Category Archives: 45 Rum

Rum 1

1:1 Layang iki saka aku, Paulus, abdiné Gusti Yésus Kristus, sing dipilih lan ditimbali déning Gusti Allah, supaya ngabaraké Injil.
1:2 Injil kuwi Kabar Kabungahan bab kebabaring janjiné Gusti Allah, sing dhèk biyèn didhawuhaké lantaran para nabi, katulis ana ing Kitab Suci.
1:3 Yakuwi bab Gusti Yésus Kristus, Putrané Allah. Manut tata kamanungsané Gusti Yésus turuné Sang Prabu Dawud;
1:4 nanging sajatiné Panjenengané kuwi Putrané Gusti Allah Kang Mahakwasa, ketitik saka enggoné diwungokaké saka ing séda.
1:5 Lantaran Panjenengané mau, aku wis diparingi kanugrahan déning Gusti Allah, ditimbali dadi rasul iki kadhawuhan nuntun sakèhing bangsa supaya padha precaya lan mbangun-turut marang Gusti Allah.
1:6 Kowé sing padha manggon ana ing Rum, wis dadi kagungané Sang Kristus klebu ana ing bangsa-bangsa mau.
1:7 Mulané aku nulis layang iki marang kowé, awit kowé uga padha katimbalan dadi umat kagungané. Gusti Allah, Rama kita lan Gusti Yésus Kristus maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé.
1:8 Luwih dhisik aku saos sukur marang Gusti Allah, lantaran Gusti Yésus Kristus, merga precayamu sing wis kesuwur ing salumahing bumi.
1:9 Gusti Allah sing dakbektèni klawan éklasing ati srana ngabaraké Injil bab Putrané, pirsa yèn sing dakkandhakaké kuwi nyata. Gusti Allah pirsa, yèn saben aku ndedonga, tansah ngèlingi kowé.
1:10 Panyuwunku, muga saka kersané Gusti Allah piyambak, aku kepareng niliki kowé.
1:11 Awit aku kepéngin banget ketemu karo kowé, supaya aku bisa nglantaraké berkah sing daktampa saka Sang Roh Suci marang kowé, murih santosamu.
1:12 Karepku supaya kowé lan aku disantosakaké bebarengan; aku merga saka precayamu, lan kowé merga saka precayaku.
1:13 Para sedulurku, aku wis kerep ngrancang arep niliki kowé, nanging tansah ana-ana waé alangané. Aku kepéngin supaya pegawéanku ana ing antaramu uga njalari wong akèh padha mratobat, ora béda karo sing wis kelakon ana ing antarané para bangsa dudu Yahudi.
1:14 Sebab aku duwé kuwajiban marang para bangsa kabèh, iya sing kabudayané luhur, iya sing asor, iya sing pinter, iya sing bodho.
1:15 Kuwi sing dadi sebabé aku kepéngin ngabaraké Injil mau, uga marang kowé, sing padha manggon ana ing kutha Rum.
1:16 Aku yakin, yèn Injil kuwi pangwasané Gusti Allah, sing nylametaké wong kabèh sing precaya marang Gusti Yésus Kristus, luwih-luwih wong Yahudi, semono uga wong-wong sing dudu Yahudi.
1:17 Awit Injil kuwi nuduhaké enggoné Gusti Allah ngrukunaké manungsa karo sarirané piyambak, mung lantaran precaya marang panjenengané, wiwit-wiwitan tekan pungkasan, kaya sing katulis ing Kitab Suci: “Wong sing dirukunaké karo Gusti Allah lantaran precaya, kuwi sing bakal urip!”
1:18 Bebenduné Gusti Allah tumrap sakèhing dosa lan durakané manungsa kadhawahaké saka swarga, sebab duraka mau ngalang-alangi manungsa, nganti padha ora weruh marang kasampurnan.
1:19 Gusti Allah ngukum manungsa, jalaran bab kawontenané Gusti Allah, kuwi manungsa wis cetha kabèh. Iya Gusti Allah piyambak sing maringi weruh.
1:20 Wiwit jagad dititahaké, kawontenané Gusti Allah sing ora ketingal, yakuwi pangwasané sing langgeng sarta ka-Allahané, wis diketingalaké kanthi cetha ana ing samubarang sing dititahaké, mulané manungsa wis ora bisa sélak.
1:21 Manungsa ngerti, nanging Gusti Allah ora padha disaosi pakurmatan, lan padha ora saos sukur marang Panjenengané. Kosokbaliné sing dipikir malah prekara-prekara sing tanpa guna. Budiné dadi peteng lelimengan.
1:22 Rumangsané wicaksana, nanging satemené bodho.
1:23 Sing padha disembah dudu Gusti Allah sing sipat langgeng, nanging reca-reca sing digawé manut rerupaning manungsa sing ora langgeng, utawa manuk-manuk, kéwan-kéwan sikil papat, utawa kéwan-kéwan rumangkang.
1:24 Sarèhné manungsa dadi bodho kaya mengkono, mulané Gusti Allah nguja manungsa nglakoni prekara-prekara sing asor lan nistha manut sasenengé atiné. Kabèh padha nglakoni prekara-prekara sing rusuh.
1:25 Kasetyané Gusti Allah dilironi goroh. Wong-wong mau padha luwih seneng lan ngabekti marang barang gawéané dhéwé ketimbang karo Gusti Allah, sing nitahaké, sing mesthiné diluhuraké ing selawas-lawasé. Amin.
1:26 Merga saka iku, Gusti Allah masrahaké wong-wong mau marang hawa-nepsuné dhéwé sing rusuh. Wong wadon padha tumindak rusuh ninggal kalumrahan.
1:27 Mengkono uga wong lanang padha nyimpang saka patrapé sanggama sing lumrah karo wong wadon, nanging padha birai karo pepadhané wong lanang. Lanang karo lanang padha tumindak nistha, nganti padha nampa piwales sing timbang karo dosané mau.
1:28 Sarèhné rumangsané ora prelu wanuh marang Gusti Allah, mulané Gusti Allah négakaké. Pikirané wong-wong mau dadi rusak, nganti padha nglakoni sing ora patut.
1:29 Atiné padha kebak piala, duraka lan srakah; padha drengki, seneng gawé pati, kerengan, culika, lan seneng gawé susahé liyan.
1:30 Padha umuk, lan ngundhat-undhat, ngala-ala jenengé wong liya, sarta sengit marang Gusti Allah. Padha kurang ajar, gumunggung lan gumedhé. Wong-wong mau padha sugih réka kanggo nglakoni piala, sarta nglawan marang wong tuwa,
1:31 murang-sarak, ora netepi janji, gampang ninggal kuwajiban lan ora duwé welas marang sapepadhané.
1:32 Senajan padha ngerti yèn manut angger-anggeré Gusti Allah, wong sing padha nglakoni mengkono mau mesthi diukum pati, éwasemono ora kapok, malah iya ngrujuki wong-wong liya sing uga nindakaké mengkono.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Rum 2

2:1 Mulané para sedulurku, apa kowé padha wani ngadili wong liya, ing ngatasé kowé dhéwé kegolong wong sing ora bakal luput saka kesalahan? Merga yèn kowé ngluputaké wong liya, mangka kowé dhéwé luputé padha, apa kowé ora nibakaké paukuman marang awakmu dhéwé?
2:2 Kita padha ngerti, yèn paukumané Gusti Allah tumrap wong-wong sing padha nglakoni mengkono mau, pancèn adil.
2:3 Nanging kowé, para sedulur, kowé dhéwé rak iya padha nglakoni penggawé-penggawé kaya sing kokdakwakaké wong liya mau? Apa kokanggep kowé bisa uwal saka paukumané Allah?
2:4 Utawa apa kowé arep ngrèmèhaké marang sih-kamirahané Gusti Allah sing gedhé banget kuwi lan kabecikané sarta kesabarané? Apa kowé ora ngerti yèn enggoné Gusti Allah ngetingalaké sih-kamirahané kuwi merga ngersakaké, supaya kowé padha mratobat marang Panjenengané?
