Category Archives: 15 Ézra

Ézra 1

1:1 Nalika Korèsy enggoné jumeneng raja Pèrsia durung nganti ganep setaun, Gusti Allah wis ngélingaké supaya wong-wong padha netepi pangandikané Allah lantaran Nabi Yérémia; mula Korèsy ngumumaké srana lisan lan tulisan marang wong sanegara kabèh, mengkéné:
1:2 “Dhawuhé Korèsy raja Pèrsia mengkéné, ‘Gusti Allah ing swarga wis maringaké sakèhé kraton sajagad iki marang aku. Aku dikersakaké ngedegaké Pedaleman kagem Panjenengané ana ing kutha Yérusalèm, tanah Yudéa.
1:3 Muga-muga Gusti Allah nunggila karo sapa waé sing dadi umaté. Wong-wong mau budhala mulih menyang Yérusalèm, ing tanah Yudéa lan ngedegna Pedalemané Pangéran, Allahé Israèl, Allah sing disembah ing Yérusalèm.
1:4 Yèn ana umaté Allah ing manca negara sing mbutuhaké pitulungan kanggo lakuné mulih, para tangga-teparoné wajib padha awèh sokongan. Kudu padha nguruni slaka lan emas, raja-brana lan kéwan, apa déné pisungsung kanggo Pedalemané Allah kang ana ing Yérusalèm.’ ”
1:5 Para penggedhéné taler Yéhuda lan Bènyamin, para imam lan para wong Lèwi lan sakèhé wong sing atiné diosikaké déning Allah mulih menyang Yérusalèm saprelu ngedegaké Pedalemané Allah, banjur padha tata-tata arep budhal.
1:6 Tangga-teparoné banjur padha nguruni barang-barang saka slaka lan emas sarta raja-brana lan kéwan, apa déné barang liya-liyané sing pengaji, kejaba kuwi iya pisungsung kanggo saos kurban mana suka.
1:7 Raja Korèsy iya dhawuh ngetokaké praboté Pedalemané Allah sing dirampas déning Nebukadnésar saka Yérusalèm lan disimpen ana ing papan pamujané brahala.
1:8 Korèsy raja Pèrsia dhawuh mbalèkaké barang-barang mau kabèh. Mitredat, penggedhéné bendaharané Sang Prabu nacahaké barang-barang mau kabèh, banjur dipasrahaké marang Sèsbazar, penggedhéné Yéhuda.
1:9 Daftaré barang-barang mau mengkéné: bokor emas telung puluh, bokor slaka sèwu, péso sangalikur,
1:10 tuwung emas telung puluh, tuwung slaka patang atus sepuluh, lan barang-barang liyané sèwu iji.
1:11 Barang-barang emas lan slaka mau kabèh cacahé limang èwu patang atus. Kabèh digawa bali Sèsbazar menyang Yérusalèm, bebarengan karo wong-wong buwangan sing padha mulih saka Babil.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 15 Ézra

Ézra 2

2:1 Akèh wong Israèl buwangan mulih saka propinsi Babil, menyang Yérusalèm lan Yéhuda; saben wong bali menyang kuthané dhéwé-dhéwé. Wong-wong mau enggoné dadi wong buwangan wiwit nalika padha ditawan déning Nebukadnésar raja Babil.
2:2 Para pemimpiné wong-wong mau yakuwi: Zérubabel, Yésua, Néhémia, Seraya, Reélaya, Mordekhai, Bilsan, Mispar, Bigwai, Rehum lan Baana. Daftaré para kulawargané bangsa Israèl lan cacahé saben kulawarga sing padha bali saka pembuwangan, mengkéné:
2:3-20 Kulawarga Paros — 2.172; Kulawarga Séfaca — 372; Kulawarga Arah — 775; Kulawarga Pahat-Moab (turuné Yésua lan Yoab) — 2.812; Kulawarga Élam — 1.254; Kulawarga Zatu — 945; Kulawarga Zakai — 760; Kulawarga Bani — 642; Kulawarga Bébai — 623; Kulawarga Azgad — 1.222; Kulawarga Adonikam — 666; Kulawarga Bigwai — 2.056; Kulawarga Adin — 454; Kulawarga Atèr, sing iya karan Hizkia — 98; Kulawarga Bèzai — 323; Kulawarga Yora — 112; Kulawarga Hasum — 223; Kulawarga Gibar — 95;
2:21-35 Wong-wong sing para leluhuré padha manggon ing kutha-kutha kasebut ing ngisor iki, iya padha bali saka ing pembuwangan; sing manggon ing: Bètléhèm — 123; Netofa — 56; Anatot — 128; Azmawèt — 42; Kiryat-Arim, Kéfira lan Beérot — 743; Rama lan Gaba — 621; Mikhmas — 122; Bètèl lan Ai — 223; Nébo — 52; Magbis — 156; Élam sing sijiné — 1.254; Harim — 320; Lod, Hadid lan Ono — 725; Yérikho — 345; Sénaa — 3.630;
2:36-39 Daftaré para kulawargané imam sing bali saka pembuwangan yakuwi: Kulawarga Yédaya (turuné Yésua) — 973; Kulawarga Imèr — 1.052; Kulawarga Pasyhur — 1.247; Kulawarga Harim — 1.017;
2:40-42 Kulawargané taler Lèwi yakuwi: Kulawargané Yésua lan Kadmièl (turuné Hodawiah) ~~ — ~~74; Kulawargané para penyanyi Pedalemané Allah (turuné Asaf) — 128; Kulawargané sing jaga Pedalemané Allah, turuné Salum, Atèr, Akub, Hatita lan Sobai — 139;
2:43-54 Kulawargané para tenaga kasar sing nyambut-gawé ing Pedalemané Allah, sing bali saka pembuwangan yakuwi: Kulawargané Ziha, Hasufa, Tabaot, Kéros, Siaha, Padon, Lebana, Akub, Hagab, Samlai, Hanan, Gidèl, Gahar, Réaya, Rézin, Nékoda, Gazam, Uza, Paséah, Bésai, Asna, Méunim, Néfusim, Bakbuk, Hakufa, Harhur, Bazlut, Mehida, Harsa, Berkos, Siséra, Temah, Néziah, Hatifa.
2:55-57 Kulawargané para abdiné Suléman sing bali saka pembuwangan yakuwi: Kulawarga Sotai, Sofèrèt, Peruda, Yaala, Darkon, Gidèl, Séfaca, Hatil, Pokhèrèt-Hazebaim, Ami.
2:58 Cacahé wong-wong sing jaga Pedaleman Allah lan para abdiné Suléman sing bali saka pembuwangan 392.
2:59-60 Sing klebu kulawargané Délaya, Tobia lan Nékoda sing padha bali saka kutha Tèl-Mèlah, Tèl-Harsa, Kerub, Adan lan Amèr nanging ora bisa mbuktèkaké yèn padha turuné wong Israèl 652.
2:61-62 Kulawargané imam sing ora bisa nemu tandha bukti bab leluhuré, yakuwi Habaya, Hakos, Barzilai. (Leluhuré kulawarga Barzilai kuwi kawin karo wong wadon saka kulawarga Barzilai ing Giléad, banjur nganggo jenengé maratuwané). Sarèhné ora bisa mbuktèkaké sapa leluhuré, mulané wong-wong mau ora dililani nindakaké pegawéan imam.
2:63 Bupati ing kono mutus yèn wong-wong mau ora kena mangan saka kurban suci, nganti ana imam sing bisa migunakaké Urim lan Tumim.
2:64-67 Cacahé wong sing bali saka pembuwangan kabèh 42.360. Cacahé batur-tukon lanang lan wadon 7.337. Tukang ngunèkaké musik lanang wadon 200 Jaran — 736; Bihal — 245; Unta — 435; Kuldi — 6.720;
2:68 Satekané ing Pedalemané Allah ing kutha Yérusalèm ana para penggedhéné kulawarga sing metu saka rilaning atiné dhéwé ngaturaké sumbangan kanggo mbangun Pedalemané Allah ana ing panggonané lawas.
2:69 Sakèhé barang darbèké sing kena disaosaké padha disaosaké; sumbangan mau gunggungé: emas 500 kilogram, slaka 2.800 kilogram, lan jubah imam 100 iji.
2:70 Para imam, para wong Lèwi lan rakyat sawetara padha manggon ing kutha Yérusalèm lan sakiwa-tengené. Para penyanyi lan wong-wong sing jaga gapura sarta para tenaga kasar sing padha nyambut-gawé ing Pedalemané Allah iya padha manggon ing kutha-kuthané leluhuré dhéwé-dhéwé.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 15 Ézra

