Yohanes 12


12:1 Nem dina sadurungé Riaya Paskah, Gusti Yésus tindak menyang désa Bètani; ana ing omahé Lasarus, sing wis tau mati, ditangèkaké menèh.
12:2 Ana ing kono Gusti Yésus dicaosi dhahar; sing ngladèni Marta. Déné Lasarus lungguh kembul karo Panjenengané.
12:3 Maryam nuli njupuk lenga wangi nared tulèn, sing ajiné akèh banget, boboté setengah liter, banjur dienggo njebadi sampéyané Gusti Yésus. Lenga mau nuli diusapi nganggo rambuté. Ambuné ngebeki saomah kabèh.
12:4 Yudas Iskariot, panunggalané sekabaté Gusti Yésus, muni mengkéné:
12:5 “Généa lenga wangi kuwi ora diedol waé, rak bisa payu akèh, nuli dhuwité didanakaké marang wong miskin?”
12:6 Enggoné Yudas muni mengkono mau ora kokmerga mikiraké nasibé wong miskin, nanging merga saka culikané. Yudas kerep nganggo dhuwit sing dadi rereksané.)
12:7 Nanging Gusti Yésus ngandika: “Wis ta, wong wadon kuwi nengna waé, aja kokganggu! Penggawéné mengkono kuwi minangka pacawisan enggon-Ku mbésuk bakal dikubur!
12:8 Awit wong miskin kuwi selawasé ana ing antaramu, nanging Aku ora selawasé ana ing antaramu.”
12:9 Akèh wong Yahudi sing padha krungu, yèn Gusti Yésus ana ing désa Bètani. Mulané wong-wong mau nuli padha nusul Panjenengané mrana. Enggoné marani Gusti Yésus kuwi ora mung merga kaélokan sing wis katindakaké, nanging uga padha kepéngin weruh Lasarus, sing wis urip menèh.
12:10 Kuwi sebabé para pengareping imam uga kepéngin matèni Lasarus,
12:11 jalaran akèh wong Yahudi sing padha ninggal para pemimpiné lan precaya marang Gusti Yésus, merga lelakoné Lasarus mau.
12:12 Ésuké akèh wong sing wis padha teka ing kutha Yérusalèm, arep ngriayakaké Paskah. Wong-wong mau padha krungu, yèn Gusti Yésus isih ana ing dalan arep tindak mrono.
12:13 Wong-wong mau nuli padha njupuk pang-pangé wit palem, banjur methukaké klawan surak-surak: “Pinujia Asmané Allah! Sugenga sing rawuh ing Asmané Pangéran! Sugenga ratuné wong Israèl!”
12:14 Dhèk semana Gusti Yésus nitih kuldi, isih belo, cocog karo sing katulisan mengkéné:
12:15 “Aja wedi, hé putri Sion! Delengen ratumu rawuh, nitih beloning kuldi.”
12:16 Nalika semana para sekabat durung padha ngerti apa tegesé kuwi mau kabèh. Nanging sawisé Gusti Yésus kaluhuraké, yakuwi sawisé sinalib lan wungu menèh, lagi padha kèlingan yèn lelakoné Gusti Yésus mau wis katulis ana ing Kitab Suci, lan saiki kelakon temenan.
12:17 Wong-wong sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus nalika Panjenengané nimbali Lasarus metu saka ing kubur lan nangèkaké saka ing pati, ora uwis-uwis enggoné nyritakaké lelakon mau marang wong-wong liyané.
12:18 Kuwi sebabé wong akèh padha methukaké Gusti Yésus, jalaran padha krungu bab lelakon sing wis ditindakaké.
12:19 Wong Farisi padha rerasanan: “Kita padha ora olèh gawé! Delengen, wong sajagad wis padha kèlu karo Wong kuwi!”
12:20 Ing antarané wong akèh sing padha teka ing kutha Yérusalèm arep nindakaké ibadah sajroné dina riaya mau, ana wongé Yunani sawetara.
12:21 Wong-wong mau padha nemoni Filipus lan kandha: “Sedhèrèk, kula kepéngin kepanggih kaliyan Guru Yésus!” (Filipus kuwi wong saka kutha Bètsaida ing tanah Galiléa.)
12:22 Filipus nuli kandha karo Andréas, wong loro mau banjur padha matur marang Gusti Yésus.
12:23 Panjenengané nuli ngandika marang para sekabat mau: “Saiki wis tekan wektuné Putraning Manungsa diluhuraké.
12:24 Padha élinga, yèn wiji gandum sing ditandur ing lemah lan mati, wiji mau ora bakal tetep mung seglintir waé. Nanging sawisé wiji mau mati, bakal ngetokaké woh akèh.
12:25 Wong sing nengenaké uripé ing donya kéné, bakal kélangan urip sing sejati. Nanging wong sing nyingkur uripé dhéwé ing donya kéné, bakal ngalami urip sejati, sing langgeng.
12:26 Wong sing ngawula marang Aku, kuwi kudu ngetut buri Aku, supaya bisa mèlu Aku menyang endi waé paran-Ku. Wong sing ngawula marang Aku, kuwi bakal dimulyakaké déning Rama-Ku.”
