Category Archives: 16 Néhémia

Néhémia 1

1:1 Iki lapurané Néhémia bin Hakalya bab pegawéané: Nalika sasi Kislèw, taun kaping rong puluhé pepréntahané Artahsasta, raja ing Pèrsia. Aku, Néhémia ana ing Susan.
1:2 Nalika semono, sedulurku Hanani teka saka Yéhuda karo wong sawetara. Banjur daktakoni bab kaanané Yérusalèm lan wong-wong Yahudi sing wis bali saka pembuwangan ing Babil.
1:3 Banjur padha nyritakaké kaanané wong-wong sing bali saka pembuwangan mau, yakuwi satekané ing tanah kelairané. Uripé sengsara, merga padha dianggep asor déning bangsa-bangsa manca sing ana ing kiwa-tengené. Apa menèh, témbok-témboké Yérusalèm padha jugrug lan lawang-lawanging gapurané durung didandani, wiwit nalika diobong dhèk jaman semana.
1:4 Krungu kabar mengkono mau aku lungguh karo nangis. Pirang-pirang dina lawasé atiku sedhih. Aku banjur pasa karo ndedonga marang Allah,
1:5 “Dhuh Allah ratuning swarga. Paduka menika Allah Ingkang Mahaluhur. Sowan kawula kalayan manah ingkang ajrih. Paduka tetep ngasihi sarta setya ing janji Paduka dhateng tiyang ingkang asih dhateng Paduka lan mbangun-turut dhateng dhawuh-dhawuh Paduka.
1:6 Mugi Paduka kersa mirsani kawula, lan miyarsakaken pandonga ingkang kawula aturaken ing ngarsa Paduka rinten lan dalu, kanggé umat Israèl, abdi Paduka. Kawula ngakeni bilih umat Paduka Israèl sampun sami nglampahi dosa. Ugi kawula piyambak lan para leluhur kawula sampun sami nglampahi dosa.
1:7 Kawula sampun sami nyingkur dhateng Paduka lan nerak dhawuh-dhawuh Paduka.
1:8 Dhuh Allah, mugi kersa ngèngeti pangandika-pangandika Paduka, ingkang Paduka dhawuhaken lantaran Musa, bilih samasa kawula, umat Israèl mboten setya dhateng Paduka, kawula badhé sami kasebar ing antawisipun bangsa-bangsa sanès.
1:9 Nanging samasa kawula sami wangsul malih lan mbangun-turut dhateng Paduka, kawula ingkang sampun Paduka sebar wau badhé Paduka klempakaken malih, senajan kawula sami pating prenca wonten ing salumahing bumi. Kawula lajeng badhé Paduka wangsulaken dhateng panggènan ingkang sampun Paduka pilih dados papan pangibadah dhateng Paduka.
1:10 Dhuh Allah, kawula menika para abdi Paduka, inggih umat kagungan Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka luwari kalayan kasektèn Paduka ingkang élok.
1:11 Mugi kersa miyarsakaken pandonga kawula lan pandonganipun para abdi Paduka sanès-sanèsipun sedaya ingkang sami ngurmati dhateng Paduka. Kersaa paring pitulungan supados ing dinten menika kawula sedaya angsala sih-kawelasan saking Sang Prabu.” Nalika semana aku dadi pegawé kraton sing ngurusi unjukané Sang Prabu.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 16 Néhémia

Néhémia 2

2:1 Let patang sasi, yakuwi ing sasi Nisan, ing sawijining dina nalika Sang Prabu Artahsasta lagi dhahar, aku ngladèkaké unjukan anggur karo semu sedhih. Durung tau aku katon sedhih ana ing ngarsané Sang Prabu kaya dhèk dina kuwi.
2:2 Mulané Sang Prabu ndangu, “Yagéné kowé katon sedhih, mangka kowé ora lara. Mesthi ana sing kokpikir.” Aku kagèt,
2:3 nuli matur, “Sang Prabu mugi sugenga ing selaminipun! Kadospundi enggèn kawula mboten sedhih, menawi kuburanipun para leluhur kawula samenika kebak gempuran lan kori-korining gapuranipun sami kabesmi.”
2:4 Pendanguné Sang Prabu, “Dadi, karepmu kepriyé?” Ing sajroning ati aku ndedonga marang Allah ratuning swarga,
2:5 banjur matur marang Sang Prabu mengkéné, “Menawi Sang Prabu dhangan ing penggalih lan marengaken, mugi kersaa ngutus kawula dhateng tanah Yéhuda mbangun kitha menika lan pesaréanipun para leluhur kawula.”
2:6 Sang Prabu kang lenggah jèjèr karo Sang Ratu njurungi panyuwunku. Panjenengané ndangu pira lawasé enggonku arep ana ing kana lan kapan enggonku arep bali. Mulané aku iya nuli ngaturi pirsa.
2:7 Aku banjur nyuwun layang kanggo para gubernur ing propinsi Éfrat, supaya nyepetaké lakuku tekan Yéhuda.
2:8 Kejaba kuwi aku iya nyuwun layang kanggo Asaf, pegawé sing ngurusi alas wilayahé kraton, supaya nyawisaké kayu kanggo gapurané bètèng sing ngayomi Pedalemané Allah, lan kanggo témboké kutha, sarta omah sing arep dakenggoni. Kabèh sing daksuwun diparengaké déning Sang Prabu, merga Allah mitulungi aku.
2:9 Aku banjur budhal menyang tanah Éfrat Kulon bebarengan karo perwira tentara jaranan sawetara sing ngawal aku. Tekan kana layangé Sang Prabu dakaturaké marang gubernur.
2:10 Nanging bareng Sanbalat, wong Bèt-Horon, lan Tobia wong Amon, padha krungu yèn tekaku kanggo kepentingané bangsa Israèl, padha mangkel atiné.
2:11 Aku nerusaké lakuku nganti tekan Yérusalèm, banjur ngaso telung dina.
2:12 Nalika semono durung ana wong sing dakkandhani wangsit sing diparingaké déning Allah ana ing atiku bab mbangun kutha Yérusalèm. Ésuké isih bengi, aku wis tangi, banjur ngajak kanca sawetara metu saka kutha. Kejaba kuldi sing daktunggangi aku padha ora nggawa tunggangan liyané.
2:13 Nalika semono isih bengi. Aku padha metu saka kutha liwat lawangé Gapura Lebak sing sisih Kulon. Lakuku ngidul, menyang Gapura Sampah, ngliwati blumbang Naga. Karo mlaku aku mriksa témboké kutha sing wis jugrug lan lawang-lawang sing wis entèk kobong.
2:14 Saka Wétan kutha aku banjur ngalor, menyang Gapura Pancuran lan Blumbang Raja. Nanging ana ing kono ora ana dalan sing kena diambah déning kuldiku, merga saka akèhé jugrugan.
2:15 Mulané aku banjur medhun menyang Lebak Kidron. Bengi kuwi uga aku nerusaké lakuku karo mriksa témboké kutha. Sawisé mengkono aku banjur ménggok lan bali menèh menyang kutha metu Gapura Lebak.
2:16 Para penggedhéné kutha kono ora ana siji-sijia sing ngerti yèn aku lunga lan iya ora ngerti apa sing dakrancang. Sebab aku ora kandha apa-apa karo wong Yahudi siji waé. Para imam lan para penggedhé, para pegawé lan sapa waé sing arep mèlu mbangun kutha Yérusalèm ora ana sing dakkandhani.
2:17 Bareng wis let suwé lagi padha dakkandhani mengkéné, “Kowé padha ngerti dhéwé sepira gedhéné kasangsaran kita iki! Yérusalèm mung rupa jugrugan lan lawang-lawanging gapurané entèk kobong kabèh. Ayo kita padha mbangun témbok-témboké kutha Yérusalèm, supaya kita aja disepèlèkaké déning wong.”
2:18 Aku banjur nyritakaké marang wong-wong mau carané Gusti Allah olèhé mitulungi aku lan apa sing dingandikakaké déning Sang Prabu marang aku. Wong-wong mau padha mangsuli, “Sumangga kita miwiti mbangun!” Banjur padha cancut nyambut-gawé.
2:19 Bareng Sanbalat, Tobia lan Gèsèm wong Arab padha krungu rancanganku sakanca, banjur padha nggeguyu lan moyoki. Tembungé, “Kowé kuwi padha arep apa? Apa kowé arep padha mbrontak Sang Prabu?”
2:20 Aku mangsuli, “Allah ratuning swarga kang bakal ndadèkaké aku olèh gawé. Aku iki padha para abdiné lan arep wiwit mbangun. Nanging kowé padha ora wenang mèlu nduwèni Yérusalèm. Malah yèn wong padha ngrembug bab kutha Yérusalèm, jenengmu ora bakal kasebut-sebut.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 16 Néhémia

