Category Archives: 11 I Para Raja

I Para Raja 1

1:1 Raja Dawud saya sepuh banget. Senajan ngagem slimut kandel meksa isih kasrepen.
1:2 Mulané para abdiné padha matur, “Dhuh Sang Prabu, menapa mboten prayogi kawula sami pados prawan ingkang nenggani lan ngrimati panjenengan. Laré menika tilema kaliyan panjenengan supados sarira panjenengan anget.”
1:3-4 Banjur padha golèk bocah wadon sing ayu ing sanegara Israèl kabèh. Ing Sunèm ana prawan, jenengé Abisag, ayu banget; banjur disowanaké Sang Prabu lan dikon ngladèni sarta njaga panjenengané, nanging wong wadon mau ora diwori saré.
1:5-6 Sarèhné Absalom wis mati, mulané putrané Sang Raja Dawud sing tuwa dhéwé saiki Adonia. Asmané ibuné Hagit. Adonia kuwi rupané bagus. Yèn gawé keluputan ora tau disendhu *disendhu: Dipun èngetaken.* déning ramané. Sarèhné kepéngin dadi raja, Adonia banjur nyawisaké kréta perang, prejurit jaranan lan pengawal sèket.
1:7 Adonia banjur rembugan karo Yoab lan Abiatar. (Ibuné Yoab asmané Zeruya.) Yoab lan Imam Abiatar nyarujuki karepé Adonia.
1:8 Nanging Imam Zadok, Benaya bin Yoyada, Nabi Natan, Simèi, Rèi lan pengawalé pribadi Raja Dawud padha ora rujuk karo karepé Adonia.
1:9 Ing sawijining dina Adonia saos kurban wedhus, sapi lanang lan sapi nom lemu-lemu ana ing panggonan sing jenengé Ula Watu, ing sacedhaké sendhang Èn-Rogèl. Putra-putrané Raja Dawud liyané sarta para pegawé kraton Yéhuda diulemi kabèh ing pésta mau,
1:10 nanging Suléman, adhiné Adonia, Nabi Natan sarta Benaya lan pengawalé pribadi Sang Raja Dawud ora diulemi.
1:11 Nabi Natan sowan marang Bètsyéba, ibuné Suléman, aturé, “Menapa panjenengan mboten pirsa bilih Adonia, putranipun Hagit, sampun dados raja saking kajengipun piyambak, mangka Sang Raja Dawud mboten pirsa menapa-menapa bab menika.
1:12 Menawi Suléman lan panjenengan piyambak kepéngin wilujeng, kula prayogèkaken
1:13 supados énggal-énggal sowan dhateng Sang Raja Dawud kaliyan matur mekaten, ‘Menapa mboten Sang Raja piyambak ingkang sumpah dhateng kawula, bilih anak kawula Suléman ingkang badhé dados raja, nggentosi panjenengan?’ ”
1:14 Aturé Nabi Natan menèh, “Mangké salebetipun panjenengan ngandikan kaliyan Sang Raja, kula badhé mlebet ngiyataken atur panjenengan.”
1:15 Bètsyéba banjur sowan ngadhep ing kamaré Sang Raja. Sang Raja wis sepuh banget, lan diladosi déning Abisag, prawan saka Sunèm.
1:16 Bètsyéba sungkem ing ngarsané Sang Raja banjur didangu, “Kowé arep nyuwun apa?”
1:17 Aturé Bètsyéba, “Dhuh Sang Prabu. Panjenengan sampun sumpah dhateng kawula demi asmanipun Pangéran, Allah panjenengan, bilih anak kawula Suléman badhé dados raja, nggentosi panjenengan.
1:18 Nanging samenika Adonia sampun madeg raja, mangka panjenengan mboten pirsa prekawis menika.
1:19 Adonia sampun saos kurban ageng-agengan arupi ménda, lembu jaler lan pedhèt lema-lema. Ugi sampun ngulemi putra-putra panjenengan lan Imam Abiatar, Yoab tuwin para panglimané perang wonten ing pésta menika. Nanging Suléman mboten dipun ulemi.
1:20 Dhuh Sang Prabu, samenika umat Israèl sedaya sami nengga-nengga dhawuh panjenengan bab sinten ingkang badhé nggantos panjenengan jumeneng raja.
1:21 Menawi panjenengan mboten paring dhawuh samenika, mangké sesampunipun panjenengan séda kawula lan anak kawula mesthi badhé kasiya-siya kados pengkianat.”
1:22 Sajroné Bètsyéba isih matur, Nabi Natan mlebet ing kraton.
1:23 Sawisé Sang Prabu diaturi pirsa, Nabi Natan banjur marek lan sujud ana ing ngarsané Sang Prabu.
1:24 Aturé, “Dhuh Sang Prabu, menapa panjenengan sampun ngumumaken, bilih Adonia nggentosi panjenengan jumeneng raja?
1:25 Ing dinten menika piyambakipun sampun nyaosaken kurban ménda, lembu jaler lan pedhèt lema-lema. Para putra panjenengan sedaya sampun dipun ulemi; ugi Yoab, panglima, lan Imam Abiatar. Tiyang-tiyang wau sedaya nembé kémawon sami pésta kaliyan Adonia sarta sami surak-surak, ‘Sugenga Sang Raja Adonia!’
1:26 Nanging kula mboten dipun ulemi, mekaten ugi Imam Zadok, Benaya sarta Suléman.
1:27 Menapa panjenengan ingkang ndhawuhi tiyang-tiyang wau sami tumindak mekaten, tanpa paring sumerep dhateng para punggawa, bab sinten ingkang panjenengan angkat dados gantos panjenengan?”
1:28 Sang Raja Dawud dhawuh, “Bètsyéba aturana mréné.” Bètsyéba uga nuli sowan.
1:29-30 Banjur dingandikani déning Sang Prabu mengkéné, “Aku pancèn wis janji karo kowé, demi Pangéran, Allahé Israèl, yèn Suléman, anakmu sing bakal nggentèni aku dadi raja. Lan saiki aku kandha karo kowé, demi Allah sing sipat gesang, sing wis ngluwari aku saka sakèhé kasangsaran, yèn ing dina iki uga aku bakal netepi janjiku marang kowé.”
1:31 Bètsyéba banjur sujud karo matur, “Mugi-mugi Sang Prabu sugenga ing selaminipun!”
1:32 Raja Dawud banjur utusan nimbali Imam Zadok, Nabi Natan lan Benaya. Sawisé padha marek,
1:33 banjur dingandikani mengkéné, “Para punggawaku padha klumpukna, banjur Suléman, anakku, tunggangna bihal tumpakanku dhéwé, gawanen menyang sendhang Gihon.
1:34 Ana ing kana Imam Zadok lan Nabi Natan kudu njebadi dadi raja Israèl. Sawisé mengkono kowé kudu padha ngunèkaké slomprèt lan surak-surak, ‘Sugenga Sang Prabu Suléman.’
1:35 Yèn wis, Suléman iriden mréné, lungguhna ing dhamparku, sebab dhèwèké sing dakpilih dadi raja nggentèni aku, mréntah umat Israèl lan Yéhuda.”
1:36 Unjuké Benaya, “Inggih Sang Prabu, mugi-mugi Allah panjenengan mberkahi dhawuh panjenengan.
1:37 Kados déné Pangéran sampun nunggil kaliyan panjenengan, semanten ugi mugi inggih kersa nunggil kaliyan Suléman. Mugi-mugi Gusti Allah nyantosakaken pepréntahanipun ngungkuli pepréntahan panjenengan.”
1:38 Imam Zadok, Nabi Natan, Benaya lan pengawal pribadiné Sang Prabu banjur ngaturi Suléman nitih bihalé Raja Dawud, sarta dijak menyang sendhang Gihon.
1:39 Imam Zadok banjur mundhut gendul lenga zaitun olèhé ngasta saka Kémah Pedalemané Allah, diagem njebadi *njebadi: ngesokaken lisah ing sirahipun tiyang ingkang dipun wisudha dados nabi, imam utawi raja.* Suléman. Slomprèt-slomprèt banjur diunèkaké lan wong kabèh sing ana ing kono padha surak-surak, “Sugenga Sang Prabu Suléman!”
1:40 Suléman banjur kondur diiring déning wong akèh mau, karo surak-surak lan ngunèkaké suling, nganti buminé horeg merga saka raméné.
1:41 Lagi waé Adonia lan para tamuné rampung enggoné pésta, padha krungu raméné wong sing padha surak-surak mau. Nalika krungu swarané slomprèt Yoab takon, “Ing kutha ana apa, kokraméné kaya ngana?”
1:42 Yoab durung rampung olèhé kandha dumadakan Yonatan, anaké Imam Abiatar teka. Adonia mbagèkaké, pangucapé, “Mlebua mréné. Kowé wong becik, mesthiné iya nggawa kabar becik.”
1:43 Wangsulané Yonatan, “Nyuwun ngapunten, mboten mekaten. Raja Dawud sampun ngangkat Suléman jumeneng raja.
1:44 Imam Zadok, Nabi Natan, Benaya lan pengawalipun Sang Prabu sampun kadhawuhan ngiring Suléman. Suléman kadhawuhan nitih bihalipun Sang Prabu,
1:45 lan Imam Zadok sarta Nabi Natan sampun njebadi Suléman wonten ing sendhang Gihon. Sesampunipun menika lajeng sami mlebet ing kitha kaliyan surak-surak ramé sanget. Tiyang sakitha sami kagèt sedaya. Inggih swanten ramé ingkang kita pireng menika,
1:46 Suléman samenika sampun jumeneng raja.
1:47 Malah para pegawé kraton sampun sami sowan nyalami Sang Raja Dawud. Aturipun, ‘Mugi-mugi Pangéran, Allah panjenengan, ndadosaken Suléman langkung misuwur tinimbang panjenengan; mugi-mugi pepréntahanipun Suléman langkung ageng kawibawanipun ketimbang kaliyan pepréntahan panjenengan.’ Sang Prabu Dawud lajeng nyembah sujud dhateng Allah wonten ing pesaréanipun,
1:48 sarta ndedonga, ‘Pinujia Pangéran, Allah sesembahanipun umat Israèl. Ing dinten menika salah setunggaling anak-turun kawula sampun Paduka angkat dados raja, nggentosi kawula, lan kawula sampun Paduka parengaken taksih gesang menangi kedadosan menika!’ ”
1:49 Para tamuné Adonia kabèh padha wedi, mula padha ngadeg, banjur bubar sowang-sowangan.
1:50 Adonia wedi banget karo Suléman, mula lunga menyang Kémah Palenggahané Allah, nyekel sungu-sunguné mesbèh.
1:51 Ana wong sing ngaturi pirsa marang Raja Suléman, yèn Adonia saking wediné saiki cekelan sungu-sunguné mesbèh lan kandha, “Aku njaluk supaya Suléman sumpah dhisik karo aku, yèn aku ora arep dipatèni.”
1:52 Wangsulané Suléman, “Yèn Adonia becik lakuné mesthi ora bakal dikapak-kapakaké, nanging yèn nindakaké piala, mesthi bakal dipatèni.”
1:53 Raja Suléman banjur utusan wong ngirid Adonia saka mesbèh. Adonia nuli sowan Raja Suléman lan sungkem ing ngarsané. Sang Raja ngandika, “Wis, muliha.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 11 I Para Raja

