Category Archives: 56 Titus

Titus 1

1:1 Layang saka aku, Paulus, abdiné Allah lan rasulé Gusti Yésus Kristus. Aku kapilih lan kautus mbiyantu precayané umaté Allah kang pinilih; lan nuntun umat mau marang prekara sing bener manut piwulangé kaprecayan kita.
1:2 Piwulang mau alandhesan pengarep-arep marang urip langgeng. Gusti Allah, kang setya wis njanjèni bab urip langgeng kuwi, sadurungé jaman kawiwitan.
1:3 Ing wektu kang dikersakaké, Panjenengan wis medharaké janjiné mau ana ing Injil, sing dipitayakaké marang aku. Lan aku martakaké Injil mau atas dhawuhé Gusti Allah, Juru Slamet kita.
1:4 Tumekaa marang Titus, anakku kasukman *kasukman: karohanèn: cara rohani.* kang tunggal precaya marang Gusti Yésus Kristus. Muga-muga Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Juru Slamet kita, maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé.
1:5 Enggonku ninggal kowé biyèn ana ing pulo Kréta kaé, supaya kowé ngrampungaké prekara-prekara sing isih prelu ditandangi. Uga supaya kowé netepaké pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha. Aja lali marang piwelingku:
1:6 Pinituwa kuwi kudu wong sing tanpa cacad; kudu mung duwé bojo siji, sing anak-anaké wis precaya, lan ora kalok wong sing mblunthah *mblunthah: mboten mbangun-turut: mblasar.* utawa ora mbangun-turut.
1:7 Sarèhné pinituwa mau ngurusi pakaryané Allah lan dadi panuntuning pasamuwan, mulané kudu wong sing tanpa cacad. Wong sing ora gumunggung, ora brangasan, ora dhemen mendem, ora karem bandha.
1:8 Pinituwa kudu wong sing seneng awèh pamondhokan, seneng marang kabecikan. Kudu bisa ngendhalèni awaké dhéwé, jujur, mursid lan tertib.
1:9 Kudu ngantepi pangandikané Allah. Srana patrap mengkono pinituwa mau wani ngélingaké wong liya nganggo piwulang sing bener, lan nuduhaké keluputané wong sing padha nglawan piwulang mau.
1:10 Sebab akèh wong sing padha ora setya, luwih-luwih wong Kristen tetakan, *Kristen tetakan: tilas nganut agami Yahudi.* kuwi padha nasaraké wong liya srana piwulang sing néka-néka.
1:11 Wong-wong sing piwulangé mengkono mau prelu énggal-énggal dibungkem, awit padha gawé bingungé brayat pirang-pirang srana piwulang sing ora bener. Karepé wong-wong mau satemené ngisin-isini banget, merga mung golèk untungé dhéwé.
1:12 Tau ana nabiné wong Kréta dhéwé kandha: “Wong-wong Kréta kuwi dhemen goroh, kaya kéwan galak, wong-wong dremba *dremba: remen nedha.* sing kesèd.”
1:13 Apa sing dikandhakaké nabi mau bener. Mulané wong-wong kuwi kudu kokwelèhaké sing temenan, supaya precayané ora nylèwèng,
1:14 lan ora padha kedayan déning dongèng-dongèngé wong Yahudi utawa prenatan-prenatané manungsa sing ngalang-alangi prekara sing bener.
1:15 Tumrap wong sing pikirané resik, samubarang prekara dadi resik. Nanging tumraping wong-wong sing pikirané ora resik lan ora precaya, ora ana prekara siji waé sing suci; awit pikiran lan atiné wis reged!
1:16 Wong-wong kuwi ngakuné precaya karo Gusti Allah, nanging penggawé-penggawéné nélakaké yèn wong-wong mau satemené ora precaya. Wong-wong mau seneng mbrontak lan ora bisa nindakaké kabecikan apa-apa.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 56 Titus