2:5 Kowé pancèn padha ndableg lan wangkot ing ati. Srana mengkono kowé mung gawé aboting paukumanmu dhéwé mbésuk ing Dina Kiamat, samasa bebenduné Gusti Allah lan paukumané dipatrapaké.
2:6 Sebab Gusti Allah bakal males marang saben wong manut penggawéné.
2:7 Marang wong sing tansah nglakoni kabecikan lan nganti-anti marang kamulyan lan kaluhuran sarta kelanggengan, Gusti Allah bakal maringi urip langgeng.
2:8 Nanging wong sing srakah, sing nampik marang bebeneran, lan dhemen marang piala, bakal nampani bebendu lan dukané Gusti Allah.
2:9 Saben wong sing nglakoni penggawé ala, bakal ngrasakaké momotan lan kasangsaran, embuh wong Yahudi utawa wong-wong bangsa liyané.
2:10 Marang wong sing padha nglakoni kabecikan, Gusti Allah bakal maringi kamulyan, kaurmatan sarta katentreman, luwih-luwih wong Yahudi, mengkono uga wong-wong dudu Yahudi.
2:11 Merga Gusti Allah ngadili saben wong tanpa pilih kasih.
2:12 Wong-wong dudu Yahudi padha ora ngerti Torèté Nabi Musa. Wong-wong mau padha nglakoni dosa sarta padha kesasar, mula paukumané ora dhedhasar Torèt. Nanging wong Yahudi padha nduwèni Torèt. Wong mau padha gawé dosa lan bakal diukum manut surasané Torèt mau.
2:13 Sebab wong enggoné dirukunaké karo Gusti Allah kuwi ora merga ngerti marang Torèt, nanging merga nglakoni apa sing didhawuhaké déning Torèt mau.
2:14 Wong-wong kapir (dudu Yahudi) padha ora duwé Torèt, nanging yèn klawan éklasing ati nglakoni apa sing didhawuhaké déning Torèt mau, atiné wong mau dhéwé dadi angger-angger tumraping wong mau, senajan wong-wong mau padha ora duwé Torèt.
2:15 Penggawéné wong mau dhéwé nélakaké yèn apa sing didhawuhaké déning Torèt, kuwi wis katulis ana ing atiné wong-wong mau. Swaraning atiné wong-wong mau dhéwé sing mbuktèkaké, jalaran iya swarané atiné dhéwé mau sok-sok ngluputaké, sok-sok mbeneraké penggawéné.
2:16 Manut Injil sing dakwartakaké, iya kaya mengkono kuwi sing bakal kelakon mbésuk ing Dina Pengadilan; yèn Gusti Allah ngadili sakèhing wewadining ati lan pikirané, manungsa lantaran Gusti Yésus Kristus.
2:17 Lah saiki kowé dhéwé kepriyé? Kowé ngaku wong Yahudi; ngandhemi marang Torèt lan kumandel marang Gusti Allah.
2:18 Kowé padha ngerti kersané Gusti Allah, lan wis sinau saka Torèt, bab sing ala lan sing becik.
2:19 Kowé padha yakin, yèn kowé kuwi dadi panuntuné wong sing wuta, lan dadi pepadhang tumraping wong sing padha ana ing pepeteng.
2:20 Lan sing nggulawenthah wong sing bodho, sarta dadi guruné para nonoman. Kowé yakin, yèn saka Torèt mau kowé nampa sakèhing kawruh lan bebeneran.
2:21 Kowé padha mulang wong liya, nanging yagéné kowé padha ora mulang awakmu dhéwé? Kowé muni: “Aja nyenyolong”, nanging apa sebabé déné kowé dhéwé koknyolong?
2:22 Kowé muni: “Aja laku bédhang!”, nanging généa kowé dhéwé kokbédhang? Kowé padha sengit marang brahala, nanging yagéné kowé dhéwé malah ngrampog ana ing omah-omahé brahala?
2:23 Kowé padha ngumukaké enggonmu duwé Torèt, nanging yagéné kowé padha gawé lingsemé Gusti Allah merga enggonmu ora nglakoni dhawuhé?
2:24 Sebab ana tulisan: “Iya merga saka kowé asmané Gusti Allah dicecamah ana ing antarané bangsa-bangsa liya.”
2:25 Yèn kowé netepi Angger-anggering Torèt, tetakmu ana gunané, nanging yèn kowé ora netepi, tetakmu ora ana paédahé.
2:26 Yèn wong dudu Yahudi ora tetak, nanging netepi Angger-anggering Torèt, apa Gusti Allah ora bakal nampa wong kuwi kaya wong sing wis ditetaki?
2:27 Lan bangsa-bangsa mau bakal nyalahaké kowé, wong-wong Yahudi, merga kowé sing duwé Torèt lan tetak, nanging padha nerak Angger-anggering Torèt, mangka wong-wong padha ora tetak, nanging padha mbangun-turut marang Angger-anggering Torèt.
2:28 Sebab sapa ta satemené sing disebut wong Yahudi kuwi? Lan sapa sing sejatiné ditetaki? Dudu wong sing enggoné dadi Yahudi merga saka kelairané, lan ditetaki manut tata lair.
2:29 Wong Yahudi sing sejati, yakuwi wong sing jiwané Yahudi, sing tetak manut tata rohani. Kuwi pakaryaning Rohé Gusti Allah; dudu penggawéné Kitab Torèt. Wong mau olèh pangalembana saka Gusti Allah, ora saka manungsa.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Rum 3

3:1 Yèn mengkono, apa wong Yahudi kuwi luwih pinunjul ketimbang karo bangsa-bangsa liyané, utawa bangsa-bangsa kapir? Lan tetak kuwi apa ana paédahé?
3:2 Paédahé gedhé banget! Sebab saora-orané Gusti Allah wis maringaké pangandikané marang wong Yahudi.
3:3 Banjur kepriyé, yèn ana sagolongané wong Yahudi sing ora setya? Apa ateges, yèn Gusti Allah kuwi ora setya?
3:4 Mesthi ora! Sebab Gusti Allah kuwi setya tuhu, senajan manungsa kabèh padha goroh, kaya sing katulisan ana ing Kitab Suci mengkéné: “Supados Panjenengan ketitika leres ing sapangandika Panjenengan, saha menang samasa dipun adili tiyang.”
3:5 Nanging yèn merga saka duraka kita kaadilané Gusti Allah dadi lan cethané, kita arep kandha apa? Apa Gusti Allah dadi ora adil, samangsa Panjenengané ngukum kita merga keluputan kita? (Kandhaku iki manut pikirané manungsa.)
3:6 Mesthi waé ora! Sebab yèn Gusti Allah ora adil, kepriyé bisané Panjenengané ngadili jagad iki?
3:7 Lan menèh menawa kaadilané Gusti Allah katon luhuré, merga saka gorohku, yagéné gorohku kuwi disalahaké, lan aku dianggep wong dosa?
3:8 Apa sebabé kokkita ora kena muni mengkéné: “Ayo padha nglakoni piala, supaya ketara endi sing becik?” Pancèn ana wong sing ndakwa aku muni mengkono. Gusti Allah bakal ngukum wong mau manut apa mesthiné.
3:9 Yèn mengkono, apa kita, wong Yahudi, luwih becik ketimbang karo wong dudu Yahudi? Babar-pisan ora! Aku wis mbuktèkaké yèn wong Yahudi lan wong liyané kuwi padha kawengku déning pangwasané dosa.
3:10 Ing Kitab Suci katulis mengkéné: “Siji waé ora ana wong sing bener,
3:11 ora ana wong sing ngerti utawa sing kepéngin ngerti marang kersané Gusti Allah.
3:12 Sebab wong kabèh wis padha nyingkur marang Gusti Allah, wong kabèh wis padha kesasar. Ora ana siji waé wong sing nglakoni kabecikan; siji waé ora ana!
