Para Rasul 4


4:1 Nalika Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes isih padha ngandikani wong akèh mau, dumadakan ditekani déning para imam, penggedhéné sing jaga Pedalemané Allah, lan wong Saduki.
4:2 Wong-wong kuwi padha nepsu, sebab para rasul padha mulang wong akèh, yèn Gusti Yésus wis wungu saka ing séda. Srana mengkono mbuktèkaké yèn wong mati bakal katangèkaké.
4:3 Rasul loro mau nuli dicekel lan ditahan ana ing pakunjaran nganti dina ésuké, merga nalika semana wis soré.
4:4 Nanging wong-wong sing padha ngrungokaké piwulangé para rasul mau akèh sing padha precaya, nganti cacahé wong lanang sing precaya mundhak dadi kira-kira limang èwunan.
4:5 Ésuké para pengarepé wong Yahudi, para pinituwa lan para ahli Torèt padha ngumpul ana ing kutha Yérusalèm.
4:6 Padha nganakaké pirembugan karo Imam Agung Anas lan Kayafas, Yohanes lan Alèksander, sarta wong kabèh, sing kagolong kulawargané Imam Agung.
4:7 Para rasul mau didhawuhi ngadhep, nuli ditakoni: “Kepriyé enggonmu marasaké wong lumpuh wingi kaé? Kowé padha olèh pangwasa saka endi lan atas saka jenengé sapa?”
4:8 Rasul Pétrus kapenuhan ing Sang Roh Suci, nuli matur: “Para pemimpin tuwin para pinisepuh, ingkang kula urmati.
4:9 Sarèhning kula samenika sami dipun priksa bab pendamel saé ingkang sampun kula tindakaken dhateng tiyang lumpuh menika, sarta panjenengan sami kepéngin pirsa kadospundi kelampahanipun.
4:10 Mila mugi ndadosna ing pamirsa panjenengan lan umat Israèl sedaya, bilih tiyang ingkang wonten ing ngarsa panjenengan menika kasarasaken, margi saking pangwaosipun Gusti Yésus saking Nasarèt ingkang sampun panjenengan salib, ingkang sampun kawungokaken saking séda déning Gusti Allah.
4:11 Inggih Gusti Yésus menika ingkang kasebut ing Kitab Suci, mekaten: ‘Watu sing ditampik déning para ahli gawé omah, malah dadi watu sing gedhé dhéwé gunané.’
4:12 Kawilujengan menika dhatengipun namung saking Gusti Yésus, lan mboten saking tiyang sanès. Sebab ing sakurebing langit menika mboten wonten asma sanèsipun ingkang dipun paringaken déning Gusti Allah dhateng manungsa, ingkang dados mergining kawilujengan kita.”
4:13 Para warganing Pradata Agama padha gumun marang kekendelané Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes, apa menèh padha ngerti yèn para rasul kuwi wong lumrah lan dudu wong weton sekolahan dhuwur. Wong-wong mau nuli padha kèlingan yèn rasul-rasul mau tau ndhèrèk Gusti Yésus.
4:14 Nanging para wargané Pradata mau padha ora bisa muni apa-apa, jalaran padha weruh wong sing diwarasaké kuwi ngadeg ana ing sandhingé para rasul.
4:15 Mulané Pradata banjur akon rasul-rasul mau metu saka kamar. Pradata banjur nganakaké pirembugan dhéwé,
4:16 tembungé: “Tiyang-tiyang menika badhé kita menapakaken? Saben tiyang ingkang manggèn wonten ing kitha Yérusalèm sampun mangertos, bilih tiyang kalih menika sampun damel mujijat ingkang ageng. Prekawis menika mboten saged kita bantah.
4:17 Nanging supados prekawis menika mboten saya kawentar, prayogi menawi tiyang-tiyang wau kita ancam kémawon, supados sampun pisan-pisan nyariyosaken dhateng sinten kémawon bab Yésus.”
4:18 Rasul loro-loroné nuli dikon mlebu menèh, lan diancam supaya aja pisan-pisan nyebut utawa memulang bab Gusti Yésus.