Néhémia 3

3:1 Lapuran bab pembanguning témboké Yérusalèm kuwi mengkéné: Imam Agung Èliasib lan kanca-kancané mbangun Gapura Wedhus Gèmbèl, masang inebé lawang-lawangé lan disucèkaké kagem Allah. Saka kono padha mbangun témbok lan disucèkaké tekan Menara Satus lan tekan Menara Hananéèl.
3:2-16 Kejaba para imam, wong-wong sing jenengé kasebut ing ngisor iki padha mbangun témboké kutha lan lawang-lawang sarta menara-menarané: Zakhur bin Imri, Kaum Sénaa: Gapura Iwak karo balok-baloké, inebé lawang-lawang, baut-baut lan palang-palangé. Merémot bin Uria, putuné Hakos. Mesulam bin Bèrékia lan putuné Mesézabeèl. Zadok bin Baana Para wargané kutha Tekoa (para penggedhéné kutha mau ora gelem nglakoni pegawéan kasar). Yoyada bin Paséah lan Mesulam bin Besota mbangun Gapura Yesana karo balok-balok, inebing lawang, baut-baut lan slorogan-slorogané lawang. Cedhaké kono sing nyambut-gawé Melaca saka Gibéon lan Yadon saka Méronot. Wong-wong Gibéon lan wong Mizpa mbangun témbok tekan kedhatoné gubernur Éfrat Kulon. Uzièl bin Harhaya, tukang emas cedhak karo Hananya, tukang gawé lenga wangi. Wong-wong olèhé ndandani nganti tekan Témbok Amba. Réfaya bin Hur, wedana distrik sing ngwasani separoné Yérusalèm. Yédaya bin Hamurafi mbangun témbok sacedhaké omahé. Hatus bin Hasabnéya. Malkia bin Harim lan Hasub bin Pahat-Moab mbangun témbok terusané sarta Menara Prapèn. Salum bin Halohès, wedana wilayah sing ngawasi separoné Yérusalèm, diréwangi anak-anaké wadon. Hanun lan penduduk Zanoah: Gapura Lebak sarta inebing lawang-lawang, baut-baut lan slorogan-slorogané. Iya témbok sing dawané 440 mèter tekan Gapura Sampah. Malkia bin Rékhab, wedana wilayah Bètkèrèn: Gapura Sampah lan inebing lawang-lawang, baut-baut lan slorogan-slorogané. Salum bin Kolhozè, wedana wilayah Mizpa mbangun Gapura Sumber Banyu karo payoné, inebing lawang-lawang, baut-baut lan slorogan-slorogané. Uga témbok Blumbang Sélah sacedhaké kedhaton tekan undhak-undhakan sing medhun saka kuthané Dawud. Néhémia bin Azbuk, wedana wilayah Bètzur mbangun témbok tekan pesaréané kulawargané Raja Dawud, blumbang-blumbangan lan tangsi.
3:17-21 Témbok liyané dibangun déning wong-wong Lèwi yakuwi: Rehum bin Bani. Hasabya, wedana ing separoné wilayah Kéhila. Pérangané témbok sing kanggo wilayahé dhéwé. Cedhaké menèh Binui bin Hénadad, wedana ing separoné wilayah Kéhila. Èzèr bin Yosua, penggedhéné kutha Mizpa mbangun témbok ing pojok dalan, ngarepé gudhang sing kanggo nyimpen gegaman. Baruk bin Zabai mbangun témbok saka pojok dalan tekan lawangé omahé Imam Agung Èlyasib. Merémot bin Uria, putuné Hakos sing mbangun pérangané témbok saka lawangé omahé Èlyasib tekan pungkasané omah mau.
3:22-26 Ana pérangané témbok sawetara sing dibangun déning para imam, yakuwi: Imam-imam sing omahé ora adoh saka Yérusalèm. Bènyamin lan Hasub mbangun témbok ing sangarepé omahé. Azarya bin Maaséya bin Ananya: témbok sacedhaké omahé. Binui bin Hénadad: témbok saka omahé Azaria tekan pojokan. Palal bin Uzai, sing dibangun témbok saka pojok menara kedhaton sing sisih ndhuwur, sacedhaké plataran sing dienggo jaga. Pédaya bin Paros: témbok tekan ngarepé lawang Gapura Banyu sisih Wétan lan menara sing kanggo njaga Pedalemané Allah. (Ora adoh saka kono ana daérah sing jenengé Ofèl, yakuwi panggonané para peladèn ing Pedalemané Allah.)
3:27-32 Pérangané témbok-témbok liyané sing dibangun digarap déning wong-wong kasebut ing ngisor iki: Para wargané kutha Tekoa; nggarap témbok saka ngarep menara penjagané, Pedalemané Allah tekan témbok Ofèl. Imam-imam sing manggon ing sacedhaké Gapura Jaran, nggarap témbok sing adhep-adhepan karo omahé wong-wong mau, saka gapura terus mengalor. Zadok bin Imèr mbangun témbok sing ana ing ngarepé omahé. Semaya bin Sekhanya, wong sing jaga Gapura Wétan nggarap témbok sing ana ing ngarepé omahé. Hananya bin Selèmya lan Hanun anaké Zalaf sing nomer nem. Mesulam bin Bèrékia, sing dibangun témbok sing ana ing ngarepé omahé. Malkia, tukang emas nggarap témbok tekan asramané para buruh lan omahé para wong dagang, ing ngarepé Gapura Mifka tekan lotèng ing pojoké témbok sisih Lor-wétan. Para tukang emas lan wong dagang mbangun pérangané témbok sing pungkasan, wiwit saka lotèng ing pojoké témbok tekan Gapura Wedhus Gèmbèl.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 16 Néhémia

