Category Archives: 1 Prajanjian Lawas

Purwaning Dumadi 1

1:1 Ing jaman kuna sing wiwitan mula Gusti Allah nitahaké jagad.
1:2 Bumi kaanané isih ora karu-karuwan, tur sepi banget. Salumahé bumi ketutupan banyu, mangka kaanané peteng ndhedhet. Déné Rohé Allah makarya ana ing sandhuwuré banyu.
1:3 Gusti Allah nuli ngandika, “Anaa padhang.” Banjur ana padhang.
1:4 Gusti Allah mirsani yèn padhang mau wis becik. Panjenengané nuli misah padhang karo peteng,
1:5 sing padhang diarani “rina”, sing peteng diarani “wengi”. Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kapisan.
1:6 Gusti Allah nuli ngandika, “Anaa penthèngan *penthèngan: cakrawala.* kang misahaké banyu dadi loro, ing panggonané dhéwé-dhéwé.” Banjur iya dadi mengkono.
1:7 Kaya mengkono Gusti Allah wus yasa penthèngan kanggo misahaké banyu sing ana sangisoring penthèngan karo banyu sing ana sandhuwuré penthèngan mau.
1:8 Penthèngan kuwi diarani “langit”. Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kapindho.
1:9 Gusti Allah banjur ngandika, “Banyu kang ana ing sangisoring langit padha nglumpuka dadi siji, supaya katona dharatané.” Banjur iya dadi mengkono.
1:10 Dharatan mau diarani “bumi”, lan klumpukané banyu diarani “segara”. Gusti Allah mirsani yèn kaanané wis becik.
1:11 Panjenengané nuli ngandika, “Bumi metokna tetuwuhan rupa-rupa, yakuwi thethukulan kang nuwuhaké wiji, lan wit-witan kang metokaké woh-wohan.” Banjur iya dadi mengkono.
1:12 Bumi metokaké tetuwuhan werna-werna, iya thethukulan sing nuwuhaké wiji, semono uga wit-witan sing metokaké woh-wohan. Gusti Allah mirsani yèn kuwi mau kabèh wis becik.
1:13 Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang katelu.
1:14 Gusti Allah banjur ngandika, “Ing langit anaa pepadhangé sing misahaké rina lan wengi, sarta kanggo tengeran wiwitané dina, taun lan mangsa riaya manut prenataning agama.
1:15 Karo menèh padha dadia pepadhang ing langit lan madhangana bumi.” Banjur iya dadi mengkono.
1:16 Gusti Allah yasa pepadhang loro sing gedhé, yakuwi srengéngé ngerèh wayah rina, lan rembulan ing wayah bengi, mengkono uga yasa lintang-lintang.
1:17 Pepadhang-pepadhang mau diprenahaké déning Gusti Allah ana ing langit kanggo madhangi bumi,
1:18 ngerèh wayah rina lan wayah bengi, apa déné misahaké padhang karo peteng. Gusti Allah mirsani yèn kabèh mau wis becik.
1:19 Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kapat.
1:20 Gusti Allah nuli ngandika, “Ing banyu anaa kéwan banyu werna-werna, lan ing awang-awang anaa manuké.”
1:21 Gusti Allah nitahaké kéwan kang gedhé-gedhé banget, lan werna-werna sing padha urip ing banyu, semono uga sakèhé manuk. Gusti Allah mirsani yèn kuwi kabèh wis becik.
1:22 Nuli padha diberkahi; pangandikané marang kéwan-kéwan sing ana ing banyu, “Padha bebranahana *bebranahan: tangkar-tumangkar: berkembang biak.* lan tangkar-tumangkara, ngebakana banyuning segara. Lan manuk-manuk padha tangkar-tumangkara ana ing bumi.”
1:23 Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kalima.
1:24 Gusti Allah banjur ngandika, “Ing bumi anaa kéwan werna-werna, kéwan ingon-ingon lan kéwan alasan, kang gedhé lan kang cilik.” Banjur iya dadi mengkono.
1:25 Gusti Allah yasa sato kéwan kuwi mau kabèh, sarta dipirsani wis becik.
1:26 Gusti Allah nuli ngandika, “Ayo Kita padha yasa manungsa, nulad gambar lan pasemon Kita. Manungsa iku ngwasanana iwak-iwak, manuk-manuk, lan sakèhé kéwan ingon-ingon lan kéwan alasan, sing gedhé tekan sing cilik dhéwé pisan.”
1:27 Gusti Allah nuli yasa manungsa nulad gambar lan pasemoné Piyambak. Enggoné nitahaké manungsa mau lanang lan wadon.
1:28 Nuli padha diberkahi, pangandikané, “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; turunmu padha ngebakana lan ngwasanana bumi. Mengkono uga padha ngwasanana sakèhing iwak, manuk-manuk lan kéwan-kéwan alasan.”
1:29 Sarta pangandikané menèh, “Kowé padha Dakparingi sarupané thethukulan kang metokaké wiji, apa déné sarupané woh-wohan minangka panganmu;
1:30 nanging sakèhing sato-kéwan alasan lan sakèhing manuk sarta sarupaning kéwan-kéwan liyané Dakparingi suket lan godhongé tetuwuhan minangka pangané.” Banjur iya dadi mengkono.
1:31 Gusti Allah nuli mirsani samubarang yasané, lan kabèh mau wis becik banget. Mengkono wis dadi soré lan wis dadi ésuk; yakuwi dina kang kanem.

