan marang Sang Prabu Hérodès, nyuwun kawelasan, awit pangané wong-wong ing kutha Tirus lan kutha Sidon mau gumantung saka pametuné wilayahé Sang Prabu Hérodès.
12:21 Ing dina sing wis ditetepaké déning Sang Prabu Hérodès, Sang Prabu nuli ngagem ageman keprabon, sarta lenggah ana ing dhampar, karo medhar sabda.
12:22 Satengahé medhar sabda mau, wong-wong sing ana ing kono padha surak-surak karo muni: “Sing ngandika kuwi allah, dudu manungsa.”
12:23 Sanalika iku uga Malaékating Pangéran nggebag Sang Prabu Hérodès, awit saka enggoné ora ngurmati marang Gusti Allah. Sang Prabu Hérodès nuli dimangsa déning cacing, banjur séda.
12:24 Déné pangandikané Gusti Allah sangsaya sumebar lan tuwuh ngrembaka.
12:25 Sawisé Barnabas lan Saulus ngrampungaké kuwajibané, nuli padha bali saka kutha Yérusalèm, karo nggawa Yohanes, sing karan Markus.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 44 Para Rasul

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s