I Para Raja 2

2:1 Bareng wis ngarepaké séda, Dawud nimbali Suléman, sarta paring piweling sing pungkasan marang putrané mau, dhawuhé,
2:2 “Iki wis tekan wektuku. Kowé sing kendel lan sing gedhé precayamu.
2:3 Lakonana apa sing didhawuhaké déning Pangéran marang kowé. Dhawuh-dhawuh lan prenatan-prenatané sing katulis ing Kitabé Musa kabèh tindakna, supaya kowé binerkahan ing saparan-paranmu lan ing sapenggawému.
2:4 Yèn kowé ngèstokaké dhawuhé Pangéran, Panjenengané bakal netepi janjiné, yakuwi anak-turunmu bakal ngerèh bangsa Israèl; semono mau yèn tansah padha nglakoni dhawuh-dhawuhé klawan setya lan kanthi éklasing ati.
2:5 Isih ana saprekara menèh! Kowé mesthiné isih kèlingan karo penggawéné Yoab marang aku. Yakuwi enggoné matèni perwira Israèl loro, Abnèr bin Nèr lan Amasa bin Yètèr. Wong-wong mau padha dipatèni déning Yoab ing mangsa tentrem, digawé kaya lelakon ing mangsa perang. Yoab wis matèni wong sing ora salah, lan aku sing kudu mikul penggawéné, nganti aku sengsara.
2:6 Saiki, kowé nggèr, ngertia marang kuwajibanmu: Yoab aja koktogaké nganti mati tuwa.
2:7 Nanging anak-anaké lanang Barzilai, wong Giléad kaé becikana. Wènèhana sokongan kanggo panguripané, sebab wong-wong kuwi padha mbeciki aku, yakuwi nalika aku padha ngungsi nyingkiri sedulurmu Absalom.
2:8 Déné Simèi bin Géra, sing asalé saka Bahurim, wilayah Bènyamin, welingku mengkéné: Nalika aku lunga menyang Mahanaim, Simèi kuwi kebangeten enggoné nyepatani aku. Nanging bareng aku ketemu karo dhèwèkné ing Kali Yardèn, aku wis sumpah demi Allah, yèn dhèwèkné ora bakal dakpatèni.
2:9 Mung welingku, wong mau aja dibébasaké saka ukuman. Aku ngerti yèn kowé wong wicaksana; mulané ngerti carané gawé patiné wong mau.”
2:10 Dawud nuli séda lan disarèkaké ana ing kuthané Dawud.
2:11 Enggoné jumeneng raja ing Israèl lawasé patang puluh taun; pitung taun dedalem ing Hébron lan telung puluh telu taun ing Yérusalèm.
2:12 Suléman jumeneng raja nggentèni Dawud. Pangwasané Raja Suléman gedhé banget.
2:13 Ing sawijining dina Adonia sowan marang Bètsyéba. Bètsyéba ndangu mengkéné, “Apa sowanmu nggawa kabar becik?” Wangsulané Adonia, “Inggih.”
2:14 Banjur matur menèh, “Wonten prekawis ingkang badhé kula suwun saking ibu.” Pendanguné Bètsyéba, “Apa sing arep koksuwun?”
2:15 Adonia mangsuli, “Ibu pirsa bilih ingkang dados raja menika leresipun kula; tiyang Israèl sedaya sampun ngajeng-ajeng bab menika. Nanging kedadosanipun malah kosokwangsul; ingkang dados raja adhi kula, mergi sampun mekaten kersanipun Pangéran.
2:16 Samenika kula gadhah panyuwun saprekawis kémawon, mugi sampun ngantos panjenengan tampik.”
2:17 Pendanguné Bètsyéba, “Sing koksuwun apa?” Aturé Adonia, “Kula suwun ibu kersaa nglantaraken dhateng Raja Suléman supados kula dipun parengaken mendhet Abisag, laré èstri saking Sunèm menika dados sémah kula. Kula pitados Suléman mboten badhé kawratan menawi ibu ingkang ngandika.”
2:18 Pangandikané Bètsyéba, “Ya becik, dakkandhakné karo Suléman.”
2:19 Bètsyéba banjur nemoni Suléman, arep nerusaké panyuwuné Adonia. Sang Prabu jumeneng sarta mbungkuk ngurmati kang ibu, banjur lenggah ing dhamparé. Nuli utusan wong njupuk kursi diprenahaké ana ing tengené kagem kang ibuné.
2:20 Bètsyéba banjur ngandika, “Aku arep ngrembug prekara sepélé karo sliramu; muga-muga aja koktampik.” Aturé Suléman, “Prekawis menapa Bu. Kula mboten badhé nampik.”
2:21 Pangandikané Bètsyéba, “Adonia, sedulurmu, kepéngin ngepèk bojo Abisag.”
2:22 Aturé Suléman, “Kénging menapa ibu mundhut pirsa prekawis mekaten dhateng kula? Menika sami kémawon kaliyan ibu mundhut supados kula nyukakaken dhamparing keprabon menika dhateng piyambakipun. Piyambakipun rak kakang kula. Menapa malih Imam Abiatar lan Yoab mihak dhateng piyambakipun!”
2:23 Sawisé ngandika mengkono Suléman banjur sumpah demi Allah, “Mugi-mugi Allah ngukum dhateng kula menawi Adonia mboten kula pejahi mergi panyuwunipun menika!
2:24 Gusti Allah sampun nyantosakaken enggèn kula dados raja nggentosi bapak kula Dawud. Gusti Allah sampun netepi janjinipun lan sampun maringaken dhamparing kraton menika dhateng kula turun-temurun. Kula sumpah demi Allah, bilih ing dinten menika ugi Adonia kedah pejah!”
2:25 Raja Suléman nuli paring dhawuh marang Benaya; sing didhawuhi iya nuli mangkat matèni Adonia.
2:26 Sawisé mengkono Raja Suléman nuli ngandika marang Imam Abiatar, “Kowé balia menyang panggonan asalmu ing Anatot. Sejatiné kowé pantes diukum pati, nanging ing dina iki aku ora arep matèni kowé, sebab nalika kowé isih bebarengan karo bapakku, kowé mèlu ngrasakaké sakèhé lara-lapané *lara-lapa: kasangsaran, penderitaan (bhs. Ind.).* bapak.”
2:27 Abiatar banjur dilèrèni déning Suléman saka enggoné dadi imam. Nganggo cara mengkono Suléman ngleksanani apa sing dingandikakaké déning Pangéran ana ing Silo bab Imam Èli lan anak-anaké.
2:28 Krungu prekara mau Yoab dadi wedi, merga dhèwèké mihak marang Adonia, senajan dhèk biyèn ora mihak marang Absalom. Mulané Yoab banjur mlayu mlebu Kémah Palenggahané Pangéran sarta nyekel sungu-sunguné mesbèh.
2:29 Kabar mau diaturaké marang Raja Suléman. Mulané Sang Prabu utusan Benaya matèni Yoab.
2:30 Benaya banjur marani Yoab ing Kémah Palenggahané Pangéran, sarta kandha karo Yoab, “Kowé didhawuhi Sang Prabu metu saka kono!” Wangsulané Yoab, “Ora, aku arep mati ana ing kéné.” Benaya bali lapur marang Sang Prabu.
2:31 Mireng lapuran mau Sang Prabu ngandika, “Lakonana sapenjaluké Yoab. Patènana lan kuburen, supaya aku lan anak-turunku ora nyangga paukumané Yoab, sing matèni wong ora salah.
2:32 Gusti Allah bakal ngukum Yoab, merga matèni wong tanpa idiné bapakku. Abnèr, perwira Israèl lan Amasa, perwira Yéhuda, loro-loroné ora salah. Loro-loroné luwih becik ketimbang karo Yoab dhéwé, éwasemono padha dipatèni.
2:33 Paukuman merga enggoné matèni perwira loro mau kudu disangga déning Yoab lan anak-turuné ing selawas-lawasé. Nanging anak-turuné bapakku sing dadi raja bakal selawasé diberkahi déning Allah, sarta urip klawan ayem tentrem.”
2:34 Benaya banjur lunga menyang Kémah Palenggahané Allah menèh lan Yoab dipatèni ana ing kono. Yoab dikubur ing sanjabané kutha, ana ing pekarangané dhéwé.
2:35 Sawisé mengkono Sang Prabu banjur ngangkat Benaya dadi panglima nggentèni Yoab, lan Zadok diangkat dadi imam nggentèni Imam Abiatar.
2:36 Sawisé mengkono Raja Suléman nimbali Simèi, dingandikani mengkéné, “Gawéa omah ing Yérusalèm kéné, manggona ing kono lan aja metu-metu saka kutha.
2:37 Yèn kowé wani-wani metu lan nyabrang Kali Kidron, kowé bakal dipatèni; lan kuwi merga saka salahmu dhéwé.”
2:38 Unjuké Simèi, “Inggih prayogi. Kula badhé nglampahi dhawuhipun Sang Prabu.” Mulané Simèi banjur manggon ing Yérusalèm lawasé telung taun.
2:39 Kecrita baturé Simèi loro minggat lan mlayu menyang panggonané Akis bin Maaka, raja ing Gat. Krungu kabar mau Simèi,
2:40 banjur masang lapak kuldiné lan mangkat nututi baturé menyang Gat, saprelu nemoni raja Akis bin Maaka. Bareng wis ketemu banjur digawa mulih.
2:41 Sang Prabu Suléman mireng kedadéan mau
2:42 banjur utusan nimbali Simèi, lan dingandikani mengkéné, “Kowé wis dakkon sumpah demi Allah, yèn ora bakal metu saka kutha Yérusalèm. Lan kowé uga wis dakkandhani yèn samasa kowé metu saka Yérusalèm, kowé bakal diukum pati. Kowé wis janji lan setuju arep nglakoni dhawuhku mau ta?
2:43 Nanging yagéné saiki kowé ora netepi janjimu lan ora nglakoni dhawuhku?
2:44 Kowé rak ngerti sakèhé piala sing koktandukaké marang bapakku. Mulané Pangéran bakal ngukum kowé,
2:45 nanging mberkahi aku, lan kratoné bapakku bakal disentosakaké ing selawas-lawasé.”
2:46 Sawisé ngandika mengkono Sang Prabu banjur dhawuh marang Benaya supaya matèni Simèi. Wiwit nalika semana Suléman nindakaké pepréntahan klawan pangwasa sakatogé.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 11 I Para Raja