3:13 Gurungé kaya kuburan menga, ilaté seneng goroh lan apus-apus; sarta panyatur alané metu saka lambéné kaya wisané ula.
3:14 Cangkemé kebak ipat-ipat lan laknat.
3:15 Gampang yèn nganiaya lan matèni wong.
3:16 Saenggon-enggon nganakaké karusakan lan nuwuhaké kasangsaran.
3:17 Dalaning katentreman padha ora diambah.
3:18 Wong-wong mau durung tau nduwèni rasa wedi marang Gusti Allah.”
3:19 Saiki kita ngerti, yèn samubarang sing didhawuhaké déning Torèt, kuwi kanggo wong-wong sing kawengku ing Torèt, supaya manungsa kabèh padha ora bisa éndha, lan supaya donya saisiné kapatrapan’a paukumané Gusti Allah.
3:20 Sebab ora ana wong siji waé sing bener ana ing ngarsané Gusti Allah merga nglakoni Angger-anggering Torèt. Nanging satemené Torèt kuwi mung nuduhaké, yèn manungsa wis nandhang dosa.
3:21 Nanging saiki Gusti Allah wis nedahaké dalan, supaya manungsa bisa karukunaké karo Panjenengané, lan dalan kuwi ora ana gegayutané karo Torèt. Malah Torèt lan Kitab-kitabé Para Nabi padha neksèni:
3:22 Yèn Gusti Allah ngrukunaké manungsa karo sarirané piyambak, merga precaya marang Gusti Yésus Kristus. Gusti Allah nindakaké sing mengkono mau tumrap wong kabèh, sing padha precaya marang Gusti Yésus Kristus. Sebab wong kabèh mau ora ana bédané:
3:23 Kabèh wis padha gawé dosa lan adoh karo Gusti Allah, sing dadi etuking keslametané.
3:24 Manungsa enggoné karukunaké karo Gusti Allah kuwi awewaton sih-rahmat, sing diparingaké marang manungsa, lumantar panebusé Gusti Yésus Kristus.
3:25 Sédané Gusti Yésus kuwi kaagem déning Gusti Allah dadi srana enggoné manungsa kaapura dosané, yakuwi samangsa wong mau precaya marang Panjenengané. Enggoné Gusti Allah nindakaké mengkono mau kanggo nélakaké kaadilané. Ing jaman-jaman sing wis kepungkur, Gusti Allah sajroning kesabarané, ora maèlu marang dosa-dosané manungsa.
3:26 Nanging saiki Panjenengané ngukum dosané manungsa. Srana mengkono Gusti Allah ngetingalaké yèn Panjenengané sipat adil, lan Panjenengané ngrukunaké sarirané piyambak karo saben wong sing precaya marang Gusti Yésus.
3:27 Yèn mengkono, apa sing arep kita gung-gungaké? Ora ana! Banjur apa wewatoné manungsa enggoné kaslametaké? Apa merga enggoné nglakoni Torèt? Ora, nanging mung merga precaya.
3:28 Dadi ringkesé mengkéné: Wong enggoné dirukunaké karo Gusti Allah kuwi mung wewaton precaya thok, lan ora merga enggoné nglakoni apa sing didhawuhaké déning Torèt.
3:29 Apa Gusti Allah kuwi mung Allahé wong Yahudi waé? Panjenengané rak uga dadi Allahé bangsa liyané? Mesthi waé.
3:30 Sebab Gusti Allah kuwi mung siji! Panjenengané ngrukunaké wong-wong Yahudi karo sarirané piyambak merga saka precayané wong-wong Yahudi mau, lan Panjenengané ngrukunaké bangsa-bangsa liyané karo sarirané piyambak iya merga saka precayané wong-wong mau.
3:31 Yèn ngono apa merga precaya marang Gusti Yésus kita banjur mbatalaké Torèt? Ora! Malah merga saka precaya mau kita ngajèni Torèt.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Rum 4

4:1 Yèn mengkono, banjur kepriyé tumraping Rama Abraham leluhur kita? Kepriyé pengalamané?
4:2 Menawa Rama Abraham enggoné kabeneraké déning Gusti Allah kuwi merga saka penggawéné, ana alasané kanggo gumunggung. Nanging panjenengané ora bisa gumunggung ana ing ngarsané Gusti Allah.
4:3 Kitab Suci nyebutaké: “Abraham precaya marang Gusti Allah, lan merga enggoné precaya mau Abraham ditampa déning Gusti Allah, dadi wong sing nglakoni kersané Gusti Allah.”
4:4 Wong sing nyambut-gawé kuwi lumrahé nampa bayar, kang minangka opahé, dudu ganjaran.
4:5 Nanging tumraping Gusti Allah ora mengkono. Nyatané ana wong sing ora gumantung saka penggawéné. Wong mau pasrah marang Gusti Allah, sing nganggep wong dosa ora duwé dosa. Yèn Gusti Allah ngrukunaké sarirané piyambak karo wong dosa, kuwi Gusti Allah mung mirsani precayané wong mau.
4:6 Ya wong sing mengkono kuwi sing dikersakaké déning Sang Prabu Dawud, mulané panjenengané ngandikakaké bab kabegjané wong sing ditampa déning Gusti Allah, dianggep tanpa keluputan, sarta ora kaétang bab penggawéné. Pangandikané Sang Prabu Dawud mengkéné:
4:7 “Iba begjané wong sing keluputané diapura déning Gusti Allah lan dosa-dosané dialing-alingi déning Pangéran!
4:8 Saiba begjané wong, sing dosa-dosané ora diétung déning Gusti Allah!”
4:9 Apa kabegjan sing dingandikakaké déning Sang Prabu Dawud mau mung katujokaké marang wong sing tetakan waé? Ora! Kabegjan mau iya katetepaké tumrap wong sing ora tetakan. Kaya pangandika sing kasebut ing ndhuwur mau: “Abraham precaya marang Gusti Allah, lan merga saka enggoné precaya mau dhèwèké ditampi déning Gusti Allah, dadi wong sing nglakoni kersané.”
4:10 Wiwit dhèk kapan tumindaké prekara mau? Sadurungé apa sawisé Rama Abraham ditetaki? Pancèn sadurungé ditetaki, dudu sakwisé.
4:11 Lagi sawisé kuwi Rama Abraham tetak, lan tetak mau mung pretandha kanggo mbuktèkaké, yèn merga saka precayané, Gusti Allah wis nampani Rama Abraham mau, dadi wong sing nglakoni kersané. Kaya mengkono enggoné Rama Abraham dadi rama kasukmané sakèhing wong sing precaya marang Gusti Allah, lan sing diparengaké déning Gusti Allah dadi wong sing nglakoni kersané, senajan wong-wong mau padha ora ditetaki.
4:12 Rama Abraham uga dadi rama kasukmané wong-wong sing padha ditetaki, ora merga saka enggoné tetakan, nanging merga saka precayané, padha karo Rama Abraham piyambak nalika panjenengané durung ditetaki.
4:13 Gusti Allah janji marang Rama Abraham lan tedhak-turuné, yèn jagad iki bakal dadi warisané. Enggoné Gusti Allah janji mengkono mau ora merga saka pambangun-turuté Rama Abraham marang kersané Gusti Allah, nanging merga Rama Abraham precaya; mulané banjur ditampi déning Gusti Allah, dianggep wong sing nglakoni kersané.
4:14 Menawa Gusti Allah maringaké janjiné mung marang wong sing padha nglakoni Angger-anggering Torèt waé, lha rak ora ana gunané wong precaya marang Gusti Allah, lan janji-janjiné Gusti Allah iya banjur ora ana paédahé.
4:15 Torèt kuwi mung nekakaké bebenduné Gusti Allah. Nanging yèn ora ana angger-angger, dadi iya ora ana panerak.
4:16 Prejanjiné Gusti Allah kuwi kaparingaké adhedhasar precaya, supaya cetha yèn kuwi kanugrahané Gusti Allah marang tedhak-turuné Rama Abraham kabèh; marang wong sing padha urip manut Torèt, semono uga marang wong sing padha precaya nulad Rama Abraham, merga Rama Abraham kuwi rama kasukman kita kabèh.