Ézra 3

3:1 Nalika nyandhak sasi kapitu wong Israèl wis padha manggon ing kuthané dhéwé-dhéwé. Wong kabèh mau padha nglumpuk ing kutha Yérusalèm.
3:2 Yésua bin Yozadak lan sedulur-seduluré, para imam, lan Zérubabel bin Séaltièl lan sedulur-seduluré banjur padha mbangun mesbèh kagem Allahé Israèl, kanggo saos kurban obongan kaya sing katulis ing kitabé Nabi Musa, abdiné Allah.
3:3 Mesbèh mau didegaké ana ing panggonané lawas, senajan satemené wong-wong sing bali saka pembuwangan mau padha wedi karo wong-wong ing tanah kono. Nuli padha nyaosaké kurban obongan konjuk marang Allah, yakuwi kurban obongan ésuk lan soré.
3:4 Lan iya banjur padha netepi prenatan Riaya Kémah, kaya sing katulis ing Kitab, lan nyaosaké kurban obongan pedinan kaya sing diprenata ing Kitab.
3:5 Lan wiwit dhèk semana dianakaké kurban sing ajeg, kurban obongan saben sasi anyar, lan kurban obongan ing dina riaya sing disucèkaké déning Allah. Uga ana kurban saka saben wong sing nyaosaké pisungsung manasuka konjuk marang Allah.
3:6 Ing sasi kapitu tanggal kapisan wong padha nyaosaké kurban obongan konjuk marang Allah, senajan pondhasiné Pedalemané Allah durung wiwit digarap.
3:7 Wong-wong mau banjur padha awèh dhuwit marang tukang kayu lan tukang batu; wong Tirus, wong Sidon padha diwènèhi pangan lan ngombé sarta lenga, dikon ngirim kayu èrès saka Libanon menyang Yafo metu segara, atas palilahé Korèsy, raja Pèrsia.
3:8 Ing taun kapindho, sasi kapindho satekané saka pembuwangan, Zérubabel bin Séaltièl lan Yésua bin Yozadak sarta sedulur-seduluré liyané, yakuwi para imam lan wong Lèwi, apa déné wong kabèh sing teka saka pembuwangan, banjur padha miwiti mbangun Pedaleman Allah ing Yérusalèm.
3:9 Yésua lan anak-anaké, mengkono uga Kadmièl lan anak-anaké, sarta wong-wong turuné Hénadad sing padha ngawasi penggarapé Pedalemané Allah mau.
3:10 Nalika pondhasiné Pedalemané Allah arep wiwit dipasang déning para tukang, imam-imam nganggo sandhangan dhines padha teka nggawa slomprèt, lan wong-wong Lèwi turuné Asaf nggawa kecèr kanggo memuji marang Allah, miturut prenatané Dawud, raja Israèl.
3:11 Banjur padha menyanyi genti-genti saos puji sokur marang Allah, “Panjenengané mirah ing sih! Awit sih-kamirahané langgeng selawasé tumrap Israèl!” Umat kabèh banjur padha surak-surak karo memuji marang Allah klawan sora, merga pondhasiné Pedalemané Allah wis dipasang.
3:12 Nanging ing antarané para imam, wong-wong Lèwi lan para penggedhéné kulawarga, sarta wong tuwa-tuwa sing isih menangi Pedaleman Allah sing dhisik, bareng ndeleng enggoné masang pondhasiné Pedaleman mau, akèh sing padha nangis. Wong-wong liyané padha surak-surak saka bungahé.
3:13 Nganti ora kena dibédakaké endi swarané wong sing giyak-giyak merga bungah, lan endi swarané tangisé wong akèh, sebab enggoné padha surak-surak seru banget, nganti keprungu saka kadohan.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 15 Ézra