Leave a comment

Filed under 01 Purwaning Dumadi, 1 Prajanjian Lawas

Purwaning Dumadi 2

2:1 Mengkono mau rampungé dumadiné jagad lan saisiné kabèh.
2:2 Ing dina kapitu Gusti Allah wis ngrampungaké sakèhing yasané, banjur kèndel enggoné makarya. *makarya: nyambut-damel.*
2:3 Dina kapitu mau nuli diberkahi sarta disengker, merga ing dina kuwi Panjenengané kèndel ing pakaryan enggoné nitahaké samubarang yeyasané.
2:4 Kaya mengkono dumadiné jagad nalika dititahaké.
2:4b Nalika Gusti Allah nitahaké jagad,
2:5 ing bumi durung ana tetuwuhan, lan durung ana wiji sing thukul, awit Gusti Allah durung nekakaké udan lan durung ana wong ngolah bumi.
2:6 Nanging ana banyu metu saka sangisoring lemah lan nelesi palemahan mau kabèh.
2:7 Gusti Allah banjur mundhut lemah saka ing bumi kawangun manungsa; nuli bolongané irungé kasebul nganggo napasing urip, mula manungsa banjur urip.
2:8 Gusti Allah banjur yasa petamanan ing tanah Èden, ing sisih Wétan. Ana ing petamanan kono Gusti Allah enggoné mapanaké manungsa sing didhapur mau.
2:9 Ing petamanan kono Gusti Allah nukulaké sakèhé wit-witan sing katon asri, lan sing metokaké woh-wohan sing becik kanggo pangan. Ing satengahing petamanan uga ana witing kauripan, lan witing pangerti bab kang ala lan becik.
2:10 Ing kono ana kali gedhé sing ngilèni petamanan mau. Ing sanjabané petamanan kali gedhé kuwi banjur cawang dadi kali papat.
2:11 Kali sing kapisan jenengé Pison; kali iki iliné ngubengi ing satanah Hawila.
2:12 Ing tanah kono ana emasé murni, uga ana bangsané blendok sing ambuné wangi banget, sarta sesotya-sesotya *sesotya: séla ingkang adi.* sing rupané éndah banget.)
2:13 Kali sing kapindho jenengé Gihon, iliné ngubengi satanah Kus.
2:14 Kali kang katelu Tigris, lakuné metu ing sawétané tanah Asyur; déné kali kang kapat, Éfrat.
2:15 Gusti Allah mapanaké manungsa ana ing petamanan Èden, didhawuhi ngolah lan ngreksa petamanan mau,
2:16 karo dingandikani mengkéné, “Sarupané wit-witané petamanan iki wohé olèh kokpangan,
2:17 kejaba mung witing pangerti bab kang ala lan becik, kuwi wohé aja kokpangan. Awit samasa kowé mangan wohé mau, ing dina kuwi uga kowé bakal mati.”
2:18 Gusti Allah banjur ngandika, “Ora prayoga yèn manungsa mung ijèn waé. Dakyasakné kanca kang sembada.”
2:19 Gusti Allah banjur mundhut lemah, nuli kadhapur dadi sarupané sato kéwan lan sarupané manuk. Kabèh mau banjur dipapanaké ana ing ngarepé manungsa, awit Gusti Allah kersa mirsani, kepriyé manungsa enggoné mènèhi jeneng marang kéwan-kéwan mau. Yakuwi mula-bukané kéwan lan manuk padha duwé jeneng dhéwé-dhéwé.
2:20 Mengkono dadiné manungsa mènèhi jeneng marang sarupané kéwan. Nanging ora ana manungsa siji waé sing bisa dadi réwangé sing sembada.
2:21 Gusti Allah nuli ndadèkaké manungsa mau turu kepati, lan igané dipundhut siji; tilas panggonané iga kang kapundhut mau diisèni daging.
2:22 Iga sing kapundhut saka manungsa mau nuli didhapur déning Gusti Allah dadi wong wadon, banjur dipapanaké ana ing ngarepé manungsa.
2:23 Ing kono manungsa nuli ngucap, “Yaiki titah sing kaya aku, sing balungé saka balungku, lan dagingé saka dagingku. Manungsa iki diarani ‘kedhini’, *kedhini: èstri.* awit kajupuk saka kedhana.” *kedhana: jaler.*
2:24 Mulané wong lanang pinesthi ninggal bapa-biyungé lan rumaket marang rabiné, sarta sekaroné bakal dadi badan siji.
2:25 Manungsa lanang lan wadon mau sekaroné padha wuda, éwadéné ora rumangsa isin.

