Yohanes 5


5:1 Sawisé kuwi mbeneri riayané wong Yahudi, Gusti Yésus tindak menyang kutha Yérusalèm.
5:2 Ing kutha Yérusalèm kono, ing sacedhaké gapura, sing karan ‘Gapura Wedhus’, ana blumbangé. Ing basa Ibrani blumbang mau diarani: ‘Bèthèsda.’ Blumbang mau dikubengi èmpèr lima.
5:3 Èmpèr mau kebak wong sing padha gumléthak; ana sing wuta, ana sing pincang, lan ana sing lumpuh. [Wong kabèh mau padha ngentèni banyuné blumbang mau kocak.
5:4 Sebab ana Malaékaté Pangéran sing mudhun menyang blumbang mau, sarta ngocakaké banyuné. Yèn banyuné lagi kocak, wong lara sing dhisik dhéwé nyemplung ing blumbang, bakal mari, ora preduli apa lelarané.]
5:5 Ing panggonan mau, ana wong lanang sing olèhé lara wis telung puluh wolu taun lawasé.
5:6 Gusti Yésus pirsa wong mau gumléthak ana ing kono, lan uga pirsa yèn wong mau olèhé lara wis suwé banget. Mulané Gusti Yésus ngandika marang wong mau: “Apa kowé kepéngin waras?”
5:7 Wong kuwi nuli matur: “Guru, kula menika mboten gadhah réncang ingkang saged nyemplungaken kula wonten ing blumbang, samangsa toyanipun blumbang menika kocak. Lan salebetipun kula saweg nyobi badhé nyemplung ing blumbang, sampun wonten tiyang sanès ingkang ngrumiyini.”
5:8 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong mau: “Tangia, mlakua, klasamu gawanen!”
5:9 Sanalika wong mau dadi waras. Banjur mlaku karo nggawa klasané. Kelakoné kuwi mau ing dina Sabbat.
5:10 Mulané para penggedhé Yahudi ngaruh-aruhi wong sing mentas diwarasaké mau: “Saiki dina Sabbat. Kowé ora kena nggawa klasa, kuwi nerak prenataning agama.”
5:11 Nanging wong mau mangsuli: “Kula dipun kèngkèn tiyang ingkang nyarasaken kula, dhawuhipun: ‘Mlakua lan klasamu gawanen!’ ”
5:12 “Sapa wongé sing akon kowé: ‘Mlakua lan klasamu gawanen!’ “, pitakoné para penggedhé marang wong mau.
5:13 Nanging wong sing diwarasaké mau ora ngerti sapa jenengé sing marasaké dhèwèké. Sebab ana ing kono wongé akèh banget, lan Gusti Yésus wis nylimpet ing antarané wong akèh, lan tindak saka kono.
5:14 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ketemu karo wong sing diwarasaké mau ana ing Pedalemané Allah, Panjenengané banjur dhawuh marang wong mau: “Kowé saiki wis waras, mulané dingati-ati, aja gawé dosa menèh. Menawa kowé gawé dosa menèh, kowé bakal ngalami sing luwih abot ketimbang karo sing kokalami saiki.”
5:15 Wong mau nuli lunga, banjur kandha karo para penggedhéné bangsa Yahudi, yèn sing marasaké dhèwèké kuwi Gusti Yésus.
5:16 Merga saka kuwi para penggedhé mau padha arep nganiaya Gusti Yésus, sebab Panjenengané wis marasaké wong ing dina Sabbat.
5:17 Nanging Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: “Rama-Ku ora kendhat nyambut-gawé; mulané Aku ya wajib tansah nyambut-gawé.”
5:18 Pangandikané sing mengkono mau marakaké para penggedhé Yahudi saya nemen enggoné ngarah sédané Gusti Yésus. Enggoné padha tumindak mengkono mau ora mung merga Gusti Yésus nerak prenatané dina Sabbat, nanging uga merga Panjenengané ngandika yèn Gusti Allah kuwi Ramané. Kuwi ateges yèn Panjenengané madhakaké sarirané karo Gusti Allah.
5:19 Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau mengkéné: “Aku kandha satemené: Sang Putra ora nindakaké apa-apa saka kersané dhéwé. Mung apa sing dipirsani katindakaké déning Sang Rama, yakuwi sing ditindakaké Sang Putra. Sebab apa sing ditindakaké déning Sang Rama, kuwi uga sing ditindakaké déning Sang Putra.
5:20 Awit Sang Rama ngasihi Sang Putra. Sang Rama mau nedahaké sabarang sing ditindakaké piyambak marang Sang Putra. Malah Sang Rama bakal nedahaké prekara-prekara sing luwih gedhé menèh marang Sang Putra nganti kowé padha gumun.
5:21 Awit padha kaya Sang Rama enggoné nangèkaké wong sing wis mati, lan maringi urip marang wong-wong mau, mengkono uga Sang Putra kuwi maringi urip marang wong-wong sing dikersakaké.
5:22 Sang Rama piyambak ora ngadili sapa-sapa, sebab sakèhé pangwasa kanggo ngadili wis dipasrahaké marang Sang Putra.