Ézra 4

4:1 Bareng mungsuhé wong Yéhuda lan wong Bènyamin padha krungu yèn wong-wong sing bali saka pembuwangan padha mbangun Pedalemané Allah,
4:2 banjur padha nemoni Zérubabel lan para penggedhéné kulawarga, tembungé, “Kula sami klilana tumut mbangun, margi kula inggih sami ngabekti dhateng Allah panjenengan, sami kados panjenengan. Kula inggih tansah sami nyaosaken kurban dhateng Allah wiwit jamanipun Ésar-Hadon, raja Asyur, ingkang mindhah kula mriki.”
4:3 Nanging Zérubabel, Yésua lan para penggedhéné kulawarga Israèl padha mangsuli mengkéné, “Pembanguning Pedalemanipun Allah menika sanès urusan kita sesarengan. Menika badhé kula garap piyambak kagem Pangéran, Allahipun Israèl, kados ingkang kadhawuhaken déning Korèsy, raja Pèrsia dhateng kula.”
4:4 Penduduk kono banjur gawé kendhoning semangaté wong ing Yéhuda. Wong-wong sing nyambut-gawé padha diwedèn-wedèni.
4:5 Malah wiwit sugengé Korèsy nganti jamané Darius, raja Pèrsia, wong-wong padha nyogok para penaséhaté Sang Raja supaya ngalang-alangi niaté wong Yéhuda lan nggagalaké rancangané.
4:6 Nalika Akhaswéros lagi waé jumeneng raja, penduduk kono padha ngaturaké layang marang Sang Raja, nggugat wong Yahudi sing padha manggon ing Yéhuda lan ing kutha Yérusalèm.
4:7 Ing jamané Artahsasta jumeneng raja ing Pèrsia, wong-wong mau ngaturaké layang gugatan menèh. Layang kuwi ditulis déning Bislam, Mitredat lan Tabeèl sakancané, panulisé nganggo basa Aram, dilampiri salinané.
4:8 Uga bupati Réhum lan Simsai, penulisé, padha ngaturaké layang marang Sang Raja Artahsasta, mengkéné,
4:9 “Saking Rehum, bupati, lan Simsai, penulis, sarta para kanca-kancanipun, para hakim, para pegawé, tiyang Pèrsia, tiyang-tiyang saking Érèkh, saking Babil sarta saking Susan,
4:10 inggih menika tiyang-tiyang Élam lan bangsa sanès-sanèsipun, ingkang déning Sang Raja Aspanar Agung ingkang minulya kapindhah lan kadhawuhan manggèn ing Samaria sarta ing tanah-tanah sakilènipun Bengawan Éfrat.”
4:11 Déné layang sing dikirimaké mau uniné mengkéné, “Konjuk ing ngarsanipun Sang Prabu Artahsasta, saking para kawulanipun, inggih menika tiyang-tiyang ingkang manggèn ing daérah sakilènipun Bengawan Éfrat.
4:12 Ndadosna pamirsanipun Sang Prabu, bilih tiyang-tiyang Yahudi ingkang dhateng saking Babil sampun sami dumugi ing panggènan kawula, ing kitha Yérusalèm. Samenika saweg sami mbangun malih kitha ingkang ndhatengaken piawon menika. Sami mbangun témbok-témbokipun lan ndandosi pondhasinipun.
4:13 Mugi ndadosna ing pamirsanipun Sang Prabu, bilih samasa kitha menika sampun dados, tiyang-tiyang menika mboten badhé mbayar paos, béya, menapa déné saos bulu-bekti malih, mila badhé ndadosaken kapitunanipun para raja.
4:14 Samenika, ing sarèhné sesambetan kawula kaliyan Sang Prabu menika saé, sarta mboten remen ningali Sang Prabu kapitunan, mila prekawis menika kawula sumanggakaken ing panjenenganipun Sang Prabu,
4:15 supados kawontenaken panitipriksa ing kitab riwayat kagunganipun para leluhuripun Sang Prabu. Saking kitab riwayat menika Sang Prabu badhé pirsa, bilih kitha menika kebak duraka; selaminipun tansah damel kapitunanipun para raja saha daérah-daérah sanèsipun. Tiyang-tiyang ing ngriku wiwit jaman rumiyin tansah sami mbaléla. Menika sebabipun kitha menika ngantos dipun gempur.
4:16 Kawula namung ngaturi pirsa dhateng Sang Prabu, bilih samasa kitha menika sampun kabangun malih, sarta témbok-témbokipun sampun rampung, Sang Prabu badhé kécalan daérah-daérah sakilènipun Bengawan Éfrat.”
4:17 Sang Raja banjur paring wangsulan mengkéné, “Tumekaa marang Rehum, bupati lan Simsai, penulis sakanca-kancané, kang manggon ing Samaria lan ing daérah sakuloné Bengawan Éfrat. Salam!
4:18 Layangmu diwacakaké marang aku lan aku wis ngerti surasané.
4:19 Aku banjur ndhawuhaké supaya dianakaké panliti, lan ketitik yèn kutha mau wiwit biyèn tansah mbaléla marang raja-raja. Para wargané seneng gawé kisruh lan mbrontak.
4:20 Pancèn biyèn ana raja-raja sing ngerèh Yérusalèm, lan mréntah daérah sakuloné Éfrat kabèh. Raja-raja mau padha disaosi pajeg, bulu-bekti lan béya.
4:21 Mulané saiki préntahana supaya wong-wong mau padha lèrèna, aja nganti kutha mau dibangun menèh, nganti ana dhawuh saka aku.
4:22 Dingati-ati aja nganti tlédhor. Aja nganti para raja saya wuwuh kapitunané; mula padha èstokna!”
4:23 Sawisé salinané layang saka Raja Artahsasta mau diwacakaké marang Rehum lan Simsai, penulisé, sarta kanca-kancané, banjur énggal-énggal padha budhal menyang Yérusalèm, nemoni wong-wong Yahudi. Wong-wong mau dipeksa lèrèn enggoné nyambut-gawé.
4:24 Wiwit wektu kuwi pegawéan mbangun Pedalemané Allah ing Yérusalèm banjur lèrèn, nganti taun kapindho jumenengé Darius, raja Pèrsia.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 15 Ézra

Ézra 5

5:1 Nalika semono ana nabi loro, yakuwi Nabi Hagai lan Zakharia bin Idho, medhar wangsit atas asmané Allahé Israèl, marang wong-wong sing manggon ing Yéhuda lan ing Yérusalèm.
5:2 Bareng Zérubabel bin Séaltièl lan Yésua bin Yozadak padha krungu pidhatoné nabi-nabi mau, banjur padha nerusaké mbangun Pedalemané Allah. Déné nabi loro mau iya padha mèlu mbiyantu.
5:3 Ora antara suwé Tatnai, bupati daérah sabrangé Éfrat, bebarengan karo Syétar-Boznai lan kanca-kancané padha teka, sarta muni mengkéné, “Sapa sing préntah marang kowé mbangun Pedaleman iki lan ngrampungaké témboké?”
5:4 Banjur muni menèh mengkéné, “Sapa jenengé wong sing padha ngedegaké bangunan iki?”
5:5 Nanging Allah ngreksa marang para pemimpiné wong Yahudi, mula para pegawéné raja Pèrsia ora ndhawuhi lèrèn enggoné mbangun, nganti prekarané wis kalapuraké marang Raja Darius lan olèh wangsulan rupa layang keputusan.
5:6 Turunané layang sing diaturaké déning Tatnai, bupati daérah sakuloné Bengawan Éfrat, bebarengan karo Syétar-Boznai lan kanca-kancané, marang Raja Darius mau uniné mengkéné,
5:7 “Katur ing ngarsanipun Raja Darius. Salam kasugengan.
5:8 Andadosna kauninganipun Sang Prabu, bilih nalika kawula dhateng daérah Yéhuda, Pedalemanipun Allah Ingkang Mahaluhur, menika saweg dipun bangun, migunakaken séla ageng-ageng sarta témbokipun kalapis mawi kajeng. Penggarapipun kanthi tlatos lan sampun kathah kemajenganipun.
5:9 Kawula sami takèn dhateng para sesepuhipun mekaten, ‘Sapa sing préntah marang kowé mbangun Pedaleman iki lan ngrampungaké témboké?’
5:10 Mekaten ugi kawula nakèkaken namanipun para pemimpinipun, supados saged kawula lapuraken dhateng Sang Prabu.
5:11 Tiyang-tiyang wau sami mangsuli mekaten, ‘Kula menika sami para abdinipun Allah ingkang nitahaken langit lan bumi. Pedaleman menika sampun wonten pinten-pinten taun kepengker, kabangun lan karampungaken déning salah setunggaling raja agung ing Israèl.’
5:12 Nanging sareng para leluhur kula sami damel dukanipun Allah, lajeng sami kaulungaken dhateng tanganipun Nebukadnésar, raja ing negari Babil; ingkang ngrisak Pedaleman menika bangsa Kasdim. Para leluhur kula lajeng dipun tawan sarta kapindhah dhateng Babil.
5:13 Nanging ing taun kapisan jamanipun Korèsy jumeneng raja ing Babil, panjenenganipun paring dhawuh supados Pedalemanipun Allah menika kabangun malih.
5:14 Mekaten ugi prabotipun Pedaleman menika rupi emas lan slaka ingkang kapundhut déning Sang Raja Nebukadnésar kabekta saking Yérusalèm dhateng Babil, kapasrahaken wangsul dhateng tiyang nama Sèsbazar, ingkang dipun angkat dados bupati,
5:15 kanthi dhawuh mekaten, ‘Prabot iki gawanen lan dokokna ing Pedalemané Allah ing Yérusalèm, lan Pedalemané Allah karebèn dibangun ana ing tilas panggonané.’
5:16 Sesampunipun menika Sèsbazar lajeng dhateng, masang pondhasinipun Pedalemanipun Allah ing Yérusalèm. Wiwit kala semanten ngantos dumugi samangké Pedalemanipun Allah menika kagarap, nanging dèrèng rampung!
5:17 Pramila menawi Sang Prabu dhangan ing penggalih, mugi kawontenaken panliti ing gedhong kahartakanipun Sang Prabu ing Babil, menapa naté wonten dhawuh saking Raja Korèsy mbangun Pedalemanipun Allah wonten ing Yérusalèm wau. Sarta kawula mugi kaparingana pirsa kadospundi kersanipun Sang Prabu tumrap prekawis menika.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 15 Ézra

