Rum 11


11:1 Yèn mengkono aku takon: “Apa kirané Gusti Allah wis nampik umaté? (bangsa Israèl). Babar-pisan ora! Aku dhéwé iki iya wong Israèl, tedhak-turuné rama Abraham, saka taler Bènyamin.”
11:2 Gusti Allah ora nampik umaté sing wis dipilih wiwit-wiwitan mula. Kowé padha ngerti surasané ayat ing Kitab Suci bab Nabi Elia, nalika nggugat bangsa Israèl ana ing ngarsané Gusti Allah aturé mengkéné:
11:3 “Dhuh Pangéran, tiyang Israèl menika sampun sami mejahi nabi-nabi Paduka, mekaten ugi sampun sami ngrisak mesbèh-mesbèh Paduka, ngantos kantun kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang menika samenika inggih ngangkah mejahi kawula.”
11:4 Nanging kepriyé wangsulané Gusti Allah marang Nabi Élia? Pangandikané: “Isih ana wong pitung èwu sing Dakngèngèh kanggo Aku dhéwé, sing durung tau nyembah marang Baal.”
11:5 Mengkono uga saiki: Iya ana wong-wong sing cacahé ora akèh, sing wis dipilih déning Gusti Allah awewaton sih-rahmaté.
11:6 Déné pamilihé Gusti Allah kuwi ora gumantung saka penggawéné wong-wong mau, nanging alandhesan sih-rahmaté Gusti Allah piyambak. Menawa pamilihé Gusti Allah mau gumantung saka penggawéné utawa labeté manungsa marang Gusti Allah, sing diarani sih-rahmat mau banjur wis dudu sih-rahmat menèh.
11:7 Banjur kepriyé saterusé? Umat Israèl wis ora bisa nemu apa sing padha digolèki. Mung ana sapantha cilik saka antarané umat Israèl sing kapilih déning Gusti Allah. Ya mung wong sethithik kuwi sing padha bisa nemu. Liyané padha dadi budheg tumrap timbalané Gusti Allah.
11:8 Kaya sing kasebut ing Kitab Suci: “Ati lan pikirané wong-wong kuwi wis digawé kethul déning Gusti Allah, nganti sepréné wong-wong mau padha ora bisa ndeleng srana mripaté lan ora bisa ngrungu srana kupingé.”
11:9 Mengkono uga pangandikané Sang Prabu Dawud: “Menawi sami ngawontenaken pésta, péstanipun menika dadosa kala jiret, dadosa jalaranipun sami kesandhung, dadosa paukuman!
11:10 Mripatipun dadosa peteng, ngantos mboten sami saged ningali; kadamela sami bungkuk mergi kamomotan déning kasisahanipun!”
11:11 Yèn mengkono aku daktakon menèh: Bangsa Yahudi enggoné padha kesandhung kuwi apa supaya padha nemu karusakan? babar-pisan ora! Nanging sarèhné kita padha nglakoni dosa, mulané keslametan nuli diparingaké déning Gusti Allah marang bangsa-bangsa liya, supaya wong-wong Yahudi padha mèri marang bangsa-bangsa sing padha nampa keslametan mau.
11:12 Yèn dosa lan paneraké wong Yahudi kuwi njalari bangsa-bangsa sajagad kalubèran berkahé Gusti Allah, saiba saya gedhéné berkah mau, saupama wong Yahudi kabèh padha kapitulungan slamet!
11:13 Saiki aku dakkandha karo wong-wong dudu Yahudi: Salawasé aku dadi rasul sing kautus marang bangsa-bangsa dudu Yahudi, aku nganggep, pegawéanku iki sawijining pegawéan sing mulya.
11:14 Srana mengkono, bisa uga aku njalari bangsaku padha dadi mèri, banjur ana sawetara sing banjur mratobat, temah kaslametaké.
11:15 Sebab nalika biyèn wong-wong mau padha ditampik déning Gusti Allah, kuwi njalari jagad karukunaké karo Gusti Allah, lan dadi mitrané Gusti Allah. Banjur saupama wong-wong mau padha mratobat lan ditampa déning Gusti Allah, apa kuwi ora ateges yèn wong-wong mau padha katangèkaké saka ing pati?
11:16 Yèn cuwilané roti sing dhisik dhéwé kacaosaké marang Gusti Allah, kuwi ateges yèn roti mau kabèh kacaosaké Gusti Allah. Yèn oyodé kagungané Gusti Allah, ateges nganti saepang-epangé iya kagungané Gusti Allah.
11:17 Upamané mengkéné: Ana pang sawetara sing dipagas saka wit zaitun sing becik. Banjur ana pang saka wit zaitun alasan sing dicangkokaké ana ing wit zaitun sing becik mau. Kowé para wong precaya sing asalé saka bangsa dudu Yahudi, kuwi kena diumpamakaké pangé wit zaitun alasan mau. Lan saiki kowé padha mèlu ngrasakaké kekuwatan lan kalubèraning uripé wong Yahudi.