I Para Raja 3

3:1 Suléman krama karo putriné raja Mesir, temah Mesir dadi balané. Putri mau diboyong menyang kuthané Dawud lan manggon ing kana, nganti kratoné Sang Prabu lan Pedalemané Allah sarta bètèngé kutha Yérusalèm rampung dibangun.
3:2 Sarèhné Pedalemané Allah durung dibangun, rakyat enggoné saos kurban isih ana ing mesbèh rupa-rupa.
3:3 Suléman ngabekti marang Allah lan nggugu marang piwelingé ramané. Nanging enggoné nyembelèh lan saos kurban kéwan isih ana ing mesbèh sing béda-béda.
3:4 Mesbèh sing kerep diagem, yakuwi sing ana ing Gibéon. Suléman kerep saos kurban ana ing kono. Ing sawijining dina, kaya adaté, Suléman tindak mrono menèh.
3:5 Benginé Gusti Allah ngetingal marang Suléman sajroné impèn lan ndangu, “Kowé kepéngin Dakparingi apa?”
3:6 Atur wangsulané Suléman, “Dhuh Pangéran, Paduka sampun ngetingalaken sih Paduka ingkang ageng dhateng bapak kawula Dawud, abdi Paduka. Piyambakipun tiyang jujur ingkang netepi dhawuh Paduka kalayan setya. Paduka inggih nglestantunaken sih Paduka dhateng piyambakipun srana maringi anak jaler, ingkang samenika nggentosi piyambakipun dados raja.
3:7 Dhuh Allah, Paduka sampun ngangkat kawula dados raja nggentosi bapak kawula, senajan kawula taksih nèm sanget lan mboten mangertos caranipun nyepeng pepréntahan.
3:8 Kawula wonten ing satengahing bangsa ingkang Paduka pilih dados umat kagungan Paduka piyambak, bangsa ingkang ageng, ingkang mboten saged kaétang cacahipun.
3:9 Awit saking menika dhuh Allah, mugi kersa maringi kawicaksanan dhateng kawula, supados saged ngerèh umat Paduka kalayan adil, saged mbédakaken pundi ingkang saé, lan pundi ingkang awon. Menawi mboten mekaten, kadospundi enggèn kawula saged ngerèh umat Paduka ingkang ageng menika?”
3:10 Panyuwuné Suléman mau gawé renaning penggalihé Pangéran,
3:11 mulané Allah banjur ngandika, “Sarèhné kowé nyuwun kawicaksanan supaya bisa ngerèh klawan adil, lan ora nyuwun umur dawa, utawa kasugihan kanggo awakmu dhéwé, utawa teluké mungsuh-mungsuhmu,
3:12 mulané panyuwunmu bakal Daksembadani. Kowé bakal Dakdadèkaké wong sing wicaksana lan sing luwih dhuwur kawruhé ketimbang karo sakèhé wong sing urip sadurungé lan sawisé kowé.
3:13 Malah apa sing ora koksuwun pisan bakal Dakparingaké marang kowé, yakuwi sajegmu urip kowé bakal sugih lan kajèn kéringan, ngluwihi raja-raja liyané ing endi waé.
3:14 Yèn kowé nglakoni dhawuh-dhawuh-Ku lan manut marang pepakon-pepakon-Ku kaya bapakmu Dawud, kowé bakal Dakparingi umur dawa.”
3:15 Bareng Suléman wungu ngerti yèn Gusti Allah wis ngandikani sajroning impèn. Mula banjur tindak menyang Yérusalèm, jumeneng ana ing ngarepé Pethi Prejanjiané Allah lan nyaosaké kurban obongan lan kurban keslametan. Sawisé mengkono banjur nganakaké pésta kanggo para punggawané.
3:16 Ing sawijining dina ana wanita tuna susila loro sowan ngadhep Raja Suléman.
3:17-18 Sing siji matur mengkéné, “Dhuh Sang Prabu, kula lan tiyang èstri menika manggèn sagriya. Mboten wonten tiyang sanès ingkang wonten ing ngriku. Sawetawis wekdal kepengker kula gadhah laré jaler. Let kalih dinten tiyang èstri menika inggih nglairaken laré jaler.
3:19 Ing setunggaling dalu, nalika kula ngleresi sami tilem, tiyang èstri menika nindhihi anakipun ngantos pejah.
3:20 Tengah dalu salebetipun kula taksih tilem, piyambakipun tangi lajeng mendhet anak kula saking sisih kula. Anak kula dipun sèlèhaken ing petilemanipun, déné bayi ingkang sampun pejah dipun sèlèhaken ing petileman kula.
3:21 Énjingipun nalika kula tangi lan badhé nesepi ketingal laré wau sampun pejah. Sareng kula tamataken ketitik bilih menika sanès anak kula.”
3:22 Nanging wong wadon sijiné nyauri, “Goroh! Sing urip iki anakku, bayimu sing mati kuwi!” Wong wadon sing kapisan mangsuli, “Ora, sing mati kuwi anakmu, sing urip anakku!” Kaya mengkono wong loro mau padha padu ing ngarsané Sang Prabu.
3:23 Raja Suléman banjur ngandika, “Kowé wong loro padha ngaku yèn bayi sing urip kuwi anakmu, lan sing mati dudu.”
3:24 Sawisé ngandika mengkono Sang Prabu nuli utusan wong njupuk pedhang.
3:25 Banjur ngandika marang wong mau, “Bayi sing urip kuwi sigaren dadi loro lan wènèhna marang wong loro separo édhang.”
3:26 Krungu dhawuhé Sang Prabu mau, wong wadon sing pancèn embokné bayi sing urip matur, “Dhuh Sang Prabu, nyuwun pangapunten, anak kawula sampun ngantos dipun pejahi. Kaparingna dhateng tiyang èstri menika kémawon.” Aturé sing mengkono mau merga saka tresnané marang anaké. Nanging wong wadon sijiné matur, “Inggih leres, dipun sigar dados kalih kémawon, supados kawula tiyang kalih sami-sami mboten nggadhahi.”
3:27 Suléman banjur ngandika, “Bayiné aja dipatèni. Pasrahna marang wong wadon sing kapisan. Kuwi embokné.”
3:28 Nalika umat Israèl krungu putusané Raja Suléman sing mengkono mau, wong kabèh padha gumun, wedi lan urmat marang panjenengané, merga cetha yèn Gusti Allah wis paring kawicaksanan marang Suléman, mula bisa mutusi prekara klawan adil.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 11 I Para Raja

I Para Raja 4

4:1 Raja Suléman ngerèh sabangsa Israèl kabèh.
4:2-6 Para punggawané Suléman sing dhuwur pangkaté yakuwi: Imam-imam: Zadok, Azaria bin Zadok, Abiatar. Sèkretaris kedhaton: Yosafat bin Ahilud. Panglima tentara: Benaya bin Yoyada. Penggedhéné para bupati: Azaria bin Natan. Penaséhat raja: Imam Zabud bin Natan. Penggedhé urusan kedhaton: Ahisar. Penggedhé urusan karya negara: Adoniram bin Abda.
4:7 Suléman ngangkat bupati rolas kanggo ngerèh satanah Israèl kabèh. Kuwajibané para bupati mau nglumpukaké saka daérahé dhéwé-dhéwé pangan kanggo dhaharé Sang Prabu lan para wargané kedhaton. Carané giliran, saben bupati diwajibaké netepi gilirané setaun sepisan, lawasé sesasi.
4:8-19 Bupati rolas mau diawasi déning sawijining penggedhé. Iki daftaré para bupati lan wilayahé: Bènhur, bupati kanggo wilayah pegunungan Éfraim. Bèn Dèkèr, kanggo kutha-kutha Makas, Saalbim, Bèt-Sèmès, Élon, Bèthanan. Bènhèsèd, bupati kanggo kutha-kutha Arubot, Sokho, lan daérah Hèfèr kabèh. Bèn Abinadab, garwané Tafat, putra putriné Suléman, bupati kanggo daérah Dhor. Baana bin Ahilud, bupati kanggo kutha-kutha Taanak, Megido, daérah Bèt-Séan kabèh, daérah sacedhaké kutha Sartan, sakidulé kutha Yésreèl, tekan kutha Abèl-Mehola tekan Yokméam. Bèn Gèber, bupati kanggo kutha Ramot ing Giléad, pedésan-pedésan ing Giléad, duwèké trah Yair anak-turuné Manasyè, daérah Argob ing Basan sing ana kuthané gedhé sewidak nganggo bètèng lan lawang-lawangé nganggo palang prunggu. Ahinadab bin Idho, bupati kanggo daérah Mahanaim. Ahimaas, garwané Basmat, putra putriné Suléman, bupati kanggo daérah Naftali. Baana bin Husai, bupati kanggo daérah Asyèr lan kutha Alot. Yosafat bin Paruah, bupati kanggo daérah Isakar. Simèi bin Éla, bupati kanggo daérah Bènyamin. Gèber bin Uri, bupati kanggo daérah Giléad, tilas jajahané Sihon, raja Amori lan Og, raja Basan.
4:20 Cacahé rakyat Yéhuda lan Israèl akèh banget, presasat wedhi ing sapinggiring segara. Uripé seneng, pangan lan ombèn-ombèné turah-turah.
4:21 Bangsa-bangsa kabèh, wiwit saka Bengawan Éfrat tekan Filistia lan tapel watesé tanah Mesir, klebu jajahané Raja Suléman. Bangsa-bangsa mau padha teluk lan padha mbayar pajeg marang Raja Suléman.
4:22 Saosan dhahar kagem Sang Prabu Suléman kuwi saben dina rupa glepung trigu alus 5.000 liter, glepung trigu kasar 10.000 liter,
4:23 sapi kandhang sepuluh, sapi pangonan rong puluh, wedhus gèmbèl satus. Kejaba kuwi iya menjangan, kidang, menjangan-tutul karo kéwan iberan sing dilelemu.
4:24 Kabèh tanah sakuloné Bengawan Éfrat, saka Tifsah tekan sakuloné kutha Gaza adoh klebu jajahané Raja Suléman. Raja sakuloné Bengawan Éfrat kabèh teluk marang Raja Suléman lan negara ing kiwa-tengené kabèh padha rukun karo panjenengané.
4:25 Sajroné Sang Prabu isih sugeng rakyat ing Yéhuda lan Israèl uripé padha ayem lan tentrem. Saben brayat padha duwé kebon anggur lan kebon zaitun.
4:26 Raja Suléman kagungan tentara jaranan rolas èwu, lan jarané sing diingu ing kandhang kanggo narik kréta ana patang puluh èwu.
4:27 Para bupati giliran saben sasi nyaosi kabutuhané kanggo dhaharé wong saisiné kedhaton, nganti padha ora kekurangan apa-apa.
4:28 Saben bupati uga nyaosi jewawut lan damèn kanggo jarané Sang Prabu kabèh, jaran tunggangan lan jaran sing kanggo narik kréta. Pakané kéwan-kéwan mau diteraké menyang kandhang-kandhangé, miturut kabutuhané.
4:29 Raja Suléman kaparingan kawicaksanan déning Allah lan kawruh sing muluk-muluk sarta pangertèn sing jero banget.
4:30 Ing negara-negara sisih Wétan lan ing Mesir ora ana wong sing kapinterané ngungkuli Raja Suléman.
4:31 Panjenengané wong sing pinter dhéwé, ngungkuli Étan wong Ézrahi, Kalkol lan Darda anak-anaké Mahol. Asmané Raja Suléman misuwur ing negara-negara sakiwa-tengené.
4:32 Pitutur sing dikarang déning Raja Suléman ana telung èwu, lan nyanyian-nyanyiané luwih saka sèwu.
4:33 Panjenengané ngarang nyanyian bab wit-witan lan tanduran-tanduran, bab cemara ing Libanon tekan suket hisop sing thukul ing témbok-témbok watu. Uga bab kéwan-kéwan, kayata sato iberan, kéwan sing mbrangkang tekan iwak-iwak pisan.
4:34 Raja-raja sajagad padha mireng bab kapinterané Raja Suléman, mula padha ngutus utusan supaya padha nyinau kawicaksanané.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 11 I Para Raja

