Para Rasul 17


17:1 Rasul Paulus lan Silas nuli nrabas liwat kutha Amfipolis lan kutha Apolonia, tekan kutha Tésalonika. Ing Tésalonika kono ana sinagogé, papan pangibadahé wong Yahudi.
17:2 Kaya padatan, Rasul Paulus nuli mlebu mrono, lan nganti telung Sabbat terus-terusan wawancara karo para wargané sinagogé kono bab ayat-ayating Kitab Suci.
17:3 Rasul Paulus napsir ayat-ayat mau lan mbuktèkaké, yèn Sang Kristus kuwi prelu nandhang sangsara lan kawungokaké saka ing séda, tembungé: “Gusti Yésus ingkang kula wartosaken dhateng panjenengan, menika Sang Mèsias!”
17:4 Ana wong sing padha yakin, banjur padha mèlu Rasul Paulus lan Silas; semono uga akèh wong-wong Yunani sing biyèn nganut agama Yahudi, apa déné para wong wadon, bangsa luhur, ora sethithik sing padha precaya.
17:5 Weruh wong akèh padha dadi Kristen mau, wong-wong Yahudi padha panas atiné. Nuli padha nglumpukaké wong glandhangan supaya gawé ontran-ontran, nganti sakutha kabèh gègèr. Wong-wong mau padha mlebu ing omahé Yason, sing dipondhoki Rasul Paulus lan Silas, padha nggolèki Rasul Paulus lan Silas, arep diladèkaké marang kumpulané warga kutha.
17:6 Bareng Rasul Paulus lan Silas ora ketemu, wong-wong mau banjur nyèrèd Yason lan wong precaya sawetara, disowanaké marang penggedhéné kutha kono, karo muni: “Tiyang-tiyang menika wonten ing pundi-pundi damel kisruh, lan samenika dhateng mriki,
17:7 dipun tampèni déning Yason. Tiyang-tiyang wau sami nerak undhang-undhangipun Kaisar ing Rum, awit sami sanjang bilih wonten ratu sanèsipun, ingkang nama Yésus.”
17:8 Tembung mengkono mau gawé gègèré wong akèh lan para penggedhéné kutha.
17:9 Para penggedhé mau akon Yason lan kanca-kancané mbayar dhuwit dhendhan. Sawisé kuwi lagi padha dieculaké.
17:10 Benginé para sedulur padha akon Rasul Paulus lan Silas lunga menyang kutha Béréa. Satekané ing kono, Rasul Paulus lan Silas nuli padha nggolèki sinagogé, panggonan ngibadahé wong Yahudi.
17:11 Wong-wong Yahudi ing kutha kono wawasané luwih jembar ketimbang karo wong Yahudi ing kutha Tésalonika. Wong-wong Yahudi ing kutha Béréa padha seneng ngrungokaké piwulang sing diwartakaké déning Rasul Paulus lan Silas. Saben dina padha maca Kitab Suci, supaya ngerti apa piwulangé Rasul Paulus kuwi bener apa ora.
17:12 Akèh ing antarané wong mau sing nuli padha precaya. Akèh para wong Yunani, saka golongan luhur, sing padha precaya. Semono uga ora sethithik kaum priya padha mlebu dadi warganing pasamuwan Kristen.
17:13 Kocapa, bareng wong Yahudi ing kutha Tésalonika padha krungu, yèn Rasul Paulus lan Silas mulangaké pangandikané Gusti Allah ana ing Béréa, banjur padha teka mrono, ngojok-ojoki lan ngobong atiné wong akèh sing padha ngumpul ana ing kono.
17:14 Mulané wong-wong nuli énggal-énggal ngeteraké Rasul Paulus menyang pesisiré segara, nanging Timotius lan Silas kari ana ing Béréa kono.
17:15 Sawisé tekan kutha Aténa, wong-wong mau padha bali menèh menyang Béréa, karo diweling déning Rasul Paulus, supaya Silas lan Timotius dikon énggal nusul.
17:16 Sajroné ngentèni tekané Silas lan Timotius, Rasul Paulus prihatin weruh brahala-brahala sing akèhé presasat ngebaki kutha Aténa mau.
17:17 Ana ing sinagogé, papan pangibadahé wong Yahudi, Rasul Paulus tukar kawruh karo wong Yahudi lan wong-wong dudu Yahudi sing nganut agama Yahudi. Sing mengkono mau uga ditindakaké saben dina déning Rasul Paulus ana ing alun-alun, karo wong sapa waé, sing liwat ana ing kono.
