Category Archives: 29 Yoèl

Yoèl 1

1:1 Pangandikané Pangéran Allah sing kadhawuhaké marang Nabi Yoèl bin Petuèl.
1:2 Hé para wong tuwa, padha nggatèkna; wong-wong ing Yéhuda, padha nitènana. Apa tau ana lelakon sing kaya mengkéné, sajegmu urip utawa ing jamané para leluhurmu?
1:3 Anak-anakmu padha kandhanana; supaya padha nyritani anak-anaké, lan anak-anaké mau supaya nyritakaké marang anak-putuné.
1:4 Walang mbrobol ambruk ngebyuki lan mangan tanduran; grombolan sing siji lunga, sijiné teka ngentèkaké sisané.
1:5 Hé para wong mendem, padha tangia lan padha nangisa! Wohing anggur arep kanggo gawé minuman anyar wis rusak kabèh.
1:6 Grombolan walang wis nyerang tanah kita, cacahé tanpa wilangan lan pangwasané gedhé; untuné landhepé kaya untu singa.
1:7 Kuwi wis padha ngrusak srana ngemah-ngemah wit anggur kita. Kulité wit-wit mau wis dikrokoti, nganti pang-pangé padha katon putih.
1:8 Padha nangisa hé wong kabèh, kaya prawan sing nangisi pacangané, sing mati sadurungé kawin.
1:9 Gandum lan anggur sing arep kasaosaké ing Pedalemané Allah wis entèk. Para imam padha sesambat merga wis ora ana apa-apa, sing kena disaosaké marang Pangéran.
1:10 Sawah-sawah padha bera; buminé mèlu ngenes, merga gandumé padha rusak, wité anggur padha dadi garing, sarta wit-wit zaitun padha alum.
1:11 Hé para wong tani, padha sambat-sambata, sing padha jaga kebon anggur padha nangisa, merga gandum lan sair *sair: bangsanipun gandum.* sarta pametuné bumi kabèh wis lebur.
1:12 Wit-wit anggur lan zaitun wis padha alum, lan sakèhé wowohan wis mati garing; kabungahané wong wis sirna kabèh.
1:13 Padha nganggoa bagor lan nangisa, hé sakèhé imam sing leladi ing mesbèh! Padha mlebua ing Pedalemané Allah lan sesambata. Wis ora ana gandum utawa anggur kanggo nyaosaké kurban dhaharan marang Allahmu.
1:14 Padha umumna supaya wong padha pasa; wong-wong padha klumpukna! Para pemimpin lan sakèhé wong Yéhuda konen ngumpul ana ing Pasucèné Pangéran Allahmu, nuli padha nangisa marang Panjenengané.
1:15 Dinané Pangéran wis cedhak; yakuwi dinané Allah nekakaké karusakan. Iba gedhéné bilai sing bakal katekakaké ing dina mau!
1:16 Kita padha ora duwé daya apa-apa, jalaran pametuné bumi wis rusak kabèh. Ing Pedalemané Pangéran Allah kita wis ora ana kabungahan babar-pisan.
1:17 Winih-winih padha mati garing ana ing njero lemah. Lumbung-lumbung wis padha resik gusis, lan gudhang-gudhang wis kothong lan wis padha ambruk.
1:18 Kéwan-kéwan padha sangsara pating brengok, merga wis ora ana pangonan; mengkono uga pepanthaning wedhus padha nandhang sangsara kurang pangan.
1:19 Kawula sami njerit dhateng Paduka, dhuh Pangéran, margi pangènan lan wit-witan sami garing, kados sami kebrongot ing latu.
1:20 Ugi para kéwan galak sami sesambat dhateng Paduka, margi etuk-etuk sami asat sedaya.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 29 Yoèl

Yoèl 2

2:1 Slomprèté unèkna, kanggo tandha ing Sion, ing gunungé Pangéran sing suci. Padha gemetera, hé wong sing padha manggon ing Yéhuda! Dinané Pangéran bakal énggal teka.
