Category Archives: 50 Filipi

Filipi 1

1:1 Layangku wong loro, Paulus lan Timotius, para abdiné Sang Kristus, tumekaa marang sakèhing umaté Allah sing padha manggon ing kutha Filipi, yakuwi para sedulur ing patunggilané Sang Kristus Yésus. Uga tumekaa marang para panuntuning pasamuwan sarta para pembantuning pasamuwan.
1:2 Gusti Allah Rama kita lan Gusti Yésus Kristus maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé kabèh.
1:3 Saben aku kèlingan kowé, aku saos sukur marang Gusti Allah.
1:4 Saben-saben aku ndedonga kanggo kowé kabèh. Enggonku ndedonga klawan bungah,
1:5 merga aku kèlingan enggonmu mbiyantu aku nalika aku nindakaké ayahaning Injil, wiwit-wiwitan nganti tekan sepréné.
1:6 Mulané aku yakin temenan, yèn Gusti Allah sing wis miwiti penggawé becik iki ana ing kowé, iya bakal nglajengaké pakaryané mau nganti sarampungé, yakuwi tekan Dina rawuhé Sang Kristus.
1:7 Kowé selawasé ana ing atiku! Lan pangrasaku sing mengkono mau iya wis samesthiné. Sebab kowé wis mèlu ngrasakaké sih-rahmat sing kaparingaké déning Gusti Allah marang aku, dadia saiki sajroné aku dikunjara, dadia dhèk biyèn, nalika aku isih bébas enggonku mbélani lan ngugemi Injil.
1:8 Gusti Allah sing neksèni, yèn aku ora goroh; kangen lan tresnaku marang kowé kabèh iki asalé saka Sang Kristus Yésus piyambak.
1:9 Pandongaku marang kowé iki, supaya katresnanmu saya mundhak gedhé, dikanthènana kawruh sing bener lan panimbang sing patitis.
1:10 Supaya kowé bisa milih endi sing becik dhéwé, temah ing Dinané Sang Kristus rawuh ngadili sakèhing manungsa, kowé padha slamet, ketemu resik lan tanpa cacad.
1:11 Uripmu bakal kapenuhan ing penggawé-penggawé sing utama, sing tumindaké mung krana sih-rahmaté Sang Kristus piyambak, kagem kamulyan lan kaluhurané Gusti Allah.
1:12 Para sedulur! Padha ngertia, yèn prekara-prekara sing wis dakalami kuwi malah njalari Injil saya sumebar.
1:13 Para prejurit sing njaga kraton lan wong kabèh sing ana ing kéné padha ngerti yèn enggonku dikunjara iki merga aku dadi abdiné Sang Kristus.
1:14 Lan iya merga enggonku dikunjara iki, akèh sedulur sing saya kuwat precayané marang Gusti, nganti dadi saya kendel enggoné martakaké Injil, tanpa rasa wedi.
1:15 Pancèn ana sedulur sawetara sing enggoné mulangaké bab Sang Kristus merga duwé rasa mèri, utawa merga dhemen padu, nanging sedulur-sedulur liyané padha mulangaké klawan éklasing ati.
