Para Rasul 15


15:1 Ana wong Yudéa sawetara sing padha teka ing kutha Antiokia. Wong-wong mau padha memulang marang sedulur-sedulur Kristen ing kutha Antiokia kono, yèn ora bakal bisa slamet, menawa ora padha ditetaki miturut Torèté Nabi Musa.
15:2 Piwulang mau njalari padu ramé ing antarané wong-wong saka tanah Yudéa mau karo Rasul Paulus lan Barnabas. Wekasané diputus, supaya Rasul Paulus lan Barnabas, tuwin sedulur sawetara saka kutha Antiokia kono, padha menyang kutha Yérusalèm, prelu ngrembug perkara mau karo para pinituwa ing kana.
15:3 Wong-wong sing padha diutus mau diuntabaké déning pasamuwan. Lakuné para utusan mau ngliwati tanah Fénisia lan tanah Samaria. Sedalan-dalan padha nyritakaké wong-wong dudu Yahudi sing padha precaya. [Lan ngakoni Gusti Yésus dadi Gustiné.] Pawarta mau banget gawé bungahé para sedulur ing kono.
15:4 Satekané ing kutha Yérusalèm, para utusan mau ditampani déning pasamuwan, déning para rasul lan para pinituwa. Para utusan nuli padha nyritakaké samubarang sing wis ditindakaké déning Gusti Allah lantaran Rasul Paulus lan Barnabas.
15:5 Wong Farisi sawetara, sing wis dadi muridé Gusti Yésus, nuli ngadeg lan kandha: “Tiyang-tiyang sanès Yahudi, ingkang dados Kristen, menika kedah dipun tetaki, sarta wajib manut dhateng Torètipun Nabi Musa.”
15:6 Para rasul lan para pinituwa nuli padha ngrembug prekara mau.
15:7 Sawisé suwé enggoné padha bebantahan, Rasul Pétrus nuli ngadeg lan muni mengkéné: “Para sedhèrèk, panjenengan sami pirsa, kadospundi enggènipun Gusti Allah kala rumiyin sampun milih kula saking antawis panjenengan sedaya, kapurih ngabaraken Injil dhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi, supados tiyang-tiyang wau inggih sami mireng pawartos menika, tuwin sami pitados.
15:8 Gusti Allah ingkang pirsa batosipun manungsa, sampun nélakaken, bilih Panjenenganipun kersa nampèni tiyang-tiyang sanès Yahudi, srana maringaken Sang Roh Suci dhateng tiyang-tiyang wau, sami kados ingkang kaparingaken dhateng kita.
15:9 Gusti Allah babar-pisan mboten mbédak-mbédakaken tiyang-tiyang sanès Yahudi kaliyan kita. Gusti Allah nucèkaken manahipun tiyang-tiyang wau, margi tiyang-tiyang wau sami pitados.
15:10 Menawi mekaten, kénging menapa panjenengan sami nglawan dhateng Gusti Allah, srana nyukani momotan dhateng tiyang-tiyang menika. Inggih menika momotan, ingkang para leluhur kita lan kita piyambak mboten kiyat nyanggi.
15:11 Sampun ngantos! Awit kita sami pitados lan dipun wilujengaken adhedhasar sih-rahmatipun Gusti Yésus, mekaten ugi tiyang-tiyang sanès Yahudi menika.”
15:12 Wong sing ngumpul ana ing kono padha meneng kabèh nalika ngrungokaké critané Barnabas lan Rasul Paulus, bab mujijat-mujijat sing wis ditindakaké déning Gusti Allah ing antarané wong-wong dudu Yahudi, lantaran rasul loro mau.
15:13 Sawisé kuwi Rasul Yakobus nuli kandha mengkéné: “Para sedhèrèk! Kula aturi mirengaken atur kula.
15:14 Nembé kémawon Simon (Rasul Simon Pétrus) nyariyosaken, bilih Gusti Allah salebetipun nyengker bangsa setunggal kagem Panjenenganipun piyambak, wiwit-wiwitan mila inggih sampun ngetingalaken sih-rahmatipun dhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi.
15:15 Prekawis menika cocog kaliyan pangandikanipun para nabi, kados ingkang suraosipun:
15:16 ‘Sawisé mengkono Aku bakal bali, sarta mbangun menèh omahé Dawud, sing wis rubuh, lan jugrugané bakal Dakdandani, lan Daksantosakaké menèh,
15:17 supaya wong liyané, sing dudu Yahudi, kabèh padha nggolèki Aku, yakuwi sakèhing wong sing ora wanuh marang Aku, sing wis Daktimbali dadi kagungan-Ku.’
15:18 Mengkono pangandikané Pangéran, sing wis nindakaké kuwi mau kabèh wiwit-wiwitan mula.”
15:19 “Miturut pemanggih kula,” mengkono Rasul Yakobus nerusaké rembugé, “mboten samesthinipun, menawi kita sami damel sisahipun para sedhèrèk sanès Yahudi, ingkang sami mratobat dhateng Gusti Allah.
