Category Archives: 66 Wahyu

Wahyu 1

1:1 Kitab iki isiné wahyu sing diparingaké déning Gusti Yésus Kristus, yakuwi prekara-prekara sing bakal kelakon. Gusti Allah ndhawuhi Sang Kristus supaya nedahaké marang para abdiné Allah bab apa waé sing pinesthi énggal kelakon mau. Sang Kristus wis medharaké bab mau marang Yohanes, abdiné, lumantar malaékat utusané.
1:2 Yohanes banjur nyritakaké kabèh sing wis dideleng mau; cocog kaya sing dingandikakaké déning Gusti Allah marang Gusti Yésus Kristus.
1:3 Begja wong-wong sing padha macakaké lan sing padha ngrungokaké sarta nglakoni surasané pangandika sing katulis ana ing kitab iki, merga ora suwé menèh kabèh mau bakal kelakon.
1:4 Layang iki saka Rasul Yohanes, tumekaa marang pasamuwan pitu ing tanah Asia Cilik. Gusti Allah kang saiki ana, lan kang biyèn wis ana, sarta kang bakal rawuh maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé kabèh. Semono uga roh pitu sing padha nyarengi pangwasané,
1:5 apa déné Gusti Yésus Kristus, Seksi kang setya, kang wungu dhisik dhéwé saka ing séda, lan sing ngwaosi sakèhing pangwasa ing bumi iki. Gusti Yésus sing ngasihi kita lan sing wis ngicali dosa kita srana rahé,
1:6 Panjenengané wis ngangkat kita dadi ratu-ratu lan imam-imam kagem Gusti Allah, Ramané. Iya Gusti Yésus Kristus kuwi sing kagungan kamulyan lan pangwaos ing selawas-lawasé. Amin.
1:7 Delengen! Panjenengané rawuh ana ing méganing langit lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengané; semono uga wong sing wis padha njojoh Panjenengané. Sakèhing bangsa ing bumi bakal padha sambat-sambat nangisi awaké dhéwé, merga saka Panjenengané. Iya pancèn mengkono! Amin!
1:8 “Aku iki Alfa lan Oméga” (Kang Wiwitan lan Kang Pungkasan) mengkono pangandikané Gusti Allah, sing saiki ana, lan sing biyèn ana, sarta sing bakal rawuh ngasta Pangwasa.
1:9 Aku iki Yohanes, sedulurmu lan kancamu ing sajroning kasusahan. Kita padha-padha dadi warganing Kratoné Allah, lan padha-padha ngugemi asmané Yésus klawan tumemen. Aku dibuwang ana ing pulo Patmos merga saka enggonku ngabaraké Injil, sing diwulangaké déning Gusti Yésus.
1:10 Mbeneri ing dina Minggu aku dikwaosi déning Roh Suci, nuli aku krungu swara seru ana ing mburiku kaya uniné kalasangka. *kalasangka: slomprèt.*
1:11 Pangandikané: “Apa sing kokdeleng kuwi tulisen ana ing Kitab Suci lan kirimna marang pasamuwan pitu. Yakuwi: Pasamuwan-pasamuwan Éfesus, Smirna, Pèrgamus, Tiatira, Sardis, Filadèlfia, lan pasamuwan Laodikia.”
1:12 Aku nuli nolèh, kepéngin weruh sapa sing ngendikani aku mau. Aku weruh pedamaran pitu, kagawé saka emas.
1:13 Ing tengah-tengahé lampu pitu mau ana wong ngadeg mèmper Putraning Manungsa, ngagem jubah, sing dawané nganti klangsrah tekan sampéyané. Jajané ngagem sabuk emas.
1:14 Sirah lan rémané putih kaya wulu wedhus gèmbèl, memplak kaya kapas, lan mripaté kaya urubing geni.
1:15 Sampéyané kaya tembaga mengangah ing prapèn. Swarané kaya gumrojoging banyu.
1:16 Astané tengen ngasta lintang pitu, saka tutuké metu pedhangé sing landhep kiwa-tengen. Wedanané mencorong kaya srengéngé ing wayah awan.
1:17 Nalika weruh Panjenengané mau aku nuli krungkep presasat wong mati. Nanging aku banjur ditumpangi astané tengen lan dingandikani: “Aja wedi! Aku iki sing ngasta pangwasané Kang Wiwitan lan Kang Pungkasan.