Leave a comment

Filed under 01 Purwaning Dumadi, 1 Prajanjian Lawas

Purwaning Dumadi 3

3:1 Padha-padha kéwan sing katitahaké déning Gusti Allah, ula kuwi kéwan sing sugih akal. Ula mau takon karo wong wadon, “Apa bener Gusti Allah ora marengaké kowé mangan wohing wit-witan kabèh sing ana ing petamanan iki?”
3:2 Wangsulané wong wadon, “Wohé wit-witan ing petamanan iki padha olèh dakpangan,
3:3 kejaba mung wohé wit sing ana ing satengahé petamanan; sing didhawuhaké déning Gusti Allah, ‘Aja kokpangan, malah kokgepok waé ora kena, supaya kowé aja padha mati.’ ”
3:4 Ula banjur kandha, “Kuwi ora bener! Kowé ora bakal mati!
3:5 Gusti Allah enggoné ngandika mengkono mau merga pirsa yèn samasa kowé padha mangan woh kuwi, kowé bakal dadi kaya Gusti Allah, lan ngerti apa sing becik lan sing ala.”
3:6 Wong wadon bareng namataké banjur kesengsem marang kaéndahané wit lan wohé mau, sing sajak prayoga dipangan lan bisa ngolèhaké kapinteran, mulané banjur methik woh mau, nuli dipangan. Sing lanang diwènèhi lan iya mèlu mangan.
3:7 Sanalika iku uga pikirané wong loro mau kabukak, temahan padha weruh yèn wuda. Mulané banjur padha nggandhèng-nggandhèng godhong anjir kanggo nutupi awaké.
3:8 Soréné bareng lan sumiliré angin, manungsa lan sing wadon padha krungu sebawané tindaké Gusti Allah lumampah ana ing petamanan, nuli padha umpetan ing antarané wit-witan, supaya ora konangan.
3:9 Gusti Allah banjur nimbali manungsa, pangandikané, “Kowé ana ing endi?”
3:10 Wangsulané manungsa, “Sareng kawula mireng Panjenengan tindak wonten ing petamanan, kawula ajrih, mila lajeng umpetan, awit kawula wuda.”
3:11 Gusti Allah ndangu, “Sapa kang ngandhani kowé, yèn kowé wuda? Apa kowé mangan wohing wit sing ora Dakparengaké kokpangan?”
3:12 Aturé manungsa, “Tiyang èstri ingkang Panjenengan paringaken dados sisihan kawula menika ingkang nyukani wohipun wit wau dhateng kawula, sarta lajeng kawula tedha.”
3:13 Gusti Allah banjur ndangu marang wong wadon, “Apa sebabé kowé koktumindak mengkono?” Aturé wong wadon, “Sawer ingkang ngapusi kawula, temahan kawula lajeng nedha.”
3:14 Gusti Allah banjur ngandika marang si ula, “Sarèhné kowé nglakoni kang mengkono kuwi, mulané kowé kena ing ipat-ipat merga penggawému. Ing ngatasé sarupané kéwan, mung kowé dhéwé kang nampani paukuman iki. Wiwit saiki lakumu bakal nlosor, lan kowé bakal mangan lebu sajegé uripmu.
3:15 Kowé lan wong wadon iki bakal tansah padha memungsuhan; semono uga turuné wong wadon iki lan turunmu. Turuné wong wadon iki bakal ngremuk endhasmu, lan kowé bakal ngremuk tungkaké.”
3:16 Gusti Allah nuli ngandika marang wong wadon, “Aku bakal muwuhi rekasamu sajroné kowé ngandheg, nglarani lan nglairaké anak; éwadéné kowé bakal tansah kepéncut marang bojomu, mangka wong kuwi bakal ngwasani kowé.”
3:17 Gusti Allah nuli ngandika marang wong lanang, “Sarèhné kowé nggugu marang tembungé rabimu, sarta mangan wohé wit sing ora Dakparengaké kokpangan, mulané bumi kena ing ipat-ipat krana kowé: Supaya kowé bisa mangan pametuné bumi iki, sajegé urip kowé bakal ngrekasa.
3:18 Bumi bakal metokaké eri lan rerungkudan; iya pametuné kuwi sing dadi panganmu.
3:19 Enggonmu mangan rejekimu nganggo nyambut-gawé abot, nganti tekan patimu, bali marang bumi asalmu. Sarèhné kowé kuwi lebu, mula bakal bali dadi lebu menèh.”
3:20 Manungsa (Adam) awèh jeneng marang bojoné Kawa, merga wong wadon kuwi dadi lajering manungsa kabèh.
3:21 Gusti Allah banjur yasa sandhangan saka welulang dianggokaké marang Adam lan Kawa.
3:22 Gusti Allah nuli ngandika, “Saiki manungsa wis padha karo Kita, ngerti bab kang becik lan kang ala. Mulané saiki manungsa aja nganti methik sarta mangan wohé wit panguripan, temah urip ing selawasé.”
3:23 Gusti Allah banjur nundhung manungsa saka petamanan Èden, kadhawuhan ngolah lemah kang dadi asalé.
3:24 Sawusé mengkono Gusti Allah banjur mrenahaké malaékat Kerub ing sawétané petamanan Èden, karo nggawa pedhang murub sing tansah diobat-abitaké. Kuwi kanggo njaga, supaya aja ana wong sing wani nyedhaki witing panguripan.