1:16 Kegawa saka rasa tresnané marang Sang Kristus lan aku, sebab padha ngerti yèn sing ngutus aku mbélani Injil kuwi Gusti Allah piyambak.
1:17 Wong-wong liyané enggoné ngabaraké Injil ora klawan ati sing éklas, nanging merga mburu kepentingané dhéwé. Pengirané srana mengkono kuwi bisa njalari saya aboting kasangsaranku ana ing kunjara.
1:18 Nanging ora dadi apa! Aku seneng waé, sebab Sang Kristus tetep dikabaraké, senajan alesané embuh ala, embuh becik. Aku bakal tetep bungah,
1:19 sebab aku ngerti yèn aku bakal kaluwaran, merga pandongamu lan merga pitulungané Rohé Gusti Yésus Kristus.
1:20 Sing daksesuwun lan dakudi yakuwi supaya aja nganti gagal enggonku nglakoni kuwajibanku. Malah semangsa-mangsa, luwih-luwih saiki, aku kaparingana kekendelan, supaya aku bisa ngluhuraké Sang Kristus ana ing badanku, dadia aku urip utawa mati.
1:21 Sebab urip kuwi kanggoné aku, kagem Sang Kristus, déné yèn mati kuwi dakanggep kabegjan.
1:22 Nanging yèn srana uripku aku bisa nindakaké pegawéan sing luwih akèh paédahé, aku banjur ora ngerti endi sing arep dakpilih.
1:23 Aku ketarik déning loro-loroné pisan. Aku kepéngin banget kapundhut lan tetunggilan karo Sang Kristus; kuwi sing becik dhéwé.
1:24 Éwasemono, kanggo kepentinganmu, luwih becik yèn aku tetep urip.
1:25 Bab iki aku yakin. Kuwi sebabé aku ngerti yèn aku durung arep mati. Aku bakal isih tetep tetunggalan karo kowé kabèh, mbiyantu undhaking precayamu marang Gusti lan kabungahanmu.
1:26 Mulané mbésuk samangsa aku ana ing antaramu menèh, kowé bakal bisa saya kuwat precayamu ana ing Sang Kristus Yésus.
1:27 Sing prelu yakuwi uripmu kudu cocog karo Injilé Sang Kristus, supaya ketemu apa ora ketemu karo kowé, aku bakal krungu yèn kowé padha tetep mantep nunggal karep, lan padha bebarengan ngudi nggayuh marang prekara siji, yakuwi bab precaya marang Injil.
1:28 Aja padha wedi karo satrumu. Sing tetep kendel waé. Kuwi nandhakaké yèn satru-satrumu bakal padha kalah, lan kowé bakal menang, sebab Gusti Allah piyambak sing maringi kaunggulan marang kowé.
1:29 Sebab kowé wis padha olèh kanugrahan, ora mung enggonmu precaya marang Panjenengané, nanging uga enggonmu diparengaké nandhang sangsara kagem Panjenengané.
1:30 Saiki kowé padha bisa bebarengan karo aku, yaiku nandhang kasangsaran kaya sing wis koksipati tumraping aku biyèn, lan kaya sing kokrungu saiki isih dakalami.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 50 Filipi

