Yohanes 9


9:1 Nalika Gusti Yésus tindak, Panjenengané mirsa wong wuta lair mula.
9:2 Para sekabaté padha nyuwun pirsa: “Guru, menapa sebabipun tiyang menika wuta? Menapa margi tiyang menika damel dosa utawi tiyang sapuhipun ingkang damel dosa?”
9:3 Gusti Yésus ngandika: “Wong kuwi enggoné wuta ora merga dhèwèké gawé dosa, lan uga ora merga wong tuwané sing gawé dosa. Wong kuwi wuta, supaya wong-wong padha weruh pangwasané Allah makarya ana ing wong wuta mau.
9:4 Kita kudu nyambut-gawé nglakoni ayahané Sang Rama sing ngutus Aku, mumpung isih awan, sebab sedhéla engkas banjur bengi. Ing wayah bengi wong ora bisa nyambut-gawé.
9:5 Sasuwéné Aku ana ing donya, Aku dadi Pepadhanging jagad.”
9:6 Sawusé ngandika mengkono Gusti Yésus nuli kecoh ing lemah. Kecohé nuli diulet karo lemah, dilèlètaké ing mripaté wong wuta mau.
9:7 Gusti Yésus ngandika marang wong mau: “Lungaa lan raupa ing blumbang Siloam.” (Siloam tegesé ‘Diutus’.) Wong mau nuli mangkat lan raup. Bareng bali menèh mripaté wis bisa ndeleng.
9:8 Tangga teparoné lan wong-wong sing mauné weruh wong wuta mau enggoné ngemis, padha muni: “Apa iki dudu wong sing adaté lungguh ngemis kaé?”
9:9 Ana wong sing muni: “Pancèn ya wong kuwi,” nanging ana uga sing muni: “Dudu, mung rupané waé sing mèmper.” Nanging wong wuta mau kandha dhéwé: “Inggih kula menika ingkang rumiyin wuta.”
9:10 Wong-wong padha takon: “Kepriyé koksaiki bisa kokenggo ndeleng?”
9:11 Wangsulané: “Wonten tiyang namanipun Yésus, damel luluhan siti sekedhik, lajeng nglèlètaken luluhan wau wonten ing mripat kula. Kula lajeng dipun dhawuhi raup wonten ing blumbang Siloam. Kula inggih lajeng mrika. Sareng kula sampun raup, kula lajeng saged ningali.”
9:12 Wong-wong padha takon menèh: “Saiki wongé ana ing ngendi?” Wong sing mauné wuta mau mangsuli: “Kula mboten ngertos.”
9:13 Wong-wong nuli nggawa wong sing mauné wuta mau marang para wong Farisi.
9:14 Nalika Gusti Yésus ngulet lemah nganggo kecohé lan marasaké mripaté wong wuta mau, mbeneri dina Sabbat.
9:15 Wong Farisi nuli takon menèh marang wong sing mauné wuta mau, kepriyé patrapé nganti bisa ndeleng. Wong mau nuli mangsuli: “Tiyang menika nglèlètaken blethok wonten ing mripat kula; kula lajeng raup, bibar menika kula saged ningali.”
9:16 Ana wong Farisi sawetara sing muni: “Mokal yèn wong kuwi pinangkané saka Allah, sebab dhèwèké nerak prenatan dina Sabbat.” Nanging wong liyané menèh muni: “Mokal yèn wong dosa bisa gawé kaélokan-kaélokan kaya wong iki!” Panemuné wong-wong mau béda-béda.
9:17 Para wong Farisi nuli padha takon menèh: “Manut kandhamu, Wong kuwi sing marasaké mripatmu. Yèn mengkono, kepriyé panemumu bab Wong kuwi?” Wangsulané: “Panjenenganipun menika Nabi.”
9:18 Nanging para penggedhéné wong Yahudi padha ora precaya yèn wong kuwi mauné wuta wiwit lair mula, lan saiki bisa ndeleng. Wong-wong Farisi mau durung gelem precaya, yèn durung takon dhisik marang wong tuwané wong sing mauné wuta mau.
9:19 Para wong Farisi nuli takon marang wong tuwané: “Apa bener anakmu iki wuta lair mula? Kepriyé déné saiki kokbisa ndeleng?”
9:20 Wong tuwané mangsuli: “Pancèn menika anak kula; lan pancèn wiwit lair mila piyambakipun wuta.
