Titus 1


1:1 Layang saka aku, Paulus, abdiné Allah lan rasulé Gusti Yésus Kristus. Aku kapilih lan kautus mbiyantu precayané umaté Allah kang pinilih; lan nuntun umat mau marang prekara sing bener manut piwulangé kaprecayan kita.
1:2 Piwulang mau alandhesan pengarep-arep marang urip langgeng. Gusti Allah, kang setya wis njanjèni bab urip langgeng kuwi, sadurungé jaman kawiwitan.
1:3 Ing wektu kang dikersakaké, Panjenengan wis medharaké janjiné mau ana ing Injil, sing dipitayakaké marang aku. Lan aku martakaké Injil mau atas dhawuhé Gusti Allah, Juru Slamet kita.
1:4 Tumekaa marang Titus, anakku kasukman *kasukman: karohanèn: cara rohani.* kang tunggal precaya marang Gusti Yésus Kristus. Muga-muga Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Juru Slamet kita, maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé.
1:5 Enggonku ninggal kowé biyèn ana ing pulo Kréta kaé, supaya kowé ngrampungaké prekara-prekara sing isih prelu ditandangi. Uga supaya kowé netepaké pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha. Aja lali marang piwelingku:
1:6 Pinituwa kuwi kudu wong sing tanpa cacad; kudu mung duwé bojo siji, sing anak-anaké wis precaya, lan ora kalok wong sing mblunthah *mblunthah: mboten mbangun-turut: mblasar.* utawa ora mbangun-turut.
1:7 Sarèhné pinituwa mau ngurusi pakaryané Allah lan dadi panuntuning pasamuwan, mulané kudu wong sing tanpa cacad. Wong sing ora gumunggung, ora brangasan, ora dhemen mendem, ora karem bandha.
1:8 Pinituwa kudu wong sing seneng awèh pamondhokan, seneng marang kabecikan. Kudu bisa ngendhalèni awaké dhéwé, jujur, mursid lan tertib.
1:9 Kudu ngantepi pangandikané Allah. Srana patrap mengkono pinituwa mau wani ngélingaké wong liya nganggo piwulang sing bener, lan nuduhaké keluputané wong sing padha nglawan piwulang mau.
1:10 Sebab akèh wong sing padha ora setya, luwih-luwih wong Kristen tetakan, *Kristen tetakan: tilas nganut agami Yahudi.* kuwi padha nasaraké wong liya srana piwulang sing néka-néka.
1:11 Wong-wong sing piwulangé mengkono mau prelu énggal-énggal dibungkem, awit padha gawé bingungé brayat pirang-pirang srana piwulang sing ora bener. Karepé wong-wong mau satemené ngisin-isini banget, merga mung golèk untungé dhéwé.
1:12 Tau ana nabiné wong Kréta dhéwé kandha: “Wong-wong Kréta kuwi dhemen goroh, kaya kéwan galak, wong-wong dremba *dremba: remen nedha.* sing kesèd.”
1:13 Apa sing dikandhakaké nabi mau bener. Mulané wong-wong kuwi kudu kokwelèhaké sing temenan, supaya precayané ora nylèwèng,
1:14 lan ora padha kedayan déning dongèng-dongèngé wong Yahudi utawa prenatan-prenatané manungsa sing ngalang-alangi prekara sing bener.
1:15 Tumrap wong sing pikirané resik, samubarang prekara dadi resik. Nanging tumraping wong-wong sing pikirané ora resik lan ora precaya, ora ana prekara siji waé sing suci; awit pikiran lan atiné wis reged!
1:16 Wong-wong kuwi ngakuné precaya karo Gusti Allah, nanging penggawé-penggawéné nélakaké yèn wong-wong mau satemené ora precaya. Wong-wong mau seneng mbrontak lan ora bisa nindakaké kabecikan apa-apa.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 56 Titus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s