4:17 Gusti Allah ngandika marang Rama Abraham: “Aku wis ndadèkaké kowé bapakné bangsa pirang-pirang.” Kaya mengkono Rama Abraham ana ing paningalé Gusti Allah, sing dadi andel-andelé. Iya Gusti Allah sing nguripaké wong mati, sing nyabdakaké barang sing ora ana dadi ana.
4:18 Rama Abraham precaya lan tetep kagungan pengarep-arep, senajan kaya-kaya wis ora bakal kelakon dadi bapakné bangsa pirang-pirang; kaya pangandikaning Kitab Suci: “Anak-turunmu bakal semono akèhé.”
4:19 Rama Abraham nalika semana wis mèh yuswa satus taun, nanging precayané ora suda. Precayané mau ora luntur, senajan nyatané ibu Sarah kuwi gabug.
4:20 Panjenengané babar-pisan ora mangu-mangu bab prejanjiné Gusti Allah. Precayané kuwi sing mènèhi kekuwatan marang Rama Abraham, mulané panjenengané bisa tansah memuji asmané Gusti Allah.
4:21 Rama Abraham yakin yèn Gusti Allah kwasa nindakaké apa sing wis dijanjèkaké.
4:22 Yakuwi sing marakaké Rama Abraham katampi déning Gusti Allah, kaanggep dadi wong sing nglakoni kersané.
4:23 Tembung “katampi déning Gusti Allah, kaanggep dadi wong sing nglakoni kersané” kuwi ora mung katulis kanggo Rama Abraham thok,
4:24 nanging iya katulis kanggo kita, sing bakal uga padha kaanggep nglakoni kersané Gusti Allah; yakuwi kita sing padha precaya marang Gusti Allah, sing wis mungokaké Gusti Yésus, saka ing séda.
4:25 Gusti Yésus mau ditégakaké déning Gusti Allah nganti séda, merga dosa-dosa kita; Panjenengané kawungokaké saka ing séda supaya ngrukunaké kita karo Gusti Allah.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Rum 5

5:1 Saiki, sarèhné kita wis dirukunaké karo Gusti Allah merga precaya, urip kita padha tentrem ana ing astané Gusti Allah lantaran Yésus Kristus, Gusti kita.
5:2 Merga déning precaya kita, Gusti Yésus Kristus wis marengaké kita padha ngrasakaké sih-rahmaté Gusti Allah, lan saiki kita padha urip wewaton sih-rahmat mau. Mulané kita padha bungah-bungah merga kita nganti-anti bakal olèh panduman kamulyané Gusti Allah!
5:3 Kita iya padha bisa bungah sajroné kasusahan, sebab kita ngerti yèn kasusahan mono njalari sabar,
5:4 lan sabar kuwi dadi keparengé Gusti Allah, lan apa sing dadi keparengé Gusti Allah kuwi nekakaké pengarep-arep.
5:5 Pengarep-arep mau ora gawé gelané ati kita, sebab Gusti Allah wis ngesokaké sihé ana ing ati kita lantaran Rohé kang suci. Sang Roh Suci kuwi peparingé Gusti Allah marang kita.
5:6 Nalika kita ora keconggah nylametaké awak kita dhéwé ing wektu sing wis katemtokaké déning Gusti Allah, Gusti Yésus Kristus séda kanggo kita para wong dosa.
5:7 Ora gampang golèk wong sing gelem mati senajan kanggo wong sing bener pisan. Bisa uga ana sing gelem mati kanggo nglabuhi wong sing becik.
5:8 Nanging Gusti Allah wis ngetingalaké marang kita, sepira gedhéning sihé marang kita, awit Sang Kristus wis nglampahi séda kanggo kita, nalika kita isih padha ana ing sajroning dosa!
5:9 Merga saka sédané Sang Kristus, kita saiki wis padha katunggilaké karo Gusti Allah. Mulané saiki kita saya luwih yakin, yèn kita mesthi bakal padha dislametaké déning Sang Kristus saka bebenduning Allah.
5:10 Biyèn nalika kita padha memungsuhan karo Gusti Allah waé, padha didadèkaké mitrané lantaran sédané Kang Putra, luwih-luwih saiki bareng kita wis padha dadi mitrané Gusti Allah, mesthi bakal padha dislametaké déning wunguné Gusti Yésus!
5:11 Ora ngemungaké kuwi waé. Kita padha bungah ing patunggilané Gusti Allah, lantaran Gusti kita Yésus Kristus, sing dadi mergané kita padha dadi para mitrané Gusti Allah.
5:12 Mlebuné dosa ana ing donya kuwi jalaran saka wong siji, lan dosané wong siji mau nekakaké pati. Pati mau nuli nyrambahi sakèhing manungsa, sebab saben manungsa wis nglakoni gawé dosa.
5:13 Dosa wis ana ing jagad sadurungé Torèt kaparingaké déning Gusti Allah. Nanging yèn ora ana angger-angger, dosa ora kapétung.
5:14 Éwasemono wiwit saka jamané Bapak Adam nganti tekan jamané Nabi Musa, pati wis nindakaké pangwasané ana ing uripé saben manungsa, klebu wong-wong sing ora nglakoni dosa kaya Bapak Adam, enggoné nerak angger-anggeré Gusti Allah. Bapak Adam kuwi gambaré Sang Kristus sing bakal rawuh.
5:15 Nanging sakaroné ora padha, sebab kanugrahané Gusti Allah ngluwihi yèn ditimbang karo dosané Bapak Adam. Pancèn akèh wong sing padha mati, merga dosané wong siji (Adam) mau; nanging sih-rahmaté Gusti Allah luwih gedhé menèh. Mengkono uga sih-kanugrahané Gusti Allah sing kaparingaké ora nganggo bayaran marang wong akèh, lantaran sih-kamirahané wong siji, yakuwi Gusti Yésus Kristus.
5:16 Pancèn gedhé banget bédané kanugrahané Gusti Allah karo dosané wong siji mau. Nalika dosané wong siji mau ditetepaké: “Salah”; nanging bareng dosa mundhak akèh, nuli putusané kanugrahan kadhawuhaké: “Ora Salah”.
5:17 Pancèn merga paneraké wong siji, pati nuli wiwit ngambra-ambra, jalaran wong siji mau; éwasemono luwih gedhé pangwasané wong siji liyané, yakuwi Gusti Yésus Kristus! Saben wong siji nampani kalubèraning sih-rahmaté Gusti Allah, lan nampani kayektèn, sing diparingaké kanthi gratis, bakal urip, lan nindakaké pangwasa lantaran Gusti Yésus Kristus.
5:18 Yèn mengkono, kaya déné paneraké wong siji nekakaké paukuman marang wong akèh, mengkono uga penggawéné wong siji sing bener, ngluwari wong akèh, lan marakaké wong akèh mau padha urip.
5:19 Padha kaya pembangkangé wong sing siji mau njalari wong akèh padha dadi wong dosa, kaya mengkono uga, merga pambangun-turuté wong siji, akèh wong banjur padha kabeneraké.
5:20 Torèt kuwi kaparingaké déning Gusti Allah. Nanging nyatané panerak saya mundhak akèh. Samasa dosa mundhak akèh, sih-rahmaté uga saya mundhak gedhé.
5:21 Padha kaya patining manungsa merga saka dosané, kaya mengkono uga sih-rahmaté Gusti Allah ngwasani uripé manungsa srana bebeneran, lan nuntun kita marang urip langgeng, lantaran Yésus Kristus, Gusti kita.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Rum 6

6:1 Yèn mengkono, kita arep muni apa menèh? Apa kita kudu mbacutaké gawé dosa, supaya kanugrahané Gusti Allah saya wuwuh akèh?
6:2 Mesthi ora! Kita rak wis padha diuwalaké saka dosa; mulané kepriyé déné kita padha urip ana ing sajroning dosa mau!
