Para Rasul 7


7:1 Imam Agung nuli takon marang Stéfanus: “Apa bener mengkono?”
7:2 Wangsulané Stéfanus: “Para sedhèrèk lan para bapak sedaya! Kula aturi mirengaken atur kula! Gusti Allah ingkang Mahamulya, sampun ngetingal dhateng leluhur kita Abraham, nalika taksih manggèn wonten ing tanah Mésopotamia, inggih menika sadèrèngipun Rama Abraham wau pindhah dhateng kitha Haran.
7:3 Gusti Allah ngandika dhateng Rama Abraham: ‘Kowé lungaa, sedulur-sedulurmu lan tanahmu tinggalen, lungaa menyang tanah sing bakal Daktuduhaké marang kowé.’
7:4 Rama Abraham nunten nilar tanah Kasdim lan manggèn wonten ing kitha Haran. Sasédanipun ingkang rama, Rama Abraham nunten kadhawuhan déning Gusti Allah pindhah saking ngriku dhateng tanah ngriki, ingkang panjenengan enggèni menika.
7:5 Nalika semanten Rama Abraham mboten kaparingan siti déning Gusti Allah, sapecak kémawon mboten. Nanging Gusti Allah paring prejanji, bilih tanah menika badhé kaparingaken dhateng Rama Abraham, dados gadhahanipun turun-tumurun, senajan nalika kaparingan prejanji menika Rama Abraham dèrèng kagungan putra.
7:6 Éwasemanten Gusti Allah ngandika dhateng Rama Abraham mekaten: ‘Turunmu bakal padha manggon ana ing negara manca lan dadi batur-tukon, sing disiya-siya lawasé patang atus taun.
7:7 Nanging Aku bakal ngukum bangsa sing dikawulani mau klawan adil. Sawisé kuwi turunmu bakal padha metu saka negara mau lan bakal padha ngabekti marang Aku ana ing tanah kéné iki.’
7:8 Gusti Allah nunten maringaken dhateng Rama Abraham prenatan tetak, dados pratandhaning prejanjian. Mila Rama Abraham netaki putranipun, Iskak, seminggu sasampunipun lair. Rama Iskak netaki Yakub, putranipun, mekaten ugi Rama Yakub netaki putranipun, inggih menika para leluhur kita kalihwelas.
7:9 Krana mèri, para leluhur kita sami nyadé Yusuf dhateng negari Mesir, kadadosaken réncang tumbasan. Nanging Gusti Allah nganthi dhateng Yusuf,
7:10 lan ngluwari piyambakipun saking sakathahing rubéda ingkang dipun alami. Nalika Yusuf marek ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, ratu ing negari Mesir, Gusti Allah maringi budi ingkang luhur saha kawicaksanan dhateng Yusuf, ngantos ratu Mesir wau ngangkat Yusuf kadadosaken gubernur ing negari Mesir sedaya sarta balé griyaning kedhatonipun Sang Prabu Pringon piyambak.
7:11 Nalika semanten lajeng wonten pailan ingkang ndhatengaken kasisahan ageng ing negari Mesir lan tanah Kenaan sedaya. Para leluhur kita mboten sami saged angsal tedha.
7:12 Mila sareng rama Yakub mireng, bilih ing negari Mesir wonten gandum, panjenenganipun nunten ngutus para putranipun, inggih menika leluhur kita nuwèni mrika. Menika késahipun ingkang kapisan.
7:13 Nalika késah dhateng negari Mesir ingkang kaping kalihipun Yusuf walèh dhateng para sedhèrèkipun. Srana mekaten Sang Prabu Pringon lajeng pirsa sedhèrèk-sedhèrèkipun Yusuf.
7:14 Yusuf lajeng ngaturi Yakub, ramanipun, pindhah kaliyan sedaya brayatipun dhateng negari Mesir. Cacahipun tiyang ingkang sami dhateng Mesir sedaya wonten pitung dasa gangsal.
7:15 Rama Yakub nunten pindhah dhateng negari Mesir. Wonten ing ngriku panjenenganipun séda, mekaten ugi para leluhur kita.
7:16 Layonipun para leluhur wau sami kabekta dhateng kitha Sikèm, kasarèkaken wonten ing pesaréan, ingkang sampun dipun tumbas mawi arta slaka déning Rama Abraham saking bangsa Hamor.
7:17 Sareng sampun mèh dumugi wekdalipun Gusti Allah anggènipun netepi prejanjinipun dhateng Rama Abraham, cacahipun tiyang Israèl ingkang wonten ing negari Mesir sampun mindhak dados kathah.
7:18 Wusana wonten ratu sanès ingkang ngerèh negari Mesir, ingkang mboten ngertos dhateng Yusuf.
7:19 Ratu wau tumindak mboten jujur lan siya-siya dhateng para leluhur kita. Para leluhur dipun peksa mbucal bayi-bayi, ingkang nembé lair dhateng sanjawining griya, supados sami pejah.