Ézra 6

6:1 Sawisé mengkono Sang Raja Darius ndhawuhaké supaya nliti gedhong perawatan (penyimpenan) raja-branané kraton ing Babil, panggonané nyimpen layang-layang keputusané para raja.
6:2 Ana ing Ahméta, ing bètèngé propinsi Média, ketemu ana gulungan sing ana tulisané mengkéné: Serat pèngetan:
6:3 “Rikala jumenengipun Sang Prabu Korèsy, ing taun kapisan, Sang Prabu Korèsy ndhawuhaken préntah mekaten: Pedalemané Allah ing Yérusalèm iku kabanguna menèh minangka panggonan nyaosaké kurban. Pondhasiné kagawéa kang sentosa. Dhuwuré gedhong sewidak asta lan ambané sewidak asta.
6:4 Kudu dipasang watu gedhé-gedhé telung larik, sing selarik lapis kayu. Ragadé kajupukna saka kas negara.
6:5 Mengkono uga praboté Pedalemané Allah mau, rupa emas lan slaka, sing biyèn dipundhut déning Sang Prabu Nebukadnésar saka Pedaleman ing Yérusalèm kabekta menyang Babil, iku kudu dibalèkaké ana ing Pedalemané Allah ing Yérusalèm menèh, kadokokna ing tilas panggonané, ana ing Pedalemané Allah!
6:6 Déné kowé, Tatnai, bupati daérah sakuloné Éfrat, lan Syétar-Boznai sarta kanca-kancamu, para pegawé daérah sakuloné Éfrat, kowé aja ngaru-biru.
6:7 Penggarapé Pedalemané Allah iku togna waé. Bupati lan para pinituwané wong Yahudi dhéwé karebèn mbangun Pedalemané Allah mau ana ing tilas panggonané lawas.
6:8 Kejaba kuwi aku iya wis paring dhawuh bab apa kang prelu koktindakaké tumrap para pinituwané wong Yahudi kang nggarap Pedalemané Allah, yaiku kowé kudu mbayar ragadé pembanguné Pedaleman marang wong-wong mau saka pengasilané negara, saka bulu-bektiné daérah Kulon Éfrat; enggonmu mènèhaké ragadé kudu tlesih lan ora kena kasèp.
6:9 Apa sing dibutuhaké rupa sapi lanang nom, wedhus gèmbèl lanang nom, cempé kanggo saos kurban obongan konjuk marang Allahé langit lan bumi. Semono uga gandum, uyah, anggur lan lenga, manut pituduhé para imam sing ana ing Yérusalèm, kabèh mau kudu diwènèhi ajeg saben dina, ora kena lali,
6:10 supaya wong-wong mau tansah bisa saos kurban kang gawé renaning penggalihé Allahé langit lan bumi sarta ndongakaké kasugengané Sang Prabu lan para putrané.
6:11 Kejaba kuwi aku wis paring dhawuh, supaya saben wong sing nglirwakaké keputusan iki, cagaké omahé bakal dibedhol siji, digawé sujèn kanggo nyunduki wong mau. Omahé wong mau karubuhna merga saka paneraké.
6:12 Allah kang dedalem ana ing kana muga ngrubuhaké saben raja lan saben bangsa, sing mbaléla nedya mbatalaké keputusan iki lan ngrusak Pedalemané Allah ing Yérusalèm. Aku, Darius, kang ndhawuhaké préntah iki. Poma padha èstokna sing temenan!”
6:13 Tatnai, bupati daérah Kulon Éfrat, Syétar-Boznai lan kanca-kancané padha nglakoni kanthi ngati-ati apa sing didhawuhaké déning Sang Raja Darius.
6:14 Para pinituwané wong Yahudi padha nerusaké mbangun kanthi cékat-cèket, merga saka dhawuhé Nabi Hagai lan Nabi Zakharia bin Idho, sing padha medharaké wangsité Pangéran. Mengkono enggoné padha ngrampungaké pembanguning Pedalemané Allah, atas saka dhawuhé Pangéran Allahé Israèl lan préntahé Korèsy, Darius lan Artahsasta, raja-raja Pèrsia.
6:15 Nalika tanggal telu sasi Adar (sasi katelu) penggarapé Pedalemané Allah rampung kabèh, yakuwi ing taun kaping nem jamané Darius jumeneng raja.
6:16 Wong Israèl, para imam, wong Lèwi lan wong liya-liyané sing bali saka pembuwangan banjur padha ngresmèkaké Pedalemané Allah klawan bungah.
6:17 Kanggo ngresmèkaké Pedalemané Allah mau wong Israèl padha saos kurban rupa sapi lanang satus, wedhus gèmbèl lanang 200, cempé wedhus gèmbèl 400, iya wedhus lanang kanggo kurban pangruwating dosa tumrap wong Israèl kabèh, cacahé rolas manut cacahé taler Israèl.
6:18 Para imam banjur diresmèkaké miturut golongané, semono uga wong Lèwi miturut kulawargané supaya padha nindakaké pegawéané ana ing Pedalemané Allah ing Yérusalèm, kaya kang katulis ana ing Kitabé Musa.
6:19 Nalika tanggal ping patbelas sasi kapisan wong-wong sing bali saka pembuwangan padha ngriayakaké Paskah.
6:20 Para imam lan wong Lèwi wis padha sesuci bebarengan, mulané kena nyembelèh cempéné Paskah kanggo wong sing bali saka pembuwangan sarta kanggo sedulur-seduluré, yakuwi para imam lan kanggo awaké dhéwé.
6:21 Wong Israèl kabèh banjur padha mangan Paskah, mengkono uga saben wong sing wis padha ninggal tata-carané wong pribumi sarta mèlu nyembah marang Pangéran, Allahé wong Israèl.
6:22 Nuli padha netepi Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi lawasé pitung dina olèhé padha bungah-bungah, merga wis diparingi longgar déning Allah. Gusti Allah wis nelukaké atiné raja ing Asyur, mula Sang Raja mbiyantu wong Israèl mbangun Pedalemané Allah, Allahé Israèl.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 15 Ézra