Leave a comment

Filed under 01 Purwaning Dumadi, 1 Prajanjian Lawas

Purwaning Dumadi 4

4:1 Adam urip bebarengan karo Kawa, somahé, temah Kawa ngandheg, lan mbabar anak lanang. Pangucapé Kawa, “Merga saka pitulungané Gusti Allah aku duwé anak lanang.” Mulané anaké mau dijenengaké Kain.
4:2 Sawisé kuwi Kawa mbabar anak lanang menèh, dijenengaké Abil. Abil dadi pangon wedhus, lan Kain dadi wong tani.
4:3 Sawisé wetara mangsa Kain mau nyaosaké kurban marang Gusti Allah saka pametuné lemahé.
4:4 Déné Abil uga njupuk cempé tembéan, *tembéan: sepisanan.* disembelèh lan dagingé sing apik dhéwé kacaosaké minangka kurban marang Gusti Allah. Gusti Allah rena marang pisungsungé Abil,
4:5 nanging pisungsungé Kain ditampik, mula Kain nepsu banget, lan ulaté mbesengut.
4:6 Gusti Allah nuli ngandika marang Kain, “Yagéné kowé nepsu? Apa sebabé ulatmu mbesengut?
4:7 Menawa tumindakmu becik, mesthi ulatmu padhang. Nanging sarèhné tumindakmu ala, dosa wis cumepak ana ing ngareping lawangé atimu, arep ngwasani kowé; nanging kuwi kudu koktelukaké.”
4:8 Kain banjur kandha karo Abil, adhiné, “Ayo padha menyang tegalan.” Bareng wis tekan tegalan Abil nuli digebug sarta dipatèni.
4:9 Gusti Allah nuli ndangu marang Kain, “Abil adhimu ana ing endi?” Aturé Kain, “Kawula mboten sumerep. Menapa kawula menika pamomongipun adhi kawula?”
4:10 Pangandikané Gusti Allah, “Yagéné kowé koknglakoni pretingkah kang mengkono? Getihé adhimu sesambat marang Aku saka ing bumi, nyuwun piwales.
4:11 Mulané kowé kena ing ipat-ipat lan katundhung saka ing bumi kéné, merga lemah iki wis mangap nadhahi getihé adhimu nalika kokpatèni.
4:12 Menawa kowé nggarap lemah, ora bakal ana pametuné. Kowé bakal ora duwé panggonan sing tetep lan bakal nglembara ana ing bumi.”
4:13 Unjuké Kain marang Gusti Allah, “Paukuman menika awrat sanget, ngantos kawula mboten kiyat nyanggi.
4:14 Panjenengan sampun nundhung kawula saking bumi ngriki, tebih saking pengayoman Panjenengan. Kawula badhé dados tiyang nglembara ingkang mboten gadhah panggènan ingkang tetep wonten ing bumi, lan sintena kémawon ingkang mrangguli kawula temtu badhé mejahi kawula.”
4:15 Nanging Gusti Allah ngandika, “Ora pisan-pisan. Menawa ana kang matèni kowé, bakal kawales tikel ping pitu.” Kain nuli diparingi ciri *ciri: tandha, tenger.* déning Gusti Allah, supaya aja nganti dipatèni déning sapa waé sing mrangguli.
4:16 Kain banjur mundur saka ngarsané Gusti Allah lan manggon ing tanah Nod, ing sawétané tanah Èden.
4:17 Kain lan bojoné duwé anak lanang, dijenengaké Hénokh. Kain nuli ngedegaké kutha dijenengaké kaya jenengé anaké mau, yakuwi Hénokh.
4:18 Hénokh nurunaké Irad. Irad nurunaké Mekhuyaèl; Mekhuyaèl nurunaké Metusaèl, Metusaèl nurunaké Lamèkh.
4:19 Lamèkh duwé bojo loro: Ada lan Zila.
4:20 Ada duwé anak Yabal, lan Yabal kuwi dadi leluhuré bangsa sing ngingu raja-kaya lan manggon ing kémah.
4:21 Adhiné Yabal jenengé Yubal, dadi leluhuré para wong sing seneng nylempung lan nyuling.
4:22 Zila nglairaké Tubal-Kain, dadi leluhuré para sayang *sayang: tukang tembaga.* lan pandhé. Tubal-Kain duwé adhi wadon, jenengé Naamah.
4:23 Lamèkh kandha karo bojo-bojoné mengkéné, “Ada lan Zila, padha rungokna kandhaku! Yèn ana wong natoni aku, wong kuwi mesthi dakpatèni, semono uga yèn ana nonoman sing gawé bilurku.
4:24 Yèn wong matèni Kain diwales ping pitu, nanging yèn matèni aku, bakal diwales ping pitung puluh pitu.”
4:25 Adam lan Kawa diparingi anak menèh. Pangucapé Kawa, “Gusti Allah wis maringi aku anak lanang ijolé Abil, sing dipatèni Kain.” Mulané anak mau dijenengaké Sèt.
4:26 Sèt duwé anak lanang, dijenengaké Énos. Nalika semono wong wiwit padha manembah klawan nyebut Asmané Gusti Allah.

Leave a comment

Filed under 01 Purwaning Dumadi, 1 Prajanjian Lawas

Purwaning Dumadi 5

5:1 Iki sejarahé Adam. [Nalika Gusti Allah nitahaké Adam, kadamel nulad pasemoné Gusti Allah piyambak.
5:2 Padha katitahaké lanang lan wadon, sarta padha diberkahi lan diarani “manungsa”.]
5:3 Nalika Adam umur 130 taun nuli kaparingan anak lanang, sing rupané mèmper karo bapakné. Anak mau dijenengaké Sèt.
5:4 Sawisé kaparingan anak Sèt, Adam isih kawuwuhan umur 800 taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon,
5:5 lan tilar-donya nalika umur 930 taun.
5:6 Nalika Sèt umur 105 taun, kaparingan anak lanang, jenengé Énos.
5:7 Sawisé kuwi Sèt isih kawuwuhan umur 807 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:8 sarta tilar-donya nalika umur 912 taun.
5:9 Nalika Énos umur 90 taun kaparingan anak lanang, jenengé Kénan.
5:10 Sawisé iku Énos isih kawuwuhan umur 815 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:11 lan tilar-donya nalika umur 905 taun.
5:12 Nalika Kénan umur 70 taun kaparingan anak lanang, jenengé Mahalaléèl.
5:13 Sawisé kuwi Kénan isih kawuwuhan umur 840 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:14 sarta tilar-donya nalika umur 910 taun.
5:15 Nalika Mahalaléèl umur 65 taun kaparingan anak lanang, jenengé Yarèd.
5:16 Sawisé kuwi Mahalaléèl isih kawuwuhan umur 830 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:17 sarta tilar-donya nalika umur 895 taun.
5:18 Nalika Yarèd umur 162 taun kaparingan anak lanang, jenengé Hénokh.
5:19 Sawisé kuwi Yarèd isih kawuwuhan umur 800 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:20 sarta tilar-donya nalika umur 962 taun.
5:21 Nalika Hénokh umur 65 taun kaparingan anak lanang, jenengé Metusalah.
5:22 Sawisé kuwi Hénokh isih kawuwuhan umur 300 taun, kaparingan anak lanang lan wadon.
5:23 Umuré Hénokh nyandhak 365 taun.
5:24 Hénokh uripé tansah tetunggilan karo Gusti Allah. Dumadakan Hénokh ilang, merga kapulung déning Panjenengané.
5:25 Nalika Metusalah umur 187 taun kaparingan anak lanang, jenengé Lamèkh.
5:26 Sawisé kuwi Metusalah isih kawuwuhan umur 782 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:27 sarta tilar-donya nalika umur 969 taun.
5:28 Nalika Lamèkh umur 182 taun kaparingan anak lanang.
5:29 Pangucapé Lamèkh, “Bocah iki bakal ngluwari kita saka pegawéan kita sing abot, yakuwi nggarap lemah sing wis dibendoni *dibendoni: dipun ukum.* déning Gusti Allah.” Mulané anaké dijenengaké Nuh.
5:30 Sawisé kuwi isih kawuwuhan umur 595 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:31 sarta tilar-donya nalika umur 777 taun.
5:32 Nalika Nuh umur 500 taun kaparingan anak lanang telu, yakuwi Sèm, Kham lan Yafèt.

