Para Rasul 14


14:1 Pengalamané para rasul ana ing kutha Ikonium ora béda karo nalika ana ing kutha Antiokia. Ana ing kutha Ikonium Rasul Paulus lan Barnabas uga padha mlebu ing sinagogé, sarta martakaké pangandikané Gusti Allah, nganti akèh wong-wong Yahudi lan wong-wong dudu Yahudi sing padha precaya.
14:2 Nanging wong-wong Yahudi sing padha ora gelem precaya, nuli padha ngojok-ojoki marang wong-wong sing dudu Yahudi, nganti wong-wong mau banjur padha nglawan marang para rasul.
14:3 Para rasul suwé ana ing kutha kono. Klawan kendel para rasul mau neksèni bab Gusti Yésus, mangka Gusti Allah neksèni yèn pawartané para rasul bab katresnané Gusti, kuwi bener, srana maringi pangwasa marang para rasul nindakaké mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan.
14:4 Para warganing kutha kono pecah dadi loro, ana sing ngiloni wong Yahudi, lan ana sing ngiloni para rasul.
14:5 Wong-wong Yahudi lan para pinituwané, sarta wong-wong dudu Yahudi, padha sekuthon arep nganiaya lan mbenturi watu marang para rasul.
14:6 Bareng para rasul krungu bab iku mau, nuli padha nyingkir menyang kutha Listra lan kutha Dèrbé, yakuwi kutha-kutha ing tanah Likaonia, lan menyang wilayah sakiwa-tengené.
14:7 Ana ing kono para rasul mau padha ngabaraké Injil.
14:8 Ana ing kutha Listra ana wong sing sikilé lumpuh wiwit lair mula, lan durung tau bisa mlaku.
14:9 Wong mau ngrungokaké piwulangé Rasul Paulus. Rasul Paulus ngerti, yèn wong kuwi bisa waras, merga wong mau precaya. Mulané Rasul Paulus mandeng wong mau,
14:10 lan klawan swara sora ngandika: “Ngadega!” Wong mau nuli ngadeg maknyat lan wiwit mlaku-mlaku.
14:11 Bareng wong akèh ndeleng apa sing ditindakaké déning Rasul Paulus mau, nuli padha nguwuh-uwuh klawan sora nganggo basa Likaonia: “Delengen, déwa-déwa wis padha dadi manungsa kaya kita, lan padha mudhun marani kita!”
14:12 Barnabas disebut Zéus, lan Rasul Paulus disebut Hèrmes, sebab Rasul Paulus sing caturan.
14:13 Imamé Déwa Zéus, sing kuilé ana ing sanjabané kutha, teka nggawa sapi-sapi lan kekembangan ana ing gapuraning kutha. Imam lan wong akèh kuwi arep padha nyaosaké kurban marang para rasul mau.
14:14 Bareng Barnabas lan Paulus padha krungu apa sing arep ditindakaké déning wong-wong mau, banjur padha nulak, srana nyuwèk-nyuwèk sandhangané, sarta mlayu marani wong akèh mau karo nguwuh-uwuh:
14:15 “Kénging menapa panjenengan sami tumindak mekaten, para sedhèrèk? Kula rak manungsa limrah, mboten béda kaliyan panjenengan sedaya. Dhateng kula mriki badhé ngabaraken Injil, supados panjenengan sami katuntuna, nilar brahala-brahala ingkang mboten nyata menika, sarta mratobat dhateng Gusti Allah ingkang gesang, ingkang nitahaken langit lan bumi, saganten lan saisinipun sedaya.
14:16 Ing jaman ingkang sampun kepengker, Gusti Allah ngèndelaken kémawon para bangsa sami mlampah ngambah marginipun piyambak-piyambak.
14:17 Kesaénanipun Gusti Allah menika ketitik saking anggènipun maringi jawah saking langit sarta panèn miturut mangsanipun. Panjenenganipun maringi tedha dhateng panjenengan, lan maringi kabingahan dhateng manah panjenengan.”
14:18 Senajan wis dikandhani mengkono, éwasemono para rasul kangèlan bisané nyegah wong-wong mau padha nyaosaké kurban marang para rasul.
14:19 Ana wong Yahudi sawetara sing padha teka saka kutha Antiokia, ing tanah Pisidia, uga saka kutha Ikonium, padha ngojok-ojoki wong akèh mau, supaya ngiloni wong-wong mau. Rasul Paulus nuli padha dibenturi watu, lan disèrèd, digawa metu saka kutha, awit dikira rasul mau wis mati.
14:20 Nanging bareng wong sing precaya padha teka mrono, Rasul Paulus nuli ngadeg lan bali mlebu menyang kutha menèh. Ésuké Rasul Paulus lan Barnabas mangkat menyang kutha Dèrbé.
14:21 Ing kutha Dèrbé Rasul Paulus lan Barnabas uga ngabaraké Injil, lan akèh wong ing kono sing padha dadi muridé Gusti Yésus. Sawisé kuwi para rasul mau nuli padha bali menyang kutha Listra, Ikonium, lan Antiokia, ing tanah Pisidia.
14:22 Para rasul ana ing kutha-kutha mau nggemblèng semangaté para wong precaya, supaya padha kendel, sarta ngatag-atag wong-wong mau, karebèn padha mantep ing precaya, tembungé: “Sadurungé kita bisa ngrasakaké karaharjaning Kratoné Gusti Allah, kita luwih dhisik kudu nglakoni kasangsaran akèh.”
14:23 Ana ing saben pasamuwan kono para rasul padha netepaké pinituwa-pinituwané pasamuwan-pasamuwan mau. Para pinituwa-pinituwa kuwi nuli dicaosaké marang Gusti Allah, sing dadi andel-andelé, srana pandonga lan pasa.
14:24 Sawisé Rasul Paulus lan Barnabas ndlajahi tanah Pisidia, banjur bali menèh menyang tanah Pamfilia.
14:25 Ing kono para rasul padha ngabaraké Injil ing kutha Pèrga, nuli padha mangkat menyang kutha Atalia.
14:26 Saka kono banjur padha bali menyang kutha Antiokia, yakuwi kutha panggonané para rasul biyèn ditetepaké dadi rasul déning Gusti Allah awit saka sih-rahmaté, supaya nglakoni ayahan, sing saikiné wis rampung.
14:27 Satekané ing kutha Antiokia, para rasul mau nuli nglumpukaké pasamuwan ing kono, nyritakaké sakèhing lelakon sing wis katindakaké déning Gusti Allah lantaran para rasul mau. Semono uga bab enggoné Gusti Allah wis maringi wewengan marang wong-wong dudu Yahudi, supaya uga dadi wong precaya.
14:28 Ana ing pasamuwan mau para rasul lerem kepara suwé.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 44 Para Rasul

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s