Category Archives: 35 Habakuk

Habakuk 1

1:1 Wangsité Pangéran sing kaparingaké marang Nabi Habakuk mengkéné,
1:2 “Dhuh Pangéran, taksih pinten dangunipun kawula kedah sesambat nyuwun pitulungan, supados Paduka kersa miyarsakaken, lajeng ngluwari kawula saking panganiaya?
1:3 Menapa ginanipun Paduka nedahaken piawon dhateng kawula? Kénging menapa Paduka kersa mirsani lan Paduka kèndelaken kémawon piawon ingkang semanten agengipun? Pangrisak lan pangrodha-peksa ingkang ngepung kawula, sarta ing pundi-pundi wontenipun namung congkrah lan tukar paben kémawon.
1:4 Prenatan sampun mboten gadhah daya kekiyatan, mila mboten wonten ginanipun. Ingkang sami nindakaken piawon kawontenanipun langkung saé ketimbang kaliyan tiyang mursid, ngantos keadilan presasat kawalik.”
1:5 Pangéran nuli paring wangsulan marang umaté mengkéné, “Padha nitènana bangsa-bangsa sing ana ing sakiwa-tengenmu, lan kowé bakal padha gumun. Aku bakal nindakaké prekara sing kowé mesthi ora ngandel.
1:6 Bangsa Babil sing ambek siya lan trengginas bakal Dakdamel gedhé pangwasané. Nganti banjur padha ndlajahi bumi nelukaké bangsa-bangsa liya.
1:7 Ing ngendi-endi padha nekakaké pagiris lan panganiaya, lan saka angkuhé nganti nganggep yèn wong mau sing wenang netepaké keadilan.
1:8 Jaran-jarané luwih rikat ketimbang karo macan tutul, luwih ambek siya ketimbang karo asu ajag sing luwé. Tentarané jaranan tekané saka panggonan adoh, jarané nyakar-nyakar lemah. Tekané ngebyuk kaya garudha sing nyamber mangsané.
1:9 Tentarané padha nglurug, perangé saya maju nelukaké bangsa-bangsa kanthi panganiaya, lan saben wong sing ditekani mesthi giris.
1:10 Para raja padha dipoyoki lan para penggedhé padha digeguyu. Cacahé wong sing ditawan akèhé presasat wedhiné segara. Ora ana bètèng sing keconggah nadhahi serangané. Sebab bètèngé diurugi lemah, banjur diserbu.
1:11 Panyerbuné kaya angin lésus, banjur lunga ngilang menèh. Kaya mengkono wong-wong mau ngegungaké kekuwatané.”
1:12 Dhuh Pangéran, wiwit-wiwitan mila Paduka menika jumeneng Allah. Paduka menika Allah kawula, suci saha langgeng, inggih Allah ingkang ngreksa kawula. Paduka sampun milih bangsa Babil, kadamel kiyat, supados sami saged ngukum kawula.
1:13 Nanging kawula mboten mudheng déné ing ngatasipun Paduka menika mahasuci, koktahan mirsani tiyang-tiyang ingkang seneng goroh lan damel piawon menika? Ing ngatasipun paningal Paduka menika mahasuci, koktegel kèndel kémawon mirsani pendamel awon ingkang semanten agengipun. Kénging menapa Paduka kèndel kémawon menawi tiyang Babil sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung mursid ketimbang kaliyan piyambakipun?
1:14 Kadospundi déné Paduka matrapi manungsa kados dhateng ulam ing seganten utawi kados iber-iberan gegolongan tanpa pepréntahan?
1:15 Tiyang Babil sami nyepeng tiyang mawi pancing kados nyepeng ulam, sami dipun klempakaken mawi jaring, lajeng sami giyak-giyak margi angsal-angsalanipun njaring kathah!
1:16 Tiyang-tiyang menika sami nyembah jaring-jaringipun, sarta sami dipun sajèni, margi jaring-jaring wau ngangsalaken barang-barang ingkang ageng pengaosipun.
1:17 Menapa tiyang Babil ing selaminipun badhé migunakaken pedhangipun, saha terus kémawon numpes bangsa-bangsa kalayan ambek siya.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 35 Habakuk