Leave a comment

Filed under 01 Purwaning Dumadi, 1 Prajanjian Lawas

Purwaning Dumadi 6

6:1 Manungsa sangsaya akèh, sumebar ing bumi, lan duwé anak wadon-wadon.
6:2 Para putrané Allah bareng weruh yèn anak-anaké wadon para manungsa mau padha ayu-ayu, endi sing disenengi nuli dipèk bojo.
6:3 Gusti Allah banjur ngandika, “Roh-Ku ora bakal selawasé nunggil karo manungsa, sing uripé mung nuruti hawa-nepsuning daging. Manungsa mesthi mati. Umuré ora bakal luwih saka 120 taun.”
6:4 Wiwit nalika semono ing bumi ana wong-wong sing dedegé gedhé dhuwur gagah prakosa, yakuwi anak-turuné para wong wadon anaké manungsa, sing kawin karo para putrané Allah. Wong-wong prakosa mau para perwira ing jaman kuna, sing kondhang jenengé.
6:5 Bareng Gusti Allah pirsa gedhéning durakané manungsa ing bumi, lan saobah-isiking atiné selawasé ala waé,
6:6 ing kono Gusti Allah keduwung enggoné nitahaké manungsa ana ing bumi. Gusti Allah cuwa ing penggalih,
6:7 nganti ngandika, “Manungsa kang Daktitahaké bakal Daktumpes saka lumahing bumi, semono uga sakèhé kéwan lan sarupaning manuk, merga Aku keduwung marang apa kang wis Daktitahaké.”
6:8 Mung Nuh sing gawé renaning penggalihé Allah.
6:9 Iki critané Nuh. Nuh kuwi wong mursid, tanpa cacad ana ing antarané wong-wong ing jaman semono. Uripé Nuh tansah tetunggilan karo Gusti Allah.
6:10 Nuh duwé anak lanang telu, jenengé: Sèm, Kham lan Yafèt.
6:11 Nanging wong liya-liyané mau ala ana ing pamirsané Allah. Ing endi-endi anané mung panganiaya.
6:12 Gusti Allah pirsa yèn bumi wis dadi ala babar-pisan, awit manungsa kabèh uripé kebak piala.
6:13 Gusti Allah nuli ngandika marang Nuh, “Aku wis gawé putusan mungkasi uripé manungsa kabèh, arep Daktumpes babar-pisan, merga bumi wis kebak panganiaya.
6:14 Kowé gawéa prau; gawénen saka kayu gofèr, kayu sing sentosa. Ing njeroné prau gawénen singgetan-singgetan, ing njero lan ing njabané usarana lenga kenthel.
6:15 Gawénen dawané 133 mèter, ambané 22 mèter, lan dhuwuré 13 mèter.
6:16 Prau mau gawèkna payon, lan ing antarané payon lan sisihé prau kudu ana lowongan 44 sèntimèter. Prau kuwi gawénen tundha telu. Lawangé pasangen ing lambungé.
6:17 Aku bakal nekakaké banjir gedhé sing ngelebi bumi, kanggo numpes sarupané tumitah sing urip. Sakèhé tumitah sing ana ing bumi mesthi bakal mati.
6:18 Nanging Aku kersa gawé prejanjian karo kowé. Mlebua ing prau, kowé lan anak-anakmu, bojomu lan bojoné anak-anakmu.
6:19 Iya nggawaa mlebu sarupané bangsa kéwan, saben jinis nyejodho, supaya padha urip bareng karo kowé.
6:20 Sawernané anaa sing lanang lan sing wadon. Bangsa manuk werna-werna, bangsa kéwan nusoni werna-werna, apa déné sakèhé bangsa kéwan rumangkang, nlosor lan gumremet ana ing bumi werna-werna; saben jinisé bakal ana sejodho nekani kowé, supaya lestaria urip.
6:21 Semono uga nggawaa sarupaning pangan kanggo kowé lan kanggo kéwan-kéwan mau.”
6:22 Nuh nindakaké sakèhing dhawuhé Gusti Allah.

