Historiae

Publishing History
The New Testament was first published in 1829.
The complete Bible was first published in 1854.

>>>

Ibrani 11

11:1 Precaya tegesé yakin yèn prekara-prekara sing kita arep-arep kuwi nyata, senajan saiki ora katon.
11:2 Awit iya merga enggoné padha precaya mau para leluhur kita katampi ana ing ngarsané Allah.
11:3 Merga saka precaya kita ngerti yèn alam jembar iki katitahaké déning sabdaning Allah. Dadi apa sing saiki padha kasat mripat iki dumadiné saka prekara-prekara sing ora kasat mripat.
11:4 Merga saka precaya Habél enggoné nyaosaké kurban marang Gusti Allah luwih becik tinimbang kurbané Kain. Merga saka precaya mau Habél katunggilaké karo Gusti Allah, mulané katampi déning Gusti Allah, lan merga saka precayané mau Habél tekan saiki isih caturan, senajan dhèwèké wis mati.
11:5 Merga saka precaya Hénokh ora ngalami mati, malah kapulung ana ing ngarsané Allah. Ora ana wong sing bisa nemokaké dhèwèké, awit wis kapulung. *kapulung: kapundhut; kaasta; dipun pendhet.* Kitab Suci nélakaké yèn sadurungé Hénokh kapulung, uripé gawé renaning penggalihé Allah.
11:6 Ora ana wong sing bisa gawé renaning penggalihé Allah tanpa precaya. Sing sapa sowan ana ing ngarsané Allah kudu precaya yèn Gusti Allah kuwi ana, lan maringi ganjaran marang kang padha nggolèki Panjenengané.
11:7 Merga saka precaya Nabi Nuh ngèstokaké dhawuhé Gusti Allah, tumrap bab-bab sing bakal kelakon, senajan prekara-prekara mau durung katon tandha-tandhané. Mulané banjur nglakoni dhawuhé Allah, gawé prau sing mengkoné kanggo nylametaké sabrayaté. Srana mengkono, ateges donya dianggep luput; déné Nabi Nuh dianggep bener déning Gusti Allah merga saka precayané.
11:8 Merga saka precaya Rama Abraham mbangun-turut, nalika katimbalan déning Gusti Allah supaya bidhal menyang negara sing dijanjèkaké marang panjenengané. Rama Abraham nilar negarané piyambak tanpa pirsa dunungé papan sing dituju.
11:9 Merga saka precaya panjenengané manggèn ana ing tanah kang dijanjèkaké mau. Ana ing kana panjenengané manggèn ana ing kémah. Mengkono uga Rama Iskak lan Rama Yakub, kang uga padha nampa janji mau saka Gusti Allah.
11:10 Awit Rama Abraham ngajeng-ajeng manggèn ing kutha sing wis karancang sarta kabangun déning Gusti Allah; kutha sing tetalesé ora gingsir ing selawas-lawasé.
11:11 Merga saka precaya Rama Abraham saged peputra senajan panjenengané wis kliwat sepuh sarta Ibu Sarah piyambak kaanggep gabug. Rama Abraham yakin yèn Gusti Allah kwaos netepi janjiné.
11:12 Senajan Rama Abraham nalika semana presasat wis séda, nanging saka wong siji mau tedhak-turuné dadi tanpa wilangan cacahé, sumebar kaya lintang ing langit, sarta kaya wedhi ing pinggiring segara.
11:13 Wong-wong mau kabèh padha ngantepi precayané. Nalika séda durung padha tampa prekara-prekara sing diprasetyakaké déning Gusti Allah mau, mula mung padha nyawang saka kadohan lan padha nanggapi kanthi pengarep-arep. Wong-wong mau padha rumangsa ana ing bumi kéné padha dadi wong manca lan wong neneka.
11:14 Srana kandha mengkono wong-wong mau padha nélakaké enggoné padha ngarep-arep negara sing bakal dadi wutah getihé.
11:15 Wong-wong mau padha ora kangen karo negara sing wis ditinggal. Saupama padha kangena, mesthi iya wis padha mulih menyang negarané mau.
11:16 Nanging ora mengkono. Wong-wong mau malah padha cecengklungen *cecengklungen: ngajeng-ajeng sanget.* marang negara sing luwih becik, sing ana ing swarga. Mulané Gusti Allah ora lingsem disebut dadi Allahé, sebab wis nyawisaké negara kanggo wong-wong mau.
11:17 Merga saka precaya Rama Abraham ngurbanaké kang putra Iskak, nalika panjenengané kadadar déning Gusti Allah. Putra mau peparingé Gusti Allah piyambak, éwasemono Rama Abraham rila ngurbanaké putrané ontang-anting. *putra ontang-anting: putra namung setunggal, mboten wonten tunggilipun.*