Filipi 2

2:1 Kowé saiki dadi santosa rak merga tetunggilan karo Sang Kristus? Atimu kalipur rak merga saka katresnané Sang Kristus marang kowé? Kowé padha tresna-tinresnan lan padha seneng olah kawelasan rak merga saka Rohé Allah?
2:2 Padha gawéa senengé atiku srana enggonmu padha sarujuk, tresna-tinresnan, tunggal ati lan karep.
2:3 Aja ana sing seneng mburu kepentingané dhéwé, utawa golèk alem, nanging siji lan sijiné padha sing andhap-asor. Aja padha rumangsa luwih becik tinimbang karo wong liyané.
2:4 Malah padha nggatèkna marang kepentingané liyan, aja mung kepentingané dhéwé.
2:5 Sikapmu dikaya Gusti Yésus Kristus, yakuwi:
2:6 Senajan Panjenengané kuwi sipat Allah, éwasemono ora tau kagungan sedya ngetingalaké sipat ka-Allahané.
2:7 Malah saka kersané piyambak Panjenengané ngrucat kamulyané, sarta ngagem sipaté abdi. Panjenengané dadi padha karo manungsa, lan rawuh wujud manungsa.
2:8 Panjenengané ngasoraké sarirané, sarta sumuyud marang Gusti Allah nganti dilakoni séda — yakuwi séda ana ing kayu salib.
2:9 Mulané Panjenengané wis diluhuraké déning Gusti Allah ana ing papan sing dhuwur dhéwé, lan diparingi pangwasa sing ngungkuli sakèhing pangwasa.
2:10 Supaya sakèhing titah sing ana ing swarga lan ing bumi, apa déné ing sangisoring bumi padha sujud.
2:11 Lan ngakoni yèn Yésus Kristus kuwi Gusti, lan srana cara mengkono Gusti Allah, Sang Rama, kaluhuraké.
2:12 Mulané para sedulur sing kinasih, kaya enggonmu tansah nurut karo aku nalika aku bebarengan karo kowé, luwih menèh saiki bareng aku adoh, padha saya nuruta. Tansah padha ngudia kasampurnaning keslametanmu klawan wedi lan geter,
2:13 awit Gusti Allah tansah makarya ana ing kowé, supaya kowé duwéa kekarepan lan kabisan mbangun-turut marang apa sing dikersakaké.
2:14 Samubarang kabèh lakonana tanpa nganggo nggrundel lan madoni.
2:15 Supaya ana ing satengahing umat sing keblinger lan mursal, kowé padha dadi putrané Gusti Allah sing sampurna, resik lan tanpa cacad. Menawa martakaké Injil ana ing satengahé wong-wong mau,
2:16 kowé padha sumunara kaya pepadhang sing madhangi bumi. Yèn kowé padha tumindak mengkono, ana beneré aku mongkog mbésuk samangsa Dinané Sang Kristus Yésus rawuh menèh, sebab bakal tetéla yèn sakèhé pangudiku lan pegawéanku mau ora muspra.
2:17 Senajan bisa uga nyawaku dadi korban minangka pisungsung sing kokcaosaké marang Gusti Allah merga saka precayamu, aku bungah lan kowé kabèh bakal mèlu ngrasakaké kabungahanku.
2:18 Mengkono uga kowé iya padha bungaha lan aku bakal mèlu ngrasakaké kabungahanmu.
2:19 Aku precaya, yèn srana pitulungané Gusti Yésus, aku bakal énggal bisa kongkonan Timotius nekani kowé, supaya atiku bisa lejar, merga krungu kabar bab kaananmu.
2:20 Mung Timotius sing bisa mèlu ngrasakaké bebarengan karo aku, lan sing pancèn mikiraké bab kaananmu.
2:21 Sebab liyané mung padha mikiraké butuhé dhéwé sarta ora ana sing mikiraké kepentingané Sang Kristus Yésus.
2:22 Lan kowé wis padha sumurup enggoné Timotius wis nuduhaké kasetyané lan wis ngréwangi aku nindakaké ayahaning Injil, ora béda karo anak sing ngréwangi bapakné.
2:23 Iya Timotius kuwi sing tumuli bakal dakkongkon nekani kowé samangsa wis cetha kepriyé putusané prekaraku.
2:24 Nanging aku precaya marang Gusti, yèn ora suwé menèh aku dhéwé iya bakal bisa niliki kowé.
2:25 Dakrasa aku prelu kongkonan sedulur kita Épafroditus nekani kowé, kuwi sedulur sing wis ngréwangi aku lan nyambut-gawé bebarengan karo aku, sing kokkongkon nulungi aku.
2:26 Dhèwèké kepéngin banget ketemu kowé kabèh, lan uga prihatin merga kowé padha krungu dhèwèké lara.
2:27 Dhèwèké pancèn lara temenan, malah mèh mati. Nanging Gusti Allah paring kawelasan, ora mung marang dhèwèké, nanging uga marang aku, lan ngluwari aku supaya aja nganti ketaman kasusahan sing luwih gedhé menèh.
2:28 Mulané dhèwèké dakkon énggal-énggal nemoni kowé, supaya kowé padha bungah samangsa weruh dhèwèké lan aku dhéwé iya banjur mari susahku.
2:29 Mulané Épafroditus kuwi tampanana kaya sedulur ing patunggilané Gusti. Wong sing kaya Épafroditus kuwi padha ajènana.
2:30 Merga nglabuhi pakaryané Sang Kristus, nganti mèh mati. Lan ngetohaké nyawané kanggo mitulungi aku, minangka wakilmu.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 50 Filipi