Ézra 7

7:1-5 Sawetara taun sawisé lelakon mau, nalika jamané Artahsasta jumeneng raja ing tanah Pèrsia, ana wong jenengé Ézra, turuné Imam Agung Harun. Sarasilahé Ézra mau mengkéné: Ézra kuwi anaké Seraya; Seraya anaké Azarya, Azarya anaké Hilkia, Hilkia anaké Salum, Salum anaké Zadok, Zadok anaké Ahitub, Ahitub anaké Amarya, Amarya anaké Azarya, Azarya anaké Merayot, Merayot anaké Zerahya, Zerahya anaké Amarya, Amarya anaké Uzi, Uzi anaké Buki, Buki anaké Abisua, Abisua anaké Pinéhas, Pinéhas anaké Èléazar, Èléazar anaké Harun, sing jumeneng Imam Agung.
7:6 Ézra budhal ninggal Babil. Panjenengané ahli kitab, mumpuni bab Torèté Musa, sing diparingaké déning Pangéran, Allahé Israèl. Sarèhné kaayoman déning astané Allah, mula apa sapanyuwuné Ézra marang Sang Raja disembadani kabèh.
7:7 Bareng karo Ézra mau ana golongané wong Israèl sawetara sing padha mèlu bali menyang Yérusalèm, semono uga ana imam, wong Lèwi, penyanyi, tukang jaga gapura lan tenaga kasar sing nyambut-gawé ana ing Pedalemané Allah. Enggoné padha budhal mau nalika taun kapitu jamané Artahsasta jumeneng raja.
7:8-9 Olèhé mangkat saka Babil tanggal siji sasi kapisan, lan merga saka pangayomané Pangéran, tekan Yérusalèm tanggal siji sasi kalima.
7:10 Ézra mau uripé ditanjakaké kanggo nyinau Torèté Allah, sarta kanggo mulangaké prenatan lan sarak-saraké agama marang wong Israèl.
7:11 Artahsasta maringaké turunan layang marang Ézra, yakuwi imam lan ulama (ahli kitab) kang akèh kawruhé bab angger-angger lan prenatané Gusti Allah kanggo wong Israèl. Surasané layang mau mengkéné:
7:12 “Saka Sang Raja Artahsasta, tumekaa marang Ézra, imam lan ahli Torèté Allah kang ana ing swarga.”
7:13 “Aku ndhawuhaké préntah kanggo sawilayah jajahaning kratonku kabèh; sakèhé wong Israèl kang ana ing kratonku, iya imam utawa wong Lèwi, kang kepéngin mèlu kowé bali menyang Yérusalèm, daklilani.
7:14 Aku lan para penaséhatku pitu, ngutus kowé niti kaanané Yérusalèm lan Yéhuda, apa Torèté Pangéran Allahmu, kang kapasrahaké marang kowé, padha dièstokaké.
7:15 Slaka lan emas saosanku lan para penaséhatku marang Allahé wong Israèl, kang dedalem ana ing Yérusalèm, gawanen pisan.
7:16 Semono uga slaka lan emas enggonmu nglumpukaké saka propinsi-propinsi ing Babil lan apa sing disaosaké déning wong Israèl lan para imamé kanggo Pedalemané Allah, cangkingen pisan.
7:17 Dhuwit mau tanjakna klawan ngati-ati kanggo tuku sapi lanang, wedhus jawa lan wedhus gèmbèl, gandum lan anggur kanggo saos kurban ing mesbèhé Pangéran Allah ing Yérusalèm.
7:18 Sisané slaka lan emas kuwi tanjakna kanggo nyukupi apa sing padha kokanggep prelu miturut kersané Allahmu.
7:19 Mungguh piranti-piranti sing wis kapasrahaké marang kowé kanggo leladi ing Pedalemané Allah, padha saosna sapepaké ana ing ngarsané Allah ing Yérusalèm.
7:20 Sepira kekurangané bayaren, jupukna saka kas kagungané Sang Prabu.
7:21 Aku, Artahsasta, dhawuh marang sakèhé penggedhéné kahartakan propinsi-propinsi ing sakuloné Bengawan Éfrat supaya énggal-énggal nyepaki apa sing dibutuhaké Ézra, imam lan ahli Torèté Allah kang ana ing swarga,
7:22 kang rupa slaka nganti 3.400 kilogram, gandum 10.000 kilogram, anggur 2.000 liter, lenga zaitun 2.000 liter, lan uyah sepira waé sing dibutuhaké.
7:23 Apa waé kang dikarsakaké déning Allahing swarga kagem Pedalemané cepakna, supaya Panjenengané ora duka marang aku utawa marang sing nggentèni aku.
7:24 Poma kowé aja narik pajeg utawa béya saka para imam, para wong Lèwi, para penyanyi, para juru jaga gapura, para buruh kasar lan sedhéngah wong sing padha leladi ing Pedalemané Allah.
7:25 Wusana kowé, Ézra, klawan kawicaksanan peparingé Allahmu marang kowé, ngedegna pepréntahan lan ngangkata hakim kang padha ngadili rakyat ing sakuloné Bengawan Éfrat, sing padha tundhuk karo Torèté Allahmu. Déné sapa sing ora ngerti angger-anggeré Allahmu, kudu kokwulang.
7:26 Sapa wong sing ora ngèstokaké angger-anggeré Allahmu, supaya énggal-énggal diadili lan diukum, apa diukum pati, dibuwang, didhendha, utawa dikunjara.”
7:27 Pangucapé Ézra, “Pinujia Pangéran, Allahé leluhur kita, kang kersa maringi kawicaksanan ana ing penggalihé Sang Prabu, nganti panjenengané gawé asriné Pedalemané Allah kang ana ing Yérusalèm.
7:28 Merga saka sih-kamirahané Allah aku olèh sihé Sang Prabu lan para penaséhaté, sarta bisa ngrembugi penggedhéné taler-taleré Israèl, nganti padha gelem mèlu aku budhal bali menyang Yérusalèm.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 15 Ézra