Néhémia 4

4:1 Bareng Sanbalat krungu yèn aku wong-wong Yahudi lagi padha mbangun menèh témboké kutha, banjur nepsu banget lan aku padha dipoyoki.
4:2 Ana ing ngarepé kanca-kancané lan tentara Samaria, Sanbalat muni mengkéné, “Wong Yahudi sing ora bisa apa-apa kuwi arep gawé apa? Apa arep mbangun kuthané menèh? Apa dikira pegawéan kuwi bisa rampung sedina mung srana gawé kurban? Apa jugrugan témbok lan uwuh tilas obong-obongan kuwi kena digawé bata kanggo gawé témbok?”
4:3 Tobia sing iya ngadeg ing sandhingé muni mengkéné, “Delengen témbok sing didegaké kuwi! Yèn disénggol asu liwat waé mesthi rubuh!”
4:4 Mulané aku banjur ndedonga, “Dhuh Allah, kersaa miyarsakaken pamoyokipun tiyang-tiyang menika! Pamoyok menika mugi Paduka wangsulaken supados ndhawahi sirahipun piyambak. Barang-darbèkipun dipun rampasa lan piyambakipun piyambak dipun tawanna kabekta dhateng negari manca.
4:5 Piawonipun sampun ngantos Paduka apunten lan dosanipun sampun ngantos Paduka supèkaken, mergi tiyang menika sami ngina kawula ingkang saweg sami mbangun menika.”
4:6 Aku padha nerusaké mbangun, lan ora let suwé témboké rampung mubeng setengah dhuwur, merga rakyat olèhé nyambut-gawé kanthi sengkud.
4:7 Kecrita bareng Sanbalat, Tobia, wong-wong Amon lan Asdod sarta wong Arab padha krungu yèn enggonku padha mbangun témboké Yérusalèm saya maju lan growong-growongan ing témbok-témbok wis katutup, padha nepsu banget.
4:8 Banjur padha rukunan arep nyerang Yérusalèm, gawé kacau.
4:9 Mulané aku banjur padha ndedonga marang Allah lan kutha mau padha dakjaga rina wengi.
4:10 Wong Yéhuda padha menyanyi karo sesambat mengkéné: “Aku wis padha kentèkan tenaga, mangka gawéané isih semana, kaya-kaya aku ora kuwat nerusaké mbangun témbok iki sarampungé.”
4:11 Mangka mungsuh padha siaga arep nyerang dadakan lan matèni aku kabèh, supaya pegawéanku mandheg.
4:12 Wong Yahudi sing padha manggon ora adoh saka mungsuh mau wis bola-bali nekani aku ngandhakaké rancangané mungsuh.
4:13 Mulané rakyat banjur dakdumi pedhang, tumbak lan panah, sarta dakpantha-pantha miturut kulawargané dhéwé-dhéwé, saben pantha dakdokokaké ing samburiné témbok lan panggonan-panggonan sing durung rampung digarap.
4:14 Bareng aku weruh yèn rakyat wedi, para pemimpin lan rakyat banjur padha dakkandhani mengkéné, “Aja padha wedi karo mungsuh. Aja lali yèn Gusti Allah mono kwasa lan kwasané ngédab-édabi. Padha peranga kanggo mbélani sedulur-sedulurmu, anak-anakmu, bojomu lan pomahanmu!”
4:15 Mungsuh wis padha ngerti yèn rancangané konangan. Rakyat padha ngerti yèn rancangané mungsuh wis dibatalaké déning Allah. Aku banjur padha bali nyambut-gawé menèh, mbangun témbok.
4:16 Nanging wiwit dina kuwi wong-wong sing nyambut-gawé mung kari separo; liyané padha jaga, nganggo klambi keré lan siap gegaman tumbak, tamèng lan panah. Para pemimpin padha mbiyantu rakyat sakatogé,
4:17 mula rakyat padha bisa nerusaké enggoné mbangun témbok. Wong sing padha nggawa bahan bangunan mau tangané sing siji nggawa bahan, tangan sijiné nyekel gaman.
4:18 Tukang-tukang batu enggoné nyambut-gawé karo nyengkelit pedhang. Wong sing gawéné awèh pretandha yèn ana bebaya srana ngunèkaké slomprèt tansah siaga ngadeg ing sacedhakku.
4:19 Rakyat, para pengarepé masarakat lan para penggedhé padha dakkandhani mengkéné, “Pegawéan iki akèh lan jembar; kita siji karo sijiné mrenca ing sauruté dawané témbok iki.
4:20 Mulané yèn kowé padha krungu swarané slomprèt, énggal padha nglumpuka ing panggonanku kéné. Gusti Allah piyambak sing bakal perang kanggo kita.”
4:21 Kaya mengkono enggonku padha nyambut-gawé wiwit ésuk tekan surup, nganti lintang-lintang wis katon ing langit. Rakyat sing separo mbangun témbok, sing separo liyané padha jaga karo nyekeli tumbak.
4:22 Nalika semono para petugas lan para réwangé padha dakkon nginep ing Yérusalèm. Nganggo cara mengkono yèn bengi aku padha bisa njaga kutha lan awané mbangun témbok.
4:23 Aku dhéwé, para pembantu lan para pengawalku rina wengi padha ora salin sandhangan, lan terus-terusan siaga karo siap gegaman.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 16 Néhémia