Titus 2

2:1 Nanging kowé, Titus! Wulangna apa sing condhong karo pathokaning precaya.
2:2 Wong lanang sing wis tuwa pituturana supaya presaja, wicaksana lan bisa ngendhalèni kekarepané; mantep ing precaya, ing katresnan lan ing kesabaran.
2:3 Mengkono uga wong wadon sing wis tuwa pituturana supaya luwih nggatèkaké marang pangibadah. Aja padha dhemen nyatur, lan dhemen mendem minuman keras. Kudu padha memulang sing becik:
2:4 kayata marahi wong-wong wadon enom supaya padha nresnani bojoné lan anak-anaké;
2:5 bisa ngendhalèni kekarepané sing ora prayoga, suci lan bisa dadi somah sing sejati, manut karo préntahé bojoné, satemah wong ora ngala-ala marang pangandikané Allah.
2:6 Mengkono uga para nom-noman konen njaga marang awaké dhéwé.
2:7 Kowé dhéwé dadia tuladha ing sedhéngah penggawé becik. Enggonmu memulang tindakna klawan jujur lan kanthi tumemen.
2:8 Nganggoa tembung-tembung sing wicaksana, sing ora kena dicacad déning wong, supaya mungsuh-mungsuhmu padha kisinan, merga ora duwé alesan nyatur kowé.
2:9 Para abdi padha mbangun-turuta marang dhawuhé bendarané lan ing sadhéngah prekara gawéa mareming atiné bendarané. Aja padha madoni bendarané,
2:10 utawa nyolong barang-barangé bendarané. Malah para abdi selawasé kudu nélakaké yèn dhèwèké becik lan setya, supaya srana sadhéngah prekara sing ditindakaké kanthi becik mau, wong-wong padha ngalem piwulang bab Gusti Allah, Juru Slamet kita.
2:11 Awit Gusti Allah wis ngetingalaké sih-rahmaté kanggo keslametané manungsa kabèh.
2:12 Sih-rahmaté mau merdi kita, supaya kita padha urip ninggal patrapé wong sing ora wanuh karo Gusti Allah, sing nuruti marang hawa-nepsu kadonyan. Sajroning urip ing donya iki kita padha bisaa ngendhalèni nepsu kita dhéwé, padha sing jujur lan ngabekti marang Gusti Allah.
2:13 Saiki kita lagi padha nganti-anti tekané dina sing dadi pengarep-arep, yakuwi Dina kebabaring kamulyané Allah Kang Mahaagung lan Sang Juru Slamet, Gusti Yésus Kristus.
2:14 Panjenengané wis masrahaké sarirané kanggo kita, yakuwi kanggo nylametaké kita saka sakèhing piala, lan ndadèkaké kita dadi kagungané piyambak, umat sing suci, sing kesengsem marang penggawé becik.
2:15 Prekara-prekara iki wulangna. Enggonmu mituturi lan melèhaké wong-wong sing padha ngrungokaké piwulangmu, nganggoa kawicaksanan, supaya aja nganti ana wong sing ngrèmèhaké kowé.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 56 Titus

Titus 3

3:1 Wong-wongmu padha élingna, supaya padha sumuyud marang pamaréntah lan marang para wong sing ngasta pangwasa. Padha mbangun-turuta marang wong-wong mau lan padha cumadhanga marang sadhéngah penggawé becik.
3:2 Wong-wong padha kandhanana supaya aja padha ngala-ala wong liya, nanging padha rukuna lan memitrana karo wong kabèh. Tangkepmu karo wong kabèh tansah sing alus.
3:3 Awit kita dhéwé biyèn uga seneng tumindak ngawur, seneng mbrontak lan murang-sarak. *murang-sarak: mblasar: mboten manut prenatan.* Kita biyèn uga dierèh déning hawa-nepsu lan sakèhing pepénginan. Urip kita biyèn uga kebak drengki lan sengit marang liyan. Wong-wong padha sengit marang kita, lan kita uga padha sengit marang wong-wong mau.
3:4 Nanging bareng Gusti Allah mbabaraké sih lan kamirahané,
3:5 Panjenengané milujengaké kita, ora merga penggawé becik sing kita tindakaké, nanging merga saka sih-rahmaté piyambak. Kita padha “dikumbah”. *dikumbah: dipun baptis: dipun sucèkaken.* Merga saka enggon kita kakumbah mau, kita nuli kalairaké menèh déning Sang Roh Suci lan kaparingan urip anyar.
3:6 Gusti Allah ngesokaké Roh Suci klawan lubèr marang kita lantaran Gusti Yésus Kristus, Juru Slamet kita,
3:7 supaya srana sih-palimirmané, kita padha dianggep bener utawa tanpa keluputan ana ing ngarsané Gusti Allah, lan kaparingan urip langgeng sing kita arep-arep.
3:8 Iki piwulang sing bener. Karepku supaya prekara-prekara iki luwih kokantepaké menèh ana ing piwulangmu, supaya wong-wong sing padha precaya marang Gusti Allah padha luwih akèh menèh enggoné nanjakaké wektuné kanggo nindakaké penggawé becik. Penggawé-penggawé sing mengkono kuwi akèh paédahé.
3:9 Nanging dhébatan sing tanpa teges padha singkirana, mengkono uga bab sarasilahé para leluhur; sarta cecongkrahan lan tukaran bab Angger-anggeré Torèt. Kuwi ora ana paédahé lan ora ana ajiné.
3:10 Wong sing marakaké rusaking pasamuwan élingna, apesé rambah ping pindho, sawisé kuwi aja koksrawungi.
3:11 Kowé ngerti yèn wong sing mengkono mau ala, lan dosa-dosané nélakaké yèn wong kuwi ora bener.
3:12 Sawisé Artémas lan Tikhikus dakkongkon nemoni kowé, udinen bisaa padha nemoni aku ana ing kutha Nikopolis, awit niatku arep manggon ana ing kana sajroné mangsa bedhidhing.
3:13 Sabisa-bisamu padha mbiyantua Zénas, ahli hukum, lan Apolos supaya énggal padha mangkat lan kecukupan samubarang sing dibutuhaké.
3:14 Wong-wongé dhéwé padha warahana nanjakaké wektuné kanggo nglakoni penggawé becik, lan nyukupi kebutuhan sing pancèn prelu temenan, supaya uripé aja nganti tanpa guna.
3:15 Wong kabèh sing mèlu aku ana ing kéné padha kirim salam. Salamku kabèh marang para mitra tunggal precaya. Sih-rahmaté Allah nunggala karo kowé kabèh. Saka aku, Paulus

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 56 Titus