Ézra 8

8:1 Iki daftaré para penggedhéné kulawarga sing padha mèlu budhal karo aku saka pembuwangan ing Babil, menyang Yérusalèm, jamané Artahsasta jumeneng raja.
8:2-14 Saka turuné Pinéhas: Gérsom; saka turuné Itamar: Dhanièl; saka turuné Dawud: Hatus bin Sekhanya; saka turuné Paros: Zakharia, lan bareng karo wong-wong kuwi ana wong satus sèket sing kecathet ana ing sarasilah. Saka turuné Pahat-Moab: Èlyoénai bin Zerahya, lan kejaba kuwi ana wong lanang rong atus. Saka turuné Zatu: Sekhanya bin Yahazièl lan bebarengan karo wong lanang telung atus; saka turuné Adin: Èbèd bin Yonatan lan karo wong lanang sèket; saka turuné Élam: Yésaya bin Atalya bareng karo wong lanang pitung puluh; saka turuné Séfaca: Zebaya bin Mikhaèl, bareng karo wong lanang wolung puluh; saka turuné Yoab: Obaja bin Yehièl, bebarengan karo wong lanang rong atus wolulas; saka turuné Bani: Sélomit bin Yosifya, bareng karo wong satus sewidak; saka turuné Bébai: Zakharia bin Bébai, bebarengan karo wong lanang wolulikur; saka turuné Azgad: Yohanan bin Hakatan, bareng karo wong lanang satus sepuluh; saka turuné Adonikam: sing tekané kèri, jeneng-jenengé Èlifèlèt, Yehièl lan Semaya, bareng karo wong lanang sewidak; saka turuné Bigwai: Utai lan Zabud bebarengan karo wong lanang pitung puluh.
8:15 Wong mau padha dakklumpukaké ana ing pinggiré kali sing anjog ing kutha Ahawa, banjur padha masang kémah ana ing kono, suwéné telung dina. Bareng daktliti, ing antarané wong-wong mau akèh imamé, nanging ora ana wongé Lèwi.
8:16 Mulané aku banjur kongkonan Élièzer, Arièl, Semaya, Èlnatan, Yarib, Èlnatan, Natan, Zakharia lan Mesulam, kabèh padha penggedhé, apa déné Yoyarib lan Èlnatan, para guru, padha dakkon nemoni Idho,
8:17 penggedhéné kulawargané sing ana ing Kasifya kono. Idho lan sedulur-seduluré dakjaluki tulung nggolèkaké wong-wong Netinim, yakuwi tenaga kasar sing ngladèni ana ing Pedalemané Allah.
8:18 Merga saka kamirahané Allah aku dikirimi wong-wong sing gathèkan, saka kulawargané Mahli, Sèrèbya saanak-anaké lan saseduluré, gunggung wong wolulas.
8:19 Semono uga Hasabya lan Yésaya saka bani Mérari saanak-anaké lan sedulur-seduluré, gunggung wong rong puluh.
8:20 Kejaba kuwi isih ana menèh wong 220, tenaga kasar turuné wong-wong sing biyèn déning Raja Dawud lan para pegawéné dipasrahaké marang wong-wong Lèwi kanggo ngladèni pegawéan ing Pedalemané Allah. Wong mau kabèh jenengé dicathet siji-siji.
8:21 Aku banjur ngumumaké pasa ana ing pinggiré Kali Ahawa kono, supaya aku padha andhap-asor ana ing ngarsané Allah sarta nyuwun supaya laku kita dituntun sarta anak-anak dalah barang darbèk kita direksa déning Panjenengané.
8:22 Awit aku isin nyuwun tentara utawa bala jaranan marang Sang Prabu kanggo ngreksa lan ngadhepi mungsuh-mungsuh ing sedalan-dalan. Merga aku wis matur marang Sang Prabu mengkéné, “Allah kawula ngayomi dhateng sedaya tiyang ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, nanging sakathahing tiyang ingkang nyingkur Panjenenganipun menika sami dipun lawan déning pangwaosipun lan bebendunipun.”
8:23 Mulané aku banjur padha pasa sarta nyenyuwun mengkono mau marang Allah kita. Mangka Panjenengané nyembadani apa kang daksuwun.
8:24 Aku banjur milih saka antarané pengareping imam wong rolas, yakuwi Sèrèbya, Hasabya lan wong sepuluh liyané.
8:25 Aku banjur nimbang slaka lan emas, sarta piranti-piranti kanggo Pedalemané Allah kita, saka Sang Prabu lan para penaséhaté sarta para punggawané, apa déné para wong Israèl sing ana ing kono. Barang-barang mau dakpasrahaké para imam, yakuwi:
8:26-27 slaka 22 ton, barang-barang saka slaka 70 kilogram, emas 3.400 kilogram, mangkok saka emas 8,4 kilogram, mangkok saka prunggu alus, sing regané padha karo mangkok sing kagawé saka emas, cacahé loro.
8:28 Tembungku karo wong-wong mau, “Kowé kuwi dadi wong sing dipilih déning Pangéran, Allahé para leluhurmu. Piranti iki kabèh dadi barang sengkeran sumaos marang Allah, merga barang-barang saka slaka lan emas iki pisungsung mana suka konjuk marang Pangéran, Allahé leluhurmu.
8:29 Simpenen lan reksanen nganti tekan Pedalemané Allah lan timbangen ana ing ngarepé para pengareping imam, sarta wong-wong Lèwi lan para penggedhé kulawarga-kulawargané Israèl ana ing Yérusalèm, ing gedhong-gedhongé Pedalemané Allah.”
8:30 Para imam lan wong Lèwi banjur padha nampani slaka lan emas sarta piranti-piranti sing wis ketimbang mau, bakal kagawa menyang Yérusalèm, ing Pedalemané Allah kita.
8:31 Sawisé mengkono banjur padha mangkat saka pinggiré Kali Ahawa, nalika sasi kapisan tanggal ping rolas, menyang Yérusalèm. Ing sadalan-dalan astané Allah ngayomi kita saka serangané mungsuh lan bégal.
8:32 Satekané ing Yérusalèm kita banjur padha lèrèn ana ing kono telung dina.
8:33 Ing dina kapaté slaka lan emas, sarta piranti-piranti mau banjur padha ditimbang ana ing Pedalemané Allah kita, kapasrahaké marang Imam Marémot bin Uria. Imam mau dibantu déning Èléazar bin Pinéhas lan wong Lèwi loro, yakuwi Yozabad bin Yésua lan Noaya bin Binui.
8:34 Barang-barang kabèh mau diétung lan ditimbang menèh, sarta dicatheti.
8:35 Wong-wong sing bali saka pembuwangan mau nuli padha saos kurban obongan konjuk marang Pangéran, Allahé Israèl, rupa: sapi 12 kanggo bangsa Israèl kabèh; wedhus gèmbèl lanang 96; cempé wedhus gèmbèl 77; wedhus jawa lanang minangka kurban pangruwating dosa 12; kabèh mau dadi kurban obongan konjuk marang Allah.
8:36 Layang keputusané Sang Prabu iya banjur dipasrahaké para raja lan wakil-wakilé, yakuwi para bupati sing ngerèh daérah sakuloné Bengawan Éfrat. Wong-wong mau kabèh iya banjur padha mbantu apa sing dadi kekurangané umat lan Pedalemané Allah.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 15 Ézra