6:3 Apa kowé ora ngerti, yèn enggon kita dibaptis kuwi, kita ditunggilaké karo Sang Kristus Yésus? Kuwi ateges kita ditunggilaké karo sédané.
6:4 Srana baptisan mau kita dikubur bebarengan karo Sang Kristus ana ing sédané, supaya kaya déné Sang Kristus diwungokaké saka ing séda déning kamulyaning pangwasané Sang Rama, kaya mengkono uga kita padha kaparingan urip sing anyar.
6:5 Sebab menawa kita wis ditunggilaké karo Sang Kristus ana ing sédané, mengkono uga kita padha ditunggilaké karo Panjenengané ana ing wunguné.
6:6 Kita padha ngerti, yèn kaanan kita sing lawas wis mati bebarengan karo Sang Kristus ana ing kayu salib, supaya pangwasané dosa sing ana ing kita kasirnakaké, satemah kita ora dadi budhaké si dosa menèh.
6:7 Sebab wong sing wis mati, kuwi wis luwar saka pangwasané si dosa.
6:8 Yèn kita wis mati bebarengan karo Sang Kristus, kita precaya, yèn kita uga bakal urip karo Panjenengané.
6:9 Kita ngerti, yèn Sang Kristus wis kawungokaké saka ing séda. Panjenengané ora bakal séda menèh, sebab pati wis ora ngwasani Panjenengané.
6:10 Séda sing dialami déning Sang Kristus kuwi séda tumrap ing dosa, mung sepisan waé. Nanging gesangé Sang Kristus saiki, kuwi gesang sing lumadi marang Gusti Allah.
6:11 Mulané kowé uga kudu padha nganggep awakmu kuwi wis mati tumraping dosa, lan kudu padha urip kagem Gusti Allah lantaran Sang Kristus Yésus.
6:12 Si dosa ora kena ngerèh awakmu menèh, temah kowé nguja hawa-nepsu lan nindakaké piala.
6:13 Aja padha masrahaké péranganing awakmu siji waé marang pangwasané dosa, kanggo nindakaké piala. Nanging badanmu pasrahna marang Gusti Allah, kaya déné wong-wong sing wis dientas saka ing pati marang urip. Badanmu sakojur padha pasrahna marang Gusti Allah, supaya diagem srana nindakaké prekara-prekara sing becik.
6:14 Aja nganti si dosa ngwasani kowé, sebab uripmu wis ora kawengku déning Torèt menèh, nanging kawengku ing sih-rahmaté Gusti Allah.
6:15 Saiki kepriyé? Apa kita kena nglakoni dosa, merga saiki urip kawengku déning sih-rahmaté Gusti Allah, lan ora kawengku ing Torèt? Ora babar-pisan!
6:16 Mesthiné kowé wis padha ngerti, yèn samangsa kowé pasrah badanmu marang wong, dadi abdiné wong mau, nglakoni apa sapréntahé, kowé dadi abdiné bendara sing préntahé koklakoni mau, ora preduli apa bendaramu kuwi si dosa, sing njalari patimu, apa Sang Kristus, sing njalari kowé ditunggilaké karo Gusti Allah.
6:17 Nanging puji sokur marang Gusti Allah, déné senajan kowé biyèn tau dadi budhaké si dosa, saiki kowé klawan éklasing ati wis padha mbangun-turut marang bebeneran, sing kawulangaké marang kowé.
6:18 Kowé wis padha kaluwaran saka ing dosa, supaya padha dadia abdiné bebeneran.
6:19 Enggonku nganggo tuladha “budhak” kuwi supaya gampang koktampa. Biyèn kowé padha masrahaké badanmu sakojur dadi budhaké penggawé sing kotor lan duraka, kanggo nindakaké piala. Semono uga saiki, bareng wis dadi abdiné bebeneran, badanmu sakojur padha pasrahna kanggo lantaraning tumindak sing dadi keparengé Gusti Allah.
6:20 Menawa kowé dadi budhaké si dosa, kowé ora kawengku déning bebeneran.
6:21 Nanging apa paédahé tumrap kowé, nglakoni prekara-prekara sing saiki kowé dhéwé isin? Penggawé-penggawé mau nekakaké pati!
6:22 Saiki kowé wis diluwari saka ing pangwasané dosa, lan dadi abdiné Gusti Allah. Tujuné saiki uripmu kokpasrahaké marang Gusti Allah, lan ngolèhaké urip langgeng.
6:23 Sebab opahé dosa kuwi pati, nanging sih-kanugrahané Gusti Allah ngolèhaké urip langgeng, lantaran Kristus Yésus, Gusti kita.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Rum 7

7:1 Para sedulur mesthiné kowé padha ngerti marang undhang-undhang lan pangwasané undhang-undhang kuwi mung sajroné wong mau isih urip.
7:2 Kaya upamané wong wadon sing duwé bojo, kuwi olèhé kecencang karo bojoné srana undhang-undhang mung selawasé sing lanang isih urip. Nanging samasa sing lanang wis mati, sing wadon wis ora kecencang karo bojoné.
7:3 Yèn wong wadon mau nalika sing lanang isih urip, urip bebarengan karo wong lanang liya, wong wadon mau diarani laku bédhang. Nanging yèn sing lanang wis mati, manut undhang-undhang wong wadon kuwi bébas, lan saupama kawin menèh karo wong lanang liya, ora kena diarani laku bédhang.
7:4 Mengkono uga tumrap kowé, para sedulurku. Kowé wis padha mati mungguhing Torèt, jalaran kowé wis padha ditunggilaké karo sarirané Sang Kristus. Saiki kowé wis dadi kagungané Gusti Yésus, sing wis kawungokaké saka ing séda, supaya urip kita ana paédahé kagem Gusti Allah.
7:5 Sebab biyèn nalika kita isih padha urip manut karep kita dhéwé, hawa-nepsuning dosa sing merga déning Torèt masésani badan kita, lan nekakaké pati.
7:6 Nanging saiki kita wis bébas saka pamengkuné Torèt, sebab kita wis padha mati mungguhing Torèt, sing biyèn nancang kita. Kita wis ora padha ngabekti manut cara sing lawas, yakuwi manut angger-angger sing wujud tulisan; nanging saiki kita padha ngabekti nganggo cara anyar, manut panuntuné Sang Roh Suci.
7:7 Yèn mengkono, kita arep muni kepriyé? Apa Torèt dhéwé kuwi dosa? Ora! Nanging Torèt kuwi sing marakaké aku ngerti, apa sing diarani dosa mau. Yèn ora ana Angger-anggering Torèt sing muni: “Kowé aja mélik”, aku ora ngerti apa sing diarani mélik.
7:8 Dosa banjur olèh dalan nuwuhaké nepsu rupa-rupa ana ing atiku, lantaran Angger-anggering Torèt; sebab tanpa Angger-anggering Torèt, dosa kuwi mati.
7:9 Biyèn aku urip tanpa Torèt, nanging bareng Angger-anggering Torèt ditrapaké, dosa iya nuli wiwit urip; kosokbaliné aku mati.
7:10 Dadi Torèt sing karepé supaya marakaké urip kanggoné aku malah banjur marakaké mati.
7:11 Ana ing Angger-anggering Torèt kuwi, si dosa olèh dalan ngapusi aku, lan merga déning angger-angger mau si dosa kuwi wis matèni aku.
7:12 Mangka Angger-anggering Torèt dhéwé kuwi pinangkané saka Gusti Allah, lan pepakon-pepakoné kuwi saka Gusti Allah, sarta bener lan becik.
7:13 Apa kuwi ateges, yèn barang sing becik mau marakaké aku mati? Ora! Nanging si dosa sing njalari patiku. Klawan patrap migunakaké Torèt, barang sing becik mau, si dosa njalari patiku, supaya si dosa kuwi katon wujudé sing satemené. Srana anané Torèt, ketitik sepira gedhéné dayaning dosa mau.
