Category Archives: 64 III Yohanes

III Yohanes 1

1:1 Layang saka aku, pinituwané pasamuwan, tumekaa marang Gayus, sing daktresnani klawan tulusing ati.
1:2 Pandongaku muga kowé ginanjara slamet lan kaparingana bagas kawarasan, ora béda karo beciking uripé kasukmanmu.
1:3 Aku bungah banget nalika ana sedulur sawetara sing teka lan ngabaraké bab enggonmu mituhu marang pangandikané Gusti Allah, awit pancèn uripmu tansah nyondhongi karo Injiling Allah mau.
1:4 Lan ora ana kabungahan sing ngungkuli gedhéning kabungahanku menawa krungu yèn uripé anak-anakku padha miturut Injiling Allah.
1:5 Sedulurku kang kinasih! Kasetyanmu marang Injil ketitik saka lelabuhanmu marang para sedulur tunggal precaya; malah sing durung tepung karo kowé pisan iya kokladèni.
1:6 Wong-wong mau wis padha nyritakaké marang pasamuwan ing kéné bab katresnanmu. Penggawému kuwi becik banget, déné kowé wis nulung wong-wong mau nganti padha bisa nerusaké lakuné, srana patrap sing gawé renaning penggalihé Gusti Allah.
1:7 Awit wong-wong mau padha nglakoni ayahané Sang Kristus, lan nalika lelungan padha ora nampani apa-apa saka wong-wong sing ora precaya marang Gusti Allah.
1:8 Mulané, kita wong-wong precaya kuwajiban mbiyantu wong-wong sing kaya mengkono mau, supaya srana mengkono kita padha mèlu ngréwangi wong-wong mau sajroné ngabaraké Injiling Allah.
1:9 Aku wis nulis layang cekak marang pasamuwan, nanging Diotrèfès, sing kepéngin dadi pengareping pasamuwan, ora maèlu tembungku.
1:10 Mulané mbésuk satekaku bakal dakwelèhaké sing dadi penggawéné, yakuwi bab enggoné ngala-ala marang aku sakanca klawan dora-cara. Malah ora mung kuwi waé. Nalika sedulur-sedulur sing ngabaraké Injil kuwi teka, ditulak déning Diotrèfès. Sapa sing arep nampani sedulur-sedulur mau padha ditampik, lan disébrataké saka pasamuwan.
1:11 Gayus kang kinasih. Aja nulad lelakon sing ala, nanging nulada marang sing becik. Wong sing gawé becik kuwi asalé saka Gusti Allah, nanging sapa sing gawé piala kuwi ora wanuh karo Gusti Allah.
1:12 Wong kabèh padha awèh paseksi becik tumrap Démétrius. Malah miturut piwulangé Injil pisan dhèwèké kuwi wong becik. Semono uga aku kabèh iya padha awèh paseksi becik, lan kowé weruh yèn paseksiku mau nyata.
1:13 Akèh prekara sing arep dakkandhakaké marang kowé, nanging luwih becik ora nganggo layang.
1:14 Pengarep-arepku aku bisaa énggal niliki kowé, supaya bisa guneman adu arep.
1:15 Kowé pinaringana tentrem rahayu. Kanca-kancamu sing ana ing kéné padha kirim salam. Lan salamku terusna marang mitraku kabèh siji-siji.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 64 III Yohanes