2:2 Dina mau bakal peteng lan surem, mendhungé peteng nggegirisi. Walang byuk-byukan gedhé bakal teka kaya pepeteng nutupi gunung-gunung. Kedadéan sing mengkono mau durung tau kelakon, lan uga ora bakal kelakon menèh.
2:3 Walang-walang mau padha mangani tanduran kaya geni sing memangsa. Mangka tanah sing gumelar ing ngarepé éndah kaya petamanan Èden, nanging ing mburiné mau tanahé dadi ara-ara samun gundhul, merga ora ana tanduran sing bisa oncat saka walang-walang mau.
2:4 Walang-walang kuwi rupané kaya jaran; playuné kaya jaran sing kanggo perang.
2:5 Enggoné padha mlaku ana ing gunung-gunung swarané kaya krétaning perang. Kumrètèké kaya suket garing kamangsa ing geni. Padha baris kaya tentara akèh, sing arep nyerang ing peprangan.
2:6 Samasa nyedhak saben wong padha giris, rainé dadi pucet.
2:7 Enggoné nyerang kaya carané prejurit ing peprangan; padha mènèk témbok kaya carané serdhadhu. Yèn maju lakuné lenceng, ora ménggok ngiwa utawa nengen,
2:8 ana ing ngendi-endia iya mengkono. Padha nabrak lan mbrobos pager, lan ora ana sing bisa ngendhegaké lakuné.
2:9 Padha gegancangan mlebu ing kutha; ngunggahi témbok-témbok; banjur padha mrambat lan mlebu omah metu jendhéla-jendhéla kaya maling.
2:10 Yèn padha maju buminé horeg, langité gemeter. Srengéngé lan rembulan padha dadi peteng, lan lintang-lintang padha ora katon soroté.
2:11 Pangéran paring aba marang tentarané, kanthi sora lan gemleger. Tentara sing tanpa wilangan cacahé, gedhé lan rosa-rosa padha ngèstokaké dhawuhé. Iba enggoné ngédab-édabi Dinané Pangéran kuwi! Sapa sing bisa lestari urip?
2:12 Pangandikané Pangéran, “Saiki padha mratobata sing temenan lan mbalènana Aku, karo pasa, nangis lan nlangsa.
2:13 Atimu sing remuk mau nélakna enggonmu sedhih; nyuwèk-nyuwèk penganggo waé durung cukup.” Balia ngabekti marang Pangéran Allahmu. Panjenengané becik lan kebak kawelasan; sabar lan netepi janjiné; tansah dhangan paring pangapura lan ora tansah paring paukuman.
2:14 Sapa sing ngerti, mbokmenawa Pangéran Allahmu salin penggalihé, lan kersa mberkahi panènanmu kanthi lubèr-lubèr. Yèn mengkono kowé bakal padha bisa saos kurban dhaharan lan kurban unjukan.
2:15 Slomprèté unèkna ana ing Gunung Sion; nglakonana pasa lan wong-wong padha klumpukna.
2:16 Wong-wong konen padha nglumpuk; padha cecawisa kanggo parepatan gedhé. Wong tuwa-tuwa padha tekakna; mengkono uga bocah-bocah lan para bayi sing isih nusu. Pengantèn anyar pisan karebèn padha metu saka kamaré lan mèlu ing parepatan.
2:17 Para imam kang ngladèni Pangéran ing antarané mesbèh lan pendhapané Pedalemané Allah kudu padha ndedonga karo nangis, “Dhuh Allah, mugi kersa melasi dhateng umat Paduka; sampun ngantos kawula dipun rèmèhaken,” lan dipun écé déning bangsa-bangsa sanèsipun kalayan mungel, “Allahé ana ing ngendi? ”
2:18 Gusti Allah menggalih lemah kagungané; merga tuwuh welasé marang umaté.