11:18 Mulané kowé aja padha ngina marang wong-wong sing padha kapagas kaya pang-pangé wit zaitun mau. Kepriyé bisané gumunggung? Kowé rak mumg pang waé; kowé rak ora nyangga oyoding wit, malah oyod kuwi sing nyangga kowé.
11:19 Kowé uga bisa kandha mengkéné: “Pang-pang kuwi enggoné kapagas rak supaya aku dicangkokaké ana ing kono?”
11:20 Kuwi bener. Enggoné padha kapagas kuwi merga padha ora precaya, lan enggonmu kacangkokaké kuwi merga kowé padha precaya. Nanging aja padha gumunggung, aluwung padha wedia.
11:21 Sebab menawa Gusti Allah ora ngéman wong Yahudi, yakuwi pang-pang sing asli, apa kokkira bakal ngéman marang kowé?
11:22 Srana mengkono kita sumurup kemurahané lan kerasé Gusti Allah. Panjenengané keras tumrap wong sing nampik marang Panjenengané, nanging loma marang kowé, semono mau yèn kowé padha lestari ana ing sih-rahmaté. Nanging yèn kowé ora lestari ana ing sih-rahmaté, kowé bakal kapagas uga.
11:23 Menawa wong Yahudi sing wis padha kapagas mau, pada bali mratobat menèh, wong-wong mau bakal padha kabalèkaké, katancepaké menèh ana ing wit zaitun sing becik mau, jalaran Gusti Allah kagungan pangwasa nancepaké wong-wong kuwi mau menèh.
11:24 Kowé, para wong kapir, kaya pangé wit zaitun alasan sing kapagas, kacangkokaké ana ing wit zaitun sing becik sing dudu asalmu. Déné wong Yahudi kuwi kaya pangé wit zaitun sing becik mau; rak luwih gampang ing ngatasé Gusti Allah, nancepaké pang sing dipagas mau, kabalèkaké menèh ana ing wité sing asli.
11:25 Para sedulur, ana wewadi, sing prelu dakkandhakaké marang kowé, supaya aja nganti kowé duwé penemu, yèn kowé kuwi wis pinter dhéwé. Wewadi mau mengkéné: Wong Israèl enggoné padha mangkotaké atiné kuwi ora kanggo selawasé nanging mung nganti genep cacahé wong kapir sing wis mlebu dadi kagungané Gusti Allah.
11:26 Kaya mengkono enggoné umat Israèl kabèh kaslamataké. Kuwi manut surasané Kitab Suci mengkéné: “Sang Juru Slamet bakal rawuh saka Sion, Panjenengané bakal nyingkiraké sakèhing durakané para turuné Yakub.
11:27 Aku bakal janji yakuwi samangsa Aku ngapura dosané.”
11:28 Merga wong Yahudi padha nampik Injil, padha dadi mungsuhé Gusti Allah, kuwi dadi lan becikmu, para wong dudu Yahudi. Nanging merga kapilih déning Gusti Allah, wong Yahudi mau padha dadi mitrané Gusti Allah, krana saka para leluhuré.
11:29 Sebab Gusti Allah kuwi penggalihé ora malih tumrap wong sing wis dipilih lan diberkahi.
11:30 Mungguh kowé, para wong dudu Yahudi, biyèn kowé padha mbaléla marang Pangéran; nanging saiki, merga saka pamurangsaraké wong Yahudi, kowé wis padha tampa sih-kamirahané Gusti Allah.
11:31 Mengkono uga, merga kowé wis padha nampani sih-rahmat, wong Yahudi saiki padha mbaléla, nanging wekasné uga nampani sih-rahmaté Gusti Allah.
11:32 Sebab wong kabèh wis didadèkaké tawanan merga pambalèlané, supaya Gusti Allah nglairaké sih-piwelasé marang wong mau.
11:33 Iba agungé kasugihané Gusti Allah! Saiba jeroning pamirsa lan kawicaksanané! Sapa sing bisa nerangaké carané damel putusan? Sapa sing ngerti tumindaké pakaryané?
11:34 Kaya sing dingandikakaké ana ing Kitab Suci: “Sapa sing ngerti penggalihé Gusti Allah? Sapa sing bisa ngaturi pamrayoga?
11:35 Sapa sing wis tau nyenyaosi Panjenengané nganti Panjenengané kepotangan marang wong mau?
11:36 Awit Gusti Allah kuwi nitahaké samubarang. Samubarang kabèh kuwi pinangkané saka Gusti Allah lan kagem Panjenengané. Mula kamulyakna ing selawas-lawasé! Amin.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Leave a comment