I Para Raja 5

5:1 Hiram, raja Tirus kuwi selawasé memitran karo Raja Dawud. Mulané nalika mireng yèn Suléman jumeneng raja nggentèni ramané, Raja Hiram nuli ngutus utusan marang Suléman.
5:2 Suléman uga kirim wangsulan marang Raja Hiram, surasané,
5:3 “Raja Hiram ingkang minulya! Panjenengan temtunipun inggih sampun pirsa, bilih Raja Dawud, bapak kula asring kedah perang nglawan mengsah saking negari sakiwa-tengenipun. Menika njalari bapak mboten kober yasa papan kanggé ngibadah dhateng Pangéran, Allahipun, awit Allah dèrèng nelukaken mengsahipun sedaya.
5:4 Nanging samenika Gusti Allah sampun paring katentreman wradin sanegari kula sedaya. Mboten wonten ingkang sengit dhateng kula, lan bebaya perang saking njawi inggih mboten wonten.
5:5 Gusti Allah sampun prejanji mekaten dhateng bapak kula Dawud, ‘Anakmu sing bakal kokangkat dadi raja nggentèni kowé kuwi sing bakal yasa papan pangibadah kanggo Aku.’ Pramila, panjenenganipun Raja Hiram ingkang minulya, kula, Suléman gadhah niyat badhé yasa papan pangibadah menika.
5:6 Panjenenganipun Sang Prabu temtunipun sampun pirsa, bilih tiyang-tiyang kula sami mboten gadhah kaprigelan negor kajeng kados tiyang-tiyang panjenengan. Pramila kula nyuwun keparenga Sang Prabu utusan negor kajeng cemara ing Libanon kanggé kula. Tiyang-tiyang kula kajengipun sami mbantu lan sepinten ragad ingkang panjenengan kersakaken kanggé mbayar tiyang-tiyang panjenengan badhé kula aturaken.”
5:7 Raja Hiram kanthi bungah nampa layangé Suléman. Pangandikané, “Pinujia asmané Pangéran, kang wis paring putra marang Dawud, sing semono wicaksanané, dadi rajané bangsa sing gedhé.”
5:8 Hiram banjur genti ngaturaké layang, surasané, “Kula sampun nampi paringipun serat, lan wosipun kula sarujuk. Kula badhé nyawisaken kajeng cemara saking Libanon lan kajeng cemara limrah sepinten ingkang panjenengan kersakaken.
5:9 Tiyang-tiyang kula badhé ngusung kajeng-kajeng menika saking Libanon dhateng seganten. Wonten ing ngriku kajeng-kajeng wau badhé karakit sarta kakéntiraken urut pesisiré seganten dhateng panggènan ingkang panjenengan kersakaken. Rakit-rakit wau sesampunipun dipun udhari tangsulipun lajeng badhé dipun pasrahaken dhateng tiyang-tiyang panjenengan, ingkang badhé ngurus selajengipun. Kula namung nyuwun supados panjenengan kersa nyawisaken tedhanipun tiyang-tiyang kula.”
5:10 Dadi Raja Hiram nyaosi sakèhé kayu cemara Libanon lan kayu cemara lumrah sing dikersakaké déning Raja Suléman.
5:11 Lan kanggo pangané wong-wongé Raja Hiram, Raja Suléman saben taun ngaturi marang Raja Hiram gandum rong juta kilogram lan lenga zaitun tulèn patang atus èwu liter.
5:12 Gusti Allah netepi janjiné lan paring kawicaksanan marang Suléman. Raja Hiram lan Raja Suléman padha dadi mitra kenthel lan sekaroné padha gawé prejanjian nyambut-gawé bebarengan.
5:13 Raja Suléman nekakaké wong lanang 30.000 kadhawuhan nyambut gawé kanggo negara,
5:14 lan Adoniram diangkat dadi pengawasé. Wong-wong mau dipérang-pérang déning Suléman dadi telung golongan, saben golongan wong sepuluh èwu. Golongan telu mau digilir, sesasi nyambut-gawé ing Libanon lan rong sasi ana ing omah.
5:15 Raja Suléman uga nekakaké wong 80.000 kanggo natah watu ana ing gunung lan wong 70.000 kanggo mikuli watu-watu mau.
5:16 Raja Suléman uga ngangkat mandhor 3.300 kanggo ngawasi pegawéan mau kabèh.
5:17 Atas dhawuhé Suléman wong-wong padha natah watu gedhé-gedhé sing élok kanggo pondhasiné Pedalemané Allah.
5:18 Mengkono para tukangé Raja Suléman lan para tukangé Raja Hiram sarta wong-wong saka kutha Gebal enggoné padha nyawisaké watu lan kayu kanggo yasa Pedalemané Allah.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 11 I Para Raja

