Rum 1


1:1 Layang iki saka aku, Paulus, abdiné Gusti Yésus Kristus, sing dipilih lan ditimbali déning Gusti Allah, supaya ngabaraké Injil.
1:2 Injil kuwi Kabar Kabungahan bab kebabaring janjiné Gusti Allah, sing dhèk biyèn didhawuhaké lantaran para nabi, katulis ana ing Kitab Suci.
1:3 Yakuwi bab Gusti Yésus Kristus, Putrané Allah. Manut tata kamanungsané Gusti Yésus turuné Sang Prabu Dawud;
1:4 nanging sajatiné Panjenengané kuwi Putrané Gusti Allah Kang Mahakwasa, ketitik saka enggoné diwungokaké saka ing séda.
1:5 Lantaran Panjenengané mau, aku wis diparingi kanugrahan déning Gusti Allah, ditimbali dadi rasul iki kadhawuhan nuntun sakèhing bangsa supaya padha precaya lan mbangun-turut marang Gusti Allah.
1:6 Kowé sing padha manggon ana ing Rum, wis dadi kagungané Sang Kristus klebu ana ing bangsa-bangsa mau.
1:7 Mulané aku nulis layang iki marang kowé, awit kowé uga padha katimbalan dadi umat kagungané. Gusti Allah, Rama kita lan Gusti Yésus Kristus maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé.
1:8 Luwih dhisik aku saos sukur marang Gusti Allah, lantaran Gusti Yésus Kristus, merga precayamu sing wis kesuwur ing salumahing bumi.
1:9 Gusti Allah sing dakbektèni klawan éklasing ati srana ngabaraké Injil bab Putrané, pirsa yèn sing dakkandhakaké kuwi nyata. Gusti Allah pirsa, yèn saben aku ndedonga, tansah ngèlingi kowé.
1:10 Panyuwunku, muga saka kersané Gusti Allah piyambak, aku kepareng niliki kowé.
1:11 Awit aku kepéngin banget ketemu karo kowé, supaya aku bisa nglantaraké berkah sing daktampa saka Sang Roh Suci marang kowé, murih santosamu.
1:12 Karepku supaya kowé lan aku disantosakaké bebarengan; aku merga saka precayamu, lan kowé merga saka precayaku.
1:13 Para sedulurku, aku wis kerep ngrancang arep niliki kowé, nanging tansah ana-ana waé alangané. Aku kepéngin supaya pegawéanku ana ing antaramu uga njalari wong akèh padha mratobat, ora béda karo sing wis kelakon ana ing antarané para bangsa dudu Yahudi.
1:14 Sebab aku duwé kuwajiban marang para bangsa kabèh, iya sing kabudayané luhur, iya sing asor, iya sing pinter, iya sing bodho.
1:15 Kuwi sing dadi sebabé aku kepéngin ngabaraké Injil mau, uga marang kowé, sing padha manggon ana ing kutha Rum.
1:16 Aku yakin, yèn Injil kuwi pangwasané Gusti Allah, sing nylametaké wong kabèh sing precaya marang Gusti Yésus Kristus, luwih-luwih wong Yahudi, semono uga wong-wong sing dudu Yahudi.
1:17 Awit Injil kuwi nuduhaké enggoné Gusti Allah ngrukunaké manungsa karo sarirané piyambak, mung lantaran precaya marang panjenengané, wiwit-wiwitan tekan pungkasan, kaya sing katulis ing Kitab Suci: “Wong sing dirukunaké karo Gusti Allah lantaran precaya, kuwi sing bakal urip!”
1:18 Bebenduné Gusti Allah tumrap sakèhing dosa lan durakané manungsa kadhawahaké saka swarga, sebab duraka mau ngalang-alangi manungsa, nganti padha ora weruh marang kasampurnan.
1:19 Gusti Allah ngukum manungsa, jalaran bab kawontenané Gusti Allah, kuwi manungsa wis cetha kabèh. Iya Gusti Allah piyambak sing maringi weruh.
1:20 Wiwit jagad dititahaké, kawontenané Gusti Allah sing ora ketingal, yakuwi pangwasané sing langgeng sarta ka-Allahané, wis diketingalaké kanthi cetha ana ing samubarang sing dititahaké, mulané manungsa wis ora bisa sélak.
1:21 Manungsa ngerti, nanging Gusti Allah ora padha disaosi pakurmatan, lan padha ora saos sukur marang Panjenengané. Kosokbaliné sing dipikir malah prekara-prekara sing tanpa guna. Budiné dadi peteng lelimengan.
1:22 Rumangsané wicaksana, nanging satemené bodho.
1:23 Sing padha disembah dudu Gusti Allah sing sipat langgeng, nanging reca-reca sing digawé manut rerupaning manungsa sing ora langgeng, utawa manuk-manuk, kéwan-kéwan sikil papat, utawa kéwan-kéwan rumangkang.
1:24 Sarèhné manungsa dadi bodho kaya mengkono, mulané Gusti Allah nguja manungsa nglakoni prekara-prekara sing asor lan nistha manut sasenengé atiné. Kabèh padha nglakoni prekara-prekara sing rusuh.
1:25 Kasetyané Gusti Allah dilironi goroh. Wong-wong mau padha luwih seneng lan ngabekti marang barang gawéané dhéwé ketimbang karo Gusti Allah, sing nitahaké, sing mesthiné diluhuraké ing selawas-lawasé. Amin.
1:26 Merga saka iku, Gusti Allah masrahaké wong-wong mau marang hawa-nepsuné dhéwé sing rusuh. Wong wadon padha tumindak rusuh ninggal kalumrahan.
1:27 Mengkono uga wong lanang padha nyimpang saka patrapé sanggama sing lumrah karo wong wadon, nanging padha birai karo pepadhané wong lanang. Lanang karo lanang padha tumindak nistha, nganti padha nampa piwales sing timbang karo dosané mau.
1:28 Sarèhné rumangsané ora prelu wanuh marang Gusti Allah, mulané Gusti Allah négakaké. Pikirané wong-wong mau dadi rusak, nganti padha nglakoni sing ora patut.
1:29 Atiné padha kebak piala, duraka lan srakah; padha drengki, seneng gawé pati, kerengan, culika, lan seneng gawé susahé liyan.
1:30 Padha umuk, lan ngundhat-undhat, ngala-ala jenengé wong liya, sarta sengit marang Gusti Allah. Padha kurang ajar, gumunggung lan gumedhé. Wong-wong mau padha sugih réka kanggo nglakoni piala, sarta nglawan marang wong tuwa,
1:31 murang-sarak, ora netepi janji, gampang ninggal kuwajiban lan ora duwé welas marang sapepadhané.
1:32 Senajan padha ngerti yèn manut angger-anggeré Gusti Allah, wong sing padha nglakoni mengkono mau mesthi diukum pati, éwasemono ora kapok, malah iya ngrujuki wong-wong liya sing uga nindakaké mengkono.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s