Category Archives: 39 Maléakhi

Maléakhi 1

1:1 Iki wangsité Pangéran marang bangsa Israèl lantaran Nabi Maléakhi.
1:2 Pangandikané Pangéran marang umat kagungané mengkéné, “Aku tansah nresnani kowé.” Nanging umat mau ngunjukaké wangsulan, “Pundi buktinipun, bilih Paduka nresnani kawula?” Pangandikané Pangéran, “Ésau lan Yakub kuwi rak sedulur kakang adhi? Nanging Yakub lan anak-turuné Dakkasihi,
1:3 lan Ésau saanak-turuné Daksengiti. Mulané pegunungan-pegunungané Dakgawé sepi mamring. Dakdadèkaké panggonané kéwan galak.”
1:4 Saupama wong Édom, anak-turuné Ésau padha kandha, “Kutha-kuthaku padha rusak, nanging bakal dakbangun menèh”, Aku, Pangéran bakal mangsuli, “Bangunen, mengko bakal Dakgempur menèh. Tanah mau bakal karan: ‘Tanah sangar,’ utawa ‘Bangsa sing diukum déning Allah ing selawasé.’ ”
1:5 Wong Israèl bakal ndeleng lelakon mau srana mripaté dhéwé lan bakal padha kandha, “Pangéran kuwi kwaos nganti tekan sanjabaning tlatahé Israèl!”
1:6 Pangéran, Allah Kang Mahakwasa ngandika marang para imam mengkéné, “Anak lanang ngurmati bapakné, lan batur ngurmati bendarané. Aku iki Bapakmu, yagéné kowé ora ngurmati Aku? Aku iki Bendaramu. Yagéné kowé ora wedi karo Aku? Kowé ngrèmèhaké Aku, éwasemono kowé padha takon, ‘Mawi cara kadospundi enggèn kawula ngrèmèhaken Paduka?’
1:7 Carané enggonmu ngrèmèhaké Aku yakuwi srana nyaosaké dhaharan sing najis ana ing mesbèh-Ku. Nanging kowé munjuk pitakon, ‘Kadospundi caranipun enggèn kawula najisaken mesbèh Paduka?’ Merga penganggepmu sing angkuh, mesbèhé Pangéran dadi koksepèlèkaké!
1:8 Yèn sing koksaosaké kanggo kurban marang Aku kuwi kéwan picak, utawa laranen, utawa pincang, apa saka pangiramu kuwi becik? Coba kéwan mengkono iku aturna marang bupatimu! Apa wong mau bakal seneng karo kowé lan ngganjar marang kowé?”
1:9 Mulané kowé, para imam, yèn kowé nyuwun sing becik kanggo kita, Panjenengané bakal ora miyarsakaké pandongamu, lan kuwi merga salahmu dhéwé.
1:10 Pangéran Kang Mahakwasa ngandika, “Beciké ana salah siji ing antaramu sing nutup lawangé Pedalemané Allah, supaya kowé ora bisa nyumed geni sing tanpa guna ana ing mesbèh-Ku. Aku ora seneng karo kowé; Aku ora kersa nampèni kurban sesaosanmu.
1:11 Wong saka kéblat papat padha teka saka pojoking bumi merga kepéngin ngurmati Aku, sarta ana ing ngendi-endi wong padha ngobong menyan konjuk marang Aku, sarta padha saos kurban sing gawé renaning penggalih-Ku. Wong kabèh mau padha ngurmati Aku!
1:12 Nanging kowé malah padha najisaké asma-Ku karo kandha, yèn mesbèh-Ku kuwi sepélé, sarta karo nyaosaké kurban dhaharan sing najis.
1:13 Pangucapmu, ‘Aku wis bosen karo kuwi mau kabèh!’ Kowé banjur ndhangak karo ngènjepi Aku. Samasa kowé saos pisungsung marang Aku rupa kéwan colongan, utawa kéwan sing pincang utawa sing laranen, apa kokkira Aku kersa nampèni kurbanmu kuwi?
1:14 Cilaka wong julig sing ngurbanaké kéwan cacad marang Aku, mangka ing antarané pepanthané wedhusé ana kéwan sing becik, sing wis dipisahaké arep disaosaké marang Aku! Apa Aku iki dudu Ratu sing luhur, lan bangsa-bangsa salumahing bumi padha ngurmati Aku.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 39 Maléakhi