5:23 Enggoné Sang Rama nindakaké mengkono mau supaya wong kabèh padha ngurmati Sang Putra, padha karo enggoné ngurmati Sang Rama. Wong sing ora ngurmati Sang Putra, uga ora ngurmati Sang Rama, sing ngutus Sang Putra.
5:24 Kowé padha Dakkandhani: Wong sing ngrungokaké tembung-Ku lan precaya marang sing ngutus Aku, wong kuwi ngalami urip sejati. Wong mau ora bakal diukum, wis lolos saka ing pati lan mlebu ing urip.
5:25 Padha ngandela: Bakal ana wektuné — malah saiki wis kelakon — wong mati padha krungu swarané Putrané Allah. Lan wong sing padha ngrungokaké bakal urip.
5:26 Sang Rama maringi urip marang samubarang sing ana ing donya kéné; kaya mengkono uga Sang Rama wis maringaké pangwasa marang Sang Putra dadi sumbering urip, supaya maringi urip marang samubarang sing ana ing donya!
5:27 Sang Rama wis maringi pangwasa marang Sang Putra nindakaké pengadilan, sebab Panjenengané iya jumeneng Putraning Manungsa.
5:28 Aja gumun menawa kowé padha krungu prekara iki, yakuwi yèn bakal tekan wektuné, sakèhing wong mati sing ana ing kubur bakal krungu swarané Sang Putra,
5:29 banjur padha metu saka kuburé. Kabèh wong sing nglakoni kabecikan bakal katangèkaké, supaya urip ing selawasé. Nanging wong sing nglakoni piala, bakal ditangèkaké prelu diukum.”
5:30 “Aku ora bisa nindakaké apa-apa saka karepku dhéwé. Enggon-Ku ngadili kuwi manut apa sing didhawuhaké déning Gusti Allah marang Aku. Mulané putusan-Ku kuwi adil, awit Aku ora nuruti karep-Ku dhéwé. Aku mung manut kersané Sang Rama, sing ngutus Aku.
5:31 Yèn Aku mènèhi paseksi tumrap awak-Ku dhéwé, paseksi-Ku kuwi ora sah.
5:32 Nanging ana liyané menèh sing mènèhi paseksi mungguh ing Aku, lan Aku ngerti yèn paseksiné kuwi bener.
5:33 Kowé wis padha kongkonan wong marang Nabi Yohanes Pembaptis, supaya takon bab Aku, lan Nabi Yohanes Pembaptis wis mènèhi paseksi sing bener mungguh ing Aku.
5:34 Karep-Ku ora merga butuh paseksiné manungsa, nanging kandha-Ku mengkono kuwi kanggo keslametanmu.
5:35 Nabi Yohanes kuwi kaya lampu sing murub lan sing madhangi, lan mung sawetara mangsa kowé gelem kepadhangan sunaré lampu mau.
5:36 Nanging Aku duwé paseksi sing luwih kuwat ketimbang karo paseksiné Nabi Yohanes, yakuwi sakèhing penggawé sing didhawuhaké déning Sang Rama, sing kudu Daklakoni, lan sing Daktindakaké saiki iki. Kabèh penggawé sing Daktindakaké saiki kuwi mbuktèkaké, yèn Aku iki diutus déning Sang Rama.
5:37 Apa menèh Sang Rama sing ngutus Aku uga wis maringi paseksi mungguh ing Aku. Kowé durung tau padha krungu swarané, utawa weruh rupané.
5:38 Kowé padha ora gelem ngèstokaké pangandikané, sebab kowé padha ora precaya karo wong sing diutus déning Sang Rama mau.
5:39 Kowé padha nyinau Kitab Suci, merga ngira yèn srana nyinau Kitab Suci mau kowé bakal olèh urip sejati. Mangka Kitab Suci kuwi neksèni bab Aku!
5:40 Nanging kowé padha ora gelem marani Aku supaya olèh urip sejati.
5:41 Aku ora kepéngin diurmati déning wong.
5:42 Nanging Aku ngerti kaananmu, yèn ing sajroning atimu kowé ora tresna marang Gusti Allah.
5:43 Teka-Ku iki atas asmané Rama-Ku, nanging kowé padha nampik Aku. Menawa ana wong liya sing teka, atas jenengé dhéwé, kowé padha gelem nampa wong mau.
5:44 Kowé padha ora gelem precaya, sebab kowé padha duwé pamrih, kepéngin diurmati déning pepadhamu, lan ora nggayuh kaurmatan kang saka Gusti Allah, sing asipat Tunggal.
5:45 Aja ngira yèn Aku bakal nggugat kowé ing ngarsané Sang Rama. Sing nggugat kowé kuwi malah Nabi Musa, sing kokendel-endelaké.
5:46 Menawa kowé precaya temenan karo Nabi Musa, kowé mesthi uga precaya karo Aku, sebab Nabi Musa nulis bab Aku.
5:47 Nanging yèn kowé padha ora precaya marang sing ditulis déning Nabi Musa, kepriyé bisamu precaya marang apa sing Dakkandhakaké?”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 43 Yohanes

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s