Leave a comment

Filed under 01 Purwaning Dumadi, 1 Prajanjian Lawas

Purwaning Dumadi 7

7:1 Gusti Allah nuli ngandika marang Nuh, “Kowé lan sabrayatmu kabèh padha mlebua ing prau, awit Daktingali mung kowé dhéwé kang mbangun-turut marang dhawuh-Ku.
7:2 Nggawaa saben jinisé kéwan sing kalal mitung jodho, lan saben jinis kéwan sing ora kalal nyejodho.
7:3 Iya nggawaa saben jinis manuk mitung jodho, supaya saben jinis kéwan lan manuk ora katut kasirnakaké, bisaa tangkar-tumangkar menèh ana ing bumi.
7:4 Pitung dina engkas Aku bakal nekakaké udan deres nganti patang puluh dina lawasé, supaya sakèhing titah sing urip mati kabèh.”
7:5 Nuh nuli ngèstokaké apa sadhawuhé Gusti Allah.
7:6 Nalika banjir patopan *patopan: bandhang, ageng.* ngelebi bumi mau Nuh umur 600 taun.
7:7 Nuh lan bojoné, anak-anaké lan para mantuné wadon padha mlebu kabèh ana ing prau, ngoncati banjir patopan.
7:8 Kéwan sing kalal lan kéwan sing ora kalal, apa déné manuk lan sedhéngah titah sing duwé nyawa,
7:9 padha nekani marang Nuh, mlebu ing prau nyejodho, kaya sing dadi dhawuhé Allah marang Nuh.
7:10 Kecrita sawisé pitung dina mau, banjiré patopan ngelebi bumi.
7:11 Nalika Nuh umur 600 taun, ing sasi kapindho tanggalé ping pitulas, nuju ing dina kuwi sakèhé sumbering segara sing ana ing sangisoring bumi padha bedhah, lan lawanging langit padha kawengakaké,
7:12 temah udan deres kaesokaké ing bumi lawasé nganti patang puluh dina patang puluh bengi.
7:13 Bareng sedina iku uga Nuh mlebu ing prau bebarengan karo anak-anaké: Sèm, Kham lan Yafèt, mengkono uga bojoné Nuh lan para anak-mantuné wadon telu iya padha mèlu.
7:14 Bareng karo Nuh mau iya padha mèlu mlebu prau, saben jinis kéwan ingon-ingon lan kéwan alasan, gedhé cilik, apa menèh saben jinis manuk,
7:15 saben jinis nyejodho-nyejodho,
7:16 kaya sing dadi dhawuhé Gusti Allah marang Nuh. Sawisé mengkono Gusti Allah piyambak nginebaké lawangé prau.
7:17 Banjir patopan mau saya mundhak gedhé, nganti patang puluh dina lawasé, ngelebi bumi,
7:18 temah prauné kaangkat, kumambang ana ing sandhuwuré banyu.
7:19 Banyuné tansah mundhak dhuwur, temah nutupi sakèhing gunung sing dhuwur-dhuwur, malah iya sing dhuwur dhéwé pisan.
7:20 Enggoné mundhak-mundhak dhuwur mau nganti tekan pitung mèter sandhuwuré pucaké gunung-gunung mau.
7:21 Saben titah sing ana ing bumi padha mati; manuk, kéwan lan manungsa.
7:22 Sakèhing makluk sing ambekan padha mati.
7:23 Kaya mengkono enggoné Gusti Allah numpes sakèhing tumitah ing bumi: manungsa, kéwan lan manuk; mung kari Nuh lan kabèh sing bebarengan karo Nuh ana ing prau mau.
7:24 Banjir patopan mau ora surud-surud, suwéné nganti satus sèket dina.

Leave a comment

Filed under 01 Purwaning Dumadi, 1 Prajanjian Lawas

Purwaning Dumadi 8

8:1 Gusti Allah nuli ngèngeti marang Nuh lan marang sakèhing kéwan sing padha mèlu ana ing prau. Mulané banjur nekakaké angin ana ing bumi, temah banyuné wiwit surud.
8:2 Karo déné sumbering segara ing sangisoring bumi lan lawanging langit kabèh padha kapepetan, udané deres banjur terang.
8:3 Banyuné nuli surud sajroné satus sèket dina.
8:4 Wasana nalika sasi kapitu tanggalé ping pitulas prauné kandhas ana ing pegunungan tanah Ararat.
8:5 Banyuné sangsaya surud nganti tekan sasi kasepuluh. Nalika tanggal siji sasi kasepuluh pucak-pucaké gunung-gunung wiwit padha katon.
8:6 Sawisé patang puluh dina, Nuh banjur ngengakaké jendhélané prau,
8:7 lan ngeculaké manuk gagak. Manuk mau ora bali, nanging mabur mrana-mréné nganti banyuné asat babar-pisan.
8:8 Sawisé mengkono Nuh ngeculaké manuk dara, arep meruhi apa banyuné wis surud temenan.
8:9 Nanging sarèhné banyuné isih nutupi salumahé bumi, manuk dara mau ora olèh péncokan, mulané mbalèni Nuh menyang prau. Nuh banjur ngegaraké tangané, darané dicekel lan dilebokaké menèh ing prau.
8:10 Nuh nuli ngentèni pitung dina engkas, banjur darané dieculaké menèh.
8:11 Bareng wayah soré dara mau teka, cucuké nggondhol godhong zaitun sing isih seger, mulané Nuh ngerti yèn banyuné wis surud.
8:12 Sawisé kuwi Nuh ngentèni menèh pitung dina lawasé. Nuli darané dieculaké menèh. Dara mau ora bali menèh.
8:13 Nalika Nuh umur 601 taun, tanggal siji sasi kapisan, banyuné wis surud babar-pisan. Nuh nuli mbukak payoné prau, sarta ngawasaké kiwa-tengené. Lemahé wis katon asat.
8:14 Nalika tanggal pitulikur sasi sing kapindho, bumi wis garing temenan.
8:15 Gusti Allah banjur ngandika marang Nuh,
8:16 “Padha metua saka prau, kowé, bojomu, anak-anakmu lan para anak mantumu.
8:17 Semono uga sarupané manuk lan kéwan, supaya padha bebranahan lan tangkar-tumangkar ngambra-ambra ana ing bumi.”
8:18 Nuh banjur metu saka ing prau, bebarengan karo bojoné, anak-anaké lan para anak mantuné.
8:19 Sarupané kéwan lan manuk nuli padha metu saka ing prau, sapantha-sapantha manut jinisé.
8:20 Nuh banjur yasa mesbèh konjuk marang Gusti Allah; nuli njupuk saka panunggalané jinis kéwan lan manuk sing kalal, dicaosaké dadi kurban obaran ana ing mesbèh mau.
8:21 Ganda arum sing sumebar saka kurban obaran mau gawé renaning penggalihé Gusti Allah. Panjenengané nuli ngandika mengkéné, “Ing sebanjuré Aku ora bakal nyepatani bumi iki merga penggawéné manungsa, sing obah-osiké atiné ala wiwit cilik mula. Aku wis ora bakal numpes menèh sarupané titah kang urip kaya kang wus Daktindakaké.
8:22 Selawasé mesthi bakal ora kendhat ana mangsa nyebar lan mangsa panèn, mangsa atis lan mangsa panas, ketiga lan rendheng, rina lan wengi.”