Néhémia 5

5:1 Ora wetara suwé akèh wong Yahudi, lanang lan wadon, sing padha sambat merga penggawéné wong-wong Yahudi liyané.
5:2 Ana sing muni, “Anakku akèh. Aku butuh gandum kanggo mangan supaya urip.”
5:3 Liyané menèh kandha, “Aku kepeksa nggadhèkaké tegalan, kebon anggur lan omah kanggo tuku gandum supaya ora mati kaliren.”
5:4 Iya ana sing muni, “Aku kepeksa utang kanggo nglunasi pajeg, sing ditetepaké déning Sang Prabu kanggo tegalan lan kebon anggur.
5:5 Apa aku dudu wong Yahudi? Apa anak-anakku ora padha karo anaké wong Yahudi liya-liyané? Éwasemono anak-anakku kepeksa dakdadèkaké batur. Malah ana anakku wadon sing wis dadi batur-tukon. Aku ora bisa apa-apa, merga tegalan lan kebon anggurku wis dakgadhèkaké.”
5:6 Krungu sambaté wong-wong mau, aku nepsu banget,
5:7 lan aku kudu tumindak. Para pengarepé masarakat lan para penggedhé nuli dakwelèhaké, karo muni, “Kowé padha nindhes sedulur-sedulurmu dhéwé!” Sawisé mengkono aku banjur nganakaké rapat umum kanggo ngrampungaké prekarané,
5:8 karo muni mengkéné, “Aku sakuwat-kuwatku padha nebus sedulur-sedulurku wong Yahudi sing padha ngedol awaké marang wong manca. Nanging saiki kowé malah meksa sedulur-sedulurmu ngedol awaké menyang kowé, mangka wong-wong kuwi iya wong Yahudi!” Para penggedhé mau padha ora bisa mangsuli sakecap waé.
5:9 Aku kandha menèh, “Penggawému kuwi ora becik! Mesthiné kowé kudu wedi marang Allah, supaya mungsuh kita sing ora kenal karo Allah kuwi ora duwé alesan kanggo moyoki kita.
5:10 Aku dhéwé, sedulur-sedulurku lan kanca-kancaku wis ngutangi dhuwit lan gandum marang rakyat. Kuwi aja ditagih.
5:11 Utang-utangé rakyat marang kowé mau lilakna kabèh, ya sing rupa dhuwit, ya sing rupa gandum, anggur utawa lenga zaitun. Tegalan, kebon anggur, kebon zaitun lan omahé padha balèkna kabèh!”
5:12 Wangsulané para penggedhé mau, “Kesinggihan, pangandika panjenengan badhé sami kula lampahi sedaya. Badhé kula wangsulaken lan mboten badhé kula tagih babar-pisan.” Aku banjur nekakaké para imam. Para penggedhé masarakat lan para penggedhé mau padha dakkon sumpah ing ngarepé para imam, yèn apa sing dadi kesaguhané mau bakal padha ditetepi.
5:13 Sabuké jubahku banjur dakuculi *Nalika jaman semanten sandhangan mboten dipun sukani kanthong. Barang-barang bektan alit-alit dipun tlesepaken ing sabuk. Dados menawi sabuk wau dipun kebutaken ateges bilih tiyang wau kécalan sedaya gadhahanipun.* lan dakkebutaké karo muni mengkéné, “Kaya mengkéné Allah muga ngebutaké saben wong sing ora netepi kesaguhané. Wong kuwi padha dadia mlarat, omah lan bandhané kabèh dipundhuta déning Allah.” Wong kabèh nuli padha nyauri, “Amin”, sarta padha memuji marang Allah. Para penggedhé mau padha netepi kesaguhané.
5:14 Enggonku dadi gubernur ing Yéhuda lawasé wis 12 taun, yakuwi wiwit taun rong puluh tekan taun telung puluh loroné pepréntahané Raja Artahsasta. Selawasé kuwi aku lan kanca-kancaku ora tau njupuk bayarku.
5:15 Gubernur-gubernur sadurungé aku padha dadi sanggané rakyat, merga kanggo pangan lan angguré padha njaluk bayaran 40 dhuwit slaka saka rakyat. Malah para pegawéné iya padha nindhes rakyat. Nanging aku ora gelem tumindak mengkono, merga aku wedi marang Allah.
5:16 Tenagamu dakperes kanggo pembanguné témbok lan aku ora njaluk piwales rupa lemah sakilan waé, senajan para réwangku kabèh padha mèlu nyambut-gawé ing pembangunan mau.
5:17 Wong Yahudi 150 lan para penggedhéné kerep kembul mangan karo aku ing omahku, durung kepétung tamu-tamu saka bangsa-bangsa ing sakiwa-tengenku.
5:18 Saben dina aku kudu ngetokaké dhuwit saka kanthongku dhéwé kanggo mbayar sapi siji, wedhus gèmbèl sing lemu nenem lan piyik ora sethithik. Kejaba kuwi pendhak sepuluh dina kudu ana cawisan anggur anyar. Éwasemono aku ora njaluk bayar merga pangkatku dadi gubernur mau, awit aku ngerti yèn sesanggan sing semono mau rakyat kaboten.
5:19 Panyuwunku marang Allah, “Mugi kersaa ngèngeti sakathahing lelabetan *lelabetan, lelabuhan: jasa (bhs. Ind.).* kawula dhateng bangsa menika, sarta mugi kersa mberkahi kawula.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 16 Néhémia

Néhémia 6

6:1 Sanbalat, Tobia, Gèsyèm lan mungsuh-mungsuhku liyané padha krungu yèn enggonku padha mbangun témbok wis rampung. Témbok-témbok sing ambrol wis ditutup kabèh. Mung ineb-inebing lawang-lawang gapura durung padha dipasang.
6:2 Sanbalat lan Gèsyèm melingaké aku, dikon teka arep diajak rembugan ana ing sawijining désa ing Lebak Ono. Nanging aku ngerti, yèn aku arep dipilara.
6:3 Mulané aku mangsuli, “Aku ora bisa teka, merga isih ana gawéan penting. Yèn daktinggal rembugan karo kowé, pegawéan kuwi bakal kèthèr.”
6:4 Enggoné melingaké aku nganti rambah ping pat, nanging saben-saben wangsulanku padha waé.
6:5 Kocapa bareng ping limané kongkonané Sanbalat teka nggawa layang bukakan, *layang bukakan: maksudipun supados suraosipun kasumerepan ing umum.*
6:6 sing surasané mengkéné: “Aku olèh kabar saka Gèsyèm yèn bangsa ing kiwa-tengen kéné ana sing ngandhakaké yèn kowé lan wong Yahudi padha ngrancang arep mbrontak. Iya kandha yèn kowé arep ngangkat awakmu dhéwé dadi raja Yéhuda,
6:7 malah wis akon nabi misudha kowé ing Yérusalèm. Kabar kuwi mesthi bakal kepireng déning Sang Prabu. Mulané kowé tekaa lan rembugana karo aku.”
6:8 Aku mangsuli mengkéné, “Kabèh sing kokkandhakaké kuwi omong-kosong. Kuwi mung gawéanmu dhéwé.”
6:9 “Mengkono caramu padha medèn-medèni aku kabèh, supaya aku padha lèrèn olèhku nyambut-gawé. Pandongaku marang Allah, ‘Dhuh Allah, mugi kersaa nyantosakaken kawula!’ ”
6:10 Dhèk semana aku tilik menyang omahé Semaya bin Délaya, putuné Méhétabéèl, merga dhèwèké alangan ora bisa menyang panggonanku. Semaya muni mengkéné, “Sumangga kita kekalih sami ngumpet ing Pedalemanipun Allah. Korinipun lajeng kita kunci saking nglebet, mergi dalu menika wonten tiyang ingkang badhé nyédani panjenengan.”
6:11 Nanging aku mangsuli, “Aku iki dudu wong jirih sing gawéné mlayu. Apa kokkira aku kepéngin golèk slamet srana ngumpet ing Pedalemané Allah? Ora bakal!”
6:12 Bareng dakrasak-rasakaké temenan, aku ngerti yèn tembungé Semaya mau ora saka Allah, nanging saka Tobia lan Sanbalat. Semaya wis dibeseli supaya ngandhakaké wangsit marang aku,
6:13 kanggo medèn-medèni aku, supaya aku nuruti karepé sing jahat. Sebab srana mengkono dhèwèké olèh alasan kanggo ngala-ala aku lan gawé ora kajènku ing antarané bangsaku.
6:14 Aku banjur ndedonga, “Dhuh Allah, mugi kersa ngèngeti pendamelipun Tobia lan Sanbalat menika. Mugi sami Paduka ukum! Mekaten ugi nabi èstri ingkang nama Noaya lan nabi sanès-sanèsipun ingkang badhé damel ajrih.”
6:15 Suwéné mbangun témbok mau sèket loro dina. Rampungé tanggal selawé sasi Élul.
6:16 Mungsuh-mungsuhku sing ana ing antarané bangsa-bangsa sakiwa-tengené kono padha krungu, mula padha kisinan, sebab kabèh wong padha ngerti yèn pegawéan kuwi kelakoné srana pitulungané Allah.
6:17 Selawasé kuwi para penggedhéné wong Yahudi padha kirim-kiriman layang karo Tobia.
6:18 Tobia mau duwé kenalan akèh ing Yéhuda, merga dhèwèké kuwi mantuné Sekhanya bin Arah. Kejaba kuwi anaké Tobia sing jeneng Yohanan, kawin karo anaké wadon Mesulam bin Bèrékia.
6:19 Senajan Tobia ora lèrèn-lèrèn nglayangi aku karo ngancam aku, éwasemono para penggedhéné wong Yahudi tansah ngiloni Tobia ana ing ngarepku. Kejaba kuwi kabèh, apa sing dakkandhakaké marang wong-wong mau, padha diterusaké marang Tobia.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 16 Néhémia