1:18 Aku iki sumbering urip! Aku wis mati, nanging delengen, Aku urip ing selawasé. Aku sing ngwasani pati lan ngwasani jagadé wong mati.
1:19 Mulané apa sing wis kokdeleng kuwi tulisen, yakuwi prekara-prekara sing kelakon saiki iki, lan sing mbésuk bakal kelakon.
1:20 Mungguh tegesé lintang pitu sing kokdeleng ana ing asta-Ku tengen lan pedamaran emas pitu iki mengkéné: Lintang pitu kuwi para malaékaté pasamuwan pitu lan pedamaran emas pitu kuwi pasamuwan pitu mau.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Wahyu 2

2:1 “Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Éfesus mengkéné: Iki pangandikané Panjenengané kang ngasta lintang pitu ing astané tengen lan kang tindak-tindak ing antarané pedamaran emas pitu mau.
2:2 Aku ngerti sakèhing penggawému: Akèh pegawéan sing wis koktandangi klawan tataging ati. Aku ngerti enggonmu ora nguja marang wong sing ala lakuné, lan enggonmu wis ndadar wong-wong sing ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatané dudu; dadi cethané para wong tukang goroh.
2:3 Aku weruh enggonmu sabar sarta enggonmu nandhang sangsara merga saka Aku, éwasemono kowé padha ora semplah.
2:4 Nanging ana saprekara sing ora Daksenengi: Yakuwi enggonmu wis ninggal katresnanmu sing kawitan.
2:5 Mulané padha ngrumangsanana bangeté mundurmu! Padha mratobata, ninggala dosa-dosamu, lan padha nglakonana apa sing koktindakaké sekawit. Yèn kowé ora mratobat, Aku mesthi bakal rawuh lan bakal mundhut pedamaran mau saka ing panggonané, kejaba yèn kowé padha mratobat saka dosa-dosamu.
2:6 Nanging iya ana saprekara sing becik: Yakuwi enggonmu padha sengit karo penggawéné para penganuté Nikolaus, sing iya Daksengiti.
2:7 Sapa sing ngrungu, padha nggatèkna apa sing dingandikakaké déning Sang Roh Suci marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa tumemen bakal Dakparengaké mangan wohing wit panguripan sing ana ing petamanané Gusti Allah.”
2:8 “Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Smirna mengkéné: Iki dhawuhé Sang Awal lan Sang Akir, sing wis séda lan gesang menèh:
2:9 Aku ngerti kasusahanmu. Kowé mlarat, nanging satemené sugih! Aku ngerti enggonmu diala-ala déning wong-wong sing ngaku-aku wong Yahudi, mangka satemené dudu. Sejatiné wong-wong kuwi umaté Iblis.
2:10 Kowé aja wedi karo kasangsaran sing sedhéla menèh bakal nekani kowé. Lan Iblis bakal nglebokaké wong panunggalanmu sawetara ana ing pakunjaran kanggo nyoba kowé. Kowé bakal nandhang kasusahan sepuluh dina lawasé. Tetepa setya marang Aku, senajan nganti tumeka ing pati; temahan kowé bakal Dakganjar urip sejati kang asipat langgeng, minangka makuthaning *makutha: mahkota (bhs. Ind.).* kemenanganmu.
2:11 Sing sapa ngrungu nggatèkna apa sing dingandikakaké déning Rohé Allah marang pasamuwan-pasamuwan! Sing sapa tetep pangabektiné bakal ora disangsara déning pati sing kapindho.”
2:12 “Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Pèrgamus mengkéné: Iki dhawuhé Kang ngasta pedhang landhep kiwa-tengen:
2:13 Aku ngerti panggonanmu, yakuwi ing kutha krajané Iblis. Kowé padha setya marang Aku. Malah nalika Antipas, seksi-Ku sing setya, dipatèni ana ing satengahmu, iya ana ing kratoné Iblis, kowé padha ora nyélaki precayamu marang Aku.
2:14 Senajan mengkono, ana prekara sawetara sing ora Daksenengi tumraping kowé, yakuwi panunggalanmu ana wong-wong sing padha kèlu karo piwulangé Biléam. Biléam mau ngajani Balak supaya njlomprongaké wong Israèl karebèn padha gawé dosa, srana mangan sesajèné brahala sarta laku jina.
2:15 Mengkono uga panunggalanmu ana wong sawetara sing kèlu karo piwulangé wong-wongé Nikolaus.