I Para Raja 6

6:1 Nalika sasi Ziw, yakuwi sasi kapindho, taun kapaté pepréntahané Raja Suléman, patang atus wolung puluh taun sawisé bangsa Israèl metu saka tanah Mesir, Suléman miwiti yasa Pedalemané Allah.
6:2 Ukurané sisih njero mengkéné: dawané 27 mèter, ambané 9 mèter, dhuwuré 13,5 mèter.
6:3 Èmpèré ngarep ambané 4,5 mèter, dawané 9 mèter, padha karo ambané gedhong.
6:4 Témboké gedhong mau ana jendhéla-jendhélané nganggo krépyak.
6:5 Nèmplèk ing témbok sisih mburi lan kiwa-tengen digawé kamar-kamar tambahan sungsun telu, saben sungsun dhuwuré 2,2 mèter.
6:6 Kamar ngisor dhéwé ambané 2,2 mèter, kamar ndhuwuré 2,7 mèter lan kamar sungsun kateluné 3,1 mèter. Témboké sing ngisor luwih kandel tinimbang témbok kamar ndhuwuré, mula balok-balok kamar tambahan kuwi kena dipasang tanpa mbobok témbok gedhong mau.
6:7 Watu-watu sing arep dienggo gedhong kuwi wis digarap ing panggonané njupuk watu-watu mau. Mulané, nalika gedhong mau didegaké babar-pisan ora ana swarané wong migunakaké palu, wadung utawa piranti wesi liyané.
6:8 Lawangé kamar-kamar tambahan sing ngisor dhéwé diprenahaké ing sisih Kidul gedhong lan ing kono ana andha menyang sungsun kapindho lan sungsun katelu.
6:9 Gedhongé dipasangi pyan saka blabag lan glogor kayu cemara Libanon. Kaya mengkono Suléman enggoné yasa Pedalemané Allah nganti rampung.
6:10 Uga kamar-kamar tambahan sungsun telu sing didegaké mèpèt karo témboké Pedaleman sing sisih njaba, sing dibangun nganggo balok-balok kayu cemara Libanon.
6:11 Gusti Allah nuli ngandika marang Suléman,
6:12 “Yèn kowé nglakoni pepakon-pepakon-Ku lan dhawuh-dhawuh-Ku, Aku bakal netepi janji-Ku marang bapakmu Dawud.
6:13 Aku bakal dedalem ana ing pedaleman sing kokyasa iki lan selawasé ana ing tengahé umat-Ku Israèl. Umat-Ku ora bakal Daktinggal.”
6:14 Suléman enggoné yasa Pedalemané Allah kuwi carané mengkéné:
6:15 Témbok sing sisih njero kabèh dilapisi nganggo kayu cemara Libanon, jrambah tekan pyané pisan. Mung jrambahé digawé saka kayu cemara lumrah.
6:16 Gedhong mau bagéan sing mburi disingget kanggo kamar, singgetané digawé saka blabag cemara, wiwit saka jrambah tekan pyan-pyané. Kamar mau disebut Papan Mahasuci; dawané 9 mèter.
6:17 Kamar ngarepé Papan Mahasuci dawané 18 mèter.
6:18 Sarèhné témboké gedhong sing sisih njero kabèh dilapisi kayu cemara Libanon, mula watu-watuné ora katon babar-pisan. Lapisan mau dihias nganggo ukiran nggambaraké woh-woh labu lan kembang-kembang sing lagi mekar.
6:19 Papan Mahasuci kuwi bakal kanggo ndokok Pethi Prejanjiané Allah.
6:20-22 Kamar mau dawané, ambané lan dhuwuré 18 mèter. Mesbèhé digawé saka kayu cemara Libanon. Lawangé kamar mau dilapisi emas murni. Kabèh kamar ing Pedalemané Allah sing sisih njero dilapis emas, mengkono uga mesbèhé.
6:23 Ing Papan Mahasuci didokoki ukiran malaékat kerub *kerub: malaékat.* loro sing digawé saka kayu zaitun; dhuwuré 4,4 mèter,
6:24-26 ukuran lan rupané padha. Saben kerub ana swiwiné, sing dawané 4,4 mèter.
6:27 Kerub mau diprenahaké adhep-adhepan, mula swiwiné sing siji nggepok témbok, sing sijiné padha gathuk ing tengahé kamar mau.
6:28 Kerub loro-loroné dilapis emas.
6:29 Témbok-témbok ing Pedalemané Allah sing sisih njero dihias kabèh nganggo gambar ukiran malaékat-malaékat nganggo swiwi, wit palem lan kekembangan.
6:30 Tekan jrambahé Pedaleman iya dilapisi emas.
6:31 Lawang menyang Papan Mahasuci inebé digawé saka kayu zaitun. Bagéan sing ndhuwur tengahé digawé mlengkung.
6:32 Inebé lawang mau loro-loroné dihias nganggo ukiran malaékat nganggo swiwi, wit palem lan kekembangan. Inebé lawang, ukiran malaékat lan ukir-ukiran liyané, sarta wit-witané palem kabèh dilapis emas.
6:33 Kusèn-kusèné lawang kamar gedhé sing ngarep diwènèhi lis majupat, kagawé saka kayu zaitun.
6:34 Inebé lawang loro-loroné digawé saka kayu cemara lumrah; saben ineb mau digawé lempitan,
6:35 lan dihias nganggo ukiran malaékat-malaékat, wit palem lan kembang-kembangan. Ukir-ukiran mau kabèh dilapis emas.
6:36 Ing ngarepé Pedalemané Allah ana platarané. Plataran mau diubengi témbok, dilapis nganggo watu, diselingi lapisan kayu cemara Libanon, saben telung bagéan lapisan watu diselingi nganggo kayu cemara.
6:37 Suléman enggoné yasa Pedalemané Allah nganti sarampungé lawasé pitung taun. Pondhasiné dipasang ing sasi Ziw, yakuwi sasi kapindho, taun kapaté Suléman jumeneng raja,
6:38 rampungé ing sasi Bul, yakuwi sasi kawolu, taun kasewelasé Suléman ngasta pepréntahan, cèples karo rancangané.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 11 I Para Raja

I Para Raja 7

7:1 Suléman uga yasa kedhaton kagem piyambak. Lawasé yasa telulas taun.
7:2-3 Ing kedhaton mau ana bangsal sing disebut “Bangsal Alas Libanon”. *Bangsal Alas Libanon: Menika kagem upacara-upacara resmi. Dipun sebut mekaten kanggé ngaosi wana Libanon, ingkang dados sumberipun kajeng éndah, ingkang kanggé yasa kedhaton manika.* Bangsal mau dawané 44 mèter, ambané 22 mèter lan dhuwuré 13,5 mèter. Ing kono ana cagaké telung larik, sing digawé saka kayu cemara Libanon; saben larik cagaké limalas. Usuké uga kayu cemara Libanon. Usuk-usuk mau ditutupi nganggo pyan, kang uga kagawé saka kayu cemara Libanon.
7:4-5 Témboké bangsal mau kiwa-tengen ana jendhélané telung larik, adhep-adhepan Lawang-lawang lan jendhéla-jendhéla mau nganggo wengku pesagi dawa.
7:6 Suléman uga yasa “Bangsal Saka”, dawané 22 mèter, ambané 13,5 mèter. Ing ngarepé bangsal ana èmpèré, nganggo payon lan cagak-cagak.
7:7 Bangsal liyané yakuwi “Bangsal Dhampar”, sing iya disebut “Bangsal Pengadilan”. Bangsal mau saka jrambah tekan usuk-usuké dilapis nganggo kayu cemara Libanon. Ana ing bangsal kono Suléman ngadili wong sing padha prekaran.
7:8 Pedalemané Suléman dhéwé digawé kaya gedhong-gedhong liyané ana ing samburiné “Bangsal Pengadilan”. Kanggo garwané, putri Mesir, Suléman yasa dalem padha karo dalemé dhéwé.
7:9 Gedhong-gedhong mau kabèh semono uga platarané digawé saka watu-watu sing apik banget. Watu-watu mau penggarapané diiras ana ing panggonané. Ana ing kana watu-watu mau dikethoki miturut ukuran sarta diratakaké ngarep mburi nganggo grénda.