15:20 Prayoginipun kita damel serat kémawon, ingkang wosipun, suka pamrayogi dhateng sedhèrèk-sedhèrèk wau, supados mboten sami nedha tetedhan ingkang najis, inggih menika nedha sesajèning brahala; mekaten ugi supados mboten sami nedha daginging kéwan, ingkang pejahipun srana dipun tekak; sampun ngantos sami nedha rah; kaliyan malih supados sami nyingkiri lampah jina.
15:21 Awit Torètipun Nabi Musa wiwit rumiyin, pendhak dinten Sabbat sampun kawaosaken wonten ing sinagogé-sinagogé ing saenggèn-enggèn.”
15:22 Para rasul, para pinituwa lan para wargané pasamuwan nuli mutus, milih wong sawetara saka ing antarané wong sing padha mèlu ing pirembugan mau, diutus menyang kutha Antiokia, bebarengan karo Rasul Paulus lan Barnabas. Sing dipilih Yudas, sing uga karan Barsabas, lan Silas — wong loro mau diéringi banget déning para sedulur ing kono. —
15:23 Para utusan mau dikon ngeteraké layang sing uniné mengkéné: “Salam saka aku para sedulurmu, para rasul lan para pinituwa. Layang iki daktujokaké marang para sedulurku kabèh sing dudu Yahudi, sing padha manggon ana ing kutha Antiokia, lan ing tanah Siria lan ing tanah Kilikia.
15:24 Aku padha krungu yèn ana wong sawetara saka ing antaraku sing padha gawé susahmu lan gawé bingungmu, merga piwulang piwulangé. Mangka karepku ora mengkono.
15:25 Mulané aku banjur padha nganakaké pirembugan, lan netepaké kongkonan wong loro, yakuwi Yudas lan Silas, supaya nemoni kowé kabèh. Wong loro mau bakal mangkat bebarengan karo Barnabas lan Paulus.
15:26 Yakuwi wong sing padha ngetohaké nyawané kagem Gusti kita, Yésus Kristus.
15:27 Para sedulur sing padha dakkongkon mau, bakal nerangaké dhéwé marang kowé kabèh, padha kaya sing wis daktulis ana ing layang iki.
15:28 Roh Suci lan aku kabèh wis padha tunggal panemu, yèn ora bakal padha gawé susahmu, lan mènèhi momotan ngluwihi apa mesthiné,
15:29 yakuwi kowé aja padha mangan panganan, sing dienggo sajèné brahala; aja mangan getih, aja mangan kéwan sing matiné srana ditekak; lan padha nyingkirana laku jina. Yèn kowé padha nggatèkaké lan nyingkiri prekara-prekara mau wis cukup. Salam pandongaku padha tampanana.”
15:30 Para utusan nuli padha pamitan, sarta mangkat menyang kutha Antiokia. Ana ing kono para wargané pasamuwan kabèh nuli dikumpulaké, lan layang mau ditampakaké.
15:31 Bareng padha maca layang mau, wong-wong sapasamuwan padha bungah banget, merga rumangsa olèh panglipur.
15:32 Yudas lan Silas — loro-loroné nabi — guneman nganti suwé karo para sedulur ing kono. Wong-wong mau padha digemblèng imané, supaya padha mundhak kendel.
15:33 Sawisé padha ana ing kono sawetara suwéné, Yudas lan Silas banjur padha dililani bali digawani salam kanggo wong-wong sing padha ngutus mau.
15:34 Nanging Silas tetep manggon ana ing kono.]
15:35 Rasul Paulus lan Barnabas padha lerem wetara suwé ana ing kutha Antiokia kono. Bebarengan karo wong akèh, para rasul mau padha memulang lan martakaké pangandikané Gusti Allah.
15:36 Ora antara suwé Rasul Paulus kandha karo Barnabas: “Ayo padha tilik para sedulur ing saben kutha, sing wis kita wartani pangandikané Gusti Allah, prelu ngaruhaké kaanané para sedulur mau.”
15:37 Barnabas kepéngin ngajak Yohanes Markus,
15:38 nanging Rasul Paulus ora rujuk, yèn Markus diajak, awit tau ninggal wong loro mau ana ing tanah Pamfilia, lan Markus kuwi ora tumemen enggoné mbiyantu nganti sarampungé pegawéan.
15:39 Prekara mau marakaké padu ramé, nganti pungkasané Rasul Paulus lan Barnabas padha pepisahan. Barnabas ngajak Markus, banjur nunggang prau menyang Siprus.
15:40 Rasul Paulus ngajak Silas. Sawisé Rasul Paulus lan Silas mau padha dipasrahaké déning pasamuwan ana ing sih-kamirahané Gusti Allah.
15:41 Nuli padha mangkat, ndlajahi tanah Siria lan Kilikia, nyantosakaké imané pasamuwan-pasamuwan sing ana ing kono.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 44 Para Rasul

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s