Para Rasul 13


13:1 Ing pasamuwan Antiokia ana nabi sawetara lan guru-guru, yakuwi: Barnabas, Siméon, sing karan Niger, Lukius saka Kiréné, Manahèn lan Saulus. Manahèn kuwi nalika ciliké diemong bareng karo Sang Prabu Hérodès.
13:2 Lagi tengah-tengahé padha ndedonga lan pasa, Sang Roh Suci ngandika marang wong-wong mau: “Barnabas lan Saulus pisahen karo wong-wong kuwi, merga arep Dakutus nglakoni pegawéan, sing wis Daktemtokaké kanggo wong loro kuwi.”
13:3 Sarampungé padha pasa lan ndedonga, wong loro mau nuli padha ditetepaké ing kalungguhané, srana ditumpangi tangan. Sawisé kuwi nuli padha dikon mangkat.
13:4 Barnabas lan Saulus, sing padha diutus déning Sang Roh Suci, nuli mangkat menyang kutha Séléukia. Saka kono padha nunggang prau menyang pulo Siprus.
13:5 Satekané ing kutha Salamis, wong-wong mau nuli padha ngabaraké Injil ana ing sinagogé-sinagogé, yakuwi papan pangibadahé wong Yahudi. Yohanes sing uga karan Markus, mbiyantu wong loro mau sajroné padha nglakoni ayahané.
13:6 Wong-wong mau padha ndlajahi pulo Siprus sakemputé, nganti tekan kutha Pafos. Ing kutha Pafos kono Barnabas lan Saulus ketemu karo wong Yahudi, tukang sihir, sing jenengé Bar Yésus. Wong kuwi ngakuné nabi.
13:7 Bar Yésus mau mitrané Sèrgius Paulus gubernur ing pulo kono. Panjenengané kuwi wong sing wicaksana. Gubernur mau nimbali Barnabas lan Saulus, awit kepéngin krungu bab pangandikané Gusti Allah.
13:8 Nanging Élimas — mengkono jenengé Bar Yésus, tukang sihir mau ing basa Yunani — ngalang-alangi, karepé supaya gubernur mau aja nganti precaya marang Gusti Yésus.
13:9 Nanging Saulus sing uga disebut Paulus sing kapenuhan ing Roh Suci, mandeng marang tukang sihir kuwi,
13:10 banjur muni: “Hèh kowé anak Iblis! Kowé nglawan marang samubarang sing becik. Atimu kebak pangréka sing ala. Kowé dhemen ngingeraké piwulang-piwulangé Pangéran!
13:11 Saiki uga bakal digebug déning astané Pangéran, lan bakal dadi wuta; sajroning sawetara mangsa kowé bakal ora weruh padhanging srengéngé.” Sakal Élimas krasa kaya-kaya mripaté kesaput ing peteng banjur gragap-gragap golèk dalan, lan njaluk dituntun.
13:12 Bareng weruh sing mengkono mau, gubernur nuli precaya lan kaéraman banget marang piwulang bab Gusti Yésus.
13:13 Paulus lan sakancané nuli padha nunggang prau saka kutha Pafos menyang kutha Pèrga ing tanah Pamfilia, nanging Yohanes Markus pamitan, lan bali menyang kutha Yérusalèm.
13:14 Saka Pèrga wong loro mau nerusaké lakuné menyang kutha Antiokia, ing tanah Pisidia. Bareng dina Sabbat, dina Sabbaté wong Yahudi, Paulus lan Barnabas padha mlebu ing sinagogé.
13:15 Sawisé rampung maca Torèté Nabi Musa, lan kitabé para nabi, para pinituwané pasamuwan Yahudi mau kongkonan takon marang Paulus lan Barnabas, apa padha dhangan khotbah, tembungé: “Para sedhèrèk! Menawi panjenengan kersa paring pangandika dhateng kula sedaya, sumangga, kula caosi wekdal.”
13:16 Paulus nuli ngadeg, lan sawisé mènèhi sasmita nganggo tangané, nuli miwiti khotbah mengkéné: “Para sedhèrèk bangsa Israèl lan sedhèrèk-sedhèrèk sanès ingkang sami manembah dhateng Gusti Allah ing panggènan menika. Kula aturi midhangetaken atur kula.
13:17 Gusti Allah, inggih Allahipun bangsa Israèl, sampun milih leluhur kita lan damel bangsa menika dados ageng, nalika bangsa menika ngawula ing tanah Mesir. Gusti Allah ngluwari bangsa menika saking tanah Mesir, srana pangwasanipun ingkang ageng,
13:18 mekaten ugi nyabari bangsa menika kawandasa taun laminipun wonten ing ara-ara samun.
