Wahyu 13


13:1 Nuli aku weruh ana kéwan njedhul saka segara, sunguné sepuluh, endhasé pitu. Ing sunguné ana makuthané lan ing saben endhasé ana tulisan panyenyamah marang Gusti Allah.
13:2 Kéwan sing dakdeleng mau rupané kaya macan tutul, sikilé kaya sikil bruwang, lan cangkemé kaya cangkem singa. Kéwan mau diwènèhi kasektèn déning si naga; malah iya diwènèhi dhampar lan pangwasané sing gedhé.
13:3 Katoné endhasé kéwan mau ana siji sing tatu mbebayani, nanging tatu mau wis pulih. Wong sajagad banjur padha ngetutburi kéwan mau karo gumun.
13:4 Si naga padha dipepuja, awit wis mènèhaké pangwasané marang kéwan kuwi. Wong-wong mau iya padha memuja marang si kéwan, pangucapé: “Sapa sing madhani kéwan iki? Lan sapa sing bisa nandhingi kasektèné?”
13:5 Si kéwan mau diparengaké déning Gusti Allah ngucapaké tembung-tembung kumlungkung sing nyewiyah marang Allah, sarta kaparingan pangwasa lawasé patang puluh loro sasi.
13:6 Si kéwan banjur nyenyamah Gusti Allah, lan iya nyewiyah marang Asma lan Pedalemané Allah, sarta kabèh sing padha manggon ana ing swarga.
13:7 Si kéwan uga diparengaké nempuh lan ngalahaké kagungané Allah. Iya kaparingan pangwasa ngerèh marang saben taler lan negara, basa lan bangsa.
13:8 Si kéwan bakal dipepuja déning wong ing bumi kabèh, yakuwi saben wong sing jenengé wiwit nalika jagad katitahaké ora katulis ing buku kauripan kagungané Sang Cempé sing wis kasembelèh.
13:9 Sapa sing duwé kuping ngrungokna!
13:10 Sapa sing pinesthi ditawan, bakal ditawan. Lan sing sapa pinesthi dipatèni srana pedhang bakal dipatèni srana pedhang. Iya merga sing mengkono mau umaté Allah kudu sabar mantep lan precaya.
13:11 Aku nuli weruh kéwan liyané njedhul saka ing dharatan. Kéwan mau sunguné loro, kaya sunguné Sang Cempé, lan swarané kaya swarané naga.
13:12 Kéwan kuwi nindakaké sakèhing pangwasané kéwan kang kapisan, ana ing ngarepé. Jagad lan wong kabèh sing padha manggon ing kono padha dipeksa nyembah marang kéwan kang kapisan sing wis waras tatuné sing mbebayani mau.
13:13 Kéwan sing kapindho nganakaké mujijat-mujijat sing nggumunaké. Ana ing ngarepé wong kabèh kéwan mau ngedhunaké geni saka langit menyang bumi.
13:14 Kéwan kuwi pancèn diparengaké nindakaké mujijat-mujijat sing katindakaké ana ing ngarepé kéwan kang kapisan mau. Lan wong kabèh dikon déning kéwan kang kapindho ngedegaké reca kanggo ngurmati kéwan kang kapisan, sing wis ketaton déning pedhang, nanging tetep isih urip.
13:15 Kéwan kang kapindho kuwi diwenangaké mènèhi nyawa marang reca mau, mula reca mau bisa caturan lan matèni sakèhing wong sing ora gelem nyembah marang dhèwèké.
13:16 Wong kabèh, gedhé cilik, sugih miskin, batur-tukon lan wong merdika, dipeksa déning kéwan kang kapindho mau, nganggo ciri ana ing tangané tengen lan ana ing bathuké.
13:17 Ora ana wong siji waé sing bisa tetuku lan dodolan kejaba mung sing nganggo ciri jenengé si kéwan mau utawa angka sing nélakaké jenengé si kéwan mau.
13:18 Ing kéné prelu ana kawicaksanan. Wong sing wicaksana bisa ngerti tegesé angkané si kéwan kuwi, sebab angka mau nyebutaké jenengé sawijining manungsa. Angkané, yakuwi nem atus sewidak nem.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s