Maléakhi 2

2:1 Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang para imam mengkéné, “Dhawuh iki Daktujokaké marang kowé:
2:2 Kowé ngurmatana Aku nganggo penggawému. Yèn kowé ora nggatèkaké pangandika-Ku, kowé bakal Daktibani paukuman. Aku bakal nibakaké paukuman marang apa waé sing kokanggep dadi panguripanmu. Satemené paukuman mau malah wis Daktindakaké, merga kowé ora nggatèkaké dhawuh-Ku.
2:3 Anak-anakmu bakal Dakukum lan raimu Dakraupi nganggo tléthongé kéwan-kéwan sing kokenggo kurban, sarta kowé bakal kasèrèd menyang panggonan buwangané kotoran mau.
2:4 Ing kono kowé bakal ngerti yèn dhawuh iki wis Dakparingaké marang kowé, sebab janji-Ku karo para imam, anak-turuné Lèwi, ora Dakbatalaké.
2:5 Aku janji, yèn para imam bakal Dakganjar urip lan katentreman, mangka kuwi wis Dakparingaké supaya padha ngurmati Aku. Dhèk semana pancèn padha wedi-asih marang Aku.
2:6 Padha mulangaké apa sing bener, dudu sing salah. Pesrawungané karo Aku becik. Ora mung padha nglakoni becik kanggo awaké dhéwé, nanging iya nyegah pepadhané nglakoni piala.
2:7 Wis dadi kuwajibané para imam mulangaké kawruh sing bener bab Gusti Allah. Wong samesthiné padha marani imam, merga kepéngin ngerti marang kersa-Ku, sebab imam kuwi utusané Pangéran Kang Mahakwasa.
2:8 Nanging saiki kowé padha nyimpang saka dalan sing bener. Piwulangmu ndadèkaké wong akèh padha nglakoni piala. Srana mengkono kowé wis mbubrah prejanjian-Ku karo kowé.
2:9 Mulané Aku bakal gentèn ndadèkaké umat Israèl nyepèlèkaké marang kowé, merga kowé padha ora mbangun-turut karo kersa-Ku, lan yèn mulang nganggo mbédakaké wong.”
2:10 Kita kabèh rak padha nunggal Rama? Kita kabèh rak padha-padha katitahaké déning Allah siji? Yagéné kita padha mbubrah janji kita dhéwé-dhéwé? Yagéné kita padha najisaké prejanjian sing dianakaké déning Allah karo para leluhur kita?
2:11 Umat Yéhuda wis mbubrah prejanjiané karo Pangéran merga nindakaké penggawé-penggawé sing nistha banget ing Yérusalèm lan ing satlatahé tanah Yéhuda kabèh. Wis padha najisaké Pedalemané sing dikasihi déning Allah lan padha kawin karo wong wadon sing nyembah brahala-brahalané bangsa liya.
2:12 Muga-muga Pangéran nyébrataké wong-wong sing mengkono mau saka masarakaté Israèl, lan aja pisan-pisan wong-wong mau olèh mèlu nyaosaké kurban kagem Allah Kang Mahakwasa bebarengan karo bangsa kita.
2:13 Kejaba saka kuwi kowé isih nglakoni sing mengkéné: Kowé wis nutupi mesbèhé Pangéran nganggo luhmu, merga kowé nangis karo sambat-sambat, sebab Pangéran nampik kurban sesaosanmu.
2:14 Kowé padha nyuwun pirsa apa sebabé Panjenengané nampik pisungsungmu. Ora liya merga Panjenengané pirsa enggonmu wis nyélaki janjimu karo bojomu, sing kokkawin nalika kowé isih nom. Bojomu kuwi rak mitramu lan somahmu tunggal saprejanjian! Dadi kowé wis mbubrah janjimu karo somahmu, senajan kowé wis janji ana ing ngarsané Allah yèn kowé arep setya karo wong mau.
2:15 Apa dudu Gusti Allah sing wis njodhokaké kowé lan somahmu dadi daging lan roh siji? Apa sing dikersakaké ana ing kono? Ora liya supaya anak sing lair saka kowé mau nyata umaté Allah. Mulané jaganen awakmu, aja pisan-pisan nyélaki bojomu jaka-lara.
2:16 “Awit Aku sengit karo pegatan”, mengkono pangandikané Pangéran, Allah Kang Mahakwasa. “Aku sengit yèn ana wong sing tumindak ambek siya karo bojoné. Jaganen awakmu, aja nganti mbubrah janji tresnamu karo bojomu jaka-lara.”
2:17 Kowé padha gawé sekeling galihé Pangéran srana tembung-tembungmu. Nanging kowé takon karo Aku, “Kadospundi caranipun kokkawula dipun wastani damel sekeling penggalih?” Ora liya srana tembungmu sing mengkéné, “Pangéran Kang Mahakwasa nganggep wong gawé piala kuwi dudu apa-apa. Diparengaké apa waé.” Utawa kowé padha kandha, “Ana ing ngendi ta Gusti Allah sing ndhawahaké paukuman?”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 39 Maléakhi

