Para Rasul 26


26:1 Sang Prabu Agripa ngandika marang Rasul Paulus: “Kowé kena ngaturaké penjawabmu.” Rasul Paulus nuli mènèhi sasmita srana tangané, nuli matur mengkéné:
26:2 “Ingkang minulya, Sang Prabu Agripa, kawula rumaos begja dipun parengaken ngaturaken penjawab tumrap sedaya pandakwanipun tiyang Yahudi, wonten ing ngarsanipun Sang Prabu,
26:3 langkung-langkung margi kula mangertos bilih Sang Prabu menika paham sanget dhateng adat tata caranipun bangsa Yahudi. Awit saking menika kawula nyuwun kanthi sanget kersaa Sang Prabu midhangetaken atur kawula kalayan sabar.
26:4 Tiyang Yahudi sedaya sami mangertos menggah gesang kawula wiwit kawula taksih laré, wonten ing negari kawula piyambak, ing kitha Yérusalèm.
26:5 Mekaten ugi tiyang-tiyang menika sami sumerep menawi sami purun dados seksi, bilih wiwit-wiwitan mila kawula dados penganutipun agami ingkang tegen, inggih menika golongan Farisi.
26:6 Lan samenika kawula ngadeg wonten ing ngarsanipun Sang Prabu ing ngriki, margi kawula pitados dhateng prejanjinipun Gusti Allah dhateng para leluhur kita.
26:7 Ingkang kelampahanipun prejanjian wau ugi dipun antos-antos déning taleripun bangsa Israèl kalihwelas. Inggih jalaran menika para leluhur wau sami ngabekti dhateng Gusti Allah rinten lan ndalu. Inggih margi kapitadosan kawula menika, Sang Prabu, kawula dipun dakwa déning tiyang-tiyang Yahudi.
26:8 Menapa sebabipun déné tiyang-tiyang Yahudi mboten sami pitados, bilih Gusti Allah nangèkaken tiyang pejah?
26:9 Kala rumiyin kawula piyambak gadhah pemanggih, bilih kawula kedah nglawan dhateng pawartos Injil bab Gusti Yésus saking Nasarèt menika.
26:10 Panglawan menika kawula tindakaken wonten ing kitha Yérusalèm. Kawula nyuwun serat kwaos dhateng para pengajenging imam, kanggé nglebetaken umatipun Gusti Allah ingkang kathah dhateng pakunjaran. Lan menawi wonten tiyang ingkang kadhawahan paukuman pejah, kawula tumut nyarujuki.
26:11 Asring kawula nyiksa tiyang-tiyang Kristen menika wonten ing sinagogé-sinagogé lan mbudidaya supados tiyang-tiyang menika sami nyélaki kapitadosanipun. Saking bentèring manah, kawula ngantos késah ugi dhateng kitha-kitha ing sanès negari, supados saged nguya-uya tiyang-tiyang menika.”
26:12 “Inggih kanggé kapreluan menika kawula késah dhateng kitha Damsyik, kaliyan mbekta serat kwaos saking para pengajenging imam.
26:13 Nalika kawula ngleresi wonten ing mergi dhateng kitha Damsyik wau, wetawis tengah dinten, dumadakan wonten cahya, ingkang padhangipun ngungkuli padhangipun surya, cumlèrèt saking langit, nglimputi kawula lan para tiyang ingkang dados kanthi kawula.
26:14 Kawula sakanca sami dhawah ing siti, kawula lajeng mireng swanten ngandika dhateng kawula mawi basa Ibrani: ‘Saulus, Saulus, yagéné kowé koknguya-uya Aku? Srana panglawanmu kuwi kowé natoni awakmu dhéwé, kaya sapi sing nyépak-nyépak palanging luku.’
26:15 Kawula lajeng nyuwun pirsa: ‘Panjenengan menika sinten, Gusti?’ Pangandikanipun Gusti: ‘Aku iki Yésus, sing kokkuya-kuya.
26:16 Tangia lan ngadega! Enggon-Ku ngetingal marang kowé kuwi, merga Aku netepaké kowé dadi abdi-Ku. Kowé bakal dadi seksi tumrap wong liyané, yèn kowé ing dina iki wis ndeleng Aku, lan uga prekara-prekara liyané, sing mbésuk bakal Daktuduhaké marang kowé.