11:18 Mangka pangandikané Gusti Allah mengkéné: “Tedhak-turuné Iskak kang bakal dadi turunmu.”
11:19 Sebab Rama Abraham yakin yèn Gusti Allah kwaos nguripaké Iskak saka ing pati; lan yèn mengkono presasat nampèni putrané wangsul saka ing pati.
11:20 Merga saka precaya Rama Iskak nyawisi berkah kanggo kang putra Yakub lan Ésau.
11:21 Merga saka precaya, ngarepaké sédané Rama Yakub mberkahi para putrané Rama Yusuf karo suméndhé ing tekené lan saos bekti marang Gusti Allah.
11:22 Merga saka precaya Rama Yusuf ngarepaké sédané ngandika bab bakal budhalé wong Israèl saka ing tanah Mesir, lan nilar weling bab penguburing layoné.
11:23 Merga saka precaya rama lan ibuné Nabi Musa ndhelikaké putrané nganti umur telung sasi. Rama lan ibuné pirsa yèn bayi mau rupané bagus, lan wong-wong mau padha ora wedi nglawan dhawuhé Sang Prabu.
11:24 Merga saka precaya Nabi Musa sawisé diwasa ora kersa disebut putrané Sang Pringon.
11:25 Panjenengané pilih nandhang sangsara bareng karo umaté Allah ketimbang ngrasakaké kanikmatan sing ora suwé saka wohing dosa.
11:26 Nabi Musa nganggep, yèn karèmèhaké déning wong merga saka Sang Kristus kuwi luwih pengaji ketimbang karo sakèhing kasugihané negara Mesir. Awit sing dianti-anti mau kanugrahan sing bakal kaparingaké déning Gusti Allah.
11:27 Merga saka precaya Nabi Musa nilar tanah Mesir, ora ajrih karo dukané Sang Prabu. Enggoné tansah mantep presasat panjenengané pirsa Gusti Allah kang ora ketingal.
11:28 Merga saka precaya Nabi Musa mau mrenata Paskah, sarta ndhawuhi wong-wong padha ngepyuraké getih ana ing lawang, supaya malaékating pepati ora matèni anak-anak pembarepé umat Israèl.
11:29 Merga saka precaya wong-wong Israèl padha bisa nyabrang Segara Teberau kaya mlaku ana ing dharatan. Bareng wong-wong Mesir nyoba arep mèlu nyabrang, banjur padha kleleb ana ing segara mau.
11:30 Merga saka precaya témbok-témboké kutha Yérikho ambruk, sawisé diubengi déning wong-wong Israèl pitung dina lawasé.
11:31 Merga saka precaya Rahab, wong wadon tuna susila kapitulungan slamet lan ora dipatèni bebarengan karo wong-wong sing padha nglawan marang Gusti Allah, awit wis nampani telik-telik Israèl ana ing omahé kanthi becik-becik.
11:32 Aku isih saguh terus crita, nanging wektuné ora cukup, merga aku durung nyebut Gidéon, Barak, Simson, Yéfta, Dawud, Samuèl, lan para nabi.
11:33 Merga saka precaya wong-wong mau padha perang nelukaké negara-negara. Sing padha ditindakaké kuwi bener, mulané padha nampani apa sing dadi janjiné Gusti Allah. Wong-wong mau padha mbungkem cangkemé singa,
11:34 sarta nyirep geni sing mulad-mulad. Wong-wong mau padha oncat saka landheping pedhang. Senajan apes nanging padha dadi gagah prakosa. Sajroning peperangan wong-wong mau dadi rosa sarta nelukaké wadyabalané mungsuh.
11:35 Merga saka precaya para wong wadon padha nampani menèh wong-wongé sing wis padha mati, sebab wis katangèkaké. Nanging wong-wong liyané padha pilih mati dipilara sarta ora gelem diluwari, supaya mbésuk katangèkaké, dadi ngalami urip sing luwih becik.
11:36 Ana menèh sing padha dipoyoki lan disiksa. Liyané ana sing dibanda sarta dikunjara.
11:37 Padha dibenturi watu, digraji lan dipatèni nganggo pedhang. Wong-wong mau padha nglembara nganggo sandhangané saka lulang wedhus gibas utawa wedhus Jawa; padha kecingkrangan, disangsara sarta dianiaya.
11:38 Donya iki ora pantes tumrap wong-wong mau. Padha nglambrang kaya wong buronan ana ing pesamunan, lan ing pegunungan. Padha manggon ana ing guwa-guwa sarta ing luweng-luwenging bumi.
11:39 Saiba gedhéning kasugihané wong-wong mau kabèh merga saka precayané! Éwasemono durung padha nampa sing dijanjèkaké déning Gusti Allah,
11:40 awit Gusti Allah kagungan rancangan sing luwih becik kanggo kita, yakuwi supaya wong-wong mau enggoné kasampurnakaké lagi mbésuk bareng karo kita.