Category Archives: 55 II Timotius

II Timotius 1

1:1-2 Layang saka Paulus, sing katimbalan déning Gusti Allah dadi rasulé Sang Kristus Yésus, kautus martakaké prasetyané bab urip ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus, tumekaa marang Timotius, anakku sing kinasih. Gusti Allah Sang Rama lan Kristus Yésus Gusti kita, maringana sih-rahmat, palimirma lan katentreman marang kowé.
1:3 Aku saos sukur marang Gusti Allah, sing dakladosi klawan ati sing resik, kaya patrapé para leluhurku dhèk biyèn. Saben-saben aku kèlingan kowé ana ing pandongaku, rina lan wengi, aku banjur saos sukur.
1:4 Aku éling marang prihatinmu; mulané aku kepéngin banget ketemu karo kowé, supaya atiku dadi bungah.
1:5 Aku kèlingan precayamu sing tulus éklas, ora béda karo precayané embahmu Lois lan ibumu Éunike’. Aku yakin yèn precayamu uga mengkono.
1:6 Mulané kowé dakweling supaya kowé sregep nglakoni pegawéan, kang kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé, nalika kowé daktumpangi tangan.
1:7 Awit Roh sing kaparingaké déning Gusti Allah marang kita iki ora marakaké kita dadi wong jirih, nanging malah menuhi kita klawan pangwasa, katresnan lan kekuwatan kanggo ngendhalèni awak kita dhéwé.
1:8 Mulané kowé aja isin neksèni Gusti; uga aja isin merga saka aku, sing dikunjara. Nanging, mèlua nandhang sangsara, kanggo kepentingané Injil, miturut kekuwatan sing kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé.
1:9 Panjenengané nylametaké kita lan nimbali kita, supaya kita padha dadi umaté; landhesané dudu penggawé kita, nanging kersané lan sih-rahmaté piyambak. Sih-rahmat lantaran Sang Kristus Yésus wis diparingaké marang kita sadurungé jaman iki kawiwitan.
1:10 Lan saiki kababaraké marang kita lan lantaran rawuhé Sang Juru Slamet, Kristus Yésus. Panjenengané sing nyirnakaké pangwasané pati, lan lantaran Injil Panjenengané medharaké urip sing ora kena ing rusak.
1:11 Iya Gusti Allah sing netepaké aku dadi rasul lan guru, supaya ngabaraké Injil.
1:12 Lan iya merga Injil kuwi aku nandhang kasangsaran iki. Nanging aku isih tetep yakin, awit aku wanuh karo sapa sing dakprecaya, lan aku ngerti temenan yèn Panjenengané kwasa ngreksa apa sing wis dipitayakaké marang aku, nganti tekan Dina rawuhé Gusti.
1:13 Antepana piwulang bener, sing dakwulangaké marang kowé, dadia tepa tuladha kanggo kowé. Tetepa precaya lan tetepa enggonmu nresnani ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus.
1:14 Jaganen prekara-prekara becik sing wis dipitayakaké marang kowé lantaran pangwasané Sang Roh Suci kang dedalem ana ing kita.
1:15 Kowé wis ngerti yèn wong kabèh ing tanah Asia Cilik wis padha nyingkur marang aku, klebu uga Figelus lan Hérmogènès.
1:16 Muga Gusti maringana sih-rahmat marang brayaté Onésiforus, merga dhèwèké kerep nglipur aku. Dhèwèké ora isin niliki aku ana ing pakunjaran.
1:17 Satekané ing kutha Rum dhèwèké terus nggolèki aku nganti ketemu.
1:18 Muga Gusti ngganjar sih-rahmat marang Onésiforus, ana ing Dina rawuhé Gusti. Lan kowé dhéwé iya ngerti sepira gedhéning pitulungané Onésiforus mau marang aku ana ing kutha Éfesus.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 55 II Timotius