7:20 Inggih kala semanten menika Nabi Musa lair. Rupinipun bagus. Tigang wulan laminipun Musa dipun rimati ing griyaning tiyang sepuhipun,
7:21 sasampunipun menika piyambakipun lajeng dipun bucal, wusana lajeng dipun kukup déning putra putrinipun ratu ing Mesir, karengkuh kados putranipun piyambak.
7:22 Musa nunten dipun gulawenthah saha dipun wucal ing bab sedaya kesagedanipun tiyang Mesir. Panjenenganipun dados tiyang ingkang ageng kawibawanipun, dadosa tumraping tembung, dadosa tumraping tumindakipun.
7:23 Sareng Musa umur kawan dasa taun kepéngin nuwèni para kadangipun, tiyang Israèl.
7:24 Ing ngriku Musa sumerep wonten tiyang Israèl dipun aniaya déning tiyang Mesir. Musa mbélani tiyang Israèl wau, lan tiyangipun Mesir dipun wales, ngantos pejah.
7:25 Pangintenipun, para kadangipun, tiyang Israèl, mangertos bilih Gusti Allah badhé ngagem Musa ngluwari bangsa Israèl. Nanging nyatanipun, bangsa Israèl mboten sami mangertos.
7:26 Énjingipun Musa dhateng malih, lan sumerep wonten tiyang Israèl kalih sami gelut piyambak, lan Musa mbudidaya badhé ngrukunaken. Musa wicanten: ‘Padha ngrungokna! Kowé rak padha sedulur. Yagéné kowé padha gelut?’
7:27 Nanging tiyang ingkang nganiaya tiyang setunggalipun mabeni Musa kaliyan mungel: ‘Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados jeksa kula sedaya?
7:28 Menapa panjenengan inggih badhé mejahi kula kados enggèn panjenengan mejahi tiyang Mesir kala wingi menika?’
7:29 Sareng mireng tembung mekaten menika Musa lajeng késah saking tanah Mesir, ngungsi dhateng tanah Midian, wonten ing ngriku Musa gadhah anak kalih.
7:30 Sasampunipun kawan dasa taun wonten ing tanah Midian, wonten malaékat ngetingal dhateng Musa wonten ing urubing latu ing grumbulan, ing ara-ara samun, ing paredèn Sinai.
7:31 Musa gumun sumerep tetingalan wau, lajeng nyelaki. Nanging lajeng kepireng pangandikanipun Gusti Allah, mekaten:
7:32 ‘Aku iki Allahé para leluhurmu, Allahé Abraham, Iskak lan Yakub.’ Saking ajrihipun Musa ngantos gumeter lan mboten wantun ndengèngèk.
7:33 Pangéran nunten ngandika malih: ‘Sandhalmu copoten, awit panggonan sing kokidak kuwi bumi sing suci.
7:34 Aku wis pirsa lan wis nguningani aboting kasangsarané umat-Ku, sing ana ing tanah Mesir, sarta wis mireng pasambaté. Aku rawuh arep ngluwari umat mau. Saiki mrénéa, Aku bakal ngutus kowé menyang tanah Mesir.’
7:35 Inggih Musa menika ingkang dipun tampik déning umat Israèl srana mungel: ‘Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados jeksa tumrap kula sedaya?’ Inggih Musa menika ingkang dipun utus déning Gusti Allah dados pengageng sarta juru-pangluwar, lumantar malaékat, ingkang ngetingal dhateng piyambakipun ing grumbulan ingkang murub.
7:36 Musa menika ingkang nuntun bangsa Israèl medal saking tanah Mesir, kanthi damel mujijat lan kaélokan wonten ing tanah Mesir lan wonten ing Seganten Teberau, tuwin wonten ing ara-ara samun, ngantos kawan dasa taun laminipun.
7:37 Inggih Nabi Musa menika ingkang ngandika dhateng bangsa Israèl: ‘Gusti Allah bakal ngutus nabi kaya aku iki saka antarané para sedulurmu kanggo kowé kabèh.’
7:38 Inggih Nabi Musa menika ingkang sareng kaliyan umat Israèl nalika nglempak wonten ing ara-ara samun. Piyambakipun wonten ing ngriku sesarengan kaliyan para leluhur kita lan kaliyan malaékat, ingkang ngandika dhateng piyambakipun wonten ing Gunung Sinai. Nabi Musa menika ingkang nampèni pangandika ingkang asipat gesang saking Gusti Allah, supados dipun terusaken dhateng kita.
7:39 Nanging leluhur kita mboten sami purun mbangun-turut dhateng piyambakipun. Tiyang-tiyang wau sami nampik Nabi Musa, sarta kepéngin sami wangsul dhateng tanah Mesir.
7:40 Tiyang-tiyang wau sami wicanten dhateng Imam Harun: ‘Kula mbok panjenengan damelaken pepethaning Allah sawetawis, ingkang badhé mlampah ing sangajeng kita. Awit kula sami mboten sumerep kadospundi kedadosanipun Musa, tiyang ingkang ngirid kita medal saking tanah Mesir!’