Leave a comment

Filed under 01 Purwaning Dumadi, 1 Prajanjian Lawas

Purwaning Dumadi 9

9:1 Gusti Allah mberkahi Nuh lan anak-anaké, pangandikané, “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara sarta ngebakana bumi.
9:2 Sarupané kéwan ing bumi lan sarupané manuk sarta iwak bakal wedi lan giris marang kowé. Kéwan-kéwan mau kabèh wis kapasrahaké marang kowé.
9:3 Lah kabèh iki kena kokpangan, padha kaya tetuwuhan ijo; kabèh mau dipasrahaké supaya dadi panganmu.
9:4 Mung daging kang isih ana nyawané, yakuwi daging sing isih ana getihé, kuwi aja kokpangan, awit nyawa kuwi dunungé ana ing getih.
9:5 Sapa sing matèni manungsa bakal kaukum. Aku bakal ngukum pati marang sarupaning kéwan sing matèni manungsa.
9:6 Sing sapa matèni manungsa, bakal dipatèni déning manungsa, awit manungsa katitahaké nulad gambaré Gusti Allah.
9:7 Ana déné kowé padha bebranahana lan tangkar-tumangkara, supaya anak putumu ngambra-ambra ngebaki bumi.”
9:8 Karo menèh Gusti Allah ngandika marang Nuh lan anak-anaké,
9:9 “Saiki Aku arep gawé prejanjian karo kowé lan turunmu ing sapungkurmu,
9:10 lan karo sadhéngaha titah sing urip, yakuwi sarupané manuk, sarupané kéwan sing mèlu kowé metu saka ing prau.
9:11 Aku gawé prejanjian karo kowé, yèn ing sebanjuré Aku ora bakal numpes sakèhing nyawa kang urip srana keleban ing banyu.
9:12 Minangka pretandhané prejanjian kang Daktetepaké selawas-lawasé ing antara-Ku karo kowé, sarta sarupaning nyawa urip kang mèlu kowé,
9:13 Aku bakal mrenahaké kluwung ana ing mendhung. Kluwung mau bakal dadi pretandhané prejanjian ing antarané Aku karo bumi.
9:14 Samangsa-mangsa Aku ngumpulaké mendhung ing sandhuwuré bumi, mangka kluwungé banjur katon ana ing kono,
9:15 Aku mesthi bakal ngèngeti ing prejanjian-Ku karo kowé lan karo sarupaning nyawa urip, temah ora bakal ana banjir patopan menèh kang numpes sarupaning titah kang urip.
9:16 Samangsa ing mendhung ana kluwung, bakal Dakpandeng supaya ngèngeti ing Prejanjian langgeng ing antarané Allah karo sedhéngah nyawa urip kang ana ing bumi.
9:17 Iku pretandhané prejanjian kang Dakgawé ing antarané Aku karo sarupané titah urip kang ana ing bumi.”
9:18 Anak-anaké Nuh sing padha metu saka ing prau yakuwi: Sèm, Kham lan Yafèt. (Déné Kham kuwi bapakné Kenaan.)
9:19 Anaké Nuh telu-teluné mau dadi leluhuré wong sadonya.
9:20 Nuh kuwi wong tani. Iya sing wiwitan dhéwé gawé kebon anggur.
9:21 Bareng ngombé angguré, Nuh nuli mendem, nguculi sandhangané kabèh, banjur turu ana ing kémahé.
9:22 Nalika Kham, bapakné Kenaan, weruh kaya mengkono, banjur crita karo seduluré loro sing ana ing njaba.
9:23 Sèm lan Yafèt nuli njupuk jubahé bapakné, kasampiraké ing pundhak lan karo mlaku mungkur nutupi awaké Nuh, temahan ora weruh kawirangané bapakné.
9:24 Bareng Nuh mari enggoné mendem, lan krungu apa sing dadi penggawéné Kham, anaké sing ragil,
9:25 banjur ngandika, “Kenaa ing ipat-ipat si Kenaan! dadia baturé-baturé sedulur-seduluré.
9:26 Pinujia Allahé Sèm! Kenaan bakal dadi baturé Sèm.
9:27 Allah maringana ombèr *ombèr: longgar.* marang Yafèt, karebèn manggon bebarengan karo turuné Sèm. Déné Kenaan kuwi bakal dadi baturé Yafèt!”
9:28 Sawisé banjir patopan Nuh isih ginanjar umur telung atus sèket taun.
9:29 Nalika tilar-donya umuré Nuh 950 taun.