26:17 Kowé bakal Daksengker saka bangsa Israèl lan saka bangsa-bangsa liyané, lan Dakutus marani bangsa-bangsa mau.
26:18 Kowé bakal ngelèkaké mripaté, sarta nuntun wong-wong kuwi saka pepeteng marani pepadhang, supaya wong-wong mau uwal saka pangwasané Iblis marang pangwasané Gusti Allah. Merga precaya marang Aku, dosa-dosané wong mau olèh pangapura lan padha dadi umat pilihané Gusti Allah.’ ”
26:19 “Sang Prabu Agripa ingkang minulya, margi saking menika kawula lajeng ngèstokaken dhawuhing wahyu, ingkang sampun kawula tampi saking swarga wau.
26:20 Ingkang rumiyin piyambak kawula wonten ing kitha Damsyik, saking ngriku lajeng dhateng kitha Yérusalèm, lajeng dhateng tanah Yudéa sedaya, saha ugi dhateng tiyang-tiyang kapir. Tiyang-tiyang wau sami kawula atag-atag supados sami mratobat, sarta wangsul dhateng Gusti Allah, sarta sami nindakna pendamel-pendamel ingkang nélakaken pamratobatipun.
26:21 Inggih margi enggèn kawula tumindak mekaten menika, murugaken tiyang-tiyang Yahudi sami nyepeng kawula, nalika kawula wonten ing Pedalemanipun Allah. Tiyang-tiyang wau sami ngangkah mejahi kawula.
26:22 Nanging ngantos sepriki kawula dipun ayomi déning Pangéran, lan samenika kawula ngadeg wonten ing ngriki, ngaturaken paseksi kawula dhateng sedaya tiyang, ingkang ageng menapa déné ingkang alit, menapa ingkang kawula cariyosaken menika sami kaliyan ingkang sampun kaweca déning para nabi lan déning Nabi Musa.
26:23 Inggih menika, bilih Sang Kristus ingkang kajanjèkaken badhé rawuh menika, kedah nandhang sangsara, lan dados tiyang ingkang kawitan wungu saking séda, supados Panjenenganipun martosaken kawilujengan dhateng tiyang Yahudi lan dhateng tiyang sanès Yahudi; inggih kawilujengan ingkang minangka pepadhang wonten ing gesangipun manungsa.”
26:24 Nalika Rasul Paulus ngaturaké penjawabé kaya mengkono mau, Gubernur Féstus banjur ngandika klawan sora: “Hé Paulus, kowé saiki wis édan! Kawruhmu sing akèh kuwi marakaké kowé édan!”
26:25 Nanging Rasul Paulus mangsuli: “Kawula mboten éwah, Bapak Gubernur! Tembung kawula sedaya menika leres sarta kula saras saèstu.
26:26 Mekaten ugi panjenengan, Sang Prabu Agripa, kawula kumawani matur wonten ing ngarsanipun Sang Prabu, sebab kawula mangertos bilih Sang Prabu nguningani prekawis-prekawis menika sedaya, jalaran sedaya prekawis wau kedadosanipun mboten wonten ing pandhelikan.
26:27 Sang Prabu menapa pitados dhateng menapa ingkang kaserat déning nabi-nabi menika? Kawula mangertos, bilih Sang Prabu pitados!”
26:28 Wangsulané Sang Prabu Agripa: “Apa kokkira aku sedhéla waé wis bisa kokdadèkaké wong Kristen?”
26:29 Wangsulané Rasul Paulus: “Panyuwun kawula dhateng Gusti Allah, mugi sekedhap malih menapa dangu panjenengan lan sedaya tiyang ingkang sami mirengaken kawula ing dinten menika saged dados kados déné kawula, kejawi enggèn kawula dipun ranté menika.”
26:30 Sawisé Rasul Paulus mengkono, Sang Prabu lan Gubernur, tuwin Bèrniké lan wong kabèh padha ngadeg.
26:31 Bareng wis padha ana ing jaba wong-wong mau padha rasanan: “Wong iki ora duwé keluputan sing pantes kapatrapan paukuman pati utawa dikunjara.”
26:32 Sang Prabu Agripa nglajengaké ngendikané marang Gubernur Féstus: “Leresipun tiyang menika sampun saged kaluwaran, menawi piyambakipun mboten nyuwun supados prekawisipun kainggahaken dhateng Kaisar ing Rum.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 44 Para Rasul

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s