Para Rasul 9


9:1 Saulus isih tetep ngancam arep matèni para muridé Gusti Yésus, mulané sowan Imam Agung,
9:2 nyuwun layang kwasa sing arep dituduhaké marang sinagogé-sinagogé (pasamuwané wong Yahudi) ing kutha Damsyik, supaya yèn ana kana ketemu wong-wong sing ngambah ‘Dalané Gusti Yésus’ (tegesé Injil), Saulus bisa nyekel wong-wong mau, lanang apa wadon, lan nggawa menyang kutha Yérusalèm.
9:3 Sajroné mlaku menyang kutha Damsyik mau, ora adoh saka kutha kono, dumadakan ana cahya cumlorot saka ing langit nlorong Saulus.
9:4 Saulus tiba, banjur krungu swara mengkéné: “Saulus, Saulus! Yagéné kowé nganiaya marang Aku?”
9:5 Saulus pitakon: “Panjenengan menika sinten Gusti?” Swara mau mangsuli: “Aku iki Yésus sing kokaniaya.
9:6 Ngadega lan mlebua ing kutha, ana ing kono kowé bakal dikandhani apa sing kudu koklakoni.”
9:7 Kanca-kancané mlaku Saulus padha mandheg, blangkemen. Awit wong-wong mau pancèn padha krungu swara, nanging ora weruh apa-apa.
9:8 Saulus nuli ngadeg, nanging bareng ngelèkaké mripaté, ora weruh. Saulus nuli dituntun mlebu ing kutha Damsyik.
9:9 Nganti telung dina lawasé Saulus ora bisa ndeleng, sarta ora mangan lan ngombé.
9:10 Ing kutha Damsyik ana muridé Gusti Yésus, jenengé Ananias. Ananias mau didhawuhi déning Gusti Yésus ing sajroné impèn. Dhawuhé Gusti Yésus: “Ananias!” Wangsulané Ananias: “Kawula Gusti.”
9:11 Gusti Yésus nuli ngandika: “Tata-tataa lan lungaa menyang dalan, sing aran ‘Dalan Lenceng’. Njujuga omahé Yudas. Ing kono ana wong saka kutha Tarsus, jenengé Saulus. Wong kuwi lagi ndedonga,
9:12 lan sajroné pangimpèn Saulus mau weruh wong aran Ananias teka numpangi tangan, supaya bisa ndeleng menèh.”
9:13 Nanging Ananias mangsuli: “Kathah tiyang ingkang nyariyosaken dhateng kawula bab tiyang ingkang asma Saulus menika, tumindakipun ambek siya dhateng umat Panjenengan ing kitha Yérusalèm.
9:14 Malah dhatengipun ing kitha Damsyik ngriki, mawi mbekta serat kwaos saking para pengajenging imam, supados nyepengi sedaya tiyang ingkang nyebut dhateng Asma Panjenengan.”
9:15 Nanging Gusti Yésus ngandika marang Ananias: “Mangkata, awit Aku wis milih Saulus kuwi dadi piranti-Ku kanggo martakaké jeneng-Ku marang bangsa-bangsa kapir lan para raja, lan bangsa Israèl.
9:16 Aku dhéwé bakal nuduhaké marang Saulus mau, sepira akèhé kasangsaran sing bakal disandhang merga saka jeneng-Ku.”
9:17 Ananias nuli mangkat lan mlebu omah sing dipondhoki Saulus. Saulus nuli ditumpangi tangan, karo muni: “Saulus sedulurku. Gusti Yésus sing wis ngetingal marang kowé ana ing dalan nalika kowé mréné, Panjenengané kuwi ngutus aku marani kowé, supaya kowé bisa ndeleng menèh, sarta kapenuhan ing Roh Suci.”
9:18 Sanalika iku uga banjur ana kaya sisik iwak tiba saka ing mripaté Saulus, lan banjur bisa ndeleng menèh. Saulus nuli ngadeg sarta dibaptis.
9:19a Sawisé mangan, kekuwatané pulih.
9:19b Ana ing kutha Damsyik kono Saulus manggon ana ing satengahing para muridé Gusti Yésus sawetara dina.
9:20 Sawisé kuwi Saulus nuli memulang ana ing sinagogé-sinagogé, martakaké yèn Yésus Putrané Gusti Allah.
9:21 Wong kabèh sing padha ngrungokaké piwulangé padha gumun. Wong-wong mau padha takon-tinakon: “Apa iki dudu Saulus, sing matèni sakèhing wong sing padha nyebut Asmané Gusti Yésus ana ing kutha Yérusalèm kaé? Lan tekané mréné iki apa ora arep nyekel para muridé Gusti Yésus lan nggawa wong-wong mau marang para pengareping imam?”
9:22 Nanging piwulangé Saulus saya gedhé pengaruhé, semono uga bukti-bukti sing dibèbèraké, yèn Gusti Yésus kuwi nyata Sang Kristus, ngyakinaké banget, nganti wong Yahudi sing ana ing kono padha ora bisa mbantah menèh.