II Timotius 2

2:1 Mulané, kowé anakku, dibakuh lantaran sih-rahmaté Gusti Allah ana ing patunggilan kita karo Sang Kristus Yésus.
2:2 Tembungku sing kokrungu ing piwulangku ana ing ngarepé para seksi akèh kaé gatèkna lan pitayakna marang wong-wong sing kokprecaya, yakuwi wong-wong sing bisa mulangaké bab mau marang wong liya.
2:3 Padha mèlua nandhang sangsara dadi prejurité Sang Kristus Yésus.
2:4 Prejurit sing lagi nglakoni ayahané kuwi kepéngin gawé senengé atiné komandhané, lan ora ngurusi prekara-prekara liya.
2:5 Olahragawan sing mlayu ana ing balapan ora bisa dadi juwara yèn ora netepi prenatané balapan.
2:6 Wong tani sing nyambut-gawé mempeng, kuwi sing kudu olèh panduman dhisik dhéwé saka panènané.
2:7 Gatèkna kandhaku iki, awit Gusti bakal maringi pangerti marang kowé bab apa waé.
2:8 Ngèlingana marang Gusti Yésus, sing wis kawungokaké saka ing séda; Panjenengané kuwi tedhaké Sang Prabu Dawud, kaya sing diwulangaké déning Injil, sing dakwartakaké.
2:9 Merga saka enggonku martakaké Injil mau, aku saiki nandhang sangsara, lan aku diranté kaya durjana. Nanging pangandikané Gusti Allah ora kena diranté.
2:10 Lan iya merga saka kuwi, sakèhing lelakon iki daksangga klawan sabar kanggo umat pilihané Gusti Allah, supaya wong-wong mau iya padha nampanana kamulyan langgeng sing ana ing Sang Kristus Yésus.
2:11 Pancèn bener pangandika ing Kitab Suci sing mengkéné: “Yèn kita mati bareng karo Panjenengané, kita uga bakal urip bareng karo Panjenengané.
2:12 Menawa kita padha tahan, kita bakal ndhèrèk ngerèh karo Panjenengané. Menawa kita nyélaki Panjenengané, kita iya bakal disélaki déning Panjenengané.
2:13 Menawa kita ora setya, Panjenengané tetep setya, awit Panjenengané ora tau sulaya karo sarirané piyambak.”
2:14 Wong-wongmu padha tuturana, lan padha élingna ana ing ngarsané Gusti Allah, supaya aja padha regejegan mung prekara tembung-tembung. Kuwi ora ana paédahé, malah mbubrah pikirané wong sing padha ngrungokaké.
2:15 Padha ngudia sakatogé supaya olèh pengalem saka Gusti Allah, dadi abdi sing ora isin nglakoni pegawéané, yakuwi mènèhaké piwulang bab prekara sing bener, sing sejati saka Gusti Allah.
2:16 Singkirana omongané wong sing bodho lan tanpa teges, sing malah mung nekakaké piala.
2:17 Piwulangé wong-wong mau padha kaya lelara sing nggrogoti daging; kayata piwulangé Himénéus lan Filétus.
2:18 Wong-wong mau wis padha nyimpang saka dalan sing bener lan saiki lagi gawé bingungé wong precaya sawetara, srana piwulangé, yèn petangèné wong mati kuwi wis kelakon.
2:19 Nanging dhasaring pakaryané Gusti Allah kuwi kukuh, ora bisa goyah. Lan iki tembung sing katulis ana ing sandhuwuré dhasar mau: “Gusti pirsa wong-wong sing dadi kagungané,” lan: “Sing sapa ngaku dadi kagungané Gusti, kuwi kudu nyingkiri penggawé ala.”
2:20 Ing sajroning omah sing gedhé kuwi praboté rupa-rupa; ana sing digawé saka slaka, ana sing saka emas; ana menèh sing digawé saka kayu lan lempung; ana sing dienggo kaperluan-kaperluan istiméwa, ana sing kanggo kaperluan-kaperluan lumrah.
2:21 Menawa wong ngresiki awaké saka sarupaning piala, wong mau bakal diagem nindakaké prekara-prekara sing mulya, sing maédahi marang Gustiné. Wong mau samekta diagem nindakaké pegawéan sing utama.
2:22 Mulané nyingkirana watak-wantuné wong nom, lan ngudia marang kamursidan, kaprecayan, katresnan lan katentreman, bebarengan karo wong-wong sing klawan ati sing resik nyuwun pitulungané Gusti.
2:23 Nanging dhébatan sing tanpa teges lan tanpa dhasar kuwi singkirana; awit kowé ngerti yèn kabèh mau wekasané mung nuwuhaké padu.
2:24 Abdiné Gusti mono ora kena kerengan, malah kudu sumanak karo wong kabèh, pinter memulang lan sabar.
2:25 Lan bisa melèhaké wong kanthi alus; mbokmenawa srana mengkono Gusti Allah paring kelonggaran marang wong-wong mau dadi mratobat lan wanuh marang prekara sing bener.
2:26 Sarta banjur padha éling menèh lan oncat saka kalaning Iblis, sing wis njiret wong-wong mau supaya nuruti kekarepané.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 55 II Timotius