7:41 Tiyang-tiyang wau lajeng sami damel brahala, arupi pedhèt, lajeng sami caos kurban dhateng brahala wau; nunten sami ngawontenaken pésta kanggé ngurmati yasané tanganipun piyambak.
7:42 Gusti Allah nunten mengkeraken tiyang-tiyang wau, srana dipun umbar enggènipun sami manembah dhateng lintang-lintang ing langit. Kados ingkang sinerat wonten ing Kitabipun para nabi, mekaten ungelipun: ‘Hèh wong Israèl! Apa enggonmu padha nyembelèh lan ngurbanaké kéwan-kéwan, sajroné kowé ana ing ara-ara samun, patang puluh taun lawasé kuwi kanggo Aku?
7:43 Ora! Nanging tarubé Molokh lan lintangé Déwa Réfan sing padha kokarak; kuwi brahala rupa-rupa sing kokgawé lan koksembah. Merga saka kuwi kowé bakal Dakbuwang menyang ing sisih kananing negara Babil.’
7:44 Para leluhur kita sami gadhah tarubé prejanjian (ingkang mretandhani, bilih Gusti Allah wonten ing tengah-tengahé umatipun) wonten ing ara-ara samun. Tarub prejanjian menika dipun damel miturut dhawuhipun Gusti Allah dhateng Musa, nulad tuladha, ingkang dipun tedahaken déning Gusti Allah dhateng Nabi Musa.
7:45 Para leluhur ingkang nampèni tarub menika saking para tiyang sepuhipun. Tarub wau dipun bekta nalika para leluhur sami kairid déning Yosua ngenggèni tanah menika. Tanah ingkang karebat saking bangsa-bangsa, ingkang dipun tundhung déning Gusti Allah saking sangajengipun para leluhur kita. Tarub wau kasimpen, ngantos dumugi jamanipun Sang Prabu Dawud.
7:46 Sang Prabu Dawud angsal sihipun Gusti Allah, lan nyuwun dhateng Gusti Allah supados dipun parengaken yasa Pedalemanipun Gusti Allah sesembahanipun Yakub.
7:47 Nanging èstunipun ingkang yasa Pedalemanipun Gusti Allah wau Sang Prabu Suléman.
7:48 Éwadéné Gusti Allah ingkang mahaluhur, mboten dedalem wonten ing griya damelanipun manungsa, kados ingkang dipun serat wonten ing Kitabipun para nabi mekaten:
7:49 ‘Langit kuwi dhampar-Ku, lan bumi iki ancik-anciking pada-Ku. Omah kaya apa sing arep kokgawé kanggo Aku? Ana ing ngendi panggonan-Ku ngaso?
7:50 Apa ora Aku dhéwé sing nitahaké samubarang iki kabèh?’ Mengkono pangandikané Gusti Allah.
7:51 Wangkot temen manah panjenengan menika! Panjenengan menika kados tiyang kapir, ingkang mboten tepang kaliyan Gusti Allah. Panjenengan mboten béda kaliyan leluhur panjenengan, ingkang tansah nglawan dhateng Roh Suci!
7:52 Menapa wonten nabi ingkang mboten dipun aniaya déning para leluhur panjenengan? Para utusanipun Gusti Allah jaman rumiyin, ingkang sami martosaken bab badhé rawuhipun Abdinipun Pangéran, sami panjenengan pejahi. Lan samenika Abdinipun Pangéran sampun panjenengan tampik lan panjenengan sédani.
7:53 Inggih panjenengan ingkang sampun nampik Torèt, ingkang kaparingaken lumantar para malaékat; éwasemanten Torèt wau mboten sami panjenengan tetepi.”
7:54 Bareng para warganing Pradata krungu tembungé Stéfanus mau kabèh, atiné panas banget lan padha nggeget untu saking enggoné gregeten.
7:55 Nanging Stéfanus, kapenuhan ing Roh Suci, tumenga ing langit lan weruh kaluhurané Gusti Allah, sarta Gusti Yésus jumeneng ana ing tengené Gusti Allah.
7:56 “Delengen! Aku weruh swarga menga lan Putraning Manungsa jumeneng ing tengené Gusti Allah!”, pangucapé Stéfanus.
7:57 Krungu tembung mengkono mau para wargané Pradata Agama padha bengok-bengok karo nutupi kupingé. Para wargané Pradata Agama mau banjur padha bebarengan ngroyok Stéfanus.
7:58 Dilarak menyang sanjabané kutha, nuli dibenturi watu. Para seksi padha cucul lan nyèlèhaké jubahé mau ing ngarepé nonoman sing jeneng Saulus.
7:59 Sajroné wong-wong mau isih terus mbenturi watu, Stéfanus ndedonga, panguwuhé: “Dhuh Gusti Yésus! Mugi kersa nampèni roh kawula!”
7:60 Stéfanus nuli jèngkèng, sarta nguwuh klawan sora: “Dhuh Gusti, mugi sampun nempahaken kalepataning tiyang menika dhateng piyambakipun!” Sawisé ngucap mengkono, Stéfanus nuli mati.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 44 Para Rasul

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s