13:19 Gusti Allah wau sampun nyirnakaken bangsa pitu ing tanah Kenaan, sarta ndadosaken negari menika dados tanah pusakanipun bangsa Israèl,
13:20 ngantos kawan atus sèket taun laminipun. Sasampunipun menika Gusti Allah maringaken hakim-hakim ngantos dumugi jamanipun Nabi Samuèl.
13:21 Inggih menika nalika para leluhur wau sami nyuwun kaparingan ratu. Nalika semanten Gusti Allah maringaken Saul, anakipun Kis, saking taler Bènyamin, dados ratu, laminipun kawan dasa taun.
13:22 Sasampunipun Saul dipun tampik déning Gusti Allah, lajeng Dawud kaangkat déning Gusti Allah dados raja. Pangandikanipun: ‘Wong sing kaya Dawud, anaké Isai iki, Aku rena ing galih, wong kuwi sing nglakoni kersa-Ku.’
13:23 Gusti Yésus menika tedhakipun Sang Prabu Dawud. Lan Gusti Allah sampun ngersakaken Gusti Yésus dados Juru Wilujengipun bangsa Israèl, manut prejanjianipun Gusti Allah piyambak.
13:24 Sadèrèngipun Gusti Yésus rawuh, Nabi Yohanes Pembaptis ngatag-atag tiyang Israèl sedaya, supados sami mratobat, lan puruna dipun baptis.
13:25 Ngajengaken rampunging pedamelanipun, Nabi Yohanes Pembaptis wau ndangu dhateng tiyang-tiyang ing ngriku: ‘Aku iki kokarani sapa? Aku iki dudu sing kokanti-anti! Delengen! Sapungkurku bakal ana Wong sing rawuh, mbok nguculi trumpahé waé aku ora pantes.’
13:26 Para sedhèrèk, tedhakipun Rama Abraham, tuwin sedaya bangsa, ingkang sami manembah dhateng Gusti Allah: Pawartos kabingahan menika sampun kawartosaken dhateng kita.
13:27 Tiyang-tiyang ing kitha Yérusalèm tuwin para pinisepuhipun sami mboten mangertos, bilih inggih Gusti Yésus menika Sang Juru Wilujeng. Tiyang-tiyang wau mboten sami mangertos dhateng pangandikanipun para nabi, senajan pangandika wau sami dipun waos pendhak dinten Sabbat. Tiyang-tiyang wau sami nglepataken Gusti Yésus, lan srana mekaten kelampahan menapa ingkang dipun weca déning para nabi.
13:28 Senajan sami mboten gadhah alesan menapa-menapa kanggé ndhawahaken ukuman pejah dhateng Gusti Yésus, éwasemanten tiyang-tiyang wau sami nyuwun dhateng Gubernur Pilatus, supados Gusti Yésus dipun sédani.
13:29 Sasampunipun tiyang-tiyang wau nglampahi sedaya ingkang kaserat ing Kitab Suci, layonipun Gusti Yésus lajeng kaandhapaken saking kajeng salib, lan dipun sarèkaken wonten ing kubur.
13:30 Nanging Gusti Allah mungokaken Gusti Yésus saking séda,
13:31 lan ngantos sawetawis dinten Gusti Yésus ngetingal dhateng para muridipun, ingkang suwau ndhèrèkaken Panjenenganipun mider-mider ndlajahi tanah Galiléa, ngantos dumugi kitha Yérusalèm. Inggih tiyang-tiyang menika ingkang samenika sami dados seksi-seksinipun Gusti Yésus dhateng bangsa Israèl.
13:32 Dhateng kula ing ngriki saprelu ngabaraken Injil, inggih kabar kabingahan menika, dhateng panjenengan sedaya, bilih menapa ingkang kajanjèkaken déning Gusti Allah dhateng para leluhur kita,
13:33 sampun dipun leksanani, srana anggènipun mungokaken Gusti Yésus saking séda. Wonten ing Kitab Masmur, bab kalih, wonten seratan mekaten: ‘Kowé kuwi anak-Ku; ing dina iki Aku dadi Rama-Mu.’
13:34 Lan bab Gusti Allah anggènipun mungokaken Gusti Yésus saking séda, supados badanipun mboten ngalami risak, wonten seratan mekaten: ‘Aku bakal maringaké marang kowé janji-janji suci, sing kena diugemi, sing wis Dakjanjèkaké marang Dawud.’