Ézra 9

9:1 Sawisé lelakon kuwi mau para penggedhé nuli nekani aku, padha kandha mengkéné, “Umat Israèl, para imam lan tiyang Lèwi mergi nglampahi pendamel nistha, tumindakipun sami kaliyan tiyang-tiyang ing tanah ngriki, kadosta tiyang Hèt, tiyang Fèris, tiyang Yébus, tiyang Amon, tiyang Moab, tiyang Mesir tuwin tiyang Amiri.
9:2 Sami mendhet sémah tiyang-tiyang èstri saking bangsa-bangsa wau sarta ugi kanggé anak-anakipun. Mila wiji ingkang suci campur kaliyan para bangsa ing tanah ngriki, malah ingkang miwiti nglampahi nerak mekaten menika para pengageng lan para pemimpin.”
9:3 Bareng krungu mengkono mau, aku banjur nyuwèk klambiku rangkepan lan jubahku, sarta njabuti rambutku lan jénggotku, karo ndhéprok lan dheleg-dheleg saka sedhihku.
9:4 Para wong sing padha ndredheg merga wedi karo pangandikané Allah krana dosa sing dilakoni wong-wong sing padha bali saka pembuwangan, padha nglumpuk ana ing ngarepku. Aku isih tetep ndhéprok dheleg-dheleg saka sedhihku, nganti tekan wayahé saos kurban soré.
9:5 Bareng wayahé saos kurban aku banjur ngadeg saka papan kono. Klambiku rangkepan lan jubahku isih suwèk. Aku banjur jèngkèng karo ngangkat tanganku matur Pangéran, Allahku, unjukku,
9:6 “Dhuh Allah kawula! Kawula isin sanget saupami ngantosa nyawang dhateng Paduka, Allah kawula. Mergi dosa kawula menika tumpuk-tumpuk ngantos sundhul ing langit.
9:7 Enggèn kawula nandhang kalepatan ageng wiwit nalika jamanipun para leluhur kawula ngantos dumugi dinten menika. Inggih krana saking dosa kawula, kawula sami kaulungaken dhateng tanganipun para raja ing tanah manca. Inggih kawula saha para raja kawula saha para imam kawula sami dipun pejahi srana pedhang, dipun bucal ing negari manca, dipun jarah-rayah, ngantos sami nandhang wirang, inggih kados kawontenan kula ing dinten menika.
9:8 Samenika, nembé kémawon kawula sami ngalami sih-kamirahanipun Pangéran, Allah kawula. Saking antawisipun tiyang-tiyang ingkang pembuwangan, kawula sami kaparingan pengasoan wonten ing panggènan suci menika. Paduka sampun maringi gesang énggal.
9:9 Kawula menika réncang tumbasan, nanging Paduka mboten négakaken kawula. Kawula Paduka angsalaken sih saking raja-raja ing negari Pèrsia, ngantos kawula sami lestantun gesang saha angsal palilah mbangun malih Pedalemanipun Allah kawula, ingkang suwau sampun dados jugrugan. Malah kawula saged gesang kanthi tentrem wonten ing tanah Yéhuda kaliyan ing Yérusalèm.
9:10 Nanging samenika, dhuh Allah, menapa ingkang saged kawula unjukaken sesampunipun lelampahan menika sedaya? Kawula sampun ngantos nglirwakaken malih dhateng dhawuh Paduka,
9:11 ingkang sampun Paduka paringaken lantaran para abdi Paduka, para nabi, ingkang suraosipun, ‘Tanah kang kokparani lan arep kokdarbèni iku tanah kang najis, krana saka pratingkahé para bangsa kang manggon ing kono. Iya krana saka pratingkahé sing rusuh, nistha, tanah iki wis najis kabèh saka tapel watesé ing sisih kéné tekan tapel watesé sing sisih kana.’
9:12 Kawula sami dipun weling supados sampun ngantos nyukakaken anak-anak kawula èstri dhateng anakipun jaler bangsa menika, lan sampun ngantos mendhet anak èstrinipun kaangsalaken anak jaler kawula. Mekaten ugi kawula sampun ngantos ngangkah piyambakipun angsal kabegjan lan katentreman ing selami-laminipun. Menika sedaya supados kawula dadosa rosa sarta pamedalipun siti ingkang saé, sarta marisaken siti menika dhateng anak-putu kawula langgeng ing selaminipun.
9:13 Kawula sampun kedhatengan samukawis sedaya ingkang mergi saking piawon saha kalepatan kawula ingkang ageng. Paukuman Paduka, dhuh Allah kawula, mboten ngantos ngimbangi awratipun dosa kawula; malah kawula taksih sami Paduka paringi kanca semanten kathahipun.
9:14 Menapa kawula lajeng sami badhé nerak dhawuh Paduka malih srana bebésanan kaliyan para bangsa ingkang lampahipun awon menika? Menawi mekaten, kawula mesthi sami Paduka ukum ngantos tumpes tapis, ngantos mboten wonten ingkang kantun setunggal-tunggala ingkang oncat.
9:15 Dhuh Pangéran, Allahipun Israèl! Paduka menika adil, awit kawula ingkang sami kantun menika taksih Paduka parengaken gesang, kados kawontenan kawula samangké. Samangké kawula sami marek sowan ing ngarsa Paduka kalayan ngakeni kalepatan kawula. Kawula èstunipun mboten pantes sowan ing ngarsa Paduka.”