17:18 Ana ahli pikir saka golongan Épikuri lan Stoiki, sing padha bebantahan karo Rasul Paulus. Ana sing muni: “Apa sing diomongaké tukang ngobrol kuwi?” Ana menèh sing muni: “Sajaké wong kuwi mulangaké bab déwa-déwa anyar.” Enggoné padha muni mengkono mau jalaran Rasul Paulus nyritakaké bab Gusti Yésus lan wunguné saka ing séda.
17:19 Rasul Paulus nuli diajak menyang papan parepatané para ahli pikir, sing disebut Aréopagus, aturé: “Kula sami kepéngin mireng piwulang énggal ingkang panjenengan wulangaken menika.
17:20 Sebab wonten prekawis-prekawis ingkang anèh tumrap ing kula sedaya. Mila, kula sami kepéngin mangertos.”
17:21 Awit para warga kutha Aténa, semono uga para wong-wong bangsa liyané, sing padha manggon ana ing kutha kono, umumé padha seneng nanjakaké wektuné kanggo nyritakaké lan ngrungokaké crita prekara-prekara sing anyar.)
17:22 Rasul Paulus nuli ngadeg ing ngarepé parepatan Aréopagus kono, sarta sesorah: “Para sedhèrèk ing kitha Aténa! Kula sumerep saking sedaya prekawis, ketitik bilih panjenengan menika tiyang ingkang ngibadah.
17:23 Sebab nalika kula mlampah-mlampah ing kitha, kula sumerep ing antawisipun papan-papan sembahyang panjenengan, wonten ingkang mesbèhipun dipun serati mekaten: ‘Kasaosaken dhateng Allah, ingkang mboten dipun ngertosi’. Inggih Gusti Allah ingkang panjenengan bektèni tanpa panjenengan ngertosi menika ingkang kepéngin kula criyosaken dhateng panjenengan.
17:24 Inggih menika Allah ingkang sampun nitahaken jagad menika lan saisinipun. Inggih Allah menika Allahipun langit lan bumi. Allah menika mboten manggèn wonten ing kuil-kuil utawi candi-candi damelanipun manungsa.
17:25 Panjenenganipun inggih mboten mbetahaken sesajèn menapa kémawon saking manungsa, sebab Panjenenganipun ingkang maringi ambekan lan gesang tuwin samukawis dhateng manungsa.
17:26 Saking tiyang setunggal, Gusti Allah wau sampun ndadosaken bangsa-bangsa kapurih manggèn ing salumahing bumi ngriki. Inggih Gusti Allah menika ingkang netepaken saking wiwitan mila wekdal, sarta papan padununganipun piyambak-piyambak.
17:27 Enggènipun Gusti Allah tumindak mekaten menika, supados manungsa sami ngupadosana Panjenenganipun. Sokur bagé saged manggihaken Panjenenganipun. Jalaran èstunipun Gusti Allah wau mboten tebih saking kita piyambak-piyambak.
17:28 Kados ingkang sami dipun cariyosaken tiyang kathah, ‘Karana pangwaosipun kita sami gesang, sami makarya lan manggèn ing donya menika.’ Kados ingkang dipun pratélakaken déning para pujangga panjenengan, ‘Awit, kita ugi tedhak turunipun Gusti Allah.’
17:29 Sarèhné kita menika para putranipun Gusti Allah, mila mboten leres menawi kita nganggep, bilih kawontenanipun Gusti Allah menika kados reca, ingkang kadamel saking emas, slaka utawi séla ingkang kawangun miturut kapinteranipun manungsa.
17:30 Tanpa ngèngeti jaman jahiliah *jahiliah: jaman tiyang-tiyang taksih bodho-bodho.* Gusti Allah samenika martosaken dhateng manungsa, bilih sedaya manungsa kedah sami mratobat saking lampahipun ingkang awon.
17:31 Sebab Gusti Allah sampun netepaken dinten enggènipun badhé ngadili jagad. Pengadilan wau badhé katindakaken déning tiyang, ingkang sampun kapiji déning Gusti Allah. Minangka buktinipun Gusti Allah sampun nangèkaken tiyang wau saking antawisipun tiyang pejah.”
17:32 Bareng wong-wong mau padha krungu Rasul Paulus kandha bab tanginé wong mati, ana sing nuli nggeguyu tembungé Rasul Paulus mau, ana sing banjur muni: “Sanès wekdal kémawon kula mirengaken malih.”
17:33 Rasul Paulus nuli lunga saka Aréopagus kono.
17:34 Ana wong sawetara sing padha precaya lan mèlu Rasul Paulus, kayata: Dionisius, ahli pikir warganing Aréopagus kono, wong wadon aran Damaris, lan wong sawetara menèh.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 44 Para Rasul

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s