II Para Raja 17


17:1 Nalika Akhas enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak rolas taun, Hoséa bin Éla wiwit jumeneng raja ing Israèl, dedalem ing Samaria. Enggoné jumeneng raja suwéné sangang taun.
17:2 Raja Hoséa nglampahi dosa ing ngarsané Allah, nanging ora banget kaya raja-raja ing Israèl sadurungé.
17:3 Raja Hoséa diserang lan ditelukaké déning Salmanèsèr, raja ing Asyur, mula saben taun kudu mbayar pajeg marang Salmanèsèr mau.
17:4 Nanging ing sawijining wektu Hoséa ngutus utusan menyang So, raja Mesir, nyuwun bantuan lan Hoséa lèrèn enggoné mbayar pajeg taunan marang Asyur. Bareng Salmanèsèr pirsa yèn dikhianati, Raja Hoséa banjur dicekel lan dikunjara.
17:5 Sawisé mengkono, Salmanèsèr, raja Asyur, banjur nyerang Israèl lan ngepung Samaria. Bareng pangepungé mau nyandhak taun kateluné,
17:6 yakuwi sangang tauné enggoné Hoséa jumeneng raja — kutha Samaria direbut déning Salmanèsèr. Wong Israèl ditawan lan diboyong menyang Asyur. Sebagéan ana sing dipapanaké ing kutha Hala, sebagéan menèh ana ing sacedhaké Kali Habor, ing wilayah Gozan, lan liyané ana ing kutha-kutha ing tanah Madai.
17:7 Runtuhé Samaria merga Israèl wis gawé dosa ana ing ngarsané Pangéran, Allahé, sing wis ngluwari Israèl saka tangané raja Mesir, diirid metu saka tanah mau. Wong Israèl mau padha nyembah marang déwa-déwa
17:8 lan niru adaté bangsa-bangsa sing wis dilungakaké déning Allah saka tanah Kenaan, yakuwi nalika bangsa Israèl mlebu ing tanah kono merangi bangsa-bangsa mau. Wong Israèl padha niru adat tata carané raja-raja Israèl,
17:9 sarta nglakoni prekara-prekara sing nyulayani kersané Pangéran, Allahé. Padha gawé papan panyembahan brahala ana ing saben kuthané, ya ing kutha cilik, ya ing kutha gedhé.
17:10 Ing saben punthuk lan ing sangisoring saben wit sing ayom didegi tugu déwa lan recané Dèwi Asyéra.
17:11-12 Wong-wong mau padha ngobong menyan ing mesbèh-mesbèh kanggo déwa, kaya adaté bangsa-bangsa sing biyèn dilungakaké déning Pangéran saka tanah Kenaan. Senajan wis diawisi déning Pangéran, éwasemono isih tetep waé enggoné padha nyembah marang brahala. Sakèhing penggawéné wong Israèl sing ala mau njalari dukané Pangéran.
17:13 Pangéran wis ndhawuhi para utusan lan para nabiné marang umat Israèl lan Yéhuda nglantaraké dhawuhé mengkéné, “Padha maria nglakoni piala lan netepana sakèhé dhawuh lan pepakon kang Dakparingaké marang para leluhurmu lan marang kowé lantaran para nabi, abdi-Ku.”
17:14 Nanging Israèl lan Yéhuda padha ora gelem ngrungokaké; malah padha mbangkang kaya para leluhuré, sing padha ora gelem precaya marang Pangéran, Allahé.
17:15 Israèl lan Yéhuda padha ora gelem netepi dhawuh-dhawuhé Pangéran lan ora setya marang prejanjian-prejanjian sing dianakaké déning Allah karo para leluhuré. Pepènget-pepèngeté *pepènget: Bengis (bhs. Ind.).* Allah ora dirèwès, malah pilih padha nyembah brahala sing ora ana gunané. Padha niru tuladhané bangsa-bangsa sakiwa-tengené, senajan wis diawisi déning Allah.
17:16 Prenatané Pangéran Allahé diterak kabèh lan padha gawé reca sapi saka emas utawa prunggu, banjur disembah. Padha gawé recané Dèwi Asyéra, nyembah lintang-lintang lan ngabekti marang Déwa Baal.
17:17 Anak-anaké padha dienggo kurban obongan marang déwa. Padha olah ilmu sihir lan njaluk pituduh marang dhukun-dhukun sing nekakaké roh-roh. Semono enggoné padha giat nerak dhawuhé Allah,
17:18 nganti Gusti Allah duka banget, lan ora kersa menggalih marang Israèl menèh, malah banjur dibuwang saka tanah sing wis diparingaké marang bangsa mau. Sing isih mung kraton Yéhuda.
17:19 Nanging wong-wong Yéhuda uga ora netepi dhawuh-dhawuhé Pangéran, Allahé. Malah padha nganut adat tata carané wong Israèl.
17:20 Wasana umat Israèl kabèh disébrataké *disébrataké: mboten dipun akeni umat kagunganipun Allah.* déning Allah. Bangsa mau diukum lan diulungaké marang mungsuh-mungsuhé sing ambek siya. Bangsa mau ditégakaké, malah banjur dibuwang saka tanah sing wis diparingaké marang bangsa mau.
