Yakobus 5


5:1 Hé para wong sugih, rungokna pituturku! Padha nangisa lan sesambata, merga kowé bakal ketaman ing kasangsaran.
5:2 Kasugihanmu padha bosok lan sandhanganmu padha dipangan renget.
5:3 Mas lan slakamu kena ing timbrah. Iya timbrah kuwi buktiné yèn bandha-bandha mau nglawan marang kowé lan bakal ngrokoti dagingmu, kaya geni sing ngobong awakmu. Kowé wis numpuk bandha ing dina-dina wekasan iki.
5:4 Rungokna sambaté wong-wong sing padha nyambut-gawé ing palemahanmu sing padha ora kokopahi. Semono uga pangresulané wong sing padha derep ana ing sawahmu wis kapireng déning Gusti Allah, Kang Mahakwasa.
5:5 Uripmu ing donya kéné kepénak lan kebak kasenengan. Awakmu koklelemu, kaya wedhus sing arep disembelèh.
5:6 Wong sing bener kokukum, malah kokpatèni, mangka wong mau ora nglawan marang kowé.
5:7 Para sedulur! Mulané padha sing sabar nganti sarawuhé Gusti. Delengen sepira sabaré wong tani enggoné ngentèni pametuning buminé, sing gedhé ajiné. Kanthi sabar enggoné ngentèni tekané udan ing mangsa rendheng.
5:8 Mengkono uga kowé kudu padha sabar. Padha dimantep ing pengarep-arep, awit dina rawuhé Gusti wis cepak.
5:9 Hé para sedulurku! Aja padha ngresula lan nenacad, supaya kowé aja padha diukum déning Gusti Allah. Awit sing ngasta pengadilan wis mèh rawuh. Panjenengané wis jumeneng ana ing ngareping lawang.
5:10 Hé para sedulur, padha élinga karo para nabi sing padha ngandika atas asmané Allah. Tirunen sabar lan mantepé sajroné nandhang sangsara.
5:11 Para nabi mau padha diarani begja, merga enggoné padha sabar. Kowé rak wis padha krungu bab kesabarané Rama Ayub, lan padha ngerti kepriyé wekasané ganjaran sing kaparingaké déning Gusti Allah marang Rama Ayub mau, awit Gusti Allah kuwi gedhé sih-palimirma lan piwelasé.
5:12 Luwih-luwih, para sedulur! Yèn kowé janji apa-apa poma aja nganggo sumpah. Aja sumpah nganggo seksi langit utawa bumi, utawa nganggo seksi apa waé. Yèn “iya” kandhaa “iya”, yèn “ora” kandhaa “ora”, supaya kowé aja nampa paukuman.
5:13 Yèn kancamu ana sing susah, dongakna! Yèn ana sing seneng atiné, padha menyanyia.
5:14 Yèn ana sing lara, ngaturana para pinituwané pasamuwan, supaya padha ndongakna sing lara, lan ngusapi awaké sing lara mau nganggo lenga atas asmané Gusti.
5:15 Pandonga sing metu saka precaya, bakal njalari wong sing lara mau kawarasaké déning Gusti lan dosa-dosané kaparingan pangapura.
5:16 Mulané padha genti ngakonana kaluputanmu lan padha donga-dinongakna, supaya kowé padha kuwarasan. Pandongané wong sing netepi dhawuhé Gusti Allah, yèn diucapaké kalayan yakin kuwi gedhé sawabé.
5:17 Nabi Élia kuwi rak mung wong lumrah kaya kita. Panjenengané ndedonga kanthi temen-temen supaya aja ana udan, lan telu setengah taun lawasé ora ana udan temenan.
5:18 Bareng panjenengané ndedonga menèh, langit nuli ngesokaké udan lan bumi metokaké woh.
5:19 Hé para sedulurku! Yèn panunggalanmu ana wong sing murtad, banjur ana sedulur sing nuntun wong mau dadi mratobat,
5:20 ngertia yèn sing sapa mbalèkaké wong dosa saka lakuné sing nylèwèng, kuwi ateges ngentasaké nyawané wong mau saka ing pati, lan iya njalari akèh dosa sing olèh pangapura. Saka aku, Yakobus

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 59 Yakobus

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s