2:16 Mulané padha mratobata! Awit yèn ora, mengko Aku bakal énggal nekani kowé lan nglawan wong-wong mau nganggo pedhang sing ana ing tutuk-Ku.
2:17 Sapa sing krungu, nggatèkna apa sing dadi pangandikané Sang Roh Suci marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa unggul bakal Dakparingi mangan manna sengkeran, sarta bakal Dakparingi watu putih. Ing watu mau kaukir jeneng anyar, sing ora dingertèni ing wong, kejaba mung sing diparingi mau.”
2:18 “Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Tiatira mengkéné: Iki dhawuhé Putraning Allah, kang paningalé kaya urubing geni lan sampéyané kaya tembaga mengangah.
2:19 Aku ngerti penggawému kabèh: Iya katresnanmu, iya kasetyanmu, pengabdianmu lan kaantepanmu sajroning nandhang sangsara. Aku ngerti yèn penggawému sing kèri dhéwé iki luwih becik ketimbang karo sing wiwitan.
2:20 Nanging ana saprekara sing ora Daksenengi tumraping kowé: Yakuwi enggonmu ngumbar Izébèl, wong wadon sing ngaku-aku nabining Allah, memulang lan nasaraké para abdi-Ku supaya padha laku jina lan mangan sesajèné brahala.
2:21 Aku wis maringi wektu marang wong mau, nanging ora gelem mratobat saka enggoné laku jina.
2:22 Mulané wong kuwi bakal Dakbanting nganti dadi lara nggléthak ana ing peturon. Ana ing kono Izébèl lan wong-wong sing padha laku jina karo dhèwèké bakal nandhang kasangsaran gedhé. Kuwi bakal énggal Daktindakaké, semono mau yèn padha ora marèni lelakoné sing ala kuwi.
2:23 Wong-wong sing padha kèlu karo Izébèl mau iya bakal Daktumpes, supaya sakèhé pasamuwan padha ngerti yèn Aku pirsa isining nalar lan budining manungsa. Sarta Aku bakal males marang kowé kabèh, miturut sapenggawému dhéwé-dhéwé.
2:24 Nanging tumrap wong-wong liyané ing kutha Tiatira, sing ora kèlu ing piwulang mau lan ora nyinau ngèlmu-ngèlmuning Iblis, Aku prejanji: Aku ora arep nambahi momotan liyané marang kowé.
2:25 Nanging apa sing koklakoni mau ugemana nganti sateka-Ku.
2:26 Sing sapa teguh imané lan tansah nindakaké préntah-Ku nganti tekan ing wekasan, bakal Dakganjar pangwasa padha karo pangwasa sing Daktampa saka Rama-Ku.
2:27 Wong-wong mau bakal padha ngerèh para bangsa nganggo teken wesi; lan bangsa-bangsa bakal diremuk kaya grabah.
2:28 Wong-wong mau uga bakal Dakparingi lintang panjer ésuk.
2:29 Sapa waé sing krungu padha ngrungokna apa sing dadi pangandikaning Rohé Allah marang pasamuwan-pasamuwan.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Wahyu 3

3:1 “Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Sardis, mengkéné: Iki dhawuhé Panjenengané kang kagungan Rohé Allah pitu lan lintang pitu. Aku ngerti sakèhing penggawému. Kowé padha diarani urip, mangka satemené mati!
3:2 Mulané tangia, lan tutugna apa sing koklakoni sadurungé mati babar-pisan, awit penggawému mau ora ana siji waé sing sampurna ana ing ngarsané Allahmu.
3:3 Coba éling-élingen menèh, apa sing biyèn wis diwulangaké marang kowé lan apa sing wis koksaguhi, kuwi tetepana lan kowé padha mratobata. Yèn kowé ora tangi, Aku bakal nekani kowé kaya patrapé maling, sarta kowé ora bakal ngerti wayah apa enggon-Ku teka mau.
3:4 Nanging panunggalanmu ing kutha Sardis ana wong sawetara sing sandhangané tetep resik. Wong-wong mau bakal mlaku bebarengan karo Aku nganggo sandhangan putih, merga padha sembada.
3:5 Sing sapa tetep mengkono mau, bakal dienggoni sandhangan putih, lan jenengé ora bakal Dakbusek saka ing buku sing isi daftaré wong sing padha urip. Malah ana ing ngarsané Rama-Ku lan ing ngarepé malaékaté, wong-wong mau bakal Dakaku dadi kagungan-Ku.
