Para Rasul 18


18:1 Sawisé kuwi Rasul Paulus nuli lunga saka kutha Aténa menyang kutha Korintus.
18:2 Ana ing kutha Korintus kono Rasul Paulus ketemu karo wong Yahudi, sing aran Akwila, asal saka kutha Pontus, sing lagi teka saka tanah Italia, karo bojoné sing jeneng Priskila. Tekané ing kutha Korintus mau jalaran Klaudius, Kaisar negara Rum, nundhungi wong Yahudi kabèh saka kutha Rum. Rasul Paulus nemoni Akwila lan Priskila,
18:3 lan manggon ing omahé brayat mau, sarta nyambut-gawé bebarengan karo wong-wong kuwi, awit padha-padha tukang gawé téndha.
18:4 Saben Sabbat, Rasul Paulus tukar kawruh karo wong-wong sing padha kumpulan ana ing sinagogé, papan pangibadahé wong Yahudi, karepé arep ngyakinaké wong-wong Yahudi lan wong-wong Yunani, sing padha nganut agama Yahudi.
18:5 Bareng Silas lan Timotius teka saka tanah Makédonia, Rasul Paulus nuli mligi ngabaraké Injil, awèh paseksi yèn Gusti Yésus kuwi Sang Kristus, sing dijanjèkaké bakal rawuh déning Gusti Allah.
18:6 Yèn ana wong sing nulak lan ngala-ala, Rasul Paulus nuli ngetabaké lebuning sandhangané karo muni: “Menawi nemahi sangsara, kula aturi nyanggi piyambak. Kula mboten kalepatan dhateng panjenengan. Wiwit samenika kula badhé murugi tiyang-tiyang sanèsipun.”
18:7 Wong-wong mau banjur ditinggal lunga déning Rasul Paulus. Sabanjuré Rasul Paulus mondhok ing omahé wong dudu Yahudi, nanging sing nganut agama Yahudi, wong mau jenengé Titius Yustus. Omahé Titius Yustus mau sandhing sinagogé kono.
18:8 Krispus, kepalané sinagogé mau lan sabrayaté uga precaya marang Gusti Yésus. Kejaba kuwi akèh menèh wong-wong liyané ing kutha Korintus kono sing padha ngrungokaké Injil, sing diwartakaké déning Rasul Paulus, lan padha precaya. Wong sing padha precaya mau nuli padha dibaptisi.
18:9 Ing sawijining bengi Gusti Allah ngandika marang Rasul Paulus sajroning wahyu, mengkéné: “Aja wedi! Terusna enggonmu ngabaraké Injil lan aja lèrèn.
18:10 Sebab Aku nunggal karo kowé. Ora ana wong sing bakal nganiaya kowé, sebab ing kutha kéné akèh wong sing dadi umat-Ku.”
18:11 Mulané Rasul Paulus enggoné manggon ing kutha Korintus kono nganti siji setengah taun, karo mulang wong-wong bab pangandikané Gusti Allah.
18:12 Nanging bareng Galio dadi gubernur ing tanah Akhaya, wong Yahudi sanalika nuli padha ngroyok Rasul Paulus. Rasul Paulus dicekel lan diirid menyang kantor pengadilan.
18:13 Pandakwané wong-wong mau marang Rasul Paulus mengkéné: “Tiyang menika ngajak tiyang kathah, supados sami nyembah dhateng Gusti Allah, mawi patrap ingkang cengkah kaliyan prenataning agami kita!”
18:14 Bareng Rasul Paulus lagi arep mangsuli pandakwa mau, Gubernur Galio kandha marang wong-wong Yahudi: “Kowé wong-wong Yahudi. Yèn wong iki nglanggar prenataning negara utawa nindakaké kadursilan, wis samesthiné aku nampani gugatanmu.
18:15 Nanging prekara sing dadi dhadhakaning padu iki rak prekara tembung lan jeneng sing magepokan karo prenatan-prenataning agamamu dhéwé, mulané prekara kuwi rampungana dhéwé. Aku emoh dadi hakim tumrap prekara-prekara sing kaya mengkono!”
18:16 Wong-wong Yahudi mau nuli ditundhung metu.
18:17 Sabanjuré wong-wong mau padha nyekel Sostenès, kepalané sinagogé kono, digebugi ana ing ngarepé pradataning agama. Nanging Gubernur Galio babar-pisan ora mreduli prekara mau.
18:18 Rasul Paulus isih sawetara dina menèh ana ing kutha Korintus kono, nginep ing panggonané para sedulur Kristen. Sawisé kuwi Rasul Paulus nuli lunga saka kono, nunggang prau karo Priskila lan Akwila menyang Siria. Sadurungé mangkat, Rasul Paulus nyukur rambuté ana ing pelabuhan Kèngkréa kanggo ngluwari nadaré.
18:19 Satekané ing kutha Éfesus, Rasul Paulus ninggal Priskila lan Akwila, banjur mlebu ing sinagogé lan tukar kawruh karo wong-wong Yahudi.
18:20 Wong-wong mau njaluk supaya Rasul Paulus enggoné mampir rada suwé, nanging ora kersa.
18:21 Tembungé: “Menawi Gusti Allah marengaken, kula badhé wangsul mriki malih.” Rasul Paulus nuli lunga saka ing kutha Éfesus.
18:22 Bareng wis tekan kutha Kaisaréa, Rasul Paulus banjur nerusaké lakuné menyang kutha Yérusalèm, arep ngaturaké salam marang pasamuwan ing kono. Sawusé kuwi banjur nerusaké lakuné menyang kutha Antiokia.
18:23 Sawisé sawetara lawas ana ing kutha Antiokia kono, banjur lunga menyang tanah Galatia lan tanah Frigia, prelu nyantosakaké imané wong-wong precaya sing ana ing kono.
18:24 Ana wong Yahudi, kelairan saka kutha Alèksandria, jenengé Apolos, teka ing kutha Éfesus. Apolos kuwi wong sing micara lan akèh kawruhé bab Kitab Suci.
18:25 Dhèwèké wis nampa piwulang bab ‘Dalaning Pangéran’, mulané klawan semangat lan gamblang mulangaké bab Gusti Yésus, senajan sing diweruhi mung lagi bab baptisané Yohanes Pembaptis.
18:26 Kendel banget Apolos olèhé miwiti mulang ana ing sinagogé. Bareng Priskila lan Akwila krungu piwulangé, Apolos nuli diampiraké menyang omahé wong loro mau, supaya nerangaké klawan cetha bab sakèhing piwulang Kristen.
18:27 Sawisé kuwi Apolos arep lunga menyang tanah Akhaya. Wong-wong Kristen ing Éfesus nuli nggawèkaké layang, sing maksudé ngenalaké Apolos mau marang sedulur-sedulur ing tanah Akhaya, klawan penjaluk supaya Apolos ditampa klawan becik. Satekané ing tanah Akhaya, karana sih-kamirahané Gusti Allah, Apolos mau dadi penginjil sing migunani banget tumrap wong-wong sing precaya.
18:28 Tansah bebantahan nganggo dhasar Kitab Suci karo para wong Yahudi ana ing ngarepané umum, minangka paseksi yèn Gusti Yésus kuwi Sang Mèsias.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 44 Para Rasul

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s