7:10 Mengkono uga watu-watu sing kanggo pondhasi digarap ana ing panggonané njupuk watu-watu mau, ana sing dawané telu setengah mèter, ana sing patang mèter.
7:11 Sandhuwuré pondhasi dipasangi watu-watu liyané sing dikethok miturut ukuran, banjur dilapisi kayu cemara Libanon.
7:12 Platarané kedhaton, platarané Pedalemané Allah lan èmpèran ngarep dikubengi témbok sing dilapis nganggo watu, saben témbok telung lapisan watu diselingi salapisan kayu cemara Libanon.
7:13 Suléman utusan methuk wong lanang jeneng Huram saka kutha Tirus. Wong kuwi tukang ngukir-ukir barang-barang saka prunggu.
7:14 Jenaté bapakné biyèn iya tukang ukir barang-barang saka prunggu ing Tirus lan ibuné wong saka taler Naftali. Huram kuwi wong sing ahli temenan lan akèh pengalamané ing babagan kagunan ukir-ukiran. Mula Huram didhawuhi ngepalani sakèhé pegawéan sing migunakaké bahan prunggu, lan Huram dhéwé iya saguh.
7:15-20 Huram nyithak cagak loro saka prunggu, siji-sijiné dhuwuré 8 mèter lan gedhéné 5,3 mèter; kandelé 7,4 sènti mèter. Cagak-cagak mau kothong, tanpa isi. Uga nyithak endhasé cagak loro saka prunggu, siji-sijiné dhuwuré 2,2 mèter. Endhas prunggu mau dipasang ing sandhuwuré cagaké, Pérangané endhas mau sing ndhuwur 1,8 mèter, direngga nganggo ukiran kembang bakung. Ing sangisoré direngga nganggo ukiran ranté sing dinam, lan woh dlima rong larik. Saben cagak endhasé ana ukirané woh dlima rong atus. Rerenggan mau kabèh kagawé saka prunggu.
7:21-22 Endhasé cagak sing direngga mau dipasang ana ing sandhuwuré cagaké, sing dipapanaké ana ing ngarep lawang Pedalemané Allah. Cagak sing ana ing sisih Kidul dijenengaké Yakhin, *Yakhin: Basa Ibrani: Panjenenganipun maringi kekiyatan.* lan sijiné, ing sisih Lor dijenengaké Boas. *Boas: Basa Ibrani: Kekiyatan.* Sawisé cagak-cagak mau dipasang, penggarapé cagak-cagak wis rampung.
7:23 Huram banjur gawé kulah *kulah: bak (bhs. Ind.).* bunder saka prunggu, ukurané mengkéné: jeroné 2,2 mèter, garis tengahé 4,4 mèter lan ubengé 13,2 mèter.
7:24 Sisih njabané kulah mau direngga nganggo ukiran woh labu, sing dicithak bebarengan karo kulahé.
7:25 Kulah mau didokokaké ing gegeré rerékan sapi rolas saka prunggu, sing padha madhep metu, saben sapi telu madhepé padha.
7:26 Kandelé kulah mau 75 mili mèter. Pinggirané kulah digawé kaya lambé cangkir, mlengkung metu, mulané rupané kaya kembang bakung sing lagi mekar. Kulah mau cukup diisèni banyu 40.000 liter.
7:27 Huram uga yasa kréta sepuluh saka prunggu. Siji-sijiné dawané lan ambané 1,8 mèter, dhuwuré 1,3 mèter.
7:28 Ing ndhuwuré ana blabag pesagi, nganggo wengku.
7:29 Blabag-blabag mau direngga nganggo gambar singa, sapi lan malaékat-malaékat. Wengku mau ngisor ndhuwur ana gambaré singa lan sapi lan ana rerenggané ukiran kembang-kembangan.
7:30 Rodhané kréta-kréta mau papat, digawé saka prunggu, semono uga indhèné. *indhèn: poros (bhs. Ind.).* Ing pojok-pojoké kréta lan cagak sing nyangga payon, uga saka prunggu; sisih-sisihé dihias nganggo kembangan.
7:31 Ing sandhuwuré cagak-cagak mau ana wengkuné bunder kanggo wadhah kuwali. Wengkuné dhuwuré 66 sènti mèter, sing 44 sènti mèter ing sandhuwuré blabag, sing 22 sènti mèter ing sangisoré. Wengku mau uga diukir-ukir.
7:32 Rodhané dhuwuré 66 sènti mèter, kaprenah ing sangisoré blabag-blabag. Indhèn, rodha lan krétané dadi siji.
7:33 Rodha-rodha mau rupané kaya rodha kréta perang. Wengkuné rodha, ruji, indhèn lan panggonané indhèn kabèh digawé saka prunggu.
7:34 Saben pojoké kréta sisih ngisor ana cekelané papat, dadi siji karo krétané.
7:35 Ing kréta mau sing ndhuwur, mubeng ana pinggirané, ambané rong puluh sènti mèter. Cagak sing nyangga lan blabag-blabagé kabèh dadi siji karo krétané.
7:36 Cagak-cagak sing nyangga lan blabag-blabag kabèh endi sing sela, dihias nganggo malaékat-malaékatan, singa, lan wit palem, déné sakiwa-tengené diwènèhi kembang-kembangan.
7:37 Kaya mengkono enggoné gawé kréta-kréta mau. Gedhéné lan wanguné padha kabèh.
7:38 Huram uga gawé jembangan gedhé sepuluh, kanggo saben kréta siji. Jembangan mau garis tengahé 1,8 mèter lan amot banyu wolung atus liter.
7:39 Huram ndokokaké kréta lima ana ing sakidulé Pedalemané Allah, sing lima ing saloré. Déné kulahé prunggu didokokaké ing pojok sisih Kidul-wétan.
7:40-45 Huram uga gawé kwali-kwali, penyodhok-penyodhok *penyodhok-penyodhok: sorok.* lan pengaron-pengaron. Sawisé kuwi mau kabèh rampung, pegawéané Huram wis rampung babar-pisan. Prabot-prabot sing digawé déning Huram kuwi daftaré mengkéné: Cagak gedhé loro. Endhas cagak loro, ditumpangaké ing ndhuwuré cagak loro mau. Ranté nam-naman ing saben endhas cagak. Dlima saka prunggu patang atus, sing dipasang dadi rong larik, saben larik ana dlimané satus ngubengi nam-naman ranté, sing ana ing saben endhasé cagak. Kréta sepuluh. Kwali gedhé sepuluh. Kulah prunggu. Sapi prunggu rolas sing nyangga kulah mau. Kwali-kwali, sorok-sorok lan pengaron-pengaron. Kuwi kabèh prabot kanggo ing Pedalemané Allah sing digawé déning Huram saka prunggu atas dhawuhé Raja Suléman, kabèh digosok nganti gilap.
7:46 Prabot mau kabèh dicithak manut dhawuhé Sang Prabu ana ing pangecoran logam, ing antarané Sukot lan Zartan ing Lebak Yardèn.
7:47 Suléman ora dhawuh nimbang prabot mau kabèh, merga saka aboté. Mulané pira boboté barang-barang mau ora ana sing ngerti.
7:48-50 Suléman iya dhawuh gawé prabot saka emas kanggo Pedalemané Allah, yakuwi wujud: Mesbèh. Méja kanggo roti saosan marang Allah. Cagak lampu sepuluh, sing didegaké ing ngarepé Papan Mahasuci, lima ing sisih Kidul lan lima ing sisih Lor. Kembang-kembangan. Lampu-lampu. Japit-japit. Mangkok-mangkok. Piranti kanggo matèni lampu. Pengaron-pengaron. Anglo-anglo. Èngsèl-èngsèl kanggo lawangé Papan Mahasuci lan lawang-lawangé Pedalemané Allah sing sisih njaba.
7:51 Sawisé Raja Suléman ngrampungaké sakèhé pegawéan sing kanggo Pedalemané Allah banjur nyimpen sakèhé slaka, emas lan barang-barang liyané sing disaosaké déning Raja Dawud, marang Allah ana ing gudhang-gudhangé Pedalemané Allah.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 11 I Para Raja