7:14 Kita ngerti yèn Torèt kuwi asalé saka Gusti Allah lan sipat kasukman, nanging aku iki sipat kedagingan, lan dadi budhaké si dosa.
7:15 Aku dhéwé ora ngerti apa sing daklakoni. Aku ora nglakoni apa sing dakpéngini, malah aku nglakoni apa sing daksengiti.
7:16 Menawa aku nglakoni apa sing satemené ora dakkarepaké, kuwi mbuktèkaké yèn aku ngakoni menawa Angger-anggering Torèt kuwi bener.
7:17 Yèn mengkono, satemené dudu aku sing nglakoni kuwi mau, nanging si dosa sing ana ing aku.
7:18 Aku ngakoni, yèn aku iki manungsa, ora kadunungan apa-apa sing becik. Senajan aku kepéngin nindakaké sing becik, nanging aku ora bisa nglakoni.
7:19 Mulané aku ora nglakoni kabecikan sing dakkarepaké mau, malah kosokbaliné, aku nglakoni prekara-prekara sing ala, sing ora dakkarepaké.
7:20 Yèn aku nglakoni prekara-prekara sing ora dakkarepaké, kuwi ateges, dudu aku dhéwé sing nglakoni prekara-prekara mau, nanging si dosa sing ngerèh marang awakku.
7:21 Srana mengkono aku banjur nemu wewaton mengkéné: Samasa aku arep nglakoni sing becik, jebul nyatané sing daklakoni mung sing ala waé.
7:22 Ing batin aku ngèstokaké angger-anggeré Gusti Allah,
7:23 nanging aku ngerti, yèn ing sajroning badanku uga ana angger-angger liya, sing nglawan marang angger-angger mau, sing dianut déning budiku. Angger-angger liya kuwi sing marakaké aku dierèh déning si dosa, sing ngwasani awakku.
7:24 Wong cilaka temenan aku iki. Sapa sing arep ngluwari aku saka badanku, sing marakaké aku mati iki?
7:25-26 Pinujia Gusti Allah lantaran Gusti Yésus Kristus, kang kersa ngluwari aku, awit satemené mengkéné: Srana budiku, aku nglakoni angger-anggeré Gusti Allah, nanging srana badanku kamanungsan, aku nglakoni angger-anggeré si dosa.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Rum 8

8:1 Saiki wis ora ana paukuman menèh tumrapé wong sing ana ing patunggilané Sang Kristus.
8:2 Sebab angger-anggeré Sang Roh Suci, sing nunggilaké urip kita karo Gusti Kristus Yésus, wis ngluwari kita saka angger-anggering dosa lan pati.
8:3 Apa sing ora ditindakaké déning angger-angger merga sèkènging daging kita, kuwi saiki ditindakaké déning Gusti Allah piyambak. Panjenengané wis ngukum dosa sing ana badané manungsa srana ngutus Putrané piyambak, sing rawuh ngagem sipating manungsa dosa, kanggo nyirnakaké dosa.
8:4 Gusti Allah enggoné nindakaké sing mengkono mau supaya Angger-anggering Torèt bisa kita tetepi ana ing badan kita, sing uripé manut pangrèhé Sang Roh Suci lan ora manut pangrèhing daging.
8:5 Wong sing uripé manut pangrèhing daging, pikirané dierèh déning daging. Nanging wong sing uripé manut pangrèhé Rohé Gusti Allah, pikirané dierèh déning kersané Rohé Gusti Allah mau.
8:6 Yèn pikiranmu dierèh déning daging, kuwi kowé bakal mati. Nanging yèn dierèh déning Rohé Gusti Allah, kowé bakal urip klawan tentrem.
8:7 Wong sing pikirané dierèh déning daging, kuwi dadi satruné Gusti Allah, merga ora manut karo angger-anggeré Gusti Allah. Satemené wong mau pancèn ora bisa urip manut angger-anggeré Gusti Allah,
8:8 mangka Gusti Allah ora rena ing ngatasé wong sing uripé padha dierèh déning daging.
8:9 Nanging kowé wis ora manut pangrèhing daging, awit manut pangrèhing Roh; semono mau yèn Rohé Gusti Allah dedalem ana ing kowé temenan. Sapa sing ora nduwèni Rohé Sang Kristus ana ing uripé, wong kuwi dudu kagungané Sang Kristus.
8:10 Nanging menawa Sang Kristus gesang ana ing kowé, senajana badanmu mati krana dosa, éwasemono Rohé Gusti Allah wis nguripaké kowé, merga kowé wis ditunggilaké karo Gusti Allah.
8:11 Menawa Rohé Gusti Allah sing mungokaké Sang Kristus saka ing séda, dedalem ana ing kowé, Gusti Allah sing wis mungokaké Sang Kristus saka ing séda mau uga bakal nguripaké badanmu sing kena ing pati, srana Rohé sing dedalem ana ing kowé.
8:12 Mulané para sedulurku, kita padha duwé kuwajiban, nanging ora supaya padha urip manut sipating kamanungsan kita.
8:13 Sebab menawa kowé padha urip manut wataké kamanungsanmu, kowé bakal mati. Nanging menawa kowé padha urip manut Rohé Gusti Allah, lan matèni penggawému sing dosa, kowé bakal urip.
8:14 Wong sing padha dierèh déning Rohé Gusti Allah, kuwi para putrané Gusti Allah.
8:15 Sebab Roh sing diparingaké déning Gusti Allah marang kowé, kuwi ora ndadèkaké kowé dadi budhak, temah kowé padha urip sajroning wedi. Nanging kosokbaliné, Rohé Gusti Allah kuwi ndadèkaké kowé dadi para putrané Allah. Lan merga pangrèhé Rohé Gusti Allah kuwi, kita padha nyebut Gusti Allah: “Rama! Ramaku!”
8:16 Rohé Gusti Allah mau bebarengan karo roh kita, nglairaké paseksi, yèn kita kuwi padha dadi putrané Gusti Allah.
8:17 Lan sarèhné kita dadi putrané Gusti Allah, mula bakal padha nampa sakèhing panduman sing kacadhangaké déning Gusti Allah marang para putrané mau. Bebarengan karo Sang Kristus, kita uga bakal tampa samubarang, sing kacadhangaké déning Gusti Allah kagem Gusti Yésus Kristus; sebab menawa kita nglakoni sangsara bebarengan karo Sang Kristus, kita uga bakal olèh panduman kamulyané Sang Kristus mau.
8:18 Sakèhing kasangsaran sing kita alami saiki, kuwi manut panemuku, ora tandhing babar-pisan karo kamulyan sing bakal kawedharaké marang kita.
8:19 Sakèhing tumitah padha ngarep-arep banget marang dina enggoné Gusti Allah ngumumaké para putrané.
8:20 Sebab sakèhing tumitah mau wis kena ing bebenduné Gusti Allah, lan wis dadi tanpa guna, ora merga saka karepé dhéwé, nanging merga saka kersané Gusti Allah. Senajan mengkono, isih ana pengarep-arep:
8:21 Awit ing sawijining dina para tumitah bakal kaluwaran saka enggoné kawengku ing rusak, lan bakal dimerdikakaké lan dimulyakaké bebarengan karo para putrané Gusti Allah.
8:22 Kita padha ngerti, yèn nganti sepréné sakèhing tumitah kuwi padha sesambat ngrasakaké lara kaya wong wadon sing lagi nglarani.
8:23 Ora mung para tumitah sing padha sambat, nanging kita dhéwé ing batin iya padha nggresah: Yakuwi sajroning nganti-anti marang wektu enggoné Gusti Allah arep ngangkat kita dadi para putrané lan ngluwari badan kita sasampurnané, sanajan kita wis padha diparingi Rohé Gusti Allah, yakuwi peparing sing kaparingaké sepisanan.
8:24 Enggon kita dislametaké kuwi srana pengarep-arep. Nanging yèn kita wis ndeleng apa sing kita arep-arep mau, kuwi wis dudu pengarep-arep menèh. Sebab sapa sing isih bakal ngarep-arep barang sing wis dideleng?