II Timotius 3

3:1 Padha élinga, yèn ing dina-dina wekasan bakal ana kasusahan sapirang-pirang.
3:2 Wong bakal padha mikiraké awaké dhéwé lan karem bandha; bakal padha gumunggung lan dhemen goroh. Bakal padha seneng mitenah lan brontak marang wong tuwané; padha ora duwé panarima lan ora merduli marang pangibadah.
3:3 Ora padha sumanak, malah padha ambek siya; seneng ngala-ala wong liya, sarta seneng tumindak kasar lan tegelan. Padha sengit marang kabecikan.
3:4 Seneng cidra, ora sabaran lan kumenthus. Wong-wong mau bakal padha luwih nengenaké kasenengan ketimbang karo ngabekti marang Gusti Allah.
3:5 Padha seneng nglakoni saraking agama mung tata lairé, nanging nampik paédahé agama mau sing satemené. Wong-wong mau singkirana.
3:6 Ana sawetara sing wis padha mlebu-metu omah-omah nedya mbujuk wong-wong wadon sing padha rumangsa kabotan dosa lan padha kabereg déning hawa-nepsu rupa-rupa.
3:7 Yakuwi wong-wong wadon sing padha kepéngin sinau bab prekara sing bener, nanging ora tau nggayuh bab mau.
3:8 Kaya Yanes lan Yambres sing padha nglawan marang Nabi Musa biyèn, mengkono uga wong-wong mau padha nglawan marang kayektèn — yakuwi wong-wong sing pikirané wis rusak lan wis murtad saka precayané.
3:9 Nanging wong-wong iki ora bakal ana kaundhakané, jalaran kabèh wong wis padha ngerti bodhoné, ora béda karo lelakon sing dialami déning Yanes lan Yambres mau.
3:10 Nanging kowé wis nampani piwulangku, wis ngerti kelakuanku lan tujuning uripku. Kowé wis namataké precayaku, kesabaranku, katresnanku, ketabahanku.
3:11 Kowé wis nyipati dhéwé enggonku dianiaya lan disangsara. Kowé wis nyipati dhéwé kabèh sing wis kelakon tumraping aku ana ing kutha-kutha Antiokia, Ikonium, lan Listra, yakuwi panganiaya-panganiaya nggegirisi sing wis dakalami. Nanging Gusti wis ngluwari aku saka kuwi mau kabèh.
3:12 Kabèh wong sing ngabekti lan nunggil karo Sang Kristus bakal ngalami dianiaya,
3:13 nanging wong ala lan wong dhemen cidra malah bakal saya ndadra enggoné nglakoni piala, padha ngapusi, nanging iya diapusi.
3:14 Nanging kowé, Timotius, tetepa nggondhèli kabeneran sing wis koktampani lan kokyakini. Kowé ngerti sapa guru-gurumu biyèn.
3:15 Lan élinga yèn wiwit cilik kowé wis wanuh karo Kitab Suci, sing marakaké kowé olèh kawicaksanan lan nuntun kowé marang keslametan lantaran precaya marang Gusti Yésus Kristus.
3:16 Kabèh isining Kitab Suci kuwi diwangsitaké déning Gusti Allah lan maédahi kanggo mulang bab sing bener, melèhaké sing luput, mbeneraké sing kliru, lan mulang marang manungsa bab urip sing nyondhongi karo kersané Gusti Allah.
3:17 Supaya srana Kitab Suci mau, wong sing ngladosi Gusti Allah dilatih lan dipraboti, sarta padha bisa nglakoni sedhéngah pegawéan sing becik.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 55 II Timotius