Néhémia 7

7:1 Sawisé pembanguné témbok rampung, aku akon masang ineb-inebing lawang. Para tukang njaga gapura, para penyanyi lan wong-wong Lèwi dakkon nglakoni kuwajibané dhéwé-dhéwé.
7:2 Pepréntahané kutha Yérusalèm banjur dakpasrahaké marang sedulurku Hanani karo Hananya, panglimané bètèng, merga Hananya kuwi wong sing mursidé ngungkuli wong-wong liyané, lan kena diprecaya.
7:3 Kandhaku marang wong loro mau, “Lawang-lawangé gapura kutha Yérusalèm mung kena dibukak yèn wis awan lan kudu ditutup sarta dipasang slorogané sadurungé para wong jaga padha mulih ing wayah soré. Kejaba kuwi ing antarané penduduk Yérusalèm kudu ana sing rondha; sapérangan jaga ana ing pos-pos penjagaan lan sapérangan patroli ing daérahé kampungé dhéwé-dhéwe’.”
7:4 Yérusalèm kuwi kuthané gedhé, nanging penduduké mung sethithik. Omah sing didegaké iya durung akèh.
7:5 Aku kaparingan wangsit déning Allah kadhawuhan nglumpukaké rakyat, para pengarep lan para penggedhé, lan nyacahaké wong-wong mau miturut sarasilahé. Ana ing kono aku nemu cathetané wong-wong sing dhisik dhéwé teka saka pembuwangan. Ketrangan sing ana ing cathetan mau mengkéné:
7:6 Akèh wong buwangan sing lunga saka propinsi Babil, bali menyang Yérusalèm lan Yéhuda, saben wong menyang kuthané dhéwé-dhéwé. Kulawargané wong-wong mau wis suwé manggon ing pembuwangan ing Babil, wiwit padha ditawan lan digawa mrana déning Raja Nebukadnésar.
7:7 Pemimpin-pemimpiné yakuwi Zérubabel, Yésua, Néhémia, Azarya, Raamya, Nahamani, Mordekhai, Bilsan, Mispèrèt, Bigwai, Nehum lan Baana.
7:8-25 Daftaré para kulawarga Israèl lan cacahé saben kulawarga sing teka saka pembuwangan kuwi mengkéné: Paros ~~2.172; Séfaca ~~372; Arah ~~652; Pahat-Moab (turuné Yésua lan Yoab) ~~2.818; Élam ~~1.254; Zatu ~~845; Zakai ~~760; Binui ~~648; Bébai ~~628; Azgad ~~2.322; Adonikam ~~667; Bigwai ~~2.067; Adin ~~655; Atèr (uga karan Hizkia) ~~98; Hasum ~~328; Bésai ~~324; Harif ~~112; Gibéon ~~95;
7:26-38 Wong-wong sing leluhuré manggon ing kutha-kutha ing ngisor iki uga padha teka saka pembuwangan: Kutha Bètléhèm lan Netofa ~~188; Anatot ~~128; Bèt-Azmawèt ~~42; Kiryat-Yéarim, Kéfira lan Baérat ~~743; Rama lan Gaba ~~621; Mikmas ~~122; Bètèl lan Ai ~~123; Nébo liyané ~~52; Élam liyané ~~1.254; Harim ~~320; Yérikho ~~345; Lod, Hadis lan Ono ~~721; Sénaa ~~3.930;
7:39-42 Daftaré para imam sing teka saka pembuwangan yakuwi: Yédaya (turuné Yésua) ~~973; Imèr ~~1.052; Pasyhur ~~1.247; Harim ~~1.017;
7:43-45 Kulawargané Lèwi sing teka saka pembuwangan yakuwi: Yésua lan Kadmièl (turuné Hodawa) ~~74; Para pemain musik ing Pedalemané Allah ~~148; Para tukang jaga gapurané Pedalemané Allah (turuné Salum, Atèr, Talmon, Akub, Hatika lan Sobai) ~~138;
7:46-56 Daftar kulawangsané para tukang sing nggarap Pedalemané Allah sing teka saka pembuwangan yakuwi: Ziha, Hasufa, Tabaot, Kéros, Sia, Padon, Lebana, Hagaba, Salmai, Hanan, Gidèl, Gahar, Réaya, Rézin, Nékoda, Gazam, Uza, Paséah, Bésai, Méunim, Néfusim, Bakbuk, Hakufa, Harhur, Bazlit, Mehida, Harsa, Barkos, Siséra, Temah, Néziah lan Hatifa.
7:57-59 Kulawangsané para abdiné Suléman sing teka saka pembuwangan: Sotai, Sofèrèt, Perida, Yaala, Darkon, Gidèl, Séfaca, Hatil, Pokhèrèt-Hazebaim, Amon.
7:60 Anak-turuné para peladèn ing Pedalemané Allah lan para abdiné Suléman sing padha teka saka pembuwangan cacahé 392.
7:61-62 Ing antarané wong-wong sing padha bali saka kutha-kutha Tèl-Mèlah, Tèl-Harsa, Kerub, Adon lan Imèr ana 642 sing klebu kaum Délaya, Tobia lan Nékoda; nanging wong-wong mau padha ora bisa mbuktèkaké yèn wong-wong mau klebu turuné wong Israèl.
7:63-64 Iya ana kulawangsané imam sing ora bisa nemokaké cathetan sing nyebutaké sapa leluhuré. Yakuwi kaum Habaya, Hakos lan Barzilai. (Ana leluhuré kaum Imam Barzilai sing kawin karo wong wadon turuné kaum Barzilai ing Giléad lan banjur nganggo jenengé kulawargané maratuwané.) Sarèhné ora bisa mbuktèkaké sapa leluhuré, mulané ora bisa diangkat dadi imam.
7:65 Gubernur daérah Yéhuda ora nglilani wong-wong mau mangan panganan sing disaosaké marang Allah, nganti ana imam sing bisa nyuwun pituduh srana Urim lan Tumim.
7:66-69 Wong-wong buwangan sing bali menyang negarané kabèh cacahé 42.360. Kejaba kuwi para réwangé mèlu bali, cacahé 7.337, lan penyanyi cacahé 245. Wong-wong mau padha nggawa kéwan-kéwané, yakuwi: Jaran ~~736; Bihal ~~245; Unta ~~435; Kuldi ~~6.720;
7:70-72 Ing antarané rakyat akèh sing nyumbang kanggo ngènthèng-ènthèngi ragadé ndandani Pedalemané Allah. Saka gubernur: ~~ emas 8 kilogram; ~~ mangkok upacara 50; ~~ jubah imam 530 iji.; Saka para lajeré kulawangsa: ~~ emas 168 kilogram; ~~ slaka 1.250 kilogram.; Saka wong liya-liyané: ~~ emas 168 kilogram; ~~ slaka 140 kilogram; ~~ jubah imam 67 iji.;
7:73 Para imam, wong Lèwi, para tukang jaga gapura Pedalemané Allah, para penyanyi rakyat, para peladèn ing Pedalemané Allah, ringkesé rakyat Israèl kabèh, padha manggon ing kutha-kutha lan désa-désa ing Yéhuda.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 16 Néhémia