4:19 Nanging Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes mangsuli: “Panjenengan kula aturi nggalih piyambak, pundi ingkang leres wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, nuruti dhawuh panjenengan, menapa manut dhateng dhawuhipun Gusti Allah.
4:20 Sebab kula sami mboten saged mèndel nyariyosaken prekawis ingkang sampun kula tingali lan kula pireng piyambak.”
4:21 Pradata ora bisa nemokaké prekara sing kena dienggo alasan ngukum Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes, mulané saya banget olèhé ngancam. Éwadéné para rasul nuli diluwari, sebab wong kabèh padha memuji asmané Gusti Allah merga lelakon mau.
4:22 Awit wong sing diwarasaké srana mujijat kuwi umuré wis patang puluh taun luwih.
4:23 Sawisé diluwari, Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes nuli énggal-énggal bali marani kanca-kancané lan nyritakaké apa sing dikandhakaké déning para pengareping imam lan para pinituwa.
4:24 Bareng krungu critané para rasul mau, wong kabèh nuli padha bebarengan matur marang Gusti Allah mengkéné: “Dhuh Allah ingkang nitahaken langit lan bumi, seganten lan saisinipun sedaya,
4:25 srana Roh Suci Paduka sampun ngandika lantaran abdi Paduka Sang Prabu Dawud, leluhur kawula mekaten: ‘Yagéné wong sing ora wanuh marang Gusti Allah padha nepsu, ngengancam, yagéné para bangsa padha ngrancang nindakaké sing tanpa guna?
4:26 Para raja ing donya padha tata-tata arep perang, lan para pangwasa padha nglumpuk arep nglawan marang Pangéran lan Sang Kristus.’
4:27 Awit Sang Prabu Hérodès lan Gubernur Pontius Pilatus pancèn sampun sarembag kaliyan tiyang kapir lan tiyang-tiyang Israèl wonten ing kitha ngriki sumedya nglawan dhateng Gusti Yésus, Abdi Paduka ingkang setya, ingkang sampun Paduka wisudha dados Sang Mèsias.
4:28 Anggènipun sami nglempak wau margi badhé nindakaken samukawis ingkang wiwit-wiwitan mila sampun Paduka temtokaken kanthi pangwasa, miturut ing kersa Paduka piyambak.
4:29 Déné samenika, dhuh Pangéran, mugi Paduka kersa nguningani pangancamipun tiyang-tiyang menika dhateng kawula sedaya, lan para abdi Paduka mugi sami kaparingana kekendelan salebetipun sami martosaken Injil Paduka.
4:30 Mugi Paduka kersa nguluraken asta Paduka kanggé nyarasaken sesakit, lan keparenga kawula sami nindakaken kaélokan-kaélokan tuwin mujijat-mujijat krana asmanipun Gusti Yésus, Abdi Paduka ingkang suci menika.”
4:31 Sawisé rampung enggoné ndedonga, panggonan sing kanggo ngumpul mau horeg. Wong-wong mau nuli padha kapenuhan ing Roh Suci sarta padha ngabaraké Injil klawan kendel.
4:32 Kabèh sing padha precaya mau padha rukun nunggal ati lan pikiran. Ora ana wong sing nganggep barang-darbèké kuwi duwèké dhéwé, nanging apa saduwèké diduwèni bebarengan.
4:33 Para rasul padha awèh paseksi klawan pangwasa gedhé bab wunguné Gusti Yésus saka ing séda. Déné Gusti Allah nglubèraké berkah marang wong mau kabèh.
4:34 Ing pasamuwan mau ora ana wong siji-sijia sing nandhang kekurangan, merga wong sing padha duwé palemahan lan omah, padha diedol,
4:35 pepayoné nuli dipasrahaké marang para rasul. Dhuwité banjur diedum-edum marang wong-wong sing padha mbutuhaké, miturut gedhé ciliking kebutuhané.
4:36 Semono uga Yusuf, sing déning para rasul disebut Barnabas (tegesé panglipur), wong Lèwi saka pulo Siprus,
4:37 ngedol pategalané. Déné dhuwit pepayoné nuli dicaosaké marang para rasul.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 44 Para Rasul

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s