Maléakhi 3

3:1 Pangéran Kang Mahakwasa paring wangsulan mengkéné, “Aku bakal ngutus utusan sing ngrata dalan sing bakal Dakambah. Pangéran sing kokgolèki kuwi bakal rawuh dadakan, ing Pedalemané. Utusan-Ku sing kokarep-arep tekané mau bakal kokdeleng lan kuwi sing bakal medharaké prejanjian-Ku.”
3:2 Nanging sapa sing kuwat ngadhepi dina rawuhé Utusané Pangéran mau? Sapa sing bakal tahan urip samasa Panjenengané ngetingal? Panjenengané mau presasat sabun sing keras, kaya geni sing ngluluh slaka.
3:3 Kaya carané kemasan ngluluh slaka lan emas, kaya mengkono Utusané Pangéran bakal nucèkaké para imam, nganti padha bisa nindakaké kurban sing pantes konjuk marang Pangéran.
3:4 Mula kurban-kurban sing kasaosaké déning wong Yéhuda lan wong Yérusalèm bakal gawé renaning galihé Pangéran, kaya dhèk jaman biyèn.
3:5 Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, “Aku bakal rawuh ngetingal ing antaramu ngadili kowé. Lan Aku sepisan menèh bakal nglawan wong sing padha dadi tukang tenung, wong sing padha laku ngiwa, wong sing dadi seksi palsu, wong sing ngunthet opahé para buruhé, wong sing nindhes randha lan bocah lola, sarta wong manca; kuwi wong sing padha nglawan marang dhawuh-Ku.”
3:6 “Aku iki Pangéran, kang ora owah-gingsir. Mulané kowé anak-turuné Yakub ora bakal sirna.
3:7 Ora béda karo para leluhurmu, kowé wis padha nyingkur marang dhawuh-dhawuh-Ku, merga ora koklakoni. Padha mratobata, sowana Aku, lan Aku bakal nunggal karo kowé. Nanging kowé padha munjuk, ‘Kadospundi caranipun enggèn kawula saged sowan Paduka malih?’
3:8 Apa bisa manungsa ngapusi Allah, kaya enggonmu ngapusi Aku? Éwasemono kowé padha munjuk, ‘Kadospundi enggèn kawula ngapusi Paduka?’ Yakuwi ing bab nyaosaké pisungsung prasepuluhan.
3:9 Mulané kowé kabèh wis padha kena ing paukuman, ora liya merga saka enggonmu ngapusi Aku.
3:10 Pisungsung prasepuluhan kuwi kabèh gawanen menyang gudhangé Pedaleman-Ku, supaya ing Pedaleman-Ku anaa tandhon pangan. Banjur titènana, kowé mesthi Dakwengani korining langit, sarta Aku bakal ngesokaké berkah-Ku marang kowé nganti lubèr?
3:11 Aku bakal nggusah ama sing ngrusak tanduranmu lan wit anggurmu bakal metokaké dhompolan akèh.
3:12 Kowé bakal disebut bangsa sing begja déning para bangsa kabèh, merga tanahmu becik kanggo manggon.”
3:13 “Kowé ngrasani ala marang Aku”, mengkono pangandikané Pangéran. “Nanging kowé munjuk, ‘Kawula sami ngraosi awon?’
3:14 Kowé padha kandha, ‘Ngabekti marang Pangéran kuwi apa gunané? Apa paédahé nglakoni dhawuh-dhawuhé sarta nggetuni piala kita?
3:15 Apa sing kita deleng, nyatané wong angkuh rak padha kepénak uripé. Wong ala ora mung kepénak uripé, malah padha wani nyoba marang Allah srana lakuné sing ala, mangka iya ora dikapak-kapakaké!’ ”
3:16 Nanging wong sing ngabekti marang Allah padha rerasanan karo kancané, mangka Pangéran midhanget apa sing padha diucapaké mau. Ana ing ngarsané Pangéran ana kitab kanggo nyatheti sakèhé wong sing ngabekti marang Panjenengané lan ngajèni asmané.
3:17 Pangandikané Pangéran Allah Kang Mahakwasa, “Wong-wong kuwi mau kagungan-Ku piyambak. Ing dina sing wis Daktetepaké Aku bakal maringi kawelasan, bakal Dakéman kaya bapak ngéman marang anaké sing mbangun-turut.
3:18 Kowé bakal weruh menèh bédané wong sing mursid karo wong duraka, bédané wong sing ngabekti marang Allah karo sing ora.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 39 Maléakhi

Maléakhi 4

4:1 Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, “Bakal tekan mangsané wong angkuh lan wong ala kaobong kaya damèn. Ing dina kuwi wong-wong mau bakal kaobong, nganti sirna babar-pisan.
4:2 Nanging kanggoné kowé, sing padha mbangun-turut marang Aku, kowé bakal padha kapadhangan déning pangwasa-Ku sing nggawa keslametan, kaya srengéngé sing nekakaké kuwarasan srana panasé. Kowé bakal merdika kaya pedhèt sing diwetokaké saka kandhangé lan ngalami katentreman.
4:3 Ing dinané Pangéran mau kowé bakal nelukaké wong ala, presasat lebu sing kokidak-idak ing sangisoring tlapakaning sikilmu.
4:4 Padha élinga marang piwulangé abdi-Ku Musa, dhawuh-dhawuh lan prenatan-prenatan sing Dakparingaké marang Israèl lantaran wong mau ana ing Gunung Sinai, supaya padha dièstokaké.
4:5 Nanging sadurungé tekan dinané Pangéran sing nggegirisi, Aku bakal ngutus Nabi Élia nekani kowé.
4:6 Kuwi sing bakal mbalèkaké para bapak lan para anak dadi siji menèh, supaya Aku ora nganti rawuh lan nyirnakaké negaramu nganti tapis.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 39 Maléakhi