Category Archives: 36 Zéfanya

Zéfanya 1

1:1 Wangsité Pangéran sing kaparingaké marang Zéfanya nalika Yosia bin Amon jumeneng raja ing Yéhuda. (Nabi Zéfanya kuwi turuné Sang Prabu Hizkia, Hizkia peputra Amarya, Amarya peputra Gedalya, Gedalya peputra Kusy, Kusy peputra Zéfanya.)
1:2 Pangandikané Pangéran mengkéné, “Aku bakal nyingkiraké samubarang sing ana ing bumi,
1:3 sakèhé manungsa lan kéwan, manuk lan iwak. Aku bakal numpes sakèhé wong ala, numpes manungsa kabèh, nganti ora ana sing kliwatan. Mengkono pangandikané Pangéran.
1:4 Aku bakal ngukum wong Yérusalèm lan wong Yéhuda kabèh. Apa waé sing ana gepok-sénggolé karo Baal bakal Dakgempur nganti tapis, semono uga sakèhé imamé Baal bakal Daksirnakaké, supaya jenengé ora diéling-éling menèh.
1:5 Iya bakal Daktumpes sakèhé wong sing padha munggah ing payon lan nyembah marang srengéngé, rembulan lan lintang-lintang. Semono uga bakal Daktumpes wong sing padha ngabekti marang Aku lan setya marang Aku, nanging banjur iya wani sumpah atas jenengé Déwa Molokh.
1:6 Kejaba kuwi iya bakal Daktumpes sakèhé wong sing padha nyingkur lan ninggal Aku, yakuwi wong-wong sing padha ora ngabekti lan ora nyuwun pituduh marang Aku.”
1:7 Dinané Pangéran wis cedhak; ing dina kuwi Pangéran bakal ndhawahaké paukumané; mulané padha menenga ana ing ngarsané. Pangéran wis tata-tata arep nandangi umaté, kaya wong nyembelèh kéwan kanggo kurban.
1:8 Pangandikané, “Ing dina panyembelèhan mau Aku bakal ngukum para penggedhé, para putra raja, lan sakèhé wong sing nyembah brahala manca.
1:9 Aku bakal ngukum sakèhé wong sing ngabekti manut carané wong kapir, sing padha nyolong lan mematèni supaya bisa ngebaki omahé bendarané nganggo barang colongan.”
1:10 Pangandikané Pangéran, “Ing dina kuwi kowé bakal krungu swarané tangis ing Gapura Iwak ing Yérusalèm. Ing péranganing kutha anyar kono kowé bakal krungu pesambat, lan ing gunung-gunung bakal keprungu swarané punthuk-punthuk sing padha jugrug.
1:11 Yèn kowé sing padha manggon ing pérangané kutha sing ngisor krungu sambat lan tangis, ngertia yèn para sudagar wis padha mati kabèh!
1:12 Ing dina kuwi Aku bakal mundhut lampu, banjur ngglédhah kutha Yérusalèm. Aku bakal ngukum wong sing marem karo uripé dhéwé, sing batiné kandha, ‘Pangéran ora bakal ngaruhaké ngéné utawa ngono.’
1:13 Bandhané bakal dijarah-rayah lan omahé digempur dadi jugrugan. Bakal ora ngenggoni omah sing dibangun, lan ngombé anggur saka kebon anggur sing digarap.”
1:14 Dinané Pangéran wis cedhak, malah wis cedhak banget lan tekané kanthi rerikatan! Dina mau bakal nekakaké kasusahan akèh, sarta para serdhadhu sing kendel pisan bakal padha nangis saka semplahing atiné!
1:15 Dina kuwi dinaning paukuman, dinaning karubedan lan kasedhihan, dinaning karusakan, pepeteng lan kaanan sing surem. Dinaning mendhung sing peteng ireng nggegirisi,
1:16 dina sing kebak swaraning slomprèt lan bengoké serdhadhu sing padha perang nyerbu bètèng-bètèngé kutha lan menara-menara pangungakan.
1:17 Pangéran ngandika mengkéné, “Karubedan sing Daktekakaké marang manungsa kuwi semono gedhéné nganti wong bakal padha gagap-gagap kaya wong wuta. Sebab wong-wong mau wis padha gawé dosa marang Aku, mulané saiki getihé bakal kawutahaké kaya banyu, lan jisimé bakal padha bosok ana ing lemah.”
1:18 Ing dinané Pangéran kuwi Panjenengané bakal ngetingalaké bebenduné, mula emas lan slakané bakal ora bisa mitulungi apa-apa. Salumahing bumi bakal katumpes déning mulading dukané Pangéran. Panjenengané bakal ngendhegaké tanpa kanyana-nyana sakèhing kumelip sing urip ana ing bumi.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 36 Zéfanya