9:23 Bareng wis sawetara dina, wong Yahudi banjur padha ngumpul ngrembug enggoné arep matèni Saulus;
9:24 lan rancangané wong-wong mau Saulus dhéwé ngerti. Rina wengi wong Yahudi padha njaga gapura-gapuraning kutha, supaya bisa matèni Saulus.
9:25 Nanging ing sawijining bengi para muridé padha ngedhunaké Saulus metu jendhéla ing témboké kutha, nganggo kranjang.
9:26 Saulus banjur lunga menyang kutha Yérusalèm, arep ngumpul karo para murid-muridé Gusti Yésus sing ana ing kono. Nanging murid-murid mau padha ora ngandel yèn Saulus kuwi wis dadi muridé Gusti Yésus temenan. Murid-murid mau padha wedi.
9:27 Nanging Barnabas gelem nampani; mulané Saulus nuli diteraké nemoni para rasul. Para rasul padha dicritani, yèn Saulus kuwi wis diketingali déning Gusti Yésus ana ing dalan, lan Gusti Yésus wis ngandika marang Saulus. Barnabas mau uga nyritakaké yèn Saulus ing kutha Damsyik wis ngabaraké Injil klawan kendel atas Asmané Gusti Yésus.
9:28 Saulus banjur manggon bebarengan karo para rasul ana ing kutha Yérusalèm sarta kanthi kendel memulang atas Asmané Gusti Yésus.
9:29 Saulus uga rembugan lan bebantahan karo wong Yahudi sing basané Yunani. Nanging wong-wong mau padha ngarah arep matèni.
9:30 Bareng kaweruhan déning para sedulur sing nunggal precaya, Saulus nuli digawa menyang kutha Kaisaréa, lan saka kono menyang kutha Tarsus.
9:31 Sawisé mengkono pasamuwan-pasamuwan ing tanah Yudéa kabèh, ing tanah Galiléa, tuwin ing tanah Samaria ngalami katentreman. Pasamuwan-pasamuwan mau padha dadi sentosa lan cacahé saya wuwuh akèh, merga saka pitulungané Sang Roh Suci lan merga enggoné padha ngabekti marang Gusti Allah.
9:32 Nalika semana Rasul Pétrus tindak mider-mider. Ing sawijining dina panjenengané tetuwi para wong precaya sing ana ing kutha Lidha.
9:33 Ing kutha Lidha kono Rasul Pétrus ketemu karo wong sing jenengé Énéas. Énéas kuwi lumpuh, lan wis wolung taun ana ing peturoné.
9:34 Énéas mau nuli dipangandikani déning Rasul Pétrus: “Énéas, Gusti Yésus Kristus marasaké kowé, tangia lan peturonmu tatanen!” Sanalika iku uga Énéas tangi.
9:35 Kabèh wong ing kutha Lidha lan ing kutha Saron, bareng ndeleng Énéas, banjur padha mratobat marang Gusti Yésus.
9:36 Ing kutha Yopé kono ana muridé Gusti Yésus, wong wadon, sing jenengé Tabita (ing basa Yunani Dhorkas; ‘Dhorkas’ tegesé ‘Kidang’). Dhorkas mau nindakaké kabecikan akèh, lan seneng dedana.
9:37 Nanging nalika semana Dhorkas mau lara, malah tumeka ing pati. Sawisé layoné diedusi, nuli disèlèhaké ana ing kamar lotèng.
9:38 Kutha Yopé kuwi dunungé ora adoh saka kutha Lidha. Bareng para murid padha krungu yèn Rasul Pétrus ana ing kutha Lidha, nuli padha kongkonan wong loro didhawuhi nusul Rasul Pétrus, supaya matur: “Kula aturi énggal rawuh ing kitha Yopé.”
9:39 Rasul Pétrus tata-tata nuli mangkat, bareng karo kongkonan mau. Satekané ing omahé Dhorkas, Rasul Pétrus nuli digawa menyang kamar lotèng. Sakèhing randha-randha sing ana ing kono padha ngrubung layoné, karo nangis lan nuduhaké marang Rasul Pétrus, sandhangan-sandhangan lan jubah-jubah gawéané Dhorkas kanggo wong-wong mau, nalika isih urip.
9:40 Wong kabèh mau nuli dikon metu déning Rasul Pétrus. Rasul Pétrus nuli jèngkèng ndedonga. Sawisé mengkono Rasul Pétrus nuli nyedhaki layoné Dhorkas karo ngandika: “Tabita, tangia!” Dhorkas nuli melèk, bareng weruh Rasul Pétrus, Dhorkas nuli tangi.
9:41 Rasul Pétrus nyekel tangané, nulungi Dhorkas enggoné ngadeg. Sawisé kuwi wong-wong precaya sarta randha-randha mau padha diklumpukaké. Rasul Pétrus nuli masrahaké Dhorkas sing saiki wis urip, marang wong-wong mau.
9:42 Kabar bab Dhorkas kuwi sumebar wrata ing kutha Yopé, lan akèh wong sing banjur precaya marang Gusti Yésus.
9:43 Rasul Pétrus nginep sawetara dina ana ing omahé tukang nyamak kulit, sing jenengé Simon.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 44 Para Rasul

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s