Rum 4


4:1 Yèn mengkono, banjur kepriyé tumraping Rama Abraham leluhur kita? Kepriyé pengalamané?
4:2 Menawa Rama Abraham enggoné kabeneraké déning Gusti Allah kuwi merga saka penggawéné, ana alasané kanggo gumunggung. Nanging panjenengané ora bisa gumunggung ana ing ngarsané Gusti Allah.
4:3 Kitab Suci nyebutaké: “Abraham precaya marang Gusti Allah, lan merga enggoné precaya mau Abraham ditampa déning Gusti Allah, dadi wong sing nglakoni kersané Gusti Allah.”
4:4 Wong sing nyambut-gawé kuwi lumrahé nampa bayar, kang minangka opahé, dudu ganjaran.
4:5 Nanging tumraping Gusti Allah ora mengkono. Nyatané ana wong sing ora gumantung saka penggawéné. Wong mau pasrah marang Gusti Allah, sing nganggep wong dosa ora duwé dosa. Yèn Gusti Allah ngrukunaké sarirané piyambak karo wong dosa, kuwi Gusti Allah mung mirsani precayané wong mau.
4:6 Ya wong sing mengkono kuwi sing dikersakaké déning Sang Prabu Dawud, mulané panjenengané ngandikakaké bab kabegjané wong sing ditampa déning Gusti Allah, dianggep tanpa keluputan, sarta ora kaétang bab penggawéné. Pangandikané Sang Prabu Dawud mengkéné:
4:7 “Iba begjané wong sing keluputané diapura déning Gusti Allah lan dosa-dosané dialing-alingi déning Pangéran!
4:8 Saiba begjané wong, sing dosa-dosané ora diétung déning Gusti Allah!”
4:9 Apa kabegjan sing dingandikakaké déning Sang Prabu Dawud mau mung katujokaké marang wong sing tetakan waé? Ora! Kabegjan mau iya katetepaké tumrap wong sing ora tetakan. Kaya pangandika sing kasebut ing ndhuwur mau: “Abraham precaya marang Gusti Allah, lan merga saka enggoné precaya mau dhèwèké ditampi déning Gusti Allah, dadi wong sing nglakoni kersané.”
4:10 Wiwit dhèk kapan tumindaké prekara mau? Sadurungé apa sawisé Rama Abraham ditetaki? Pancèn sadurungé ditetaki, dudu sakwisé.
4:11 Lagi sawisé kuwi Rama Abraham tetak, lan tetak mau mung pretandha kanggo mbuktèkaké, yèn merga saka precayané, Gusti Allah wis nampani Rama Abraham mau, dadi wong sing nglakoni kersané. Kaya mengkono enggoné Rama Abraham dadi rama kasukmané sakèhing wong sing precaya marang Gusti Allah, lan sing diparengaké déning Gusti Allah dadi wong sing nglakoni kersané, senajan wong-wong mau padha ora ditetaki.
4:12 Rama Abraham uga dadi rama kasukmané wong-wong sing padha ditetaki, ora merga saka enggoné tetakan, nanging merga saka precayané, padha karo Rama Abraham piyambak nalika panjenengané durung ditetaki.
4:13 Gusti Allah janji marang Rama Abraham lan tedhak-turuné, yèn jagad iki bakal dadi warisané. Enggoné Gusti Allah janji mengkono mau ora merga saka pambangun-turuté Rama Abraham marang kersané Gusti Allah, nanging merga Rama Abraham precaya; mulané banjur ditampi déning Gusti Allah, dianggep wong sing nglakoni kersané.
4:14 Menawa Gusti Allah maringaké janjiné mung marang wong sing padha nglakoni Angger-anggering Torèt waé, lha rak ora ana gunané wong precaya marang Gusti Allah, lan janji-janjiné Gusti Allah iya banjur ora ana paédahé.
4:15 Torèt kuwi mung nekakaké bebenduné Gusti Allah. Nanging yèn ora ana angger-angger, dadi iya ora ana panerak.
4:16 Prejanjiné Gusti Allah kuwi kaparingaké adhedhasar precaya, supaya cetha yèn kuwi kanugrahané Gusti Allah marang tedhak-turuné Rama Abraham kabèh; marang wong sing padha urip manut Torèt, semono uga marang wong sing padha precaya nulad Rama Abraham, merga Rama Abraham kuwi rama kasukman kita kabèh.
4:17 Gusti Allah ngandika marang Rama Abraham: “Aku wis ndadèkaké kowé bapakné bangsa pirang-pirang.” Kaya mengkono Rama Abraham ana ing paningalé Gusti Allah, sing dadi andel-andelé. Iya Gusti Allah sing nguripaké wong mati, sing nyabdakaké barang sing ora ana dadi ana.
4:18 Rama Abraham precaya lan tetep kagungan pengarep-arep, senajan kaya-kaya wis ora bakal kelakon dadi bapakné bangsa pirang-pirang; kaya pangandikaning Kitab Suci: “Anak-turunmu bakal semono akèhé.”
4:19 Rama Abraham nalika semana wis mèh yuswa satus taun, nanging precayané ora suda. Precayané mau ora luntur, senajan nyatané ibu Sarah kuwi gabug.
4:20 Panjenengané babar-pisan ora mangu-mangu bab prejanjiné Gusti Allah. Precayané kuwi sing mènèhi kekuwatan marang Rama Abraham, mulané panjenengané bisa tansah memuji asmané Gusti Allah.
4:21 Rama Abraham yakin yèn Gusti Allah kwasa nindakaké apa sing wis dijanjèkaké.
4:22 Yakuwi sing marakaké Rama Abraham katampi déning Gusti Allah, kaanggep dadi wong sing nglakoni kersané.
4:23 Tembung “katampi déning Gusti Allah, kaanggep dadi wong sing nglakoni kersané” kuwi ora mung katulis kanggo Rama Abraham thok,
4:24 nanging iya katulis kanggo kita, sing bakal uga padha kaanggep nglakoni kersané Gusti Allah; yakuwi kita sing padha precaya marang Gusti Allah, sing wis mungokaké Gusti Yésus, saka ing séda.
4:25 Gusti Yésus mau ditégakaké déning Gusti Allah nganti séda, merga dosa-dosa kita; Panjenengané kawungokaké saka ing séda supaya ngrukunaké kita karo Gusti Allah.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s