Wahyu 12


12:1 Ing langit tumuli katon ana rerupan anèh lan ora lumrah. Ana wong wadon sing nganggo sandhangan srengéngé, ngadeg ana ing rembulan. Wong mau nganggo makutha rinengga lintang rolas.
12:2 Wong wadon mau lagi mbobot, lan sarèhné wis mèh tekan wektuné nglairaké, dadiné nglarani karo sesambat.
12:3 Banjur ana rerupan anèh menèh muncul ing langit. Ana naga gedhé banget, rupané abang mbranang, endhasé pitu lan sunguné sepuluh, sarta ing saben endhasé ana jamangé.
12:4 Buntuté naga mau nyèrèd saprateloné lintang-lintang ing langit, nuli katibakaké ana ing bumi. Naga mau mapan ana ing ngarepé wong wadon sing nglarani mau, sedyané arep nguntal bayiné samangsa lair.
12:5 Wong wadon mau banjur mbabar Putra kakung, kang bakal ngerèh para bangsa nganggo teken wesi. Dumadakan Sang Putra mau karebut lan kaplayokaké menyang ing ngarsané Allah lan ing dhamparé.
12:6 Déné wong wadon mau mlayu menyang pasamunan, ing panggonan sing wis kacawisaké déning Gusti Allah. Ana ing kono wong mau diopèni lawasé sèwu rong atus sewidak dina.
12:7 Ing swarga nuli ana peperangan. Mikhaèl lan malaékat-malaékaté padha perang nglawan naga mau. Semono uga si naga kabantu déning para malaékaté nglawan Mikhaèl.
12:8 Nanging si naga kalah perangé. Mula naga lan para malaékaté mau ora diparengaké manggon ing swarga.
12:9 Si naga gedhé nuli diuncalaké metu! Yakuwi si ula kuna sing karan Iblis utawa Sétan, sing nasaraké saisiné jagad; diuncalaké menyang ing bumi, semono uga para malaékaté.
12:10 Aku nuli krungu swara seru banget ana ing swarga, muni mengkéné: “Saiki wis tekan wektuné Gusti Allah nylametaké umat kagungané! Saiki Gusti Allah wis nindakaké pepréntahané, lan pangwasané Sang Kristus iya wis kebabar. Awit si penggugat sing rina wengi nggugat para sedulur kita ing ngarsané Gusti Allah kuwi wis kauncalaké saka ing swarga.
12:11 Para sedulur kita wis padha nelukaké si naga srana rahé Sang Cempé, lan srana Injilé Allah sing padha diwartakaké, sebab padha ora ngéman marang nyawané dhéwé nganti tekan patiné.
12:12 Mulané swarga lan sing padha manggon ana ing kono padha bungah-bungaha! Nanging cilaka temen bumi lan segara! Merga Iblis wis mudhun nekani kowé karo nepsu banget, awit ngerti yèn wektuné mung kari sedhéla.”
12:13 Bareng si naga éling yèn wis kabuwang menyang bumi, banjur ngoyak wong wadon sing wis mbabar Putra kakung mau.
12:14 Wong wadon kuwi wis kaparingan swiwi garudha gedhé banget sepasang, supaya bisa mabur menyang panggonané ana ing pasamunan, luwar saka penggangguné si naga. Ana ing pasamunan kono wong wadon mau diupakara lawasé telu setengah taun.
12:15 Si naga nyemburaké banyu kaya kali saka ing cangkemé supaya wong wadon mau kèlia ing kali kono.
12:16 Nanging wong wadon ditulungi déning bumi. Bumi ngangapaké cangkemé lan nguntal banyu sing disemburaké déning naga mau.
12:17 Si naga nepsu banget marang wong wadon mau, banjur lunga nempuh kekarèné turuné, yakuwi wong kabèh sing padha ngèstokaké dhawuhé Gusti Allah lan ngugemi piwulangé Gusti Yésus.
12:18 Si naga banjur mapan ana ing pinggir segara.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s