Néhémia 8

8:1 Ing sasi kapitu wong Israèl wis padha manggon ing kuthané dhéwé-dhéwé. Nalika tanggal siji sasi kuwi wong kabèh padha nglumpuk ing Yérusalèm, ing alun-alun sangarepé Gapura Banyu. Wong-wong mau padha nyuwun supaya Imam Ézra mundhut Kitab Torèt. Ézra kuwi ahli Torèt, yakuwi Kitab sing kaparingaké déning Allah lantaran Musa.
8:2 Ézra banjur nggawa Kitab mau ana ing satengahé kumpulan. Sing nglumpuk ing kono mau wong lanang, wong wadon lan wong-wong nom sing wis bisa nampa.
8:3 Ézra banjur macakaké Torèt marang wong-wong mau saka ésuk tekan awan. Wong kabèh padha ngrungokaké temenan.
8:4 Ézra ngadeg ing panggungan kayu, sing digawé kanggo kapreluan mau. Wong-wong sing padha ngadeg ing sisih tengené yakuwi: Matica, Séma, Anaya, Uria, Hilkia lan Maaséya; ing sisih kiwané: Pédaya, Misaèl, Malkia, Hasum, Hasbadana, Zakharia lan Mesulom.
8:5 Panggungan sing dienggo ngadeg Ézra mau luwih dhuwur tinimbang wong-wong sing padha ngadeg, mula wong kabèh bisa ndeleng dhèwèké. Nalika Ézra mbukak Kitab Torèt mau, wong kabèh padha ngadeg.
8:6 Pangucapé Ézra, “Pinujia Pangéran, Allah kang mahamulya.” Rakyat kabèh banjur padha ngangkat tangané lan mangsuli, “Amin, amin!” Banjur padha sujud nyembah marang Allah.
8:7 Sawisé mengkono banjur padha ngadeg menèh ana ing panggonané dhéwé-dhéwé. Banjur ana wong Lèwi sawetara sing nerangaké Torèt mau. Wong-wong Lèwi mau yakuwi: Yésua, Bani, Sèrèbya, Yamin, Akub, Sabbetai, Hodia, Maaséya, Kelita, Azarya, Haman lan Pelaya.
8:8 Wong-wong Lèwi mau nyalin basané *Torèt kaserat nganggé basa Ibrani, mangka ing Babil tiyang Yahudi nganggé basa padintenan Aram. Mila Torèt.* Torèt lan diterangaké nganti rakyat ngerti tegesé.
8:9 Krungu surasané Torèt mau, rakyat gumun banget, nganti padha nangis. Gubernur Néhémia, Imam Ézra, ahli Torèt, sarta wong-wong Lèwi sing padha njarwakaké Torèt mau banjur ngandhani rakyat mengkéné, “Dina iki kita pilih lan kita saosaké marang Allah, mula aja padha susah atimu lan aja nangis.
8:10 Padha muliha lan bungah-bungaha. Panganmu lan anggurmu sebagéan wènèhna marang wong sing kekurangan. Dina iki dina kusus kagem Allah kita, dadi aja padha susah. Kabungahan sing diparingaké déning Allah marang kowé bakal nguwataké kowé.”
8:11 Wong Lèwi iya padha nentremaké atiné rakyat lan kandha karo dibolan-balèni mengkéné, “Ing dina sing kita saosaké kagem Allah iki kowé aja padha susah.”
8:12 Rakyat kabèh banjur padha mulih, padha mangan lan ngombè sarta padha ngedum pangan marang wong liya. Wong-wong mau padha bungah merga padha ngerti surasané wacan sing mentas dirungu.
8:13 Ésuké para tuwa-tuwané kulawarga padha nglumpuk, semono uga para imam lan wong Lèwi, banjur padha nekani Ézra kepéngin nyinau Torèt.
8:14 Ana ing Kitab Torèt sing diparingaké déning Allah lantaran Nabi Musa mau, Pangéran dhawuh supaya umat Israèl sajroné Riaya Tarub Godhong padha manggon ing tarub-tarub sing digawé saka gegodhongan.
8:15 Mulané ing Yérusalèm lan ing kutha-kutha sarta ing désa-désa wong-wong padha didhawuhi mengkéné, “Padha lungaa menyang pegunungan, golèka godhong cemara, godhong wit zaitun, godhong palem lan godhongé wit liya-liyané kanggo gawé tarub, kaya sing diatur ana ing Kitab Torèt.”
8:16 Rakyat banjur budhal golèk pangpangé wit-witan mau. Kabèh banjur padha gawé tarub nganggo payon godhong ana ing pekarangané omahé, ana ing plataraning Pedalemané Allah, ing alun-alun sacedhaké Gapura Banyu, lan ing alun-alun sacedhaké Gapura Éfraim.
8:17 Rakyat kabèh sing teka saka pembuwangan padha gawé tarub sarta manggon ana ing kono. Lagi sepisan kuwi sapungkuré Yosua bin Nun, wong kabèh padha bungah lan rumangsa begja.
8:18 Enggoné padha pésta lawasé pitung dina. Saben dina Ézra macakaké bagéan-bagéané Kitab Torèt. Ing dina kaping woluné dianakaké upacara penutupan.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 16 Néhémia