2:19 Panjenengané paring wangsulan, “Kowé saiki bakal Dakparingi gandum, anggur lan lenga zaitun, nganti kowé bakal padha wareg. Kowé bakal ora dirèmèhaké déning para bangsa menèh.
2:20 Walang sing teka saka Lor bakal Daksingkiraké, lan sapérangan bakal Dakbuwang menyang ara-ara samun. Barisané sing ngarep dhéwé bakal Dakgiring menyang Segara Mati, sarta barisané sing mburi bakal Dakcemplungaké ana ing Segara Tengah. Bathangé bakal mambu bacin. Walang-walang mau bakal Daktumpes merga saka penggawéné marang kowé.
2:21 Hé tanah tegalan, aja padha wedi, padha surak-suraka lan bungah-bungaha merga saka pendamelé Pangéran marang kowé.
2:22 Hé sakèhé sato kéwan, aja padha wedi. Pangonané padha ijo royo-royo; wit-witan padha metokaké woh, woh anjir lan woh anggur padha ngemohi.
2:23 Hé para wong sing padha manggon ing Sion, padha bungah-bungaha. Padha giyak-giyaka kanggo apa waé sing wis katandukaké déning Pangéran marang kowé. Panjenengané wis paring udan awal sacukupé, lan wis ngesokaké udan ing mangsa bedhidhing, sarta udan ing mangsa semi kaya adat sabené.
2:24 Penggilingan-penggilingan kebak gandum; pemipitané bakal kebak anggur lan lenga zaitun.
2:25 Aku bakal mbalèkaké panènanmu sing wurung sajroning sawetara taun iki, merga dipangan grombolan walang nganti ludhes. Sing nekakaké tentara nglawan kowé kuwi Aku dhéwé.
2:26 Saiki kowé bisa mangan akèh nganti wareg. Kowé bakal ngluhuraké asmané Pangéran, Allahmu, sing wis nindakaké kaélokan marang kowé. Umat-Ku bakal ora kwirangan menèh.
2:27 Lan kowé bakal padha ngerti yèn Aku iki ana ing satengahmu, lan yèn Aku, Pangéran iki Allahmu. Ora ana menèh kejaba Aku. Umat-Ku bakal ora kwirangan menèh ing selawas-lawasé.”
2:28 “Sawisé mengkono Aku bakal ngesokaké Roh-Ku marang saben wong; anak-anakmu lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit; wong tuwa-tuwa bakal padha ngimpi, lan wong nom-noman bakal padha weruh wahyu.
2:29 Ing wektu kuwi Aku bakal ngesokaké Roh-Ku, senajan marang para batur-tukon pisan lanang lan wadon.”
2:30 Aku bakal nganakaké pretandha ana ing langit lan ana ing bumi; bakal akèh getih kawutahaké, bareng karo anané geni lan kumeluné kukus.
2:31 Ing kono srengéngé bakal dadi peteng, lan rembulan dadi abang kaya getih, sadurungé tekané Dinané Pangéran sing nggegirisi.
2:32 Nanging saben wong sing nyenyuwun marang Pangéran bakal kapitulungan rahayu. Kaya sing wis dipangandikakaké déning Pangéran, “Ing Yérusalèm bakal ana wong sawetara sing bisa oncat lan wong sing Daktimbali bakal kaentas.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 29 Yoèl

Yoèl 3

3:1 Pangandikané Pangéran mengkéné, “Ing wektu kuwi Aku bakal mulihaké kemakmurané Yéhuda lan Yérusalèm menèh.
3:2 Bangsa-bangsa bakal Dakklumpukaké lan Dakgawa menyang Lembah Pengadilan. Ana ing kono Aku bakal nindakaké pengadilan, lan ngadili apa sing wis ditindakaké déning umat-Ku. Wong Israèl wis padha disebar menyang negara-negara manca, sarta ngedum-edum tanah-Ku nganti entèk.