II Timotius 4

4:1 Gusti Yésus Kristus bakal rawuh menèh, jumeneng hakim, ngadili wong sing urip lan wong sing wis mati. Panjenengané bakal nindakaké Pepréntahané. Mulané banget penjalukku marang kowé,
4:2 ngabarna Injil, ora preduli wong sing kokkabari gelem ngrungokaké apa ora. Wong padha kandhanana, padha welèhna, lipuren lan wulangen kanthi sabar.
4:3 Bakal ana mangsané wong padha ora betah ngrungokaké piwulang sing bener. Wong-wong mau bakal padha nuruti nepsuné dhéwé lan nglumpukaké guru-guru, sing gelem mulang bab prekara-prekara sing kepénak dirungokaké ing kupingé.
4:4 Wong-wong mau bakal ngingeraké kupingé saka piwulang sing bener, lan milaur ngrungokaké marang dongèng-dongèng.
4:5 Nanging kowé kudu padha ngendhalèni awakmu dhéwé ing sedhéngah kaanan, sing sabar ing sajroning kasangsaran. Injil wartakna, lan kabèh kuwajibanmu tindakna krana enggonmu dadi abdiné Gusti Allah.
4:6 Déné aku, saiki wis tekan titi mangsané enggonku dadi kurban kagem Gusti. Wis tekan wayahé aku ninggalaké donya iki.
4:7 Aku wis mlayu ngetog karosanku sajroning balapan, saiki playuku wis tekan garis wekasan, aku wis menang enggonku ngantepi precaya.
4:8 Lan saiki tandha kemenangan wis disedhiyakaké kanggo aku, yakuwi makuthaning kabeneran, sing bakal kaparingaké déning Gusti, Hakim Kang Adil, marang aku, ana ing Dina Kiamat. Lan ora mung aku dhéwé, nanging sakèhing wong sing padha nganti-anti kanthi tresna marang rawuhé Gusti.
4:9 Ngudia supaya kowé énggal teka ing panggonanku.
4:10 Démas wis ninggal aku, awit seneng karo donya iki; saiki dhèwèké lunga menyang kutha Tésalonika. Kreskes lunga menyang tanah Galatia lan Titus menyang Dalmatia.
4:11 Kari Lukas sing isih ana ing kéné. Markus pethuken lan jaken mréné bareng karo kowé, awit Markus bisa nyambut-gawé mbiyantu aku ana ing pegawéanku.
4:12 Aku wis ngirim Tikhikus menyang kutha Éfesus.
4:13 Yèn kowé mréné jubahku sing daktinggal ana ing kutha Troas, ing omahé Karpus, gawakna. Buku-buku gawanen pisan. Déné sing prelu dhéwé sing ditulis ana ing wlulang *wlulang: perkamèn.* kaé.
4:14 Alèksander, tukang tembaga kaé, wis nindakaké piala akèh marang aku. Dhèwèké bakal diwales déning Gusti manut penggawéné.
4:15 Kowé dhéwé sing waspada marang wong kuwi, sebab banget enggoné nglawan piwulang kita.
4:16 Nalika aku diajokaké ing pengadilan sing kapisan, ora ana wong siji-sijia sing mbélani aku ngaturaké penjawab. Kabèh wis padha ninggal aku. Muga-muga wong-wong mau padha diapura déning Gusti Allah.
4:17 Nanging Gusti wis nunggil karo aku. Aku diparingi kekuwatan, nganti aku bisa nyritakaké bab Injil ing sasampurnané, lan dirungokaké déning para wong dudu Yahudi. Aku wis diluwari saka cangkemé singa.
4:18 Gusti bakal ngluwari aku uga saka ing sarupaning penggawé ala, lan ngasta aku ana ing Kratoné ing swarga. Panjenengané kaluhurna ing selawasé! Amin.
4:19 Aku kirim salam marang Priskila lan Akwila lan marang brayaté Onésiforus.
4:20 Érastus kari ana ing kutha Korintus, nanging Trofimus daktinggal, lagi lara ana ing kutha Milétus.
4:21 Kowé ngudia supaya bisa tekan kéné sadurungé mangsa bedhidhing. Ébulus, Pudès, Linus, lan Klaudia padha kirim salam, mengkono uga sedulur-sedulur liyané sing padha precaya.
4:22 Muga Gusti nunggil karo kowé. Sih-rahmaté Gusti Allah nunggila ing kowé kabèh. Saka aku, Paulus

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 55 II Timotius