Néhémia 9

9:1-2 Bareng tanggal patlikur sasi kuwi uga, rakyat Israèl padha nglumpuk. Banjur padha pasa kanggo ngètokaké enggoné nggetuni dosané. Kanggo tandha yèn atiné susah, wong kabèh mau padha nganggo sandhangan bagor lan sirahé diwur-wuri lemah. Sawisé mengkono banjur padha ngadeg lan ngakoni dosané dhéwé lan dosané para leluhuré.
9:3 Kitab Torèt peparingé Allahé diwacakaké suwéné telung jam, diterusaké telung jam menèh kanggo ngakoni dosa-dosané. Sawisé mengkono banjur padha nyembah sujud marang Pangéran, Allahé.
9:4 Ing kono ana panggungé kanggo wong Lèwi, Yésua, Bani, Kadmièl, Sebanya, Buni, Sèrèbya, Bani lan Kenani padha ngadeg ing panggung mau. Klawan swara sora wong-wong mau padha ndedonga marang Pangéran, Allahé.
9:5 Pangibadah ing dina kuwi kawiwitan déning wong-wong Lèwi, kasebut ing ngisor iki: Yésua, Kadmièl, Bani, Hasabnéya, Sèrèbya, Hodia, Sebanya lan Pétahya. Pangucapé wong-wong mau: “Padha ngadega lan memujia marang Pangéran, Allah kita! Ngunjukna puji marang Panjenengané ing selawas-lawasé! Pinujia asmané Kang Mahaluhur. Asmané luhurna ing sakatogé.”
9:6 Rakyat Israèl banjur padha ndedonga mengkéné, “Paduka menika Allah, mboten wonten sanèsipun; Paduka ingkang nitahaken lintang-lintang lan langit. Ugi seganten lan bumi saisinipun, Paduka paringi gesang lan Paduka rimati. Sedaya pangwasa ing langit sami nyembah sujud, sami sumuyud lan sami jèngkèng dhateng Paduka.
9:7 Paduka menika Pangéran, Allah ingkang mboten wonten tunggilipun. Abram Paduka pilih saking tengahing bangsanipun. Ur ing Kasdim dipun tilar, margi Paduka piyambak ingkang nuntun. Lajeng Paduka paringi nama énggal: Abraham, dados namanipun wiwit kala semanten.
9:8 Krana piyambakipun setya lan mbangun-turut. Lajeng Paduka damel prejanjian langgeng kaliyan piyambakipun. Tanah Kenaan, Hèt lan Amori. Tanah Fèris, Yébus lan Girgasi, badhé Paduka paringaken piyambakipun, kadadosaken tanah pusaka kanggé tedhak-turunipun. Janji Paduka menika sampun Paduka tetepi, sebab Paduka menika adil lan saé ing penggalih.
9:9 Paduka mirsani kasangsaranipun para leluhur ing wekdal kepengker. Paduka miyarsakaken pesambatipun ing Mesir lan ing Seganten Teberau.
9:10 Paduka nindakaken kaélokan ing ngajengipun Sang Pringon tuwin ngajengipun para pegawé lan rakyatipun negari; mergi Paduka pirsa enggènipun misakit umat Paduka; inggih awit kaélokan wau asma Paduka misuwur dumugi dinten menika.
9:11 Paduka mbelah seganten kanggé langkung umat Paduka. Paduka sabrangaken medal mergi ingkang asat. Tiyang ingkang sami ngoyak sami kleleb ing toya, kados séla ingkang kèrem ing seganten ganas.
9:12 Ing wanci siyang sami Paduka tuntun mawi tugu méga, ing wanci dalu marginipun kapadhangan déning tugu latu.
9:13 Saking swarga Paduka tumedhak dhateng Sinai, lajeng ngandikan kaliyan umat Paduka. Umat wau Paduka paringi angger-angger, prenatan lan pitedah ingkang adil, saé, leres lan migunani.
9:14 Paduka dhawuhi nucèkaken dinten Sabbat; lantaran Musa, Paduka maringaken Torèt.
9:15 Nalika sami keluwèn kekirangan tedha, Paduka paringi roti saking langit. Saking séla karang Paduka ngedalaken toya, minangka jampining ngelak. Paduka paringi negari supados dipun enggèni, Paduka janjèkaken kalayan sumpah.
9:16 Nanging para leluhur kawula sami angkuh lan wangkal. Dhawuh-dhawuh Paduka mboten dipun lampahi.
9:17 Sami mboten mbangun-turut; kesaénan Paduka dipun supèkaken, mekaten ugi sedaya mujijat Paduka. Kalayan angkuh sami milih pemimpin, sami kepéngin wangsul dhateng Mesir, dados réncang tumbasan. Nanging Paduka Allah ingkang lubèr ing pangapunten, sabar, mahamirah lan welasan. Katresnan Paduka mboten limrah, ngantos mboten Paduka tégakaken.
9:18 Sami damel brahala rupi lembu; lajeng sami mungel, ‘Iki Allahmu, sing ngirid lakumu saka tanah Mesir, saka tanah pangawulan.’ Dhuh Allah, inggih Paduka piyambak ingkang sami dipun cecamah.
9:19 Wonten ing ara-ara samun menika sami mboten Paduka tilar, mergi Paduka kebak kawelasan. Tugu méga lan tugu latu mboten Paduka icali, tetep dados panuntunipun siang lan dalu.
9:20 Sami Paduka wulang srana pangwaos. Sami nedha manna lan ngombé toya saktuwukipun.
9:21 Sekawan dasa taun laminipun wonten ing ara-ara, sami Paduka cekapi kabetahanipun. Sandhanganipun mboten naté risak, sukunipun mboten sami abuh.
9:22 Sami Paduka paringi kemenangan temah sami nelukaken bangsa lan kraton kathah, mekaten ugi sedaya wilayah, kitha lan negari ing sakiwa-tengenipun. Hèsbon negarinipun Raja Sihon sami dipun rebat. Basan negarinipun Raja Og inggih dipun kawonaken.
9:23 Anak-turunipun Paduka damel kathah kados lintang ing langit. Sami Paduka paringi siti minangka pémahan, lan negari, ingkang sampun Paduka janjèkaken dhateng leluhuripun.
9:24 Tanah Kenaan sami dipun rebat, pendudukipun Paduka telukaken. Umat menika Paduka paringi pangwaos tumindak ing sasenengipun dhateng bangsa-bangsa lan raja-raja.
9:25 Umat Paduka ngrebati bètèng-bètèng, siti ingkang loh, griya lan raja-brana; ngrebat sumur ingkang dipun kedhuk, kebon anggur, zaitun lan wowohan sanèsipun. Sami lema-lema mergi nedha ingkang dados karemenanipun. Sedaya peparing Paduka ingkang saé sami dipun nikmati.
9:26 Nanging umat Paduka sami mbrontak lan mboten nglampahi dhawuh Paduka; sami nilar angger-angger lan prenatan Paduka, sami mejahi nabi-nabi ingkang ngèngetaken, supados piyambakipun sami wangsul dhateng Paduka, dhuh Allah. Dhuh Pangéran, saben-saben Paduka dipun cecamah déning umat Paduka.
9:27 Pramila lajeng sami Paduka ulungaken dhateng mengsahipun, ngantos sami dipun jajah lan dipun tindhes sarta dipun siya-siya. Nanging salebeting kasisahanipun, lajeng sami sesambat dhateng Paduka nyuwun pitulungan. Saking swarga Paduka miyarsakaken, sarta paring wangsulan kanthi katresnan. Paduka ngutus pemimpin lan pahlawan ingkang ngluwari bangsa wau saking mengsah.
9:28 Nanging samangsa negarinipun tentrem, lajeng sami damel dosa malih. Pramila lajeng Paduka ulungaken malih dhateng panindhesé mengsah. Nanging samasa sami ènget lan nlangsa, sarta sesambat dhateng Paduka, nyuwun kawilujengan. Paduka miyarsa saking swarga, lajeng Paduka pitulungi malih, mergi Paduka asih sanget dhateng umat menika.
9:29 Sami Paduka èngetaken malih supados nurut dhateng dhawuh Paduka, nanging dhawuh Paduka sami dipun tampik kalayan angkuh. Mangka menawi dhawuh-dhawuh wau sami dipun turut, gesangipun mesthi badhé makmur. Pancèn umat Paduka sami wangkal lan wangkot ing manah, mboten purun nurut lan nglampahi dhawuh Paduka.
9:30 Saben taun Paduka èngetaken kalayan sabar, lantaran para nabi, Roh Paduka ngandika dhateng piyambakipun. Nanging umat Paduka sami nutupi kupingipun, pramila lajeng Paduka ulungaken dhateng bangsa-bangsa manca.
9:31 Nanging sarèhné sih Paduka tanpa wangenan, mila mboten Paduka tilar utawi Paduka tumpes. Saèstu, Paduka menika Allah ingkang mboten wonten tandhingipun; ageng sih lan kamirahan Paduka.
9:32 Dhuh Allah, Allah kawula ingkang mahakwasa! Allah ingkang mahaluhur lan ngédab-édabi! Paduka netepi sumpah lan prasetyan Paduka, inggih sedaya janji Paduka, Paduka tetepi lan Paduka leksanani. Wiwit kala kawula sami katindhes déning raja Asyur ngantos samangké, kathah kasangsaran ingkang kawula alami. Para raja kawula, para imam, para nabi lan para pemimpin, para leluhur lan rakyat, sedaya sampun nandhang kasangsaran. Kasangsaran menika mugi sampun ngantos Paduka supèkaken! Sampun Paduka icalaken saking penggalih Paduka!
9:33 Tindak Paduka menika leres, kawula ingkang dosa sami Paduka ukum. Paduka tetep setya, senajan kawula sami nglawan.
9:34 Para leluhur kawula, para raja, para nabi lan para pemimpin kawula, sami nglanggar angger-angger Paduka lan Paduka dipun rèmèhaken. Dhawuh lan pepènget Paduka, mboten dipun gega lan mboten dipun gatosaken.
9:35 Para raja lan umat Paduka berkahi ngantos sami makmur. Paduka paringi negari ingkang jembar, siti ingkang subur. Éwasemanten tumindakipun nasar, mboten purun sami ngabdi lan ngabekti dhateng Paduka.
9:36 Samenika kawula sami dados abdi Paduka, ing negari ingkang Paduka paringaken dados pusaka. Siti menika subur, kathah asilipun, ingkang mesthinipun saged kawula nikmati.
9:37 Asilipun tanah menika kedah kawula pasrahaken dhateng para rajaning negari. Para pangwasa menika Paduka angkat supados ngerèh umat Paduka. Minangka ukumané dosanipun rakyat dhateng Paduka, pangrèhipun sawenang-wenang dhateng kawula lan raja-raja kawula. Pramila samenika kawula sami sangsara, tansah ngraosaken ajrih lan sedhih!”
9:38 Merga lelakon-lelakon mau kabèh, aku rakyat Israèl, padha gawé prejanjian sing kukuh lan katulis, nganggo dicap déning para penggedhé, para wong Lèwi lan para imamku.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 16 Néhémia