3:3 Padha nggawé lotré kanggo netepaké sapa sing bakal ngwasani wong tawanan. Bocah lanang lan bocah wadon padha diedol dadi batur-tukon, kanggo mbayar regané anggur lan opahé sundel.
3:4 Hé wong Tirus lan wong Sidon sarta wong ing wengkoné tanah Filistéa, Aku arep kokkapakaké? Apa kowé arep males karo tumindak-Ku? Yèn nyata mengkono, kowé sanalika bakal Dakwales gentèn!
3:5 Kowé wis mboyong slaka lan emas, sarta raja-brana-Ku, koklebokaké ana ing candhi-candhimu.
3:6 Wong Yéhuda lan wong Yérusalèm wis kokboyongi menyang negara-negara adoh lan kokedol marang wong Yunani.
3:7 Saiki wong-wong mau bakal Dakluwari saka panggonan enggonmu ngedol. Saiki Aku males marang kowé kaya penggawému marang wong-wong mau.
3:8 Saiki Aku bakal dhawuh ngedol anak-anakmu lanang lan wadon marang wong Yéhuda, lan wong mau bakal ngedol menèh marang panggonan sing adoh, yakuwi Syéba. Mengkono pangandikané Pangéran.”
3:9 Wartakna marang sakèhé para bangsa: “Padha cecawisa perang; klumpukna para prejuritmu, tatanen barisané, nuli mangkata!
3:10 Kajèné lukumu gemblèngen dadèkna pedhang, lan arit-aritmu gawénen tumbak. Tekan wong sing ringkih pisan kudu mèlu perang.
3:11 Diénggal, tekaa, hé sakèhé bangsa-bangsa ing ngendi-endi, padha nglumpuka ana ing lembah. Dhuh Pangéran, mugi ngutus tentara Paduka nempuh piyambakipun.
3:12 Para bangsa kudu padha siap lan teka ing Lembah Pengadilan. Aku bakal lenggah ana ing kana, ngadili sakèhé para bangsa.
3:13 Pialané gedhé banget, mulané babaden kaya gandum ing mangsa panèn; iles-ilesen kaya woh anggur diiles-iles ana ing pemipitan, nganti banyuné anggur mili lubèr!
3:14 Maèwu-èwu wong sing padha nglumpuk ana ing Lembah Pengadilan. Dinaning Pangéran wis cedhak.
3:15 Srengéngé lan rembulan bakal dadi peteng, lan lintang-lintang ora bakal nyunaraké pepadhang.”
3:16 Pangéran bakal dhawuh saka Sion; swarané ngemandhang kaya gludhug saka Yérusalèm; bumi lan langit bakal padha horeg. Nanging umaté bakal diayomi.
3:17 “Sabanjuré kowé, Israèl, bakal sumurup yèn Aku iki Pangéran, Allahmu! Aku dedalem ing Sion, gunung-Ku sing suci. Yérusalèm bakal dadi kutha suci, sing ora bakal ditelukaké menèh déning wong manca!
3:18 Ing wektu kuwi gunung-gunung bakal kebak kebon anggur, lan punthuk-punthuk bakal kebak sapi lan wedhus; ing kana bakal akèh banyuné, nganti lubèr, mili ing kali-kaliné Yéhuda. Saka Pedalemané Pangéran bakal ana kali, sing mili mbanyoni Lebak Sitim.
3:19 Mesir bakal dadi ara-ara samun, lan Édom dadi gempuran sing sepi, merga wong Édom wis padha nyerang tanah Yéhuda, lan matèni wong-wong sing ora ngerti apa-apa.
3:20-21 Aku bakal males getihé wong sing padha dipatèni; sing kaluputan bakal ora Dakéman. Nanging Yéhuda lan Yérusalèm bakal dienggoni menèh nganti turun-temurun, lan Aku Pangéran, bakal dedalem ana ing Sion.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 29 Yoèl