9:21 Nanging bab kadospundi enggènipun samenika saged ningali, kula mboten mangertos. Kula aturi ndangu piyambak, sebab larénipun sampun diwasa, saged mangsuli piyambak.”
9:22 Aturé mengkono mau sebab padha wedi karo para penggedhéné wong Yahudi. Para penggedhé mau wis padha sarujuk, yèn saben wong sing ngakoni Gusti Yésus kuwi Sang Kristus, bakal disébrataké saka sinagogé (pasamuwané wong-wong sing nganut agama Yahudi).
9:23 Kuwi sebabé, wong tuwané wong sing mauné wuta mau muni: “Piyambakipun sampun diwasa, kula aturi ndangu piyambak.”
9:24 Wong sing mauné wuta mau banjur diundang menèh, sarta ditakoni: “Kowé ngakua ana ing ngarsané Allah, yèn kowé kandha sabeneré, sebab aku padha weruh yèn Wong kuwi Wong dosa.”
9:25 Wangsulané: “Bab piyambakipun menika tiyang dosa menapa mboten, kula mboten mangertos. Saprekawis ingkang kula mangertosi, inggih menika, kala rumiyin kula wuta, samenika kula saged sumerep.”
9:26 Pitakoné wong-wong Farisi: “Kowé dikapakaké? Kepriyé carané Wong kuwi marasaké kowé?”
9:27 Wangsulané: “Kula sampun sanjang, nanging panjenengan mboten kersa mirengaken. Menapa ginanipun pitakèn malih? Menapa panjenengan ugi kepéngin dados muridipun?”
9:28 Wong-wong Farisi mau nuli padha nepsu lan muni: “Kowé kuwi muridé; aku dudu! Aku padha muridé Nabi Musa.
9:29 Bab Nabi Musa, kita wis padha ngerti, yèn Gusti Allah pancèn wis ngandika marang panjenengané. Nanging mungguh Wong iki, aku padha ora ngerti asal-usulé.”
9:30 Wangsulané: “Kokanèh temen, panjenengan mboten pirsa asal-usulipun tiyang menika, mangka piyambakipun sampun damel mujijat, nyarasaken mripat kula.
9:31 Kita mangertos bilih Gusti Allah mboten miyarsakaken atur panyuwunipun tiyang dosa, nanging miyarsakaken tiyang-tiyang ingkang ngurmati Panjenenganipun, sarta nglampahi kersanipun.
9:32 Wiwit dumadosipun jagad sepriki dèrèng naté wonten tiyang wuta wiwit lair mila kasarasaken ngantos saged ningali.
9:33 Menawi tiyang menika mboten saking Gusti Allah, mokal sagedipun nindakaken kaélokan kados mekaten.”
9:34 Para wong Farisi mau nuli mangsuli: “Kowé kuwi wong kebak dosa sabadan sekojur, wiwit saka pucuking rambut tekan tlapakané sikilmu, tur wiwit lair mula, lha kokarep mulang aku!” Wusanané wong mau banjur disébrataké saka sinagogé.
9:35 Gusti Yésus midhanget yèn wong sing mauné wuta kuwi disébrataké saka sinagogé. Bareng ketemu karo wong mau, Gusti Yésus nuli ngandika: “Apa kowé precaya marang Putraning Manungsa?”
9:36 Wong mau mangsuli: “Putraning Manungsa menika sinten, Guru? Kula aturi ngandikakaken, supados kula saged pitados dhateng Panjenenganipun.”
9:37 Pangandikané Gusti Yésus: “Kowé wis ndeleng Panjenengané, yakuwi sing saiki lagi ngandikan karo kowé.”
9:38 Aturé wong mau: “Kula pitados Gusti,” banjur sujud ing ngarsané.
9:39 Gusti Yésus nuli ngandika: “Teka-Ku ing jagad iki supaya ngadili, supaya wong wuta bisa ndeleng, lan wong sing ndeleng dadi wuta.”
9:40 Ing kono ana wong Farisi sawetara sing padha krungu pangandikané Gusti Yésus mau. Wong-wong mau padha muni: “Menapa Panjenengan nginten, kula inggih sami wuta?”
9:41 Gusti Yésus ngandika: “Menawa kowé wuta, kowé ora dosa. Nanging sarèhné kowé kandha ‘Aku weruh’, mula kowé tetep dosa.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 43 Yohanes

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s