3:6 Sing sapa krungu, padha ngrungokna apa sing dadi pangandikaning Rohé Allah marang pasamuwan-pasamuwan.”
3:7 “Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Filadèlfia mengkéné: Iki pangandikané Panjenengané Kang Suci, lan Kang Sejati, sing ngasta kunciné Dawud. Samangsa Panjenengané ngengakaké, ora ana sing bisa nutup; samangsa Panjenengané nutup, ora ana sing bisa ngengakaké.
3:8 Aku ngerti sakèhing penggawému. Aku ngerti yèn kekuwatanmu ora sepiraa, nanging kowé wis padha netepi piwulang-Ku lan setya marang Aku. Kowé wis Dakwengani lawang sing ora kena diinebaké déning wong.
3:9 Ngertia: Wong-wong umaté Iblis, sing padha goroh lan ngaku-aku wong Yahudi, mangka satemené dudu, wong-wong mau Dakdadèkaké padha sujud jèngkèng ana ing ngarepmu, sarta padha ngakoni yèn Aku tresna marang kowé kabèh.
3:10 Sarèhné kowé wis padha netepi dhawuh-Ku supaya sabar, Aku bakal ngreksa kowé ana ing dina kasangsaran sing bakal kelakon ing donya iki, kanggo ndadar wong sing padha manggon ing bumi.
3:11 Aku bakal énggal rawuh. Apa sing wis kokduwèni kuwi ugemana temenan, supaya aja ana wong sing ngrebut ganjaraning kemenanganmu.
3:12 Sing sapa netepi piwulang-Ku bakal Dakdadèkaké saka-guruning Pedaleman Suciné Rama-Ku, lan ora bakal metu menèh saka ing kono. Karo déné wong mau bakal Daktulisi Asmané Allah-Ku lan jenengé kuthané Allah-Ku, yakuwi kutha Yérusalèm Anyar, sing tumurun saka ing swarga, saka Allah-Ku. Semono uga bakal Daktulisi Asma-Ku kang anyar.
3:13 Sapa sing ngrungu, ngrungokna apa sing dadi pangandikaning Rohé Allah marang pasamuwan-pasamuwan.”
3:14 “Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Laodikia mengkéné: Iki pangandikané Panjenengané, Sang Amin. *Sang Amin: Sang Kristus: ingkang saged dipun pitados.* Seksi sing setya lan sejati, sumbering sakèhing titahé Allah.
3:15 Aku ngerti sakèhing penggawému. Aku ngerti yèn kowé ora adhem lan ora panas. Saiba beciké saupama kowé adhem utawa panas!
3:16 Sarèhné kowé manget-manget, ora adhem ora panas, mulané kowé bakal Daklepèh saka tutuk-Ku.
3:17 Kowé muni: ‘Aku iki sugih lan kecukupan samubarang sarta ora kekurangan apa-apa.’ Nanging kowé ora ngerti yèn kowé kuwi sejatiné mlarat lan memelas. Kowé kuwi mlarat, kewudan lan wuta.
3:18 Mulané kowé Dakpituturi: ‘Kowé tukua emas murni saka Aku, supaya kowé dadi sugih. Iya tukua saka Aku sandhangan putih lan enggonen, supaya wong ora padha weruh enggonmu kewudan, lan ngisin-isini. Semono uga tukua tamba kanggo nambani mripatmu, supaya bisa ndeleng.’
3:19 Wong-wong sing Daktresnani kuwi sing Dakwelèhaké lan Dakajar. Mulané padha ditemen pangabektimu lan padha mratobata, ninggala dosa-dosamu.
3:20 Ngertia! Aku ana ing ngarep lawang sarta thothok-thothok. Yèn ana wong sing krungu swara-Ku lan mbukakaké lawang, Aku bakal mlebu ing omahé lan mangan bebarengan karo wong mau.
3:21 Sing sapa ngèstokaké dhawuh-Ku, bakal Dakparingi wewenang nindakaké pepréntahan bebarengan karo Aku, padha kaya Aku iya wis unggul lan saiki nindakaké pepréntahan bebarengan karo Rama-Ku.
