II Para Raja 5


5:1 Naaman, sénapatiné tentara Siria, dikasihi banget déning Sang Prabu, merga Gusti Allah paring kemenangan marang tentara Siria lantaran Naaman mau. Nanging Naaman kuwi gerah kusta.
5:2 Ing sawijining dina tentara Siria nyerbu Israèl, banjur nyekel bocah wadon Israèl didadèkaké tawanan. Bocah mau dadi réwangé garwané Naaman.
5:3 Bocah wadon mau matur karo bendarané, “Ndara, menawi pak Naaman kersa sowan dhateng nabi ingkang dedalem ing Samaria, nabi menika mesthi saged nyarasaken gerahipun.”
5:4 Bareng krungu mengkono mau, Naaman banjur sowan Sang Prabu sarta ngaturaké apa sing dikandhakaké déning bocah wadon Israèl mau.
5:5 Pangandikané Sang Prabu, “Ya wis, sowana raja Israèl, dakgawani layang.” Naaman banjur budhal nggawa dhuwit slaka telung puluh èwu, dhuwit emas nem èwu lan sepuluh setèl sandhangan sing apik banget.
5:6 Layang sing digawa mau surasané mengkéné: “Srana serat menika kula nyowanaken ing ngarsa panjenengan perwira Naaman, kanthi panyuwun kersaa panjenengan nyarasaken sesakitipun.”
5:7 Nalika maos layang mau raja Israèl banjur nyuwèk agemané karo ngandika, “Cilaka temen, yagéné raja Siria ndhawuhi aku marasaké wong iki? Aku rak dudu Allah kang kwasa gawé urip lan patiné wong? Raja Siria iki mesthi mung arep golèk dhadhakan *dhadhakan: jalaran, alasan (bhs. Ind.).* padu.”
5:8 Bareng Nabi Élisa mireng prekara mau, banjur utusan matur marang Sang Prabu, “Kénging menapa panjenengan alit ing penggalih? Tiyangipun kadhawuhana dhateng panggènan kula, supados ngertos, bilih ing Israèl wonten nabi!”
5:9 Naaman banjur budhal karo jaran lan krétané. Satekané ing dalemé Nabi Élisa, Naaman ngadeg ing ngarep lawang.
5:10 Nabi Élisa banjur ngutus abdiné matur marang Naaman, “Kula aturi siram ing Lèpèn Yardèn lan slulup kaping pitu, mangké panjenengan badhé saras babar-pisan.”
5:11 Mireng pangandikané nabi mau Naaman kelara-lara. Pangandikané: “Dakkira nabi kuwi bakal metu nemoni aku, banjur sembahyang marang Pangéran Allahé, sarta numpangaké tangané ing awakku sing lara, lan ngilangaké larané.
5:12 Apa Kali Albana lan Kali Parpar ing Damsyik ora luwih becik ketimbang karo kali endi waé ing Israèl! Aku rak bisa adus ing kana lan dadi waras!”
5:13 Nanging para abdiné Naaman banjur padha matur, “Pak, saupami panjenengan dipun dhawuhi nglampahi prekawis ingkang langkung angèl, menapa mboten badhé panjenengan lampahi? Mangka samenika panjenengan namung kadhawuhan siram, lajeng badhé saras babar-pisan!”
5:14 Mulané Naaman banjur menyang Kali Yardèn, siram ing kono lan slulup rambah kaping pitu, kaya dhawuhé Nabi Élisa. Naaman dadi waras temenan. Sarirané seger kaya wong nom.
5:15 Naaman karo pengiringé banjur tindak menyang dalemé Nabi Élisa, aturé, “Samenika kula mangertos, bilih ing saalam-donya menika namung wonten Allah setunggal, inggih menika Allah ingkang dipun sembah tiyang Israèl. Pramila Bapak kersaa nampi pisungsung kula menika.”
5:16 Wangsulané Nabi Élisa, “Atas asmané Allah ingkang gesang, ingkang kula ladosi, kula mboten badhé nampèni pisungsung menapa kémawon.” Senajan Naaman meksa-meksa, éwasemono Nabi Élisa tetep ora kersa nampèni pisungsungé.
5:17 Naaman banjur matur, “Sarèhné Bapak mboten kersa nampi pisungsung kula, keparenga kula nyuwun siti samomotanipun bilha serakit. Mergi wiwit samenika kula namung badhé saos kurban dhateng Allah kémawon lan mboten dhateng brahala.
5:18 Mugi Allah kersa ngapunten menawi kula ngamping-ampingi Sang Prabu, samasa panjenenganipun sembahyang ing candhinipun Rimon, déwanipun tiyang Siria.”
5:19 Pangandikané Nabi Élisa, “Kula aturi kondur kanthi wilujeng.” Naaman banjur mulih. Ora let suwé sawisé Naaman mundur saka kono,
5:20 Géhazi, abdiné Nabi Élisa mikir, “Lho, yagéné wong kuwi ora dikon mbayar? Bendaraku kuduné kersa nampani pisungsungé wong Siria kuwi! Demi Allah kang gesang, aku kudu olèh opah saka wong kuwi!”
5:21 Géhazi banjur nusul Naaman. Bareng Naaman pirsa ana wong nusul, banjur énggal-énggal mudhun saka krétané lan ndangu, “Ana apa?”
5:22 Wangsulané Géhazi, “Nyuwun ngapunten Pak. Kula dipun utus matur dhateng panjenengan, bilih nembé kémawon wonten nabi kalih dhateng saking paredèn Éfraim. Bapak kula aturi maringi arta slaka tigang èwu lan sandhangan saé kalih setèl kanggé nabi kalih menika.”
5:23 Wangsulané Naaman, “Iya becik,” malah dhawuh supaya Géhazi gelem nggawa dhuwit slaka nem èwu. Naaman madhahi dhuwité ana ing kanthong, lan masrahaké sandhangan sing becik rong setèl. Kabèh mau didhawuhi nggawa abdiné loro, sing ndhisiki lakuné Géhazi .
5:24 Satekané ing gunung dalemé Nabi Élisa, dhuwit lan sandhangan mau nuli disimpen ing njero omah. Para abdiné Naaman dikon mulih.
5:25 Bareng mlebu ing omah, Géhazi didangu Nabi Élisa, “Kowé saka endi?” Aturé Géhazi, “Mboten saking pundi-pundi!”
5:26 Nanging Nabi Élisa ngandika, “Batinku ngetutaké lakumu lan weruh nalika Naaman mudhun saka krétané methukaké kowé. Iki rak dudu mangsané wong nampa dhuwit kanggo tuku kebon zaitun, kebon anggur, wedhus lan sapi!
5:27 Sarèhné kowé nampani pawèwèhé Naaman, kowé iya bakal nampani lelarané. Malah anak-turunmu selawas-lawasé bakal nandhang lelara mau!” Bareng metu saka panggonan kono Géhazi kena lara kusta, kulité malih dadi putih.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 12 II Para Raja

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s