Filipi 3

3:1 Wusana, para sedulur, muga-muga Gusti tansah maringi kabungahan marang kowé kabèh. Ora ana alané aku mindhoni sing biyèn wis daktulis marang kowé, malah kepara akèh beciké.
3:2 Dingati-ati karo wong sing padha nglakoni penggawé ala, kaya patrapé asu, yakuwi wong-wong sing padha ngotot nggegegi bab tetak.
3:3 Awit iya kita iki wong-wong sing padha nglakoni tetak sing bener, dudu wong-wong kuwi. Awit kita padha ngabekti marang Gusti Allah lantaran Rohé Gusti Allah piyambak, sarta kita padha saos sukur merga dadi kagungané Sang Kristus Yésus. Kita ora ngandel marang tata-cara kedagingan.
3:4 Satemené aku iya bisa ngendel-endelaké marang prekara-prekara kedagingan, awit yèn ana wong sing bisa ngendel-endelaké marang prekara-prekara kedagingan, saya menèh aku.
3:5 Aku ditetaki nalika umur wolung dina. Aku iki wong Israèl wiwit lair mula, saka taler *taler: lajering bangsa.* Bènyamin, wong Ibrani tulèn. Bab mituhu marang Angger-anggering Torèté wong Yahudi, aku iki wong Farisi.
3:6 Lan merga saka sregepku, aku nguya-uya pasamuwan. Saupama wong bisa dibeneraké merga enggoné netepi Angger-anggering Torèt, aku iki wong sing bener.
3:7 Nanging kabèh prekara sing dhèk biyèn dakanggep maédahi mau, saiki dakanggep mitunani merga Sang Kristus.
3:8 Ora mung prekara-prekara kuwi waé, nanging kabèh prekara saiki dakanggep mung mitunani, yèn katandhing karo sing luwih aji, yakuwi kawruh bab Sang Kristus Yésus, Gustiku. Merga saka Sang Kristus kabèh mau wis dakbuwang, lan kabèh mau dakanggep uwuh, supaya aku bisa nampa Sang Kristus,
3:9 bisa tetunggilan karo Panjenengané. Aku wis ora duwé kabeneran sing merga saka aku dhéwé, yakuwi kabeneran sing pinangkané saka enggonku netepi Angger-anggering Torèt. Aku saiki nampani kabeneran peparingé Gusti Allah, sing kaparingaké wewaton precaya marang Gusti Yésus Kristus.
3:10 Mung saprekara sing dakudi, yakuwi kepriyé bisaku wanuh karo Sang Kristus lan ngrasakaké pangwasané wunguné saka ing séda, sarta ndhèrèk ngalami sangsara lan sédané,
3:11 supaya wekasané aku uga katangèkaké saka ing pati.
3:12 Aku ora kandha lan rumangsa wis menang utawa wis dadi sampurna. Nanging aku tansah ngudi bisané olèh ganjaran *ganjaran: Basa Indonesia “hadiah”, ingkang kasukakaken dhateng tiyang ingkang menang ing perlombaan.* sing wis dicawisaké déning Sang Kristus srana nimbali aku dadi kagungané.
3:13 Para sedulur, aku dhéwé pancèn ora rumangsa wis menang lan olèh ganjaran, nanging saprekara sing dakudi, yakuwi nglalèkaké samubarang sing ana ing mburiku lan ngetog karosanku nyandhak apa sing ana ing ngarepku.
3:14 Dadiné aku mlayu ngener marang tujuanku supaya olèh ganjaran mau, yakuwi timbalané Gusti Allah, urip anyar, sing dicadhangaké lantaran Sang Kristus Yésus.
3:15 Mulané kita kabèh wong Kristen sing wis padha diwasa cara rohani, kudu padha duwé tékad sing mengkono. Nanging yèn ing antaramu ana wong sing béda panemuné, Gusti Allah bakal maringi ketrangan marang kowé.
3:16 Mung waé, sing prelu: Kita kudu manut tuladha sing wis tumindak tekan sepréné.
3:17 Terusna enggonmu padha nulad marang aku, para sedulurku! Aku wis padha mènèhi tuladha sing becik marang kowé, mulané padha ngiloa marang wong-wong sing padha nganut tuladha mau.
3:18 Aku wis kerep kandha bab iki marang kowé, lan saiki dakpindhoni karo nangis, yèn akèh wong sing uripé cengkah karo Sang Kristus sing séda ing kayu salib.
3:19 Wong-wong mau bakal mungkasi uripé ana ing nraka, awit sing dadi brahalané hawa-nepsuning badané. Wong-wong mau padha ngegung-egungaké prekara-prekara sing satemené ngisin-isini, lan mung padha mikiraké prekara-prekara kadonyan.
3:20 Nanging kita iki rak putra-putra kaswargan. Mulané kita padha cecengklungen ngarep-arep rawuhé Sang Juru Slamet, Gusti kita Yésus Kristus, saka ing swarga.
3:21 Panjenengané bakal ngganti badan kita sing apes lan kena ing rusak iki kadadèkaké mulya kaya sarirané piyambak, srana pangwasa sing diagem nelukaké samubarang kabèh.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 50 Filipi