3:22 Sing sapa krungu, ngrungokna apa sing dadi pangandikaning Rohé Allah marang pasamuwan-pasamuwan.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Wahyu 4

4:1 Sawisé mengkono, aku, Yohanes, kaparingan wahyu menèh. Aku weruh lawangé swarga menga lan ana swara sing wis dakrungu biyèn, ngandikani aku kaya swarané slomprèt, mengkéné: “Munggaha mréné. Kowé bakal Daktuduhi apa sing mbésuk bakal kelakon.”
4:2 Sanalika iku uga aku dikwaosi déning Rohé Allah. Aku banjur weruh ing swarga kono ana dhampar. *dhampar: tahta (bhs. Ind.).* Lan sing lenggah ing kono,
4:3 pasuryané sumunar kaya watu yaspis lan sardis. *yaspis lan sardis: bangsanipun séla kanggé rerenggan.* Dhampar mau kinubengan kluwung sumunar kaya zamrud.
4:4 Ing sakubengé dhampar ana dhampar-dhampar liyané, cacahé patlikur, dilenggahi déning para pinisepuh patlikur, ngagem ageman putih lan makutha emas.
4:5 Dhampar mau metu cahyané kaya kilat pating glebyar, lan swara kaya gumlegering gludhug. Ing ngarepé dhampar ana obor pitu murub: yakuwi Rohé Allah pitu.
4:6 Ing ngarepé dhampar iya ana kaya segara bening kaya kaca kristal. Ing satengahé dhampar lan sakubengé ana makluk papat, sisih ngarep lan sisih mburiné, padha kebak mripat.
4:7 Déné makluk mau sing siji rupané kaya singa, sing kapindho kaya sapi lanang, katelu rainé kaya manungsa, lan sing kapaté kaya manuk garudha mabur.
4:8 Makluk papat mau siji-sijiné duwé swiwi nenem, lan badané sekojur njaba njero kebak mripat. Makluk-makluk mau rina wengi tanpa lèrèn memuji: “Suci, suci, suci Pangéran Allah Kang Mahakwasa, sing biyèn ana, saiki ana, lan mbésuk iya ana.”
4:9 Makluk papat mau saben-saben padha nglagokaké kekidungan lan pakurmatan tuwin pamuji sokur konjuk marang Panjenengané kang pinarak ana ing dhampar, lan kang gesang langgeng ing selawas-lawasé. Sajroné makluk-makluk mau padha memuji,
4:10 para pinituwa patlikur padha sumungkem ana ing ngarsané Panjenengané kang lenggah ana ing dhampar, sarta nyembah Panjenengané kang gesang ing selawas-lawasé. Tumuli padha nyèlèhaké makuthané ana ing sangarepé dhampar mau karo munjuk:
4:11 “Dhuh Pangéran, saha Allah kawula! Namung Paduka ingkang pantes kaluhuraken, kaurmatan saha kagungan pangwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis lan inggih margi saking kersa Paduka samukawis menika wonten sarta sami gesang.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Wahyu 5

5:1 Aku nuli weruh yèn Panjenengané kang lenggah ing dhampar mau astané tengen ngasta gulungan kitab. Kitab mau kebak tulisan njaba-njero, sarta disègel nganggo sègel pitu.
5:2 Tumuli aku weruh malaékat sing gagah-prakosa, nguwuh-uwuh klawan sora: “Sapa sing wenang mbukak gulungan kitab iki srana nglèthèki sègel-sègelé?”
5:3 Nanging ing swarga, ing bumi sarta ing sangisoring bumi, ora ana wong siji-sijia sing wani mbukak gulungan kitab kuwi, sarta ndeleng njeroné.
5:4 Aku tumuli nangis kelara-lara, merga ora ana wong sing wenang mbukak gulungan kitab mau sarta weruh isiné.
5:5 Banjur ana pinituwa sing kandha marang aku: “Kowé aja nangis! Delengen, Sang Singa saka taleré Yéhuda, tedhaké Sang Prabu Dawud wis unggul, saguh nglèthèki sègel pitu, sarta mbukak gulungan kitab kuwi.”
5:6 Aku banjur weruh ing satengahé dhampar lan makluk papat, sarta ing satengahé para pinituwa mau ana Cempé ngadeg, katoné kaya tilas disembelèh. Cempé mau sunguné pitu lan mripaté pitu: yakuwi Rohé Allah pepitu, kang kautus menyang ing salumahing bumi.
5:7 Sang Cempé mau banjur nyedhak sarta nampani kitab mau saka asta tengené panjenengané kang pinarak ing dhampar.