Néhémia 10

10:1 Sing dhisik dhéwé nandhatangani prejanjian mau Gubernur Néhémia bin Hakalya. Banjur nusul: Zedekia. Sawisé mengkono banjur wong-wong kasebut ing ngisor iki.
10:2-8 Para imam: Seraya, Azarya, Yérémia, Pasyhur, Amarya, Malkia, Hatus, Sebanya, Maluk, Harim, Merémot, Obaja, Dhanièl, Gineton, Baruk, Mesulam, Abia, Minyamin, Maazya, Bilgai, lan Semaya.
10:9-13 Wong-wong Lèwi: Yésua bin Azanya, Benui tedhaké kaum Hénadad, Kadmièl, Sebanya, Hodia, Kelita, Pelaya, Hanan, Mikha, Réhob, Hasabya, Zakur, Sèrèbya, Sebanya, Hosia, Bani lan Beninu.
10:14-27 Para pemimpiné bangsa: Paros, Pahat-Moab, Élam, Zatu, Bani, Buni, Azgad, Bébai, Adoniram, Bigwai, Adin, Atèr, Hizkia, Azur, Hodia, Hasum, Bèzai, Harif, Anatot, Nébai, Magpias, Mesulam, Hézir, Mesézabeèl, Zadok, Yadua, Pélaca, Hanan, Ananya, Hoséa, Hananya, Hasub, Halohès, Pilha, Sobèk, Rehum, Hasabna, Maaséya, Ahia, Hanan, Anan, Maluk, Harim lan Baana.
10:28 Aku kabèh, rakyat Israèl, para imam, para wong Lèwi, para tukang jaga gapura Pedalemané Allah, para penyanyi lan para karyawan ing Pedalemané Allah, iya bojo lan anak-anakku sing wis diwasa, sarta kabèh wong sing nglakoni dhawuhé Allah lan wis pisah saka wong manca sing manggon ing negaraku kéné.
10:29 Aku kabèh padha saiyeg karo para pemimpinku lan aku padha sumpah arep urip manut angger-anggeré Allah kang wis kaparingaké lantaran Musa, abdiné. Gusti Allah ngukuma aku yèn aku ora netepi janji iki. Aku sumpah arep nglakoni sakèhé dhawuh, angger-angger prenatané Pangéran, Allahku.
10:30 Aku sumpah ora arep kawin karo bangsa manca sing manggon ing negaraku.
10:31 Yèn ana bangsa manca sing arep ngedol gandum utawa barang apa waé marang aku ing dina Sabbat utawa ing dina suci liyané, aku emoh tuku. Saben taun kang kapitu aku ora arep nggarap palemahan lan ora arep nagih wong sing utang marang aku.
10:32 Saben taun aku, saben wong siji bakal nyumbang slaka 5 gram kanggo ngrumat Pedalemané Allah.
10:33 Aku bakal nyawisaké barang-barang sing dibutuhaké kanggo ngibadah ing Pedalemané Allah, kayata roti sajèn, gandum saosan pedinan, kéwan kanggo kurban obongan pedinan, barang-barang suci liyané, kurban-kurban pangapuraning dosa kanggo Israèl, lan apa waé sing dibutuhaké déning Pedalemané Allah.
10:34 Aku, rakyat, para imam lan para wong Lèwi saben taun arep gawé undhian kanggo netepaké kulawarga sing kudu nyawisaké kayu obong kanggo kurban-kurban konjuk marang Pangéran, Allahku, manut prenatané Torèt.
10:35 Aku saben taun arep nggawa asilé gandum sing kawitan menyang Pedalemané Allah, mengkono uga wowohan sing mateng dhisik dhéwé ana ing wit-witanku.
10:36 Anakku lanang sing mbarep bakal dakjak sowan imam ana ing Pedalemané Allah supaya disaosaké marang Allah, manut prenatané Torèt. Mengkono uga anaké kéwan-kéwanku sapi, wedhus gèmbèl lan wedhus jawa sing lair dhisik dhéwé.
10:37 Aku saben taun arep nggawa marang para imam ing Pedalemané Allah jladrèn gandum sing dipanèni dhisik dhéwé, semono uga barang-barang liya-liyané rupa anggur, lenga zaitun lan woh-wohan rupa-rupa. Aku arep nyaosaké saprasepuluhé pametuné palemahanku marang wong Lèwi kang nglumpukaké pisungsung tanem tuwuh ing pedésan-pedésan.
10:38 Nanging yèn para wong Lèwi nglumpukaké pisungsung mau kudu dikanthèni para tedhaké Harun. Saprasepuluhé pisungsung mau kabèh kudu digawa déning wong Lèwi lan kasimpen ing gadhangé Pedalemané Allah.
10:39 Rakyat Israèl lan wong-wong Lèwi kudu ajeg nggawa pisungsung rupa gandum, anggur lan lenga zaitun menyang gudhang sing kanggo pacawisan, yakuwi panggonané nyimpen prabot Pedalemané Allah. Ing kono papan penginepané para imam sing padha tugas, para tukang jaga Pedalemané Allah lan para penyanyi. Aku ora arep nglirwakaké kuwajiban ngrumati Pedalemané Allah.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 16 Néhémia