Filipi 4

4:1 Mulané sedulur-sedulurku sing daktresnani, lan sing banget dakkangeni, sing gawé bungah lan mongkoging atiku! Kaya mengkono kuduné tumindakmu, krana enggonmu dadi wong Kristen.
4:2 Euodhia lan Sintikhé! Sing padha rukun enggonmu seduluran ana ing Gusti.
4:3 Semono uga kowé Sunsugos, kancaku tunggal ing gawé sing setya, sedulur-sedulur wadon loro kuwi tulungana; awit wong-wong kuwi wis nyambut-gawé sengkud karo aku martakaké Injil, bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambut-gawé liyané, sing jenengé padha katulis ana ing kitab kauripan.
4:4 Tansah padha bungaha sajroné padha dadi wong precaya. Padha bungah-bungaha.
4:5 Tangkepmu karo wong kabèh sing lembah-manah. Gusti bakal énggal rawuh.
4:6 Aja padha sumelang ing bab apa waé. Apa sing kokkarepaké aturna marang Gusti Allah sajroning pandonga, suwunen kanthi saos panuwun.
4:7 Temahan Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ngungkuli nalaré manungsa, sing bakal gawé teteging ati lan pengangen-angenmu ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus.
4:8 Wusana, para sedulurku, padha mikira prekara-prekara sing becik lan sing pantes dialem, yakuwi prekara-prekara sing nyata, sing luhur, sing bener, sing suci, sing éndah lan sing kajèn.
4:9 Kabèh sing padha koksinau lan sing koktampa saka aku padha lakonana, dadia sing rupa tembung, dadia sing rupa penggawé. Temahan Gusti Allah sing maringaké katentreman marang kita, bakal nunggil karo kowé.
4:10 Banget bungahku déné sawisé semono lawasé, kowé mikir aku menèh. Kandhaku iki ora merga kowé lèrèn saka enggonmu nggatèkaké marang kaananku, nanging merga enggonmu ora kober ngétokaké katresnanmu.
4:11 Enggonku muni mengkono kuwi, ora kokmerga aku kapiran; awit aku wis sinau nyukupi awakku dhéwé nganggo apa sing dakduwèni.
4:12 Aku wis ngalami kecingkrangan, lan iya wis ngalami kalubèran. Aku wis ngerti wadiné, kepriyé bisané tahan ngadhepi kaanan, ing sadhéngah papan lan ing sadhéngah wektu, yèn lagi wareg, yèn lagi keluwèn, yèn lagi nandhang kalubèran, utawa yèn lagi nandhang kekurangan.
4:13 Sakèhing prekara daksangga srana kekuwatan sing diparingaké déning Sang Kristus marang aku.
4:14 Apa sing koktindakaké becik banget déné kowé wis padha nulungi aku ing sajroning kasusahanku.
4:15 Para sedulur ing kutha Filipi, kowé padha ngerti dhéwé, dhèk aku mangkat saka tanah Makédonia, nalika Injil lagi wiwit diwartakaké, ora ana pasamuwan sing nulungi aku; kejaba mung pasamuwanmu dhéwé sing padha mèlu ngrasakaké tuna-bathiné bebarengan karo aku.
4:16 Nalika aku ana ing kutha Tésalonika mbutuhaké pitulungan, kowé luwih saka sepisan ngirimaké pitulungan marang aku.
4:17 Ora merga aku seneng nampa pawèwèh, nanging aku kepéngin weruh wohing precayamu, sing nggedhèkaké kauntunganmu.
4:18 Samubarang kabèh sing kokwènèhaké marang aku kuwi wis daktampa, wis cukup, malah luwih déning cukup! Srana pawèwèhmu sing digawa Épafroditus mau, aku saiki wis duwé apa waé sing dakbutuhaké. Pawèwèh-pawèwèhmu iki presasat ganda arum, sumaos marang Gusti Allah, pisungsung sing ketrima déning Panjenengané lan ndadèkaké renaning penggalihé.
4:19 Gusti Allahku bakal maringi apa sing kokbutuhaké manut kasugihané sing lubèr-lubèr ana ing Sang Kristus Yésus.
4:20 Pinujia Gusti Allah, Sang Rama kita ing selawasé! Amin.
4:21 Salamku marang sakèhing wong precaya sing dadi kagungané Sang Kristus Yésus. Para sedulur sing padha bebarengan karo aku padha kirim salam.
4:22 Sedulur-sedulur Kristen kabèh padha kirim salam, semono uga sing padha ana ing wewengkoning kraton.
4:23 Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila karo kowé kabèh. Saka aku sekloron, Paulus lan Timotius

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 50 Filipi