13:35 Mila, wonten ing bagian sanès kaserat mekaten: ‘Paduka mboten badhé négakaken abdi Paduka ingkang setya, ngalami risak.’
13:36 Sang Prabu Dawud nalika sugengipun pancèn nglampahi kersanipun Gusti Allah, lajeng séda lan dipun sarèkaken nunggil kaliyan para leluhuripun, sarta layonipun ngalami risak.
13:37 Nanging tiyang ingkang layonipun mboten ngalami risak menika namung Gusti Yésus, ingkang kawungokaken déning Gusti Allah saking séda.
13:38 Pramila panjenengan wajib sami pirsa, bilih inggih lantaran Gusti Yésus menika pawartos bab pangapuntening dosa kawartosaken dhateng panjenengan.
13:39 Saben tiyang ingkang pitados dhateng Gusti Yésus, dipun bébasaken saking dosanipun sedaya. Pembébasanipun dosa ingkang kados mekaten menika mboten saged panjenengan tampèni saking Torètipun Nabi Musa.
13:40 Mila kula aturi ngatos-atos, supados panjenengan sampun ngantos ngalami kados pangandikanipun para nabi, ingkang mekaten:
13:41 ‘Rungokna, hèh wong sing dhemen memoyok lan ngrèmèhaké. Kowé bakal kaéraman nuli lebur! Sebab kowé bakal ora padha precaya, marang pegawéan sing Daktindakaké ing jaman saiki, senajan ana wong sing nerangaké marang kowé.’ ”
13:42 Bareng Rasul Paulus lan Barnabas padha metu saka sinagogé mau, wong-wong Yahudi padha njaluk supaya Rasul Paulus lan Barnabas ing dina Sabbat candhaké teka menèh, lan mbacutaké mènèhi ketrangan bab piwulangé mau.
13:43 Sabubaré kumpulan, akèh wong Yahudi lan wong liyané sing nganut agama Yahudi, padha precaya marang piwulangé Rasul Paulus lan Barnabas. Rasul-rasul kuwi padha ngatag-atag, supaya wong-wong mau padha lestari urip ing sajroning sih-kamirahané Gusti Allah.
13:44 Ing dina Sabbat candhaké, mèh kabèh wong ing kutha kono padha mrelokaké teka ing sinagogé, prelu ngrungokaké pangandikané Gusti Allah.
13:45 Nanging bareng wong-wong Yahudi padha weruh wong akèh mau, nuli padha mèri lan panas atiné. Wong-wong mau nuli padha madoni lan ngala-ala Rasul Paulus.
13:46 Nanging Rasul Paulus lan Barnabas enggoné sesorah malah saya kendel, lan kandha mengkéné: “Pangandikanipun Gusti Allah menika ingkang rumiyin piyambak pancèn kawartosaken dhateng panjenengan. Nanging sarèhning panjenengan sami nampik pangandika wau, lan rumaos mboten pantes nampèni gesang langgeng menika, mila panjenengan sami kula tilar, lan kula badhé murugi bangsa sanès, ingkang sami mboten wanuh dhateng Gusti Allah.
13:47 Sebab dhawuhipun Pangéran dhateng kula mekaten: ‘Kowé wis Daktetepaké dadi pepadhang tumrap bangsa-bangsa sing ora wanuh marang Gusti Allah, supaya kowé dadi marganing keslametan tumrap para umat kabèh.’ ”
13:48 Wong-wong dudu Yahudi, sing padha krungu tembungé para rasul mengkono mau padha bungah-bungah lan padha ngluhuraké pangandikaning Pangéran. Wong-wong sing pancèn wis ditemtokaké tampa urip langgeng, nuli iya padha precaya.
13:49 Pangandikané Gusti Allah sumebar tekan ngendi-endi, wrata satanah kono kabèh.
13:50 Nanging wong-wong Yahudi padha ngojok-ojoki para penggedhéné kutha kono, lan para wong wadon dudu Yahudi sing kajèn ana ing masarakat, sarta sing padha manjing agama Yahudi, supaya padha nganiaya marang Rasul Paulus lan Barnabas, sarta nundhung para rasul mau metu saka tanah kono.
13:51 Para rasul nuli ngetabaké bledug sing ana ing sikilé, ana ing ngarepé wong akèh mau, sarta lunga menyang kutha Ikonium.
13:52 Nanging para murid sing ana ing kutha Antiokia kono padha bungah banget lan padha kapenuhan ing Roh Suci.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 44 Para Rasul

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s