8:25 Yèn kita ngarep-arep barang sing durung kita deleng, kita mesthi bakal nganti-anti klawan sabar.
8:26 Mengkono uga Rohé Gusti Allah rawuh mitulungi kita sing sèkèng iki. Kita dhéwé ora ngerti kepriyé patrapé ndedonga sing bener; Roh piyambak sing ndongakaké kita marang Gusti Allah srana panggresah, sing ora bisa diucapaké nganggo tembung.
8:27 Gusti Allah sing mirsa isining atiné manungsa, pirsa apa sing dikersakaké déning Roh mau; sebab Roh kuwi ndongakaké para umaté Gusti Allah, condhong karo sing dadi kersané Gusti Allah.
8:28 Kita padha ngerti, yèn ing sadhéngah prekara, Gusti Allah makarya murih beciké wong sing padha tresna marang Panjenengané.
8:29 Wong sing wis dipilih déning Gusti Allah, kuwi uga wis disengker, supaya dadia padha kaya Putrané, yakuwi Gusti Yésus Kristus, supaya Sang Putra mau dadia pembarep ing antarané sedulur akèh.
8:30 Mulané wong sing wis padha disengker kuwi uga sing padha ditimbali, lan sing padha ditimbali kuwi sing ditunggilaké, karo sarirané. Lan wong sing padha ditunggilaké kuwi sing padha diparingi panduman kamulyané Sang Rama.
8:31 Ngèlingi kuwi mau kabèh, saiki kita arep muni kepriyé? Menawa Gusti Allah piyambak nunggil karo kita, sapa sing wani nglawan kita?
8:32 Gusti Allah ora ngéman Putrané piyambak, malah Sang Putra mau dipasrahaké marang kita kabèh. Menawa Putrané piyambak wis diparingaké marang kita, apa samubarang kabèh iya ora bakal diparingaké marang kita?
8:33 Sapa sing wani nggugat marang umat sing dipilih déning Gusti Allah? Gusti Allah piyambak wis mratélakaké, yèn wong-wong kuwi ora salah.
8:34 Apa ana wong sing bisa ngukum wong-wong mau? Gusti Yésus Kristus sing wis nglampahi séda, wis wungu lan banjur diparingi pangwasa déning Gusti Allah. Gusti Yésus mau malah dadi wakil kita ana ing ngarsané Gusti Allah.
8:35 Sapa sing bisa misahaké kita saka sihé Sang Kristus? Apa kasusahan, apa rekasaning urip, apa panganiaya, apa keluwèn, apa kemiskinan, apa bebaya, apa pati?
8:36 Kaya pangandika ing Kitab Suci: “Margi saking Paduka, kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah sedinten muput. Kawula sami kaanggep dados ménda sembelèhan.”
8:37 Ora mengkono! Kita unggul ing ngatasé kuwi mau kabèh, merga Panjenengané wis ngasihi kita!
8:38 Sebab aku yakin yèn ora ana prekara sing bisa misahaké kita saka sihé Sang Kristus; senajan pati utawa urip, para malaékat utawa para pangwasa liyané sing ana ing swarga, ing jaman saiki, utawa sing bakal kelakon,
8:39 senajan jagad sing ana ing dhuwur, utawa sing ana ing ngisor, lan titah apa waé, ora ana sing bisa misahaké kita saka sihé Gusti Allah sing wis kita tampani lantaran Sang Kristus Yésus, Gusti kita!

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Rum 9

9:1 Apa sing dakkandhakaké iki nyata, yakuwi aku iki kagungané Sang Kristus. Swaraning batinku, sing dierèh déning Sang Roh Suci, uga mèlu neksèni, yèn aku ora goroh.
9:2 Saiba sedhining atiku lan ora kinira gedhéning prihatinku ing ngatasé bangsaku, bangsaku sing tunggal daging lan getih!
9:3 Merga bangsaku mau, aku rila upama awakku ditamani bebendu déning Gusti Allah lan dipisahaké saka sihé Sang Kristus.
9:4 Wong-wong kuwi umat pilihané Gusti Allah. Wong-wong mau padha diangkat dadi para putrané Gusti Allah piyambak, lan padha diparangi kamulyan. Gusti Allah wis damel prejanjian karo wong-wong mau sarta padha diparingi Torèt. Wong-wong mau padha ngerti bab patrapé ngabekti marang Gusti Allah lan padha diparingi prasetyan-prasetyan déning Gusti Allah.
9:5 Wong-wong mau padha dadi anak-turuné para leluhuré bangsa kita, lan Gusti Yésus Kristus manut tata kamanungsané klebu bangsané wong-wong mau. Pinujia Gusti Allah, sing ngerèh samubarang, pinujia ing salawas-lawasé! Amin.
9:6 Aku ora kandha yèn prejanjiané Gusti Allah kuwi batal; merga ora saben umat Israèl kapilih déning Gusti Allah.
9:7 Semono uga ora kabèh tedhak-turuné Rama Abraham kaangkat dadi para putrané Gusti Allah. Gusti Allah ngandika marang Abraham: “Sing bakal kasebut turunmu kuwi mung turuné Iskak.”
9:8 Kuwi ateges yèn sing kasebut putra-putrané Gusti Allah mau dudu anak-anak sing dilairaké miturut daging. Sing dianggep tedhak-turuné sing sah kuwi mung anak-anak sing dilairaké manut prejanjiané Gusti Allah.
9:9 Sebab prejanjiané Gusti Allah mau mengkéné: “Aku bakal bali menèh ing wektu sing wis katemtokaké, lan Sarah bakal duwé anak lanang!”
9:10 Malah ora mengkono waé: Bocah lanang loro-loroné sing dikandhut déning ibu Ribkah kuwi bapakné siji, yakuwi leluhur kita Iskak.
9:11-12 Supaya enggoné milih salah siji saka ing antarané bocah loro mau cetha kersané Gusti Allah piyambak, mula Gusti Allah ngandika marang Ribkah: “Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom.” Enggoné Gusti Allah ngandika mengkono mau, nalika bocah-bocah karoné durung padha lair, lan sadurungé padha ngerti nindakaké sing becik utawa sing ala. Mengkono dadi cetha yèn pamilihé Gusti Allah kuwi ora landhesan penggawéné bocah loro mau, nanging landhesan timbalané Gusti Allah piyambak.
9:13 Kaya sing katulis ing Kitab Suci: “Yakub kuwi Dakkasihi, nanging Ésau Daksengiti.”
9:14 Yèn mengkono, kita banjur arep muni kepriyé? Apa Gusti Allah kuwi ora adil? Ora! Gusti Allah adil!
9:15 Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mengkéné: “Aku bakal melasi marang sapa waé sing Dakparingi piwelas, lan paring kamirahan marang sapa waé sing Dakkersakaké.”
9:16 Mulané putusan kuwi ora gumantung saka karep utawa labeté manungsa, nanging mung landhesan sih-rahmaté Gusti Allah piyambak.
9:17 Sebab Kitab Suci wis nerangaké, yèn Gusti Allah wis ngandika marang ratu ing Mesir: “Yakuwi sebabé enggon-Ku ngangkat kowé dadi ratu, supaya kowé mratélakaké pangwasa-Ku lan ngluhuraké Asma-Ku ana ing salumahing bumi.”
9:18 Mengkono patrapé Gusti Allah enggoné ngesokaké sih-rahmaté marang sok wonga sing dikersakaké, lan uga mangkotaké atiné sapa waé, manut ing sa-kersané piyambak.
9:19 Kowé bakal takon marang aku: “Yèn mengkono, kepriyé bisané Gusti Allah ngluputaké manungsa? Sapa sing bisa malangi kersané Gusti Allah?”
9:20 Aku arep genti takon marang kowé: “Sedulurku, kowé kuwi sapa, kokwani-wani madoni marang Gusti Allah? Apa kelakon pengaron takon marang kundhi sing gawé pengaron mau: ‘Yagéné aku kokkokgawé mengkéné?’