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 15 Ézra

Ézra 10

10:1 Sasuwéné Ézra ndedonga lan nlangsa karo nangis sarta nggloso ana ing ngarepé Pedalemané Allah mau, banjur ana wong Israèl akèh padha nglumpuk ing ngarepé; wong lanang, wadon, karo bocah-bocah, padha nangis seru.
10:2 Sekhanya bin Yehièl, turuné Élam, banjur matur marang Ézra mengkéné, “Kula ngakeni sampun sami nglampahi dosa dhateng Gusti Allah, mergi sami émah-émah kaliyan tiyang sanès bangsa, inggih menika bangsa ing tanah ngriki. Éwasemanten ing samangké inggih taksih wonten pengajeng-ajeng.
10:3 Sumangga samenika kita damel prejanjian kaliyan Gusti Allah. Kita badhé nundhung tiyang-tiyang èstri menika sedaya saanak-anakipun miturut pamrayogi panjenengan, saha rembagipun para sedhèrèk ingkang sami ajrih kaliyan angger-anggeripun Allah kita; kajengipun sedhèrèk-sedhèrèk menika tumindak miturut angger-angger.
10:4 Sumangga panjenengan jumeneng, sebab prekawis menika dados tugas panjenengan. Kula sami badhé mbiyantu panjenengan. Penggalih panjenengan ingkang panggah kémawon, sarta tumunten tumindaka.”
10:5 Ézra banjur ngadeg, para pengarepé imam, wong Lèwi lan umat Israèl kabèh padha dikon sumpah, yèn bakal padha nglakoni apa sing diusulaké déning Sekhanya mau. Wong kabèh iya banjur padha sumpah.
10:6 Sawisé metu saka platarané Pedalemané Allah, Ézra banjur mlebu ing omahé Yohanan bin Èlyasib lan nginep ana ing kono, ora mangan roti lan ngombé, merga isih sedhih ngrasakaké paneraké para wong sing bali saka pembuwangan mau.
10:7 Ing Yéhuda lan ing Yérusalèm banjur dianakaké pengumuman kanggo wong kabèh sing bali saka pembuwangan, supaya padha nglumpuk ing Yérusalèm.
10:8 Sapa sing sajroné telung dina ora teka, miturut keputusané para penggedhé lan para pinituwa, sabarang darbèké bakal dirampas, lan wongé dhéwé bakal kapisah karo para wong sing bali saka pembuwangan.
10:9 Sakèhé wong lanang ing tanah Yéhuda lan Bènyamin banjur padha nglumpuk menyang Yérusalèm sajroné telung dina. Kelakoné kuwi mau nalika sasi kasanga, tanggal rong puluh. Wong akèh padha lungguh ana ing plataran Pedalemané Allah. Kabèh padha ndredheg merga saka lelakon mau lan merga saka deresé udan.
10:10 Imam Ézra banjur ngadeg lan kandha mengkéné, “Kowé wis padha gawé dosa, merga padha kawin karo wong liya bangsa, nganti muwuhi kaluputané Israèl.
10:11 Mulané saiki kowé padha nlangsaa ana ing ngarsané Pangéran, Allahé para leluhurmu, lan padha nglakonana apa sing dadi kersané. Padha pisaha karo wong bangsa kéné lan karo wong wadon liya bangsa kuwi.”
10:12 Wong sapasamuwan kabèh banjur padha mangsuli seru, “Inggih prayogi. Kula wajib sami nglampahi kados pangandika panjenengan.
10:13 Nanging tiyangipun kathah, mangka saweg mangsa jawah, mila tiyang sami mboten betah ngadeg wonten ing njawi ngriki. Kejawi saking menika pedamelan menika mboten badhé saged rampung sedinten kalih dinten. Mergi ing antawis kula kathah tiyang ingkang sami nglampahi panerak menika.
10:14 Prayoginipun para pengageng kula kémawon makili kula sedaya. Kajengipun tiyang-tiyang ingkang émah-émah kaliyan sanès bangsa menika kasowanaken ing wekdal ingkang katemtokaken. Tiyang-tiyang wau kairida déning para sepuh-sepuhipun daérah piyambak-piyambak, kaliyan para hakimipun, supados srana mekaten paukumanipun Allah ingkang mergi saking prekawis menika kasingkiraken saking kula sedaya.”
10:15 Mung Yonatan bin Asaèl lan Yahzéya bin Tikwa sing ora setuju karo rembug mau, dibiyantu Mesulam karo Sabbetai, wong Lèwi.
10:16 Nanging wong-wong liyané sing mentas teka saka pembuwangan padha bisa nampa. Imam Ézra banjur milih wong sawetara, yakuwi para penggedhéné kulawarga; saben penggedhé makili kulawargané dhéwé-dhéwé. Jenengé penggedhé siji-sijiné dicathet. Enggoné padha mriksa prekara mau ing dina kapisan, sasi ping sepuluh.
10:17 Sarupané urusan sing magepokan bab kawin karo wong liya bangsa mau rampung nalika tanggal kapisan sasi kang kapisan.
10:18 Iki daftaré wong-wong sing padha kawin karo wong wadon liya bangsa: Para imam, miturut kulawargané: Kulawargané Yésua lan sedulur-seduluré, turuné Yozadak: Maaséya, Élièzer, Yarib lan Gedalya.
10:19 Padha janji arep megat bojoné, lan ngurbanaké wedhus jawa minangka pangruwating dosané.
10:20 Kulawargané Imèr: Hanani lan Zebaya.
10:21 Kulawargané Harim: Maaséya, Élia, Semaya, Yehièl lan Uzia.
10:22 Lan saka wong Pasyhur: Èlyoenai, Maaséya, Nétanéèl, Yozabad lan Élasa.
10:23 Saka wong-wong Lèwi: Yozabad, Simèi, Kélaya (yakuwi Kelita), Pétahya, Yéhuda lan Élièzer.
10:24 Saka para penyanyi: Èlyasib. Saka para juru tunggu gapura: Salum, Tèlèm lan Uri.
10:25 Saka wong Israèl liya-liyané: Saka turuné Paros: Ramya, Yézia, Halka, Minyamin, Èléazar, Malkia lan Benaya.
10:26 Saka turuné Élam: Matanya, Zakharia, Yehièl, Abdi, Yérémot lan Élia.
10:27 Saka turuné Zatu: Èlyoènai, Èlyasib, Mattanya, Yérémot, Zabad lan Aziza.
10:28 Saka turuné Bébai: Yohanan, Hananya, Zabai lan Altai.
10:29 Saka turuné Bani: Mesulam, Malukh, Adaya, Yasub, Séal lan Yéramot.
10:30 Saka turuné Pahat-Moab: Adna lan Kelal, Benaya, Maaséya, Matania, Bézaleèl, Binui lan Manasyè.
10:31-32 Saka turuné Harim: Élièzer, Yisia, Malkia, Semaya, Siméon, Bènyamin, Malukh, lan Semarya.
10:33 Saka turuné Hasum: Matnai, Matata, Zabad, Èlifèlèt, Yérémai, Manasyè lan Simèi.
10:34-37 Saka turuné Bani: Maadai, Amran, Uel, Benaya, Bedeya, Keluhu, Wanya, Merémot, Èlyasib, Matanya, Matnai, Yaasai.
10:38-42 Saka turuné Binui: Simèi, Selèmya, Natan, Adaya, Makhnadbai, Sasai, Sarai, Azreèl, Selèmya, Semarya, Salum, Amarya lan Yusuf.
10:43 Saka turuné Nébo: Yeièl, Matica, Zabad, Zebina, Yadai, Yoèl lan Benaya.
10:44 Kuwi kabèh wong sing kawin karo wong wadon liya bangsa; mulané bojoné padha dipegat lan dikon lunga saanak-anaké.

Leave a comment

Filed under 1 Prajanjian Lawas, 15 Ézra