Para Rasul 16


16:1 Rasul Paulus nerusaké lakuné menyang kutha Dèrbé lan Listra. Ing kono ana wong precaya, jenengé Timotius. Ibuné wong Yahudi, uga wong precaya nanging bapakné wong Yunani.
16:2 Kabèh wong precaya ing kutha Listra lan Ikonium padha neksèni, yèn Timotius kuwi wong becik.
16:3 Rasul Paulus kepéngin supaya Timotius mau dadi kanthiné, mulané nuli ditetaki, sebab saben wong wis ngerti, yèn bapakné Timotius kuwi wong Yunani.
16:4 Ing saben kutha sing ditekani, Rasul Paulus ngandhakaké marang pasamuwan-pasamuwan bab keputusan-keputusan sing wis ditetepaké déning para rasul lan para pinituwa ing kutha Yérusalèm, lan ngatag supaya putusan-putusan mau padha ditetepi.
16:5 Srana mengkono pasamuwan-pasamuwan mau imané disantosakaké, lan cacahé wargané saben dina terus mundhak-mundhak.
16:6 Sarèhné Sang Roh Suci ora marengaké Rasul Paulus sakancané ngabaraké Injil ana ing wilayah Asia Cilik, wong telu mau nuli padha ndlajahi tanah Frigia lan Galatia.
16:7 Bareng padha tekan tapel watesé Misia, wong-wong mau padha nyoba arep mlebu ing tanah Bitinia, nanging Rohé Gusti Yésus ora marengaké.
16:8 Mulané wong-wong mau nuli padha nerusaké lakuné menyang kutha Troas, metu tanah Misia.
16:9 Bengi kuwi Rasul Paulus pirsa tetingalan ana wong Makédonia ngadeg karo kandha: “Kula aturi rawuh dhateng tanah Makédonia lan nulungi kula sedaya.”
16:10 Bareng Rasul Paulus olèh wahyu mau, aku *aku: Lukas, ingkang nganggit serat Para Rasul menika.* padha duwé panemu, yèn Gusti Allah nimbali aku sakanca supaya ngabaraké Injil marang wong-wong Makédonia. Aku nuli padha tata-tata, banjur mangkat menyang tanah Makédonia.
16:11 Aku sakanca banjur padha mangkat, nunggang prau saka kutha Troas, nyabrang menyang pulo Samotraké, lan ésuké nerusaké menyang kutha Néapolis.
16:12 Saka kono aku padha ngener menyang kutha Filipi, yakuwi kutha kawitan ing wilayah Makédonia. Kutha Filipi kuwi kutha sing dienggoni wong-wong Rum. Aku padha nginep ana ing kutha kono sawetara dina.
16:13 Mbeneri dina Sabbaté wong Yahudi, aku padha metu saka kutha menyang pinggiring kali, awit aku padha ngira, yèn ana ing kono ana sinagogé, papan pangibadahé wong Yahudi. Aku padha lungguh omong-omongan karo para wong wadon sing padha ana ing kono.
16:14 Ing antarané wong-wong wadon sing mèlu ngrungokaké mau, ana sing jenengé Lidhia, saka kutha Tiatira, bakul kain wungu. Lidhia kuwi wong sing ngabekti marang Gusti Allah, mulané Gusti Allah kepareng ngosikaké atiné, nganti wong mau nampani piwulangé Rasul Paulus.
16:15 Lidhia sabrayat nuli dibaptis. Banjur kandha, tembungé: “Menawi panjenengan sami yakin, bilih kula sampun pitados dados kagunganipun Gusti Yésus, sumangga panjenengan kula aturi pinarak ing griya kula.” Sarèhné adreng penjaluké, aku nuli padha menyang omahé.
16:16 Ing sawijining dina, nalika aku lagi padha menyang sinagogé, aku padha kepethuk karo wong wadon, batur-tukon, sing kepanjingan dhemit préwangan. Wong mau bisa nyritakaké prekara-prekara sing bakal kelakon, njalari para bendarané olèh keuntungan gedhé, srana enggoné methèk nasibé wong-wong.
16:17 Wong wadon mau ngetutaké Rasul Paulus lan aku kabèh karo bengok-bengok, tembungé: “Wong-wong iki abdiné Allah sing mahaluhur! Tekané mréné arep ngandhani kowé, kepriyé bisané kowé padha olèh keslametan!”
16:18 Nganti pirang-pirang dina lawasé wong mau terus-terusan bengok-bengok kaya mengkono, temah Rasul Paulus nepsu banget, nuli minger sarta nundhung dhemité préwangan mau. “Atas asmané Gusti Yésus, kowé daktundhung metu saka wong wadon kuwi!” Sanalika iku uga dhemit mau metu saka wong wadon mau.
16:19 Bareng para majikané weruh, yèn wis ora ana pengarep-arep menèh bisané olèh kauntungan saka olèhé ngingu préwangan mau, nuli padha nyekel Paulus lan Silas. Wong loro mau padha disèrèd, digawa menyang alun-alun, kaladèkaké marang penggedhéné kutha kono.