17:21 Sawisé Gusti Allah ngedohaké wong Israèl saka wong Yéhuda, wong Israèl banjur ngangkat Yérobéam bin Nébat dadi rajané. Yérobéam banjur damel ada-ada ngedohaké saka Allah lan nglampahi dosa-dosa gedhé.
17:22 Wong Israèl niru marang tuladhané Yérobéam lan nglakoni sakèhé paneraké Yérobéam,
17:23 nganti wekasané Gusti Allah ora kersa menggalih marang wong Israèl, malah banjur dibuwang saka tanah sing wis diparingaké marang bangsa mau. Kuwi cocog karo pangandika sing wis diparingaké déning Gusti Allah lantaran para abdiné, yakuwi para nabi. Kaya mengkono wusanané wong Israèl padha kabuwang menyang Asyur, lan padha manggon ing kono nganti sepréné.
17:24 Minangka gantiné wong Israèl sing padha diboyong menyang pembuwangan, raja Asyur nekakaké wong-wong saka Babil, Kutha, Awa, Hamat lan Séfarwaim menyang kutha-kutha ing tanah Samaria. Wong-wong mau banjur padha ngalih mrono lan saterusé manggon ana ing kono.
17:25 Ing kawitan wong-wong mau padha ora ngurmati marang Allah; mulané Gusti Allah banjur nekakaké singa-singa sing mangsa wong kono sawetara.
17:26 Raja Asyur diaturi pirsa yèn wong-wong Asyur sing dipapanaké ing kutha-kutha Samaria padha ora ngerti prenatan-prenatané déwané negara kono. Mulané déwa kono banjur nekakaké singa sing mangsa wong-wong neneka mau.
17:27 Kuwi sebabé raja Asyur banjur dhawuh supaya anaa imam saka antarané wong tawanan sing diboyong menyang Asyur, dibalèkaké menyang Samaria. Pangandikané Sang Prabu, “Imam kuwi balia menyang tanah Samaria, supaya ngandhani wong-wong bab prenatan-prenatané déwané tanah kana.”
17:28 Mulané ana imam Israèl, sing wis diboyong saka tanah Samaria menyang Asyur, dibalèkaké menèh lan manggon ing Bètèl. Ana ing kana imam mau mulang rakyat bab patrapé nyembah marang Allah.
17:29 Nanging wong-wong sing padha manggon ing Samaria tetep nyembah brahalané dhéwé-dhéwé; brahala-brahala mau didokokaké ana ing tilas papan panyembahané brahalané wong Israèl. Saben golongan padha gawé brahalané dhéwé-dhéwé, ing kutha sing dienggoni.
17:30 Wong Babil gawé recané Déwa Sukot-Benot, wong Kutha gawé recané Déwa Nergal, wong Hamat gawé recané Déwa Asima,
17:31 wong Awa gawé recané Nibhas lan Tartak. Déné wong Séfarwaim nyaosaké kurban obongan kanggo Déwa Adramèlèkh lan Anamèlèkh; sing dikurbanaké anak-anaké.
17:32 Kejaba nyembah marang déwa-déwa mau wong-wong ing kono uga nyembah marang Allah. Imam-imam sing gawé kurban ana ing papan-papan panyembahané déwa-déwa dipilih saka antarané wong neneka rupa-rupa, sing manggon ana ing kono.
17:33 Dadi wong-wong ing kono padha nyembah marang Allah, nanging uga nyembah marang déwané dhéwé-dhéwé saka negara asalé.
17:34 Sepréné wong-wong mau isih padha ngleluri adat tata carané dhéwé-dhéwé lan ora nyembah marang Allah lan uga ora netepi prenatan-prenatan sing diparingaké déning Allah marang anak-turuné Yakub, sing disebut Israèl.
17:35 Gusti Allah wis damel prejanjian karo Israèl mengkéné, “Aja padha nyembah marang brahala. Aja sujud utawa ngabekti sarta gawé kurban kanggo brahala mau.
17:36 Ngurmatana Aku, Allahmu sing wis ngluwari kowé saka tanah Mesir nganggo mujijat lan kasektèn gedhé. Ngabektia marang Aku lan saosna kurbanmu marang Aku.
17:37 Tetepana dhawuh-Ku lan prenatan-prenatan-Ku sing wis Daktulis kanggo kowé. Aja ngabekti marang déwa-déwa.
17:38 Aja lali marang prejanjian sing Dakgawé karo kowé.
17:39 Mbangun-turuta marang Aku, Allahmu, lan Aku bakal ngluwari kowé saka mungsuh-mungsuhmu.”
17:40 Nanging penduduk Samaria ora gelem nggatèkaké; malah padha tetep ngleluri adat tata carané dhéwé-dhéwé.
17:41 Kejaba nyembah marang Allah, iya tetep padha nyembah marang brahala-brahalané dhéwé-dhéwé. Anak-turuné wong-wong mau sepréné isih nindakaké mengkono.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 12 II Para Raja

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s