9:21 Apa kundhi mau ora wenang nggarap lempung mau ing sakarepé? Lemah lempung saprongkol bisa waé digawé pengaron sing larang regané, utawa pengaron sing murah.”
9:22 Mengkono uga pakaryané Gusti Allah, Panjenengané kagungan kersa ngetingalaké bebenduné lan medhar pangwasané. Éwadéné Gusti Allah kuwi sabar banget marang wong sing padha dibendoni, sarta wong-wong sing wis digadhang bakal disirnakaké.
9:23 Gusti Allah uga kersa nedahaké kamulyané sing sampurna, kaparingaké marang kita, sing padha katimbalan nampani sih-rahmaté, yakuwi kita sing wis kacadhangaké déning Panjenengané, supaya nampani kamulyan mau.
9:24 Ya kita iki, sing wis katimbalan déning Panjenengané, ora mung bangsa Yahudi waé, nanging uga sing saka antarané bangsa-bangsa liyané.
9:25 Ing Kitabé Nabi Hoséa ana tulisan mengkéné: “Sing dudu umat-Ku bakal Daksebut ‘Umat-Ku’, lan sing ora Dakkasihi, kuwi Daksebut ‘Kesakih-Ku’.
9:26 Lan ing panggonané wong-wong sing didhawuhi: ‘Kowé kuwi dudu umat-Ku,’ ing panggonan kono uga wong-wong mau bakal padha disebut: ‘Para putrané Gusti Allah kang asipat gesang.’ ”
9:27 Tumrapé bangsa Israèl Nabi Yésaya ngandika: “Senajan cacahé bangsa Israèl kuwi akèhé kaya wedhining segara, éwasemono sing bakal kaslametaké mung sethithik.
9:28 Sebab Gusti Allah bakal énggal nganakaké pétungan karo isining jagad.”
9:29 Kaya sing dipangandikakaké déning Nabi Yésaya dhèk biyèn mengkéné: “Saupama Gusti Allah Kang Mahakwasa, ora maringi turun marang kita, mesthi kita wis dadi kaya kutha-kutha Sodom lan Gomora.”
9:30 Kita arep muni apa saiki? Mengkéné: Bangsa-bangsa liya sing padha ora ngudi supaya katunggilaké karo Gusti Allah, saiki wis padha katunggilaké, merga padha precaya.
9:31 Nanging bangsa sing kapilih (bangsa Israèl), sing lantaran Torèt padha ngudi supaya katunggilaké karo Gusti Allah, malah gagal.
9:32 Yagéné? Sebab pangudiné mau ora landhesan precaya, nanging landhesan pangabekti manut carané dhéwé. Wong-wong mau padha kesandhung ing watu,
9:33 sing kasebut ing Kitab Suci mengkéné: “Delengen, Aku wis ndokokaké watu ing Sion, sing marakaké wong padha kesandhung, watu sing marakaké wong padha tiba. Nanging sapa sing precaya marang Panjenengané ora bakal kecuwan.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum

Rum 10

10:1 Para sedulurku, pamujiku kanthi tulusing atiku supaya wong-wong sebangsaku bisaa kapitulungan slamet. Aku tansah ndedonga marang Gusti Allah kanggo wong-wong mau.
10:2 Aku neksèni, yèn wong-wong kuwi padha ngabekti banget marang Gusti Allah. Nanging pangabektiné ora adhedhasar kawruh sing sejati.
10:3 Wong-wong mau padha ora ngerti patrapé Gusti Allah enggoné nunggilaké manungsa karo Panjenengané. Wong-wong mau padha nyoba golèk dalan dhéwé; mulané padha ora gelem milih dalam peparingé Gusti Allah, supaya manungsa katunggilaké karo Panjenengané.
10:4 Sebab Sang Kristus wis netepi Torèt, supaya saben wong sing precaya marang Panjenengané, ditunggilaké karo Gusti Allah.
10:5 Kaya sing ditulis Nabi Musa, yèn wong enggoné dirukunaké karo Gusti Allah kuwi srana mbangun-turut marang Torèt, uniné tulisan mau mengkéné: “Wong sing netepi Toret, bakal olèh urip merga déning Torèt.”
10:6 Nanging piwulang sing mratélakaké, yèn kita iki katunggilaké karo Gusti Allah merga precaya, dhawuhé Kitab Suci mengkéné, “Aja mikiraké, ‘Sapa sing bakal munggah menyang swarga?’ (yakuwi supaya ngudhunaké Sang Kristus),
10:7 utawa ‘Sapa sing arep mudhun menyang nraka?’ (yakuwi supaya nggawa Sang Kristus munggah, wungu saka séda).”
10:8 Karepé mengkéné: “Pangandikané Gusti Allah kuwi cedhak banget karo kowé, yakuwi ana ing lambému lan ana ing sajroné atimu,” mengkono pangandika bab precaya, sing padha dakwartakaké.
10:9 Menawa lambému padha ngakoni, yèn “Yésus kuwi Gusti”, lan kowé precaya ing sajroné atimu, yèn Gusti Allah wis mungokaké Gusti Yésus saka ing séda, kowé bakal slamet.
10:10 Sebab kita precaya ing sajroning ati kita, temah kita padha karukunaké karo Gusti Allah, lan kita ngakoni srana lambé kita, temah kaslametaké.
10:11 Kitab Suci nyebut: “Sing sapa precaya marang Panjenengané, ora bakal kecuwan.”
10:12 Pangandika kuwi kanggo saben wong, sebab wonga Yahudi, wonga kapir, ora ana bédané. Gusti Allah kuwi mung siji, yakuwi Allahé wong kabèh. Panjenengané sing mberkahi klawan lubèr marang saben wong sing nyebut Panjenengané.
10:13 Ayat ing Kitab Suci uga nyebutaké mengkéné: “Saben wong sing nyebut asmané Pangéran bakal slamet.”
10:14 Nanging kepriyé bisané wong padha nyebut asmané Gusti Allah, menawa durung padha precaya? Lan kepriyé bisané padha precaya yèn durung tau padha krungu pangandikané? Lan kepriyé enggoné padha bisa krungu pangandikané, yèn pangandika mau ora diwartakaké?
10:15 Lan kepriyé enggoné diwartakaké, yèn ora ana sing diutus martakaké? Pangandikané Kitab Suci mengkéné: “Iba beciké wong sing padha teka nggawa pawarta becik.”
10:16 Nanging ora kabèh wong padha gelem nampa pawarta becik mau. Nabi Yésaya dhéwé ngandika: “Dhuh Pangéran, sinten ingkang badhé pitados dhateng pawartos ingkang kawula wartosaken?”
10:17 Dadi precaya kuwi thukulé merga krungu pawarta, lan pawarta mau piwulang bab Sang Kristus.
10:18 Saiki aku takon: Apa wong-wong kuwi durung krungu pawarta mau? Mesthi uwis! Awit ing Kitab Suci ana pangandika: “Swarané wong-wong sing nggawa pawarta kuwi sumrambah ing sajagad sarta tembungé wis tekan tapel watesé bumi.”
10:19 Aku takon menèh: Apa wong Israèl padha ora ngerti? Nabi Musa sing bakal mangsuli dhisik dhéwé, mengkéné: “Gusti Allah ngandika: ‘Aku bakal ndakèkaké kowé mèri karo umat, sing satemené ora kena diarani umat, lan Aku bakal gawé nepsumu marang bangsa sing bodho.’ ”
10:20 Nabi Yésaya luwih kendel nalika ngandika: “Gusti Allah ngandika: ‘Aku ditemokaké déning wong-wong sing padha ora nggolèki Aku; Aku ngetingal marang wong-wong sing ora nakokaké Aku!’ ”
10:21 Nanging tumraping bangsa Israèl, Nabi Yésaya ngandika: “Pangandikané Gusti Allah: ‘Sedina muput enggon-Ku mulung asta-Ku marang bangsa sing mbangkang lan madoni kuwi.’ “

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 45 Rum