I Para Raja 8

8:1 Sawisé mengkono Raja Suléman banjur nimbali para pemimpiné taler-taleré bangsa Israèl sowan marang panjenengané ing Yérusalèm. Ing kono padha didhawuhi njupuk Pethining Prejanjian saka Silo supaya digawa menyang Pedalemané Allah.
8:2 Nalika mbeneri dina Riaya Tarub Godhong ing sasi Etanim, yakuwi sasi kapitu, wong kabèh mau padha nglumpuk.
8:3 Para imam banjur padha mikul Pethiné Prejanjian,
8:4 digawa menyang Pedalemané Allah. Kémah Palenggahané Allah sapraboté kabèh iya dielih déning para wong Lèwi lan para imam menyang Pedalemané Allah.
8:5 Raja Suléman lan rakyat Israèl kabèh padha nglumpuk ing ngarepé Pethi Prejanjian mau sarta saos kurban marang Allah rupa wedhus lan sapi akèh banget, nganti ora kena diétung.
8:6 Sawisé mengkono para imam banjur nggawa Pethining Prejanjian mlebu ing Pedalemané Allah, didokok ing Papan Mahasuci, ing sangisoré reca kerub.
8:7 Swiwiné kerub-kerub kuwi nutupi Pethi mau dalah pikulané sing dienggo ngusung.
8:8 Kayuné pikulan sing kanggo ngusung mau samasa dideleng saka ngarepé Papan Mahasuci kari katon pucuké. Kayu pikulan mau tekan sepréné isih ana.
8:9 Pethining Prejanjian mau wis ora ana isiné kejaba blébékan watu loro. Watu-watu mau dilebokaké ing kono déning Musa, yakuwi nalika Gusti Allah nganakaké prejanjian karo bangsa Israèl ing Gunung Sinai, sawisé bangsa Israèl metu saka tanah Mesir.
8:10 Kacrita bareng para imam wis padha metu, Pedalemané Allah mau dumadakan kebak méga,
8:11 sing mretandhani yèn kamulyané Allah tedhak ing kono, mula para imam ora bisa mlebu nindakaké tugasé ing Pedalemané Allah.
8:12 Suléman banjur ndedonga mengkéné: “Dhuh Pangéran, inggih Paduka ingkang nitahaken surya ing akasa, éwasemanten milih dedalem ing petenging méga.
8:13 Panggènan menika kawula yasa kagem Allah, dadosa dalem lan papan palenggahan Paduka.”
8:14 Raja Suléman banjur genti ngadhepaké rakyat kang padha ngadeg ing kono, nuli maringaké berkahé Allah kanggo wong-wong mau,
8:15-16 pangandikané, “Dhèk biyèn Gusti Allah janji marang Dawud, bapakku mengkéné, ‘Wiwit nalika Aku ngirid umat-Ku metu saka tanah Mesir, ora ana panggonan siji-sijia ing Israèl sing Dakpilih, supaya ing kono diyasana omah pangibadah kanggo nyembah marang Aku. Nanging kowé, Dawud, wis Dakpilih mréntah umat-Ku.’ Pinujia Pangéran, Allahé Israèl kang wis netepi janjiné!”
8:17 Sabanjuré Suléman ngandika, “Bapakku Dawud wis ngrancang arep yasa dalem pangibadah kagem Pangéran, Allahé Israèl.
8:18 Nanging Pangéran ngandika marang Dawud, ‘Karepmu kuwi becik,
8:19 mung dudu kowé, nanging anakmu sing bakal yasa Pedaleman-Ku.’ ”
8:20 “Lah, saiki Pangéran wis netepi janjiné. Aku wis dadi raja ing Israèl nggentèni bapakku, lan aku wis yasa pedaleman kagem Pangéran, Allahé Israèl.
8:21 Ing pedaleman iki aku wis nyawisaké papan kanggo Pethi Prejanjiané Allah. Kita padha ngerti yèn ing njero Pethi kuwi ana blébékan watu loro sing katulisan Prejanjiané Allah karo para leluhur kita nalika Panjenengané ngirid para leluhur mau metu saka tanah Mesir.”
8:22 Sawisé mengkono, Suléman nuli jumeneng ngadhepaké mesbèh karo ngangkat astané loro pisan, dideleng déning umat Israèl kabèh,
8:23 sarta ndedonga mengkéné, “Dhuh Pangéran, Allahipun Israèl! Ing swarga lan ing bumi mboten wonten allah kados Paduka! Paduka netepi janji Paduka sarta ngetingalaken sih Paduka dhateng umat Paduka ingkang tansah setya saha mbangun-turut dhateng Paduka.
8:24 Paduka sampun netepi janji Paduka dhateng bapak kawula Dawud. Ing dinten menika menapa ingkang Paduka ngandikakaken sampun Paduka leksanani.
8:25-26 Paduka sampun janji ugi dhateng bapak kawula, bilih samasa anak-turunipun saèstu mbangun-turut dhateng Paduka kados piyambakipun, temtu mboten pedhot-pedhot enggènipun dados raja ing Israèl. Samenika, dhuh Pangéran, Allahipun Israèl, panyuwun kawula mugi sedaya prekawis ingkang Paduka janjèkaken dhateng bapak kawula Dawud, abdi Paduka, inggih Paduka tetepi.
8:27 Nanging, dhuh Allah, menapa inggih saèstu Paduka badhé dedalem wonten ing bumi menika? Langit jembar mboten badhé nyekapi kagem Paduka, menapa malih griya pangibadah ingkang kawula yasa menika!
8:28 Éwasemanten mugi kersa miyarsakaken pandonganipun abdi Paduka, dhuh Allah kawula, mugi karsa nyembadani panyuwun kawula ing dinten menika.
8:29-30 Mugi-mugi Paduka rinten lan dalu kersa ngreksa dalem pangibadah, ingkang sampun Paduka pilih badhé Paduka agem menika. Samasa kawula lan umat Paduka ndedonga sowan dhateng Paduka ing dalem menika mugi-mugi Paduka saking Pedaleman Paduka ing swarga miyarsakaken lan paring pangapunten.
8:31 Menawi wonten tiyang ingkang kadakwa damel kalepatan dhateng tiyang sanès lan kabekta ing Pedaleman Paduka ngriki sarta sumpah bilih piyambakipun mboten kalepatan,
8:32 dhuh Allah, mugi Paduka kepareng miyarsakaken sarta mutusaken prekawisipun para abdi Paduka menika. Mugi ingkang lepat Paduka dhawahi paukuman timbang kaliyan kalepatanipun, sarta ingkang mboten lepat kaluwarana.
8:33 Samasa umat Paduka Israèl kakawonaken déning mengsah-mengsahipun mergi saking dosa-dosanipun, lajeng sami nyuwun tulung dhateng Paduka sarta sowan ndedonga ing Pedaleman Paduka ngriki, kalayan ngasoraken manah sarta nyuwun pangapunten dhateng Paduka,
8:34 mugi Paduka kersa miyarsakaken saking swarga. Mugi Paduka kersa paring pangapunten dhateng dosanipun umat Paduka wau, lan ngirid umat Paduka menika wangsul dhateng negari ingkang sampun Paduka paringaken dhateng para leluhuripun.
8:35 Saupami kelampahan Paduka mboten maringi jawah mergi umat Paduka sami nglampahi dosa, mangka lajeng sami mratobat saking dosanipun sarta sowan ing Pedaleman Paduka ngriki, sarta sami ndedonga kalayan ngasoraken manahipun ing ngarsa Paduka,
8:36 mugi Paduka saking swarga kersa miyarsakaken. Mugi Paduka kersa ngapunten dosa-dosanipun umat Paduka Israèl sarta rajanipun. Mugi kawula sami Paduka wulang nglampahi ingkang leres. Sesampunipun mekaten, dhuh Allah, mugi Paduka kersa ndhawahaken jawah ing tanah peparing Paduka menika, inggih tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhateng umat Paduka dados gadhahanipun ing selami-laminipun.
8:37 Saupami ing negari menika wonten paceklik utawi pageblug, utawi taneman-taneman karisak déning angin bentèr, ama utawi walang, utawi menawi umat Paduka dipun lurugi perang déning mengsah utawi déning sesakit,
8:38 mugi Paduka miyarsakaken pandonganipun. Menawi saking antawisipun umat Paduka Israèl wonten ingkang manahipun sedhih lajeng ndedonga dhateng Paduka sarta ngangkat tanganipun madhep dhateng Pedaleman Paduka menika,
8:39 mugi Paduka wonten ing swarga kersa miyarsakaken sarta paring pangapunten tuwin pitulungan. Namung Paduka piyambak ingkang pirsa isining manahipun manungsa. Pramila kersaa nandukaken dhateng saben tiyang miturut ing lampahipun,
8:40 supados umat Paduka ajrih sarta mbangun-turut dhateng Paduka selaminipun manggèn wonten ing negari ingkang Paduka paringaken dhateng para leluhuripun.
8:41-42 Saupami wonten tiyang ngamanca ingkang manggèn ing negari sanès mireng bab kamulyan Paduka sarta mujijat-mujijat ingkang Paduka tindakaken kanggé umat Paduka, lajeng sami dhateng ing negari ngriki saos pangabekti dhateng Paduka sarta ndedonga ing Pedaleman Paduka menika,
8:43 mugi saking Dalem Paduka ing swarga Paduka kersa miyarsakaken pandonganipun sarta nyembadani panyuwunipun. Supados kados umat Paduka Israèl, sedaya bangsa ing bumi sami tepanga sarta mbangun-turuta dhateng Paduka. Kaliyan malih sami mangertosa, bilih dalem ingkang kawula yasa menika papan pangibadah kagem Paduka.
8:44 Saupami Paduka ndhawuhi umat Paduka nglurug perang nglawan mengsah, lajeng sami ndedonga, wontena pundi kémawon papanipun, kanthi madhep dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih menika, saha dhateng dalem ingkang sampun kawula yasa kagem Paduka menika,
8:45 mugi Paduka saking swarga kersa miyarsakaken pandonganipun, sarta maringi kemenangan dhateng umat Paduka.
8:46 Saupami umat Paduka sami damel dosa, èstunipun mboten wonten tiyang setunggal kémawon ingkang tanpa dosa, lajeng mergi saking menapa, Paduka négakaken umat menika ngantos kelampahan dipun kawonaken déning mengsah, lajeng sami dipun tawan dhateng negari ingkang tebih utawi celak.
8:47-48 Saupami ing negari wau umat menika sadhar lan mratobat saèstu saking dosa-dosanipun, lajeng kalayan ngakeni dosa tuwin piawonipun, sami ndedonga dhateng Paduka kanthi madhep dhateng negari peparing Paduka dhateng leluhur kawula, ngéblat dhateng kitha sarta pedaleman ingkang sampun kawula yasa kagem Paduka,
8:49 mugi saking Pedaleman Paduka ing swarga Paduka kersa miyarsakaken pandonganipun umat Paduka wau sarta paring sih-piwelas.
8:50 Mugi Paduka ngapunten sedaya dosa lan panerakipun, mugi kersa ngerèh manahing mengsah-mengsahipun supados nandukaken kasaénan dhateng umat Paduka.
8:51 Tiyang-tiyang menika umat Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir, ingkang presasat nraka menika.
8:52 Dhuh Allah, mugi Paduka tansah kersa menggalih dhateng umat Paduka Israèl sarta rajanipun. Sarta mugi kersa miyarsakaken panyuwunipun saben-saben umat Paduka sesambat nyuwun tulung dhateng Paduka.
8:53 Tiyang-tiyang menika sampun Paduka pilih saking antawisipun sedaya bangsa, Paduka dadosaken umat kagungan Paduka piyambak, kados ingkang Paduka ngandikakaken piyambak lantaran abdi Paduka Musa, nalika Paduka nuntun para leluhur kawula saking tanah Mesir.”
8:54 Mengkono pandongané Raja Suléman sajroné sujud ing ngarepé mesbèh karo ngegaraké astané munggah. Sawisé mengkono banjur jumeneng lan
8:55 kanthi swara sora nyuwunaké berkahé Allah kanggo wong sing padha nglumpuk ana ing kono, pangandikané,
8:56 “Pinujia Allah kang wis paring katentreman marang umat kagungané kaya sing wis dijanjèkaké lantaran Musa, abdiné. Janjiné kuwi becik kabèh sarta wis ditetepi.
8:57 Muga-muga Gusti Allah nunggil karo kita kaya enggoné nunggil karo para leluhur kita. Muga-muga Allah ora négakaké marang kita,
8:58 lan ndadèkaké kita wong sing setya marang Panjenengané, sarta tansah urip manut ing kersané, apa déné nglakoni sakèhé prenatan lan dhawuh-dhawuhé sing wis diparingaké marang para leluhur kita.
8:59 Muga-muga Pangéran Allah kita tansah ènget marang sing dakaturaké ing pandonga lan panyuwunku iki. Muga-muga Panjenengané tansah mberkahi umat Israèl lan rajané sarta maringi apa sing padha dibutuhaké ing sadina-dinané.
8:60 Srana mengkono saben bangsa ing bumi bakal weruh yèn mung Pangéran sing jumeneng Allah, lan ora ana liyané.
8:61 Mulané kowé sing dadi umat kagungané, sing padha setya marang Pangéran, Allah kita padha nindakna prenatan-prenatan sarta nglakonana dhawuh-dhawuhé, kaya sing padha koklakoni ing dina iki.”
8:62 Sawisé mengkono Raja Suléman lan rakyat kabèh sing padha nglumpuk ana ing kono padha nyaosaké kurban marang Pangéran.
8:63 Raja Suléman nyaosaké kurban keslametan rupa sapi 22.000 lan wedhus 120.000. Srana mengkono raja lan umat Israèl kabèh nyaosaké papan pangibadah mau marang Allah.
8:64 Ing dina kuwi uga Raja Suléman nganakaké upacara nucèkaké plataran sing ana ing ngarepé Pedalemané Allah. Ing plataran mau Suléman nyaosaké kurban obongan, kurban dhaharan, lan gajihé kéwan kanggo kurban kaslametan. Kurban-kurban disaosaké ana ing kono merga mesbèh prunggu keciliken yèn kanggo kurban-kurban mau kabèh.
8:65 Ana ing Pedalemané Allah kono Raja Suléman lan rakyat kabèh padha nganakaké pésta Riaya Tarub Godhong nganti pitung dina lawasé. Wong sing nglumpuk ing kono akèh banget; saka wilayah sisih Lor Dalan Hamat lan sisih Kidul, yakuwi tapel watesé tanah Mesir.
8:66 Bareng nyandhak dina kaping woluné Raja Suléman nglilani wong-wong padha mulih. Sawisé padha nyaosi sugeng marang Sang Prabu wong-wong mau nuli padha mulih klawan bungahing ati, merga sakèhing berkah sing wis diparingaké déning Allah marang Dawud, abdiné lan marang Israèl, umat kagungané.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 11 I Para Raja