Habakuk 2

2:1 Aku dakmunggah ing pangungakanku lan ngentèni dhawuhé Pangéran minangka wangsulané pesambatku.
2:2 Pangéran paring wangsulan mengkéné, “Tulisen sing cetha ana ing papan sing Dakparingaké marang kowé, supaya gampang diwaca déning saben wong.
2:3 Tulisen dhisik, sebab durung tekan titi-mangsané kelakon. Nanging kelakoné bakal ora suwé menèh, lan apa sing Daktedahaké marang kowé bakal énggal kelakon. Katoné kelakoné mau alon-alon, nanging entènana waé; sebab prekara kuwi mesthi bakal kelakon, ora diundur lan ora dibatalaké.
2:4 Wosing wangsit kuwi mengkéné, ‘Wong ala bakal ora lestari urip, nanging wong mursid bakal urip merga saka precayané marang Allah.’ ”
2:5 Kasugihan kuwi kanggo ngakali. Wong srakah kuwi angkuh lan ngangsa-angsa. Kaya pati iya ora wareg-wareg, yakuwi sebabé enggoné ora lèrèn-lèrèn nelukaké bangsa-bangsa. Rampung siji banjur sijiné, padha didadèkaké kawulané lan dirèmèhaké.
2:6 Bangsa-bangsa sing ditelukaké mau bakal padha moyoki bangsa Babil lan ngétokaké enggoné ngrèmèhaké. Bakal padha muni, “Kowé padha njupuki barang-barang sing dudu duwèkmu, mulané kowé bakal kena ing paukuman! Nganti pira lawasé enggonmu arep nyugihaké awakmu dhéwé srana meksa wong-wong sing nggadhèkaké barangé marang kowé supaya nglunasi utangé?”
2:7 Nanging tanpa kanyana kowé sing nelukaké bangsa-bangsa, bakal duwé utang dhéwé lan bakal kepeksa mbayar utangmu nganggo anakan sing akèh. Kowé bakal ketekan mungsuh-mungsuh akèh, mula kowé bakal gemeter! Kuwi bakal padha ngrampog barang-darbèkmu!
2:8 Kowé wis ngrampog bangsa pirang-pirang, saiki kekarèné bangsa-bangsa mau sing isih padha urip, bakal gentèn ngrampog kowé, merga kowé wis matèni wong akèh lan merga saka tindakmu sing ambek siya marang wong-wong sajagad lan marang kutha-kuthané.
2:9 Saiki kowé nampa paukuman! Sebab kowé wis nyugihaké brayatmu srana ngrampog lan meksa, nanging omahmu dhéwé arep kokgawé aman, luwar saka bebaya!
2:10 Nanging rancanganmu wis gawé wirang marang brayatmu. Kowé wis numpes bangsa akèh, mangka penggawému kuwi nekakaké karusakan marang kowé.
2:11 Watu-watu ing bètèngmu padha nggugat kowé lan usuk-usuké omahmu iya padha sesambat.
2:12 Kowé wis tampa paukuman! Kowé wis ngedegaké kutha sing kokdhasari panganiaya lan kokbangun nganggo matèni wong akèh.
2:13 Bangsa-bangsa sing koktelukaké padha nyambut-gawé ora ngétung sayah, lan apa sing padha dibangun mau wekasané mung dadi pakané geni. Pangéran Allah Kang Mahakwasa sing nindakaké kuwi mau kabèh.
2:14 Nanging bumi bakal kebak kawruh bab kamulyané Pangéran, kaya déné segara enggoné kebak banyu.
2:15 Kowé kena ing laknat! Sajroning nepsumu kowé wis gawé wirang marang wong-wong ing kiwa-tengenmu. Padha kokgawé sempoyongan kaya wong mendem.
2:16 Mulané kowé dhéwé bakal digawé wirang lan ora kajèn. Kowé dhéwé bakal ngombé lan sempoyongan. Pangéran bakal paring kowé ngombé saka tuwungmu dhéwé, tuwunging paukuman. Sarta kaurmatanmu bakal diwalik dadi kanisthan.
2:17 Kowé wis negori wit-witané alas Libanon, saiki kowé gentèn bakal kategor. Kéwan-kéwané padha kokpatèni, saiki kéwan-kéwan mau bakal nekakaké pagiris marang kowé. Iki kabèh merga saka enggonmu gawé pepati lan tumindakmu sing ambek siya marang wong-wong ing bumi lan marang kutha-kuthané.
2:18 Brahala reca ukir-ukiran kuwi gunané apa? Apa kuwi dudu gawéaning tangané manungsa, lan kuwi kabèh apa ora mung apus-apusan? Kuwi nekakaké kabecikan apa kanggoné sing gawé lan sing precaya? Allah sing nyuwara waé ora bisa!
2:19 Mulané kowé kena ing laknat! Merga kowé wis kandha karo kayu, “Panjenengan mugi kersa wungu!” lan kandha karo watu, “Panjenengan mugi kersa wungu!” Apa reca ukir-ukiran mau bisa medhar wangsit kanggo kowé? Pancèn reca-reca mau kablongsong ing emas lan slaka, nanging ing njeroné ora ana rohé babar-pisan!
2:20 Nanging Pangéran lenggah ing Pedalemané Kang Suci. Hé salumahing bumi, padha menenga ana ing ngarsané!