16:20 Para penggedhéné kutha mau nuli ngladèkaké wong loro mau marang para penggedhéné pepréntahan Rum ing kutha kono, aturé: “Tiyang kalih menika tiyang Yahudi, ingkang sami damel gègèr wonten ing kitha ngriki.
16:21 Tiyang-tiyang menika sami mulangaken adat tata cara ingkang cengkah kaliyan prenatan kula sedaya. Kula sedaya menika warga negari Rum lan mboten purun menawi kapurih nganut adat-adat menika!”
16:22 Wong akèh uga padha mèlu-mèlu ndakwa. Para pegawéné krajan Rum nuli nyuwèk-nyuwèk sandhangané Rasul Paulus lan Silas, sarta akon supaya wong loro mau dipecuti.
16:23 Sawisé kuwi wong loro mau nuli dilebokaké ing pakunjaran, sarta pegawéné pakunjaran dipréntah supaya wong loro mau dijaga sing keras.
16:24 Sarèhné dipréntah mengkono, mulané kepala pakunjaran mau nuli nglebokaké Rasul Paulus lan Silas ana ing sèl pakunjaran sing njero dhéwé; sikilé padha dibelok.
16:25 Bareng kira-kira tengah wengi Rasul Paulus lan Silas padha ndedonga lan padha menyanyi, memuji marang Gusti Allah. Wong-wong tahanan liyané padha ngrungokaké enggoné wong loro mau padha memuji.
16:26 Dumadakan ana lindhu gedhé, nganti pondhasiné pakunjaran jebol, lawangé pakunjaran menga, lan ranté-ranté sing kanggo mblenggu wong tahanan padha ucul.
16:27 Kepalané pakunjaran tangi, lan bareng weruh lawang-lawangé pakunjaran menga, wong mau ngira yèn wong tahanan kabèh wis padha mlayu. Wong mau ngunus pedhangé, arep nglalu.
16:28 Nanging Rasul Paulus mbengok sarosané: “Sampun nglalu pak, kula sedaya taksih sami wonten ing ngriki!”
16:29 Kepala pakunjaran nuli njaluk lampu lan mlebu ing pakunjaran. Wong mau klawan gumeter sumungkem ana ing ngarepé Rasul Paulus lan Silas.
16:30 Kepala pakunjaran banjur ngajak metu wong loro mau, karo kandha: “Bapak-bapak! Menapa ingkang kedah kula lampahi, supados manggih kawilujengan?”
16:31 Wangsulané Rasul Paulus lan Silas: “Pitadosa dhateng Gusti Yésus, panjenengan mesthi badhé wilujeng, inggih panjenengan, inggih brayat panjenengan!”
16:32 Rasul Paulus lan Silas banjur nerangaké pangandikané Gusti Allah marang kepala pakunjaran mau lan sabrayaté kabèh.
16:33 Sanalika, bengi kuwi uga Rasul Paulus lan Silas diajak menyang omahé kepala pakunjaran. Tatu-tatuné Rasul Paulus lan Silas nuli ditambani. Sawisé kuwi kepala pakunjaran sarta brayaté kabèh padha dibaptis.
16:34 Rasul Paulus lan Silas nuli disuguh mangan. Kepala pakunjaran dalah brayaté padha bungah banget, sebab saiki wis padha dadi kagungané Gusti Allah.
16:35 Ésuké para pegawé krajan Rum padha ngutus polisi menyang pakunjaran, dipréntah mengkéné: “Wong-wong loro kuwi luwarana.”
16:36 Kepalané pakunjaran nuli nerusaké préntah mau marang Rasul Paulus: “Kula ngaturaken sugeng tindak, sebab para pengageng krajan Rum sampun dhawuh supados panjenengan sami dipun luwari.”
16:37 Nanging Rasul Paulus kandha karo polisi sing nggawa préntah mau: “Tanpa dipun priksa kula sami dipun pecuti ing ngajengipun tiyang kathah, mangka kula menika warga negari Rum! Kula sami dipun lebetaken ing pakunjaran; samenika kula dipun purih késah mekaten kémawon kalayan sidheman? Mboten! Para pengageng pepréntahan Rum piyambak supados sami mriki ngluwari kula kekalih.”
16:38 Polisi mau nglapuraké marang penggedhéné pepréntahan Rum. Bareng krungu yèn Rasul Paulus lan Silas kuwi warga negara Rum, para penggedhé mau padha wedi banget,
16:39 lan énggal-énggal padha teka ing pakunjaran, njaluk ngapura. Sawisé kuwi para penggedhé mau ngirid Rasul Paulus lan Silas metu saka pakunjaran, sarta njaluk supaya wong loro mau lunga saka kutha kono.
16:40 Rasul Paulus lan Silas nuli marani omahé Lidhia. Ana ing kono padha ketemu karo para sedulur liyané. Sawisé mituturi sing gawé santosaning precayané para sedulur ing kono, Rasul Paulus lan Silas nuli padha mangkat.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 44 Para Rasul

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s