Rum 12


12:1 Sarèhné semono gedhéning sih-rahmaté Gusti Allah marang kita, para sedulur, mulané kowé padha nyaosna badanmu dadi kurban sing urip kagem Gusti Allah, kanggo ngladosi pakaryané, kang gawé renaning penggalihé. Ya sing kaya mengkono kuwi patrapé enggonmu ngibadah.
12:2 Aja mung padha mèlu-mèlu kaya sing dilakoni déning jagad iki; nanging pasrahna marang Gusti Allah, supaya budimu dadia anyar. Srana mengkono kowé bakal ngerti, apa sing dadi kersané Gusti Allah — yakuwi sing becik, sing dadi keparengé, lan sing sampurna.
12:3 Iya merga saka sih-rahmaté Gusti Allah sing diparingaké marang aku, kowé kabèh padha dakkandhani: Aja padha gumedhé, nanging pikiran lan atimu sing presaja. Lan saben wong padha mawasa awaké dhéwé miturut takeraning precaya sing kaparingaké déning Gusti Allah.
12:4 Ing badan kita ana gegelitané pirang-pirang, sing padha duwé tugas dhéwé-dhéwé.
12:5 Semono uga senajan kita iki akèh, nanging kita mung siji ana ing patunggilané Gusti Yésus Kristus, sing siji lan sijiné padha katunggilaké dadi gegelitan-gegelitan ing badan siji.
12:6 Mulané kita kudu migunakaké ganjaran-ganjaran sing béda-béda mau miturut sih-rahmat sing kaparingaké déning Gusti Allah marang kita. Yèn kaparingan ganjaran medharaké pangandikané Gusti Allah, kudu nindakaké manut takeraning precayané.
12:7 Yèn kaparingan ganjaran ngladèni (utawa tetulung), iya kudu ngladèni. Yèn ganjaran memulang iya padha memulanga.
12:8 Yèn ganjaran kanggo ngatag-atag, iya padha ngatag-ataga. Sapa sing ngedum-edumaké barangé marang wong liya, nindakna klawan éklasing ati; sing dadi panuntun, nindakna klawan taberi; sing olah kawelasan, nindakna kanthi bungahing ati.
12:9 Tresnaa klawan éklas. Padha sengita marang piala; sing becik padha antepana.
12:10 Padha tresna-tinresnanana klawan ati kang bungah, kaya sedulur marang sedulur ana ing brayaté Sang Kristus. Siji lan sijiné padha ajèn-ingajènan.
12:11 Padha nyambuta-gawé klawan taberi; aja padha kesèd. Pengabdimu marang Gusti Allah lakonana klawan sumarah lan éklasing ati.
12:12 Padha bungaha sajroning pengarep-arep, padha disabar sajroning nandhang karubedan, lan tansah padha ndedongaa.
12:13 Apa saduwèkmu tanjakna kanggo mitulungi para sedulurmu sing padha kesrakat, lan padha dhangana awèh panginepan marang wong neneka.
12:14 Wong sing padha nguya-uya marang kowé padha suwunna berkah marang Gusti Allah; ya suwunna berkah, aja koksuwunaké laknat.
12:15 Padha bungah-bungaha karo wong sing bungah, lan nangisa karo wong sing lagi nangis.
12:16 Sajroning pesrawungan karo wong kabèh, aja nganggo mbédak-mbédakaké. Aja padha gumunggung, padha dhangana nglakoni pegawéan sing dianggep asor. Aja kuminter!
12:17 Aja males ala marang wong sing gawé piala marang kowé. Padha ngudia nindakaké apa sing dianggep becik déning wong akèh.
12:18 Sabisa-bisa udinen supaya uripmu rukun karo wong kabèh.
12:19 Para sedulur, aja pisan-pisan nindakaké pemales merga sengit, jalaran Gusti Allah piyambak sing malesaké. Sebab ing Kitab Suci ana pangandika mengkéné: “Pemales kuwi wewenang-Ku. Aku (Gusti Allah) sing bakal malesaké, mengkono pangandikané Pangéran.”
12:20 Malah pangandikané Gusti Allah mengkéné: “Yèn satrumu keluwèn, wènèhana mangan; yèn ngelak wènèhana ngombé. Sebab srana patrap mengkono ndadèkaké wirangé lan ngakoni keluputané.”
12:21 Kowé aja nganti dikalahaké déning piala, malah piala mau kalahna srana kabecikan.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s