12:27 “Saiki ati-Ku was-was. Banjur arep matur apa? Apa Aku kudu matur: ‘Rama, mugi sampun négakaken Kawula ngalami kasangsaran menika?’ Ora, sebab enggon-Ku urip tekan sepréné iki preluné supaya ngalami kasangsaran mau.
12:28 ‘Dhuh Rama, Asma Paduka mugi kaluhuraken.’ ” Nuli ana swara saka ing langit: “Wis Dakluhuraké, lan isih bakal Dakluhuraké menèh.”
12:29 Wong akèh sing ana ing kono padha krungu swara mau. Wong-wong nuli padha rerasanan: “Kuwi swarané gludhug!”, nanging ana uga sing kandha: “Dudu! Ana malaékat sing lagi ngandikan karo Panjenengané.”
12:30 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong akèh mau: “Anané swara kuwi ora kanggo Aku, nanging kanggo kowé.
12:31 Saiki wis tekan wektuné jagad iki diadili. Saiki penggedhéné jagad iki bakal ditelukaké.
12:32 Mengko samangsa Aku wis dipanjer, Aku bakal nggèndèng wong kabèh mèlu Aku.”
12:33 Enggoné ngandika mengkono kuwi kanggo nuduhaké patrapé Gusti Yésus enggoné bakal disalib.
12:34 Wong akèh mau nuli matur marang Panjenengané: “Manut suraosé Kitab-kitab, Sang Kristus ingkang badhé rawuh menika badhé gesang ing selami-laminipun; kadospundi déné Panjenengan kokngandika, bilih Putraning Manungsa menika kedah nglampahi sinalib? Lajeng Putranipun Manungsa menika sinten?”
12:35 Pangandikané Gusti Yésus: “Mung kari sawetara mangsa Pepadhang ana ing tengahmu. Mulané terusna lakumu, mumpung Sang Pepadhang isih ana ing tengahmu, supaya kowé aja kesaput ing pepeteng. Wong sing mlaku ing pepeteng ora ngerti bakal tekan endi.
12:36a Precayaa marang Pepadhang kang ana ing tengahmu, supaya kowé padha dadi Putraning Pepadhang.”
12:36b Sawisé ngandika mengkono, Gusti Yésus nuli tindak saka kono lan ora kersa ngetingal menèh ing ngarepé wong akèh.
12:37 Akèh banget mujijat lan kaélokan sing ditindakaké ana ing ngarepé wong akèh mau. Éwasemono wong-wong mau meksa ora precaya marang Panjenengané.
12:38 Srana mengkono kelakon temenan, apa sing wis kaweca déning Nabi Yésaya, sing uniné mengkéné: “Dhuh Pangéran, sinten ingkang pitados dhateng pawartos kawula? Sinten ingkang kepareng ningali kwaosipun Allah?”
12:39 Wong-wong mau padha ora bisa precaya, merga Nabi Yésaya wis ngandika mengkéné:
12:40 Gusti Allah ngandika, “Mripaté wis Dakgawé wuta, atiné dadi kaku, lan nalaré banjur peteng; supaya wong-wong mau aja padha mratobat, temahan Dakwarasaké.”
12:41 Enggoné Nabi Yésaya ngandika mengkono mau merga wis pirsa marang kamulyané Gusti Yésus.
12:42 Éwasemono akèh uga para penggedhéné wong Yahudi sing padha precaya marang Gusti Yésus. Nanging wong-wong kuwi ora wani ngakoni precayané terang-terangan, merga padha wedi, aja-aja disébrataké saka sinagogé déning para wong Farisi.
12:43 Wong-wong kuwi padha luwih seneng diurmati déning manungsa ketimbang nampa pakurmatan sing saka Gusti Allah.
12:44 Gusti Yésus nuli ngandika: “Wong sing precaya marang Aku, kuwi ora mung Aku sing diprecaya, nanging uga Panjenengané sing ngutus Aku.
12:45 Sing sapa ndeleng Aku, kuwi uga ndeleng Panjenengané sing ngutus Aku.
12:46 Teka-Ku ing jagad iki dadi Pepadhang, supaya wong sing precaya marang Aku, ora tetep ana ing pepeteng.
12:47 Dudu Aku sing bakal ngadili wong sing padha krungu, nanging ora nglakoni piwulang-Ku. Merga teka-Ku ora arep ngadili jagad, nanging arep nylametaké.
12:48 Wong sing ora precaya lan ora gelem manut marang pitutur-Ku, kuwi ana sing ngadili dhéwé. Iya Injil sing Dakwartakaké, kuwi sing bakal dadi hakim, sing ngadili wong-wong mau ing Dina Kiamat!
12:49 Lan pancèn mengkono! Merga Aku ora tau memulang metu saka karep-Ku dhéwé. Sang Rama sing ngutus Aku, Panjenengané kuwi sing dhawuh marang Aku samubarang sing kudu Dakkandhakaké utawa Dakwulangaké.
12:50 Lan Aku ngerti yèn dhawuhé Sang Rama kuwi dalaning urip sing sejati. Mulané apa sing Dakkandhakaké iki, kabèh merga saka dhawuhé Sang Rama.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 43 Yohanes

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s