Zéfanya 2

2:1 Hé para bangsa sing padha ora duwé isin, padha élinga
2:2 sadurungé kowé padha alum lan mati kaya kembang! Élinga sadurungé paukumané Pangéran sing ngalad-alad nekani kowé, ya sadurungé Panjenengané ngetingalaké dukané.
2:3 Padha mratobata marang Pangéran hé sakèhé umaté sing andhap-asor ing ati lan ngèstokaké dhawuhé. Nindakna kabeneran lan ngasorna awakmu ana ing ngarsané Pangéran. Mbokmenawa kowé kepareng oncat saka paukuman, iya ing dinané Pangéran ngetingalaké paukumané.
2:4 Bakal ora ana wong siji-sijia sing kari ana ing kutha Gaza. Askelon bakal suwung, ditinggal lunga rakyaté. Wong sing padha manggon ing Asdod bakal katundhung metu ing wayah awan, lan wong Ékron iya bakal katundhung saka kuthané.
2:5 Kowé hé wong Filistin, kowé wis diukum, ya sakèhé wong sing padha manggon ing pesisir. Pangéran bakal ndhawahaké paukuman marang kowé. Kowé bakal katumpes, nganti ora ana wong siji-sijia sing kari.
2:6 Daérah ing sapinggiring segara bakal dadi pangonan lan didegi gubugé para pangon lan kandhang-kandhang wedhusé.
2:7 Wong Yéhuda sing isih padha urip bakal ngenggoni tanahmu, bakal padha angon wedhusé ana ing kono lan padha turu ana ing tilas omah-omahé wong Askelon. Pangéran Allahé bakal nunggal karo wong-wong mau, nganti bakal padha makmur menèh.
2:8 Pangéran Allah Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, “Aku mireng yèn wong Moab lan wong Amon padha ngala-ala lan ngina marang umat-Ku, lan padha sumbar yèn bakal nelukaké tanahé.
2:9 Demi Aku iki Allahé Israèl kang gesang, Moab lan Amon bakal Daktumpes kaya Sodom lan Gomora. Panggonan kono bakal dadi panggonané wong gawé uyah lan selawas-lawasé dadi jugrugan sing kurugan thethukulan eri lan lateng. Umat-Ku sing isih urip bakal padha njarah rayah panggonan mau lan ngebèki lemahé.”
2:10 Wong-wong Moab lan Amon bakal diukum merga enggoné umuk lan angkuhé, apa déné enggoné ngina marang umaté Pangéran Kang Mahakwasa.
2:11 Sabanjuré sakèhing bangsa bakal ngabekti marang Pangéran ana ing negarané dhéwé-dhéwé.
2:12 Semono uga wong Sudan bakal padha katumpes tapis.
2:13 Pangéran bakal ngagem pangwasané kanggo numpes Asyur. Kutha Ninewé bakal kadadèkaké jugrugan sing sepi, dadi ara-ara samun sing tanpa banyu.
2:14 Panggonan kono bakal dadi pangonan wedhus lan papan pengasoané sato kéwan rupa-rupa. Manuk beluk bakal manggon ing jugrugan kono lan manggung ing jendhélané. Manuk gagak bakal padha kaok-kaok ana ing undhak-undhakané omah. Blabag-blabag kayu èrès ing omah-omah bakal dicopoti.
2:15 Mengkono bakal kedadéané kutha sing ngegung-egungaké kekuwatané lan rumangsa wis sentosa. Wong-wongé padha rumangsa yèn kuthané sing gedhé dhéwé ing salumahé bumi. Saiba bakal sepiné panggonan mau, merga bakal dadi panggonané sato kéwan padha ngaso! Saben wong sing liwat bakal padha kekes atiné merga saka wedi.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 36 Zéfanya