Leave a comment

Filed under 01 Purwaning Dumadi, 1 Prajanjian Lawas

Purwaning Dumadi 10

10:1 Iki tedhak-turuné anak-anaké Nuh: Sèm, Kham lan Yafèt. Sawisé banjir patopan telu-teluné padha kaparingan anak-anak lanang.
10:2 Turuné Yafèt yaiku: Gomèr, Magog, Madai, Yawan, Tubal, Mèsèkh lan Tiras. Kuwi padha dadi leluhuré bangsa-bangsa kang disebut kaya jenengé wong-wong mau.
10:3 Turuné Gomèr yakuwi bangsa-bangsa Askenas, Rifat lan Togarma.
10:4 Turuné Yawan yakuwi bangsa-bangsa: Élisa, Spanyol, Siprus lan Rodhès.
10:5 Bangsa-bangsa mau padha manggon ing sauruting pesisir lan ing pulo-pulo. Kabèh kuwi turuné Yafèt, sing padha manggon miturut taleré ing tanahé dhéwé-dhéwé, migunakaké basané dhéwé-dhéwé.
10:6 Turuné Kham yakuwi: Kus, Mesir, Libia lan Kenaan. Padha dadi bangsa-bangsa sing jenengé kaya jenengé wong-wong sing nurunaké mau.
10:7 Turuné Kus yakuwi bangsa Séba, Hawila, Sabta, Raéma, lan Sabteka. Turuné Raéma yakuwi bangsa-bangsa Syéba lan Dédan.
10:8 Kus duwé anak lanang jenengé Nimrod. Nimrod mau dadi ratu sing wiwitan ing bumi.
10:9 Merga pitulungané Gusti Allah, Nimrod dadi juru-mbebedhag sing peng-pengan, nganti ana pocapan mengkéné, “Muga-muga Gusti Allah mberkahi kowé kaya Nimrod.”
10:10 Ing wiwitan, kratoné Nimrod mengku kutha-kutha Babil, Érèkh lan Akad, telu-teluné ana ing tanah Babilonia.
10:11 Saka kono Nimrod ngelar jajahané tekan Asyur, banjur ngedegaké kutha-kutha Ninewé, Réhobot-Ir, Kalah,
10:12 lan Résèn, kang dunungé ing antarané Ninewé lan kutha gedhé Kalah.
10:13 Turuné Mesir yakuwi bangsa-bangsa Lidhia, Anamim, Lehabim, Naftukhim,
10:14 Patrusim, Kaslukhim, lan Kaftorim, yakuwi leluhuré bangsa Filistin.
10:15 Anaké lanang Kenaan sing mbarep jenengé Sidon, banjur Hèt, padha dadi leluhuré bangsa-bangsa sing jenengé disebut miturut jenengé para leluhuré mau.
10:16 Kenaan uga dadi leluhuré bangsa-bangsa Yébusi, bangsa Amori lan bangsa Girgasi,
10:17 bangsa Hèwi, bangsa Arki, bangsa Sini,
10:18 bangsa Arwadi lan bangsa Semari, sarta bangsa Hamati. Taler-taleré bangsa Kenaan mau sumebar tekan endi-endi,
10:19 temah tapel watesé bangsa Kenaan kuwi wiwit saka ing Sidon, ing peneré Gérar tutug ing Gaza, lan mengétan ing peneré Sodom, Gomora, Admah lan Zéboim, cedhaké Lasa.
10:20 Kuwi mau padha turuné Kham, sing padha manggon manut taleré ing tanahé dhéwé-dhéwé, lan padha migunakaké basané dhéwé-dhéwé.
10:21 Déné Sèm, kakangné Yafèt, kuwi leluhuré bangsa Ibrani.
10:22 Anak-anaké Sèm sing lanang yakuwi Élam, Asyur, Arpakhsad, Lud lan Aram, dadi para leluhuré bangsa-bangsa sing jenengé kaya jenengé para leluhuré mau.
10:23 Turuné Aram yakuwi bangsa-bangsa Us, Hul, Gètèr lan Mas.
10:24 Arpakhsad nurunaké Sélah, lan Sélah nurunaké Ébèr.
10:25 Ébèr duwé anak lanang loro. Sing siji jenengé Pèlèg, awit nalika semono bumi kapérang-pérang. Anak sing kapindho jenengé Yoktan.
10:26 Yoktan dadi leluhuré bangsa-bangsa: Almodad, Sèlèf, Hazar-Mawèt lan Yérah,
10:27 Hadoram, Uzal lan Diklah,
10:28 Obal, Abimaèl lan Syéba,
10:29 Ofir, Hawila lan Yobab. Kuwi mau kabèh padha turuné Yoktan.
10:30 Tanah sing dienggoni wiwit saka Mésa tekan Séfar, yakuwi tanah pegunungan ing sisih Wétan.
10:31 Kabèh mau turuné Sèm, sing padha manggon ing tanahé dhéwé-dhéwé manut taleré, lan nganggo basané dhéwé-dhéwé.
10:32 Bangsa-bangsa mau kabèh padha turuné Nuh, miturut sarasilahé dhéwé-dhéwé; pemanggoné padha pencar-pencar; yakuwi sabubaré banjir patopan.

Leave a comment

Filed under 01 Purwaning Dumadi, 1 Prajanjian Lawas