II Para Raja 3


3:1 Nalika Yosafat enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak wolulas taun, Yoram, putrané Akhab, wiwit jumeneng raja ing Israèl, dedalem ing Samaria. Lawasé jumeneng raja rolas taun.
3:2 Yoram ora mbangun-turut marang Allah, senajan ora nganti kaya dosané wong tuwané, yakuwi Akhab lan Izébèl. Reca-reca sing digawé déning ramané kanggo nyembah Baal dirusak.
3:3 Nanging ora béda karo Raja Yérobéam bin Nébat, Yoram uga tansah njalari Israèl gawé dosa.
3:4 Mésa raja Moab, sugih raja-kaya. Saben taun Mésa mbayar pajeg marang raja Israèl rupa wedhus gèmbèl lanang 100.000 lan wuluné wedhus gèmbèl lanang 100.000.
3:5 Nanging sasédané Raja Akhab, Mésa mbrontak marang raja Israèl.
3:6 Mulané Raja Yoram miyos saka Samaria lan mriksa angkatan perangé.
3:7 Yoram utusan marang Raja Yosafat ing Yéhuda, didhawuhi matur mengkéné, “Raja Moab mbrontak dhateng kula. Panjenengan kersaa mbiyantu kula merangi raja Moab.” Wangsulané Raja Yosafat, “Inggih, kula purun. Kula badhé dhateng mbekta bala kula sarta prejurit jaranan.
3:8 Kita badhé nyerang saking pundi?” Wangsulané Raja Yoram, “Medal ara-ara samun Édom.”
3:9 Raja Yoram banjur budhal, bebarengan karo raja Yéhuda lan raja Édom. Sawisé ana ing dalan pitung dina padha kentèkan banyu, mula bala jaranan lan kéwan-kéwan sing nggawa momotan padha kasatan. *kasatan: haus (bhs. Ind.).*
3:10 Pangandikané Raja Yoram, “Wah, cilaka kita. Allah badhé ngulungaken kita tetiga ing tanganipun raja Moab!”
3:11 Raja Yosafat ndangu, “Menapa ing ngriki wonten nabinipun Allah, ingkang saged nglantaraken kita nyuwun pitedahipun Pangéran?” Ana perwirané Raja Yoram munjuk, “Élisa bin Safat wonten ing ngriki. Piyambakipun rumiyin dados pembantunipun Nabi Élia.”
3:12 Pangandikané Raja Yosafat, “Leres, Gusti Allah ngandika lantaran piyambakipun.” Raja telu mau banjur padha nemoni Nabi Élisa.
3:13 Nanging Nabi Élisa matur, “Kula mboten badhé mitulungi panjenengan.” Wangsulané Raja Yoram, “Mboten, mergi ingkang badhé ngulungaken kula tetiga ing tanganipun raja Moab menika Gusti Allah.”
3:14 Aturé Nabi Élisa, “Demi asmaning Allah ingkang gesang, ingkang kula bektèni, menawi mboten krana Raja Yosafat, ingkang kula hurmati, kula mesthi mboten preduli *preduli: memperhatikan (bhs. Ind.).* dhateng panjenengan.
3:15 Samenika kula aturi ndhatengaken tukang clempung mriki.” Bareng tukang clempung ngunèkaké clempungé, Nabi Élisa katedhakan déning Rohé Allah,
3:16 banjur ngandika mengkéné, “Gusti Allah dhawuh: ‘Gawéa kalèn sing akèh ana ing ledhokan kéné.
3:17 Senajan ora ana udan ora ana angin, nanging ledhokan kéné bakal kebak banyu, nuli kowé, balamu lan kéwan-kéwan bakal bisa ngombé nganti wareg.’ ”
3:18 Nabi Élisa matur menèh, “Menika sedaya prekawis sepélé kagem Gusti Allah. Gusti Allah malah badhé ngulungaken ugi tiyang-tiyang Moab dhateng panjenengan.
3:19 Sedaya kithanipun ingkang éndah sarta kaubengan ing bètèng bandhé panjenengan gempur. Sakathahing wit-witanipun badhé panjenengan tegor, sedaya etuk badhé panjenengan pepeti lan sedaya pasitènipun ingkang loh badhé panjenengan risak srana kasebaran séla.”
3:20 Ésuké, ing wektuné saos kurban ésuk, ana banyu mili saka peneré *peneré: jurusan (bhs. Ind.).* tanah Édom ngebaki kalèn-kalèn mau.
3:21 Bareng wong-wong Moab krungu yèn raja telu mau padha nglurugi perang, wong kabèh gedhé cilik, tuwa enom sing bisa migunakaké gegaman, dikerigaké lan dipapanaké ing tapel wates.
3:22 Ésuké, bareng wong Moab tangi turu, srengéngéné nyoroti banyu ing kalèn-kalèn nganti katoné abang kaya getih.
3:23 Kandhané wong-wong mau, “Kaé mesthi getih! Tentarané raja telu, mungsuh kita, kuwi mesthi padha bentrok dhéwé lan patèn-patènan! Ayo padha ngrampog kémah-kémahé!”
3:24 Nanging bareng wong Moab teka ing papan kono banjur diserang bala Israèl. Bala Moab mundur, nanging terus dioyak lan sing kecekel dipatèni;
3:25 kutha-kuthané digempur. Saben sawah lan pategalan sing diliwati wong Israèl diuncali watu, nganti sawah lan pategalan mau kebak watu kabèh. Wong Israèl iya mepeti sakèhé etuk lan negori sakèhé wit sing metokaké woh-wohan. Mulané mung kari kutha Kir-Harèsèt, kutha krajané Moab, sing isih ngadeg. Kutha mau banjur dikepung lan dikrutugi watu déning bala sing nggawa bandhil.
3:26 Bareng ngrumangsani yèn ora keconggah *ora keconggah: tidak mampu (bhs. Ind.).* nglawan perang, raja Moab banjur maju karo prejurit pilihan pitung atus, sing ahli perang nganggo pedhang, arep mbobol nerjang barisané tentara Édom, nanging ora bisa.
3:27 Mulané raja Moab mau banjur njupuk putrané mbarep, putra mahkota, digawé kurban ing dhuwur bètènging kutha, kanggo déwané wong Moab. Bala Israèl gila banget weruh kaanan mau, mula padha mundur saka kono, mulih menyang tanahé dhéwé.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 12 II Para Raja

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s