I Para Raja 9

9:1 Bareng Suléman wis ngrampungaké enggoné yasa Pedalemané Allah lan kedhatoné sarta kabèh sing wis dirancang,
9:2 Gusti Allah nuli ngetingal menèh marang Raja Suléman, kaya dhèk ana ing Gibéon biyèn.
9:3 Pangandikané Pangéran marang Suléman, “Panyuwunmu wis Daksembadani, mulané Pedaleman sing kokyasa kuwi selawas-lawasé bakal dadi panggonan suci kanggo ngibadah marang Aku. Pedaleman kuwi selawasé bakal Dakenggoni lan Dakreksa.
9:4 Yèn pangibadahmu klawan trus ing ati kaya bapakmu Dawud, lan kowé nglakoni prenatan-prenatan-Ku, sarta nglakoni dhawuh-dhawuh-Ku,
9:5 Aku bakal netepi janji-Ku marang bapakmu Dawud, yakuwi selawasé anak-turuné bakal ora pedhot-pedhot dadi raja ing Israèl.
9:6 Nanging yèn kowé utawa anak-turunmu nyingkur marang Aku lan ora nglakoni dhawuh-dhawuh-Ku sarta prenatan-prenatan-Ku, apa menèh nyembah marang allah-allah liyané,
9:7 Aku bakal mbuwang umat-Ku Israèl saka tanah sing wis Dakparingaké. Lan Pedaleman sing wis Daksucèkaké dadi papan pangibadah marang Aku, kuwi bakal Daktilar. Ana ing endi-endi wong Israèl bakal dirèmèhaké lan dipoyoki déning bangsa-bangsa.
9:8 Dalem pangibadah iki bakal dijugrugaké nganti saben wong kang liwat ing kono bakal gumun lan kagèt, sarta padha takon-tinakonan ‘Yagéné Allah tumindak mengkono marang negara lan marang dalem pangibadah iki?’
9:9 Pitakon mau bakal diwangsuli, ‘Merga umaté wis padha nyingkur marang Pangéran, Allahé, sing wis ngirid para leluhuré metu saka tanah Mesir, lan padha nyembah marang allah-allah liyané. Kuwi sebabé Allah maringi paukuman marang umaté.’ ”
9:10 Suléman enggoné yasa Pedalemané Allah lan kedhatoné lawasé rong puluh taun.
9:11 Sakèhé kayu cemara Libanon lan kayu cemara lumrah sarta sakèhé emas sing dibutuhaké kanggo bangunan mau, kuwi sumbangané Raja Hiram marang Suléman. Bareng Suléman enggoné yasa mau kabèh wis rampung, Raja Hiram disaosi kutha rong puluh ing wilayah Galiléa.
9:12 Raja Hiram mirsani kutha-kutha mau, nanging penggalihé ora rena nampani saosan mau.
9:13 Pangandikané marang Suléman, “Sedhèrèk kula ingkang kinasih; kokkados mekaten rupinipun kitha-kitha ingkang panjenengan paringaken dhateng kula?” Kuwi sebabé daérah kono disebut “Kabul”. *Kabul: Basa Ibrani: Mboten wonten reginipun.*
9:14 Emas kirimané Raja Hiram marang Suléman mau boboté 4.000 kilogram luwih.
9:15 Suléman enggoné yasa Pedalemané Allah, kedhaton, bètèng kutha lan enggoné ngurug kutha sing sisih Lor nganggo lemah, kuwi kabèh nganggo tenagané rakyat sing diwajibaké. Semono uga enggoné ngedegaké kutha Hazor, Megido lan Gèzèr.
9:16 Kutha Gèzèr kuwi kutha sing dhèk biyèn tau diserang lan ditelukaké déning raja Mesir; penduduké banjur dipatèni lan kuthané diobong. Nalika Suléman krama karo putri Mesir, kutha mau diparingaké minangka hadiah marang garwané.
9:17 Sawisé mengkono kutha mau banjur dibangun déning Suléman.) Kutha-kutha liyané iya didegaké déning Suléman nganggo tenaga rakyat sing diwajibaké nyambut-gawé, kayata: Bèt-Horon-Ngisor, sing dibangun menèh,
9:18 Baalat, Tamar, ing ara-ara Yéhuda,
9:19 kutha-kutha sing kanggo nandho pangan, kutha-kutha sing dienggo gawé kandhang lan krétané jaranan; semono uga bangunan-bangunané Sang Raja sing ana ing Yérusalèm, Libanon sarta ing negara liya-liyané, sing wis dirancang déning Sang Prabu.
9:20-21 Rakyat sing diwajibaké nyambut-gawé déning Suléman kuwi anak-turuné wong-wong sing ora dipatèni déning wong Israèl nalika mlebu ngenggoni tanah kono, yakuwi bangsa-bangsa Amori, Hèt, Fèris, Hèwi lan bangsa Yébus, sing anak-turuné tekan saiki isih padha dadi batur-tukon.
9:22 Wong Israèl dhéwé ora didadèkaké batur-tukon déning Suléman, nanging padha didadèkaké tentara, pegawé, pemimpin, perwira pasukan kréta perang lan prejurit jaranan.
9:23 Pegawé sing dipasrahi ngawasi wong-wong sing nglakoni kerja-bakti ing bangunan-bangunané Raja Suléman kabèh cacahé 550.
9:24 Suléman dhawuh ngurug tanah sawétané kutha, yakuwi sawisé garwané saka Mesir ngalih saka kuthané Dawud menyang kedhaton sing diyasa déning Suléman kanggo garwané mau.
9:25 Setaun ping telu Suléman saos kurban obongan lan kurban kaslametan ing mesbèh sing diyasa kagem Allah; kejaba kuwi Suléman iya saos kurban dupa kagem Allah. Mengkono Suléman enggoné ngrampungaké yasa Pedalemané Allah.
9:26 Suléman iya yasa kapal-kapal ing Ézion-Gèbèr, sacedhaké Éliot ing pesisiré Teluk Akaba, wilayah Édom.
9:27 Raja Hiram ngutus ahli-ahli pelayarané sing wis pengalaman nglakokaké kapal-kapal mau bebarengan karo para pegawéné Raja Suléman.
9:28 Enggoné lelayaran tekan Ofir lan saka kana nggawa emas 14.000 kilogram kanggo Suléman.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 11 I Para Raja

I Para Raja 10

10:1 Kecrita ratu putri saka tanah Séba iya nampi pawarta bab kawicaksanané Raja Suléman. Mulané banjur rawuh ing Yérusalèm arep nyoba Suléman srana pitakonan sing angèl-angèl.
10:2 Rawuhé didhèrèkaké déning pendhèrèk akèh lan unta sing padha momot rempah-rempah, emas lan watu aji *watu aji: akik; batu permata (bhs. Ind.).* akèh banget. Sawisé kepanggih karo Raja Suléman ratu putri mau banjur nyuwun pirsa prekara rupa-rupa.
10:3 Pitakonan-pitakonan mau kabèh diwangsuli déning Raja Suléman, siji waé ora ana sing angèl kagem panjenengané.
10:4 Sang Ratu putri saka Séba mireng piyambak kawicaksanané Suléman mau. Sang Ratu iya pirsa kedhaton sing diyasa déning Suléman lan saisiné kabèh.
10:5 Iya pirsa para pegawé kedhaton, carané para abdi padha ngladèni, sandhangané, dhahar sing diolah lan kamar-kamaré. Pirsa kurban-kurban sing disaosaké déning Raja Suléman ana ing Pedalemané Allah. Kabèh mau gawé gumuné Sang Ratu saka Séba ora uwis-uwis.
10:6 Mulané banjur matur marang Raja Suléman, “Sedaya prekawis ingkang kula pireng ing negari kula bab kawicaksanan panjenengan ketitik leres sedaya!
10:7 Nanging sesampunipun kula dhateng lan sumerep mawi mripat kula piyambak, kula saweg yakin saèstu. Cethanipun sedaya ingkang kula pireng menika mboten wonten sepalihipun ingkang kula tingali samenika. Kawicaksanan lan kasugihan panjenengan jebul langkung ageng ketimbang kaliyan pawartos ingkang kula pireng.
10:8 Iba begjanipun para garwa panjenengan! Iba begjanipun para abdi panjenengan, ingkang selaminipun celak kaliyan panjenengan, ngantos sami saged mireng piyambak saking lésan panjenengan pangandika ingkang kebak kawicaksanan!
10:9 Pinujia Pangéran, Allah panjenengan! Saking enggèn panjenengan kajumenengaken raja, tandha bilih Gusti Allah rena dhateng panjenengan. Mboten telas-telas sihipun dhateng bangsa Israèl, pramila Allah ngangkat panjenengan kadadosaken rajanipun, supados panjenengan saged njejegaken hukum lan kaadilan.”
10:10 Ratu saka Séba mau banjur nyaosaké hadiah-hadiah marang Raja Suléman. Yakuwi emas luwih saka 4.000 kilogram, watu aji lan rempah-rempah akèh banget. Raja Suléman durung tau nampa rempah-rempah semono akèhé, kaya enggoné nyaosi ratu saka Séba kuwi.
10:11 Kecrita prau-prauné Hiram sing nggawa emas saka Ofir kanggo Raja Suléman, uga nggawa watu aji akèh lan kayu cendhana.
10:12 Kayu cendhana mau déning Suléman dienggo gawé pager hiasan ing Pedalemané Allah lan ing kedhatoné, lan iya kagawé piranti musik, kayata kecapi lan gambus, kanggo para abdi sing ahli musik. Kayu cendhana kuwi kayu sing becik dhéwé ing antarané kayu-kayu sing ditekakaké ing Israèl. Durung tau ana kayu sing beciké kaya mengkono.)
10:13 Suléman gentèn nyaosi Sang Ratu saka Séba apa waé sing dikersakaké, kejaba kuwi iya hadiah-hadiah liyané sing lumrahé diparingaké déning Suléman marang tamu-tamuné. Sawisé mengkono Sang Ratu lan pendhèrèké padha kondur menyang tanah Séba.
10:14 Saben taun Raja Suléman nampi kurang luwih 23.000 kilogram emas,
10:15 durung sing ditampa saka para sedhèrèké, saka bebathèné dagangan lan saka raja-raja Arab, sarta para bupati Israèl.
10:16 Raja Suléman dhawuh gawé tamèng-tamèng gedhé sing dilapisi emas; saben tamèng ngentèkaké emas pitung kilogram.
10:17 Uga dhawuh gawé tamèng rada cilik, saben tamèng dilapis emas kurang luwih rong kilogram. Tamèng-tamèng mau kabèh dipasang ing Bangsal Alas Libanon.
10:18 Suléman iya yasa dhampar keprabon sing dilapis gadhing lan emas murni.
10:19-20 Dhampar keprabon mau nganggo pancadan nem. Saben pancadan kiwa-tengené ana ukirané singa, kabèh ana rolas. Ing mburiné dhampar ana recané endhas sapi lan ing kiwa-tengené dhampar ana recané singa. Durung tau, ing endi waé, ana kursi keprabon sing hébaté kaya kursi kepraboné Raja Suléman.
10:21 Tuwung sing diagem ngunjuk Raja Suléman kabèh saka emas. Mengkono uga kabèh piranti sing dienggo ing Bangsal Alas Libanon kagawé saka emas murni. Ora ana barang saka slaka, sebab dhèk jamané Suléman slaka ora ana ajiné.
10:22 Suléman kagungan kapal gedhé-gedhé akèh, sing padha lelayaran ing samodra bebarengan karo kapal-kapalé Raja Hiram. Kapal-kapal mau saben taun bali nggawa emas, slaka, gadhing lan kethèk-kethèk gedhé cilik.
10:23 Ing antarané raja-raja kabèh, Suléman kuwi raja sing sugih dhéwé lan sing wicaksana dhéwé.
10:24 Wong saka bangsa endi-endi padha kepéngin sowan ngrungokaké piwulang-piwulangé Suléman sing kebak kawicaksanan peparingé Allah,
10:25 lan saben wong sing sowan mesthi nyaosi hadiah. Tekané wong-wong mau padha nggawa barang-barang saka emas, slaka, sandhangan, gaman, rempah-rempah, jaran lan bihal, *bihal: pranakan kuldi kaliyan kapal (jaran).* kaya mengkono mau ajeg saben taun.
10:26 Raja Suléman iya kagungan angkatan perang. Krétané perang sèwu patang atus lan jaran sing kanggo perang rolas èwu. Sapérangan didokokaké ing Yérusalèm, liyané ana ing kutha-kutha liya.
10:27 Nalika jamané Suléman jumeneng raja ing Yérusalèm slaka dianggep barang lumrah, ora béda karo watu; lan cemara Libanon ana sapirang-pirang nganti kaya wit ara waé.
10:28 Blantik-blantiké *Blantik: bakul raja-kaya.* Sang Prabu kulak jaran saka Misraim lan Kéwé; *Misraim lan Kéwé: Negari kalih menika dunungipun ing daérah Turki sisih Kidul. Ing jamanipun Sang Prabu Suléman daérah-daérah wau dados pusat peternakan kapal (jaran).*
10:29 déné kréta-krétané perang ditekakaké saka tanah Mesir, banjur didol menèh marang raja-raja Hèt lan raja-raja Siria. Jaran siji didol satus sèket dhuwit slaka lan kréta perang siji diregani nem atus dhuwit slaka.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 11 I Para Raja