5:8 Nalika Sang Cempé mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur nuli sumungkem ana ing ngarepé. Saben pinituwa nyekel clempung lan bokor emas isi menyan, yakuwi pandongané para suci.
5:9 Nuli padha ngidungaké kidung anyar, tembungé: “Namung Paduka ingkang pantes nampèni gulungan kitab menika sarta nglèthèk sègel-sègelipun. Awit Paduka sampun dipun sédani; lan srana séda Paduka menika, tiyang-tiyang saking sedaya taler, basa tuwin negari miwah bangsa sami katebus kagem Gusti Allah.
5:10 Tiyang-tiyang wau sampun Paduka dadosaken tedhak-turunipun ratu, inggih supados sami dados imam-imam ingkang ngladosi Allah kita, tuwin sami kagungan pangwaos wonten ing bumi.”
5:11 Aku banjur weruh lan krungu swarané malaékat sing cacahé maèwu-èwu lan mayuta-yuta padha ngadeg sakubenging dhampar lan makluk papat, tuwin para pinituwa.
5:12 Para malaékat mau padha ngidung nganggo swara sora, pangucapé: “Sang Cempé ingkang sampun kapragat menika pantes nampèni pangwaos, lan kasugihan tuwin kawicaksanan, saha kekiyatan tuwin pakurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana!”
5:13 Aku banjur krungu sakèhing makluk sing ana ing swarga lan ing bumi apa déné sangisoring bumi sarta ing segara — cekaké sakèhing makluk ing jagad raya kabèh — padha ngidung: “Pangalembana lan kaurmatan, tuwin pamuji lan kamulyan kasaosna marang Panjenengané kang lenggah ing dhampar saha Sang Cempé, ing selawas-lawasé.”
5:14 Makluk papat mau padha ngucap: “Amin.” Déné para pinituwa mau padha sumungkem sujud.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Wahyu 6

6:1 Sawisé kuwi aku banjur weruh Sang Cempé nglèthèk sègel sing kapisan. Lan aku krungu pangucapé makluk papat mau salah siji, swarané kaya gludhug: “Padha delengen!”
6:2 Aku nuli namataké lan weruh ana jaran putih. Sing nunggang nyekel gendhéwa lan dienggoni makutha. Banjur maju kaya wong sing menang perangé.
6:3 Sang Cempé nuli nglèthèk sègel sing kapindho, aku krungu makluk kang kapindho ngucap: “Delengen!”
6:4 Tumuli ana jaran liyané maju, ulesé abang mbranang, ditunggangi wong sing kaparingan pangwasa nyirnakaké katentreman sing ana ing bumi, supaya wong-wong padha patèn-pinatènan. Mulané wong mau kaparingan pedhang gedhé.
6:5 Sang Cempé nuli nglèthèk sègel katelu. Aku krungu makluk katelu ngucap: “Delengen!” Aku namataké lan weruh jaran ireng, ditunggangi wong nyekel timbangan.
6:6 Aku nuli krungu swara kaya saka ing tengah-tengahé makluk papat mau. Pangucapé: “Gandum seliter kanggo opah sedina, lan jagung telung liter kanggo opah sedina. Nanging aja ngrusakaké wit-wit zaitun lan kebon anggur!”
6:7 Sang Cempé nuli nglèthèk sègel kapat, aku krungu makluk sing nomer papat ngucap: “Delengen!”
6:8 Aku nuli weruh ana jaran ulesé pucet ditunggangi wong jenengé Pati. Wong mau dietutaké déning Kratoning Pati. Padha kaparingan pangwasa matèni seprapating bumi srana pedhang, pailan, pageblug sarta srana kéwan-kéwan galak.
6:9 Nalika Sang Cempé nglèthèk sègel kelima, aku weruh ing sangisoring mesbèh ana nyawané para wong sing wis padha dipatèni merga saka pangandikané Allah lan merga saka enggoné padha martakaké pangandika mau.
6:10 Nyawa-nyawa mau padha nguwuh-uwuh swarané sora: “Dhuh Sang Kristus ingkang Mahakwaos, ingkang Mahasuci tuwin Mahasetya. Ngantos mbénjing menapa enggèn Paduka ngadili tiyang ingkang wonten ing bumi, kanggé males anggènipun sami mejahi kawula?”
6:11 Nuli nyawa-nyawa mau padha kaparingan jubah putih siji-siji, lan didhawuhi supaya padha lerem sