Wahyu 18


18:1 Sawisé mengkono aku banjur weruh malaékat liyané mudhun saka swarga. Malaékat mau gedhé pangwasané, sarta bumi dadi padhang merga saka kamulyané.
18:2 Malaékat mau nguwuh-uwuh kanthi seru: “Wis rubuh! Babil, kutha gedhé kuwi wis rubuh. Saiki wis dienggoni roh-roh reged lan dadi papan pandhelikané para roh najis sarta sarupaning manuk sing najis lan disengiti déning wong.
18:3 Sakèhé para bangsa wis padha ngombé anggur hawa-nepsuné laku jina. Para raja ing bumi wis padha laku jina karo kutha Babil, lan para sudagar ing bumi wis padha dadi sugih merga saka hawa-nepsuné kutha Babil sing ora kena dikendhalèni.”
18:4 Aku banjur krungu swara liyané saka swarga ngandika: “Hé, umat-Ku! Metua saka kutha Babil kuwi! Supaya kowé ora kèlu marang dosa-dosané, sarta aja nganti mèlu kena ing paukumané!
18:5 Merga dosané wis tumpuk-undhung nganti sundhul ing langit, lan Gusti Allah ngèngeti sakèhing pialané.
18:6 Walesen kaya sing wis katindakaké marang kowé; lan tikelana loro. Tuwungé isènana ombèn-ombèn sing kerasé tikel loroné sing disedhiyakaké kanggo kowé.
18:7 Patrapana paukuman lan kasangsaran sing padha gedhéné timbang karo kaluhuran lan kamuktèn sing wis dirasakaké. Sebab osiking atiné selawasé mengkéné: ‘Aku iki ratu kang nindakaké pangwasa! Aku dudu randha, lan ora bakal nandhang prihatin.’
18:8 Mulané bareng sedina kuwi uga, wong mau bakal katekanan bilai pirang-pirang, pageblug, kasangsaran lan pailan. Wong mau bakal kaobong ing geni awit Pangéran Allah kang ngadili kuwi Mahakwasa.”
18:9 Para raja sing padha laku bédhang karo wong wadon mau, bakal padha nangisi lan sesambat, yakuwi samangsa padha weruh kumeluné kukus saka geni sing ngobong kutha Babil mau.
18:10 Para raja enggoné ngadeg ana ing kadohan, awit saka wediné ketaman ing kasangsarané kutha mau, pangucapé: “Adhuh, cilaka temen kowé, kutha gedhé Babil, kutha sing misuwur sentosané! Déné kowé wis katumpes déning paukuman mung sajroné sajam!”
18:11 Para sudagar uga padha nangisi lan sesambat merga wong wadon mau, awit wis ora ana wong sing nukoni dagangané menèh.
18:12 Yakuwi dagangan arupa emas lan slaka, sesotya lan mutiara, mori alus, mori wungu, sutra lan mori jingga; lan rupa-rupa dandanan saka kayu sing langka anané, saka gadhing lan saka kayu sing larang regané, saka tembaga, wesi lan marmer;
18:13 manis jangan, bumbu-bumbu, lenga wangi, menyan; anggur lan lenga, glepung lan gandum, sapi lan wedhus, jaran lan kréta, batur-tukon, malah iya manungsa barang.
18:14 Pangucapé para sudagar marang wong wadon mau: “Samubarang sing dadi pepénginaning atimu wis ilang, lan sabarang sing méwah lan éndah wis sirna, sarta ora bakal ketemu menèh.”
18:15 Para sudagar sing dadi sugih merga enggoné dedagangan ana ing kutha Babil mau bakal padha ngadeg ana ing kadohan, awit saka wediné yèn mèlu ketaman ing panyiksané kutha mau. Wong-wong mau mung padha nangis lan sesambat,
18:16 tembungé: “Adhuh iba cilakané kutha sing misuwur kuwi! Lumrahé menganggo mori alus, lawon wungu lan lawon jingga, sarta nganggo rerenggan emas, lan sesotya mutiara!
18:17 Nanging sajroning sejam waé kasugihan sing semono kèhé wis sirna kabèh!” Sakèhing juru-mudhi, wong lelayaran, lan para matrus, sarta sakèhé wong sing panguripané ana ing segara, padha ngadeg ing kadohan.
18:18 Bareng weruh kukus kumelun saka geni sing ngobong kutha mau, banjur padha bengok-bengok, pangucapé: “Durung tau ana kutha sing semono gedhéné!”
18:19 Sirahé banjur padha diuwuri lebu nélakaké enggoné susah; banjur padha nangis lan sesambat: “Adhuh cilaka temen kutha gedhé iki! Kasugihané wis gawé sugihé sakèhing juragan kapal. Nanging sajroning sejam waé wis sirna babar-pisan!”
18:20 Hé swarga, bungah-bungaha merga saka karusakané kutha kuwi! Hé para umaté Allah, rasul-rasul lan nabi-nabi, padha bungaha! Merga Gusti Allah wis ndhawahaké paukuman marang kutha kuwi minangka pemalesé tumrap apa sing wis ditindakaké déning kutha mau marang kowé kabèh!
18:21 Sawisé mengkono banjur ana malaékat kang rosa ngangkat watu gedhéné sapenggilingan lan nguncalaké watu mau menyang segara, karo muni: “Kaya mengkéné iki enggoné kutha Babil sing misuwur kuwi bakal kauncalaké sarosané, nganti ora bakal tinemu menèh!
18:22 Swaraning musiké tukang clempung, para pesindhèn, tukang suling lan tukang slomprèt, ora bakal keprungu menèh ana ing tilas panggonanmu, lan wis bakal ora ana ulah kagunan *kagunan: kesenian (bhs. Ind.).* menèh ana ing kono, mengkono uga swarané penggilingan ora bakal keprungu menèh.
18:23 Ora ana soroté lampu sing madhangi kowé menèh, lan swarané wong duwé gawé ora bakal keprungu menèh. Para sudagarmu kuwi wong sing diéringi banget ing salumahing bumi, lan srana ngèlmu-ngèlmu gaibmu kowé wis nasaraké sakèhing bangsa ing bumi!”
18:24 Kutha Babil wis kaukum, merga ing kutha kono akèh getih sing wis kawutahaké, yakuwi getihé para nabi, getihing umaté Allah, ringkes getihé sakèhing wong sing dipatèni ana ing bumi kono.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s