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 35 Habakuk

Habakuk 3

3:1 Nabi Habakuk ndedonga, surasané mengkéné:
3:2 “Dhuh Allah, kawula sampun mireng bab pakaryan ingkang Paduka tindakaken, ngantos manah kawula kepranan sanget. Pakaryan kaélokan ing jaman kepengker menika mugi Paduka wontenaken malih ing jaman samenika. Ing salebeting duka, mugi kersaa ngèngeti kanthi kawelasan!”
3:3 Gusti Allah rawuh menèh saka Édom. Kang Mahasuci rawuh menèh saka gunung-gunung ing Paran. Kamulyané nutupi sakèhé langit; lan bumi kebak pepujian kagem Panjenengané.
3:4 Rawuhé ngagem cahya kaya cahyaning kilat; pepadhang nylorot saka astané, sing ngregem pangwasa.
3:5 Pageblug ndhisiki tindaké lan pepati ngiringaké ing wingkingé.
3:6 Menawa Panjengané mandheg, bumi banjur gonjing; para bangsa padha gemeter samasa dipandeng déning paningalé. Gunung-gunung sing wis ana wiwit kuna mula padha remuk, lan punthuk-punthuk sing selawasé ora tau gingsir saka panggonané padha ambles, nalika Panjenengané dhèk jaman kuna tindak miyos kono.
3:7 Aku weruh wong Kusyan padha wedi, lan wong Midian padha gemeter.
3:8 Menapa lèpèn-lèpèn menika ingkang ndhatengaken paukuman Paduka, dhuh Pangéran? Menapa seganten menika ingkang njalari Paduka duka? Paduka nitih méga; mendhunging prahara Paduka titihi minangka kréta, nalika Paduka ndhatengaken kemenangan dhateng umat kagungan Paduka.
3:9 Gendhéwa Paduka sampun Paduka penthang, sampun Paduka pasangi panah. Bumi Paduka belah krana bledhèg.
3:10 Samasa ningali Paduka, gunung-gunung lajeng sami gemeter, toya lajeng gumrojog kados kaesokaken saking langit. Toya ing sangandhapipun bumi lajeng nyuwanten gemuruh, sarta ombak-ombakipun mumbul ngantos inggil.
3:11 Nalika panah Paduka kalepas ngedalaken sorot, sarta nalika tumbak Paduka cumlorot, surya lan rembulan sami kèndel ing papanipun.
3:12 Kanthi duka Paduka tindak ndlajahi bumi, para bangsa sami Paduka iles-iles nandhang sangsara.
3:13 Paduka miyos prelu mitulungi umat Paduka, sarta milujengaken Ratu pilihan Paduka. Para pengagengipun tiyang duraka sami Paduka remuk, lan para penganutipun Paduka awut-awut.
3:14 Panah-panah Paduka nembus dhadhané komandhanipun tentara, nalika sami dhateng ngebyuk kados prahara ingkang badhé ngremuk kawula. Lan ing salebeting manah sami remen ningali kasisahan kawula, kados tiyang ingkang kalayan sidheman nindhes tiyang miskin.
3:15 Seganten Paduka iles-iles mawi kapal-kapal ingkang Paduka titihi, ngantos toyanipun ingkang ngédab-édabi menika nglumpuk.
3:16 Krungu swara kuwi mau kabèh aku ndhredheg, lambéku gemeter merga saka wedi. Awakku sekojur lemes, lan sikilku théklok ora bisa ngadeg. Éwasemono aku arep ngentèni kanthi ayem tekaning dina paukuman, sing ditekakaké déning Allah marang sakèhé wong sing padha nyerang marang bangsaku.
3:17 Senajan wit anjir ora metokaké woh lan wit anggur semono uga, senajan wit zaitun ora ngasilaké lenga, sarta palemahan ora ngasilaké gandum, wedhus-wedhus ing kandhang padha mati, apa menèh kéwan ing kandhang wis entèk kabèh.
3:18 Aku meksa bakal surak-surak lan bungah-bungah, merga Pangéran kuwi Allah lan Juru Slametku.
3:19 Pangéran sing maringi kekuwatan marang aku. Sikilku digawé kukuh kaya sikiling menjangan, lan aku direksa keslametanku ana ing punthuk-punthuk.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 35 Habakuk