Zéfanya 3

3:1 Yérusalèm sing bejat lan nglawan, sarta nganiaya marang wong-wongé dhéwé, bakal tampa paukumané Pangéran.
3:2 Yérusalèm ora gelem ngrungokaké lan mbangun-turut marang Pangéran. Ora suméndhé lan ngendelaké Pangéran sarta nyuwun pitulungané.
3:3 Para penggedhéné kuwi presasat singa sing gero-gero, para hakimé presasat asu ajag sing keluwèn, saka srakahé bakal ora ninggal balung nganti ésuk.
3:4 Para nabiné ora duwé rasa tanggung jawab lan ora kena diprecaya. Para imamé najisaké samubarang sing suci, sarta napsiraké dhawuhé Allah sasenengé atiné dhéwé.
3:5 Nanging Gusti Allah isih ana ing kutha kono. Panjenengané nindakaké kabeneran lan keadilan, ora naté damel kaluputan. Saben ésuk tanpa kendhat Panjenengané nekakaké keadilan marang umat kagungané. Éwasemono wong sing padha ala isih nerusaké enggoné gawé dosa tanpa duwé isin.
3:6 Pangandikané Pangéran, “Aku wis numpes bangsa akèh. Kutha-kuthané, témbok-témboké apa déné menara-menarané dadi gempuran. Kutha-kutha lan dalan-dalané dadi sepi.
3:7 Pangira-Ku, umat-Ku saiki mesthi ngurmati Aku lan nggatèkaké dhawuh-Ku. Mesthiné padha éling marang piwulang-Ku.” Nyatané malah saya banget pamblasaré.
3:8 Pangandikané Pangéran, “Entènana, bakal tekan mangsané, Aku jumeneng lan nggugat para bangsa. Aku wis mutusaké, bakal nglumpukaké para bangsa lan kraton, bakal Daktedahi sepira kekuwatané paukuman-Ku. Salumahing bumi kabèh bakal Daksirnakaké nganggo genining paukuman-Ku.
3:9 Sawisé mengkono para bangsa bakal Daksantuni, mula bakal padha ndedonga marang Aku lan ora marang allah liyané. Kabèh bakal padha mbangun-turut marang Aku.
3:10 Senajan adoh lan pating slebar ana ing Sudan umat-Ku bakal padha saos kurban marang Aku.
3:11 Ing dina kuwi kowé ora bakal nandhang kwirangan awit saka sakèhé pokalmu sing ala marang aku. Saben wong sing angkuh lan gemedhé bakal Daksingkiraké, lan kowé ora bakal nglawan menèh marang Aku ana ing gunung-Ku sing suci.
3:12 Aku bakal ngèngèh umat sing andhap-asor lan lembah ing ati, sing padha gelem sowan nyuwun pitulungan marang Aku.
3:13 Umat Israèl sing isih bakal padha urip rukun, ora padha akal-akalan sarta ora goroh-ginorohan. Mula bakal padha nandhang kalubèran lan katentreman.”
3:14 Hé umat Israèl, padha menyanyia kanthi bungah! Hé Yérusalèm, padha bungaha sakatogmu!
3:15 Pangéran wis ora ngukum kowé menèh; sakèhé mungsuhmu wis disingkiraké. Pangéran Ratuné Israèl wis nunggil karo kowé, saiki kowé ora susah wedi.
3:16 Bakal tekan wektuné wong padha kandha karo Yérusalèm, “Hé kutha Sion, aja wedi! Tanganmu aja nglokro.
3:17 Pangéran Allah ana ing tengahmu; pangwasané nekakaké kamenangan marang kowé. Pangéran rena penggalihé ing ngatasé kowé, merga saka sihé, kowé padha kaparingan urip anyar.
3:18 Kaya atiné wong sing lagi pésta.” Pangandikané Pangéran, “Aku wis mari enggon-Ku duka lan ngukum, sarta sakèhé kanisthan wis Daksingkiraké.
3:19 Bakal tekan wektuné Aku ndhawahaké paukuman, marang para wong sing padha nganiaya kowé. Sakèhé wong sing kaboyong ing pembuwangan bakal Dakulihaké, lan wong lumpuh bakal Dakluwari. Kanisthané bakal Daksantuni kaluhuran, lan wong salumahé bumi bakal ngalembana.
3:20 Bakal tekan wektuné, wong-wongmu sing pating slebar bakal Dakulihaké. Lan jenengmu bakal Dakgawé misuwur ing salumahing bumi, mengkono uga kowé bakal Dakparingi luwar!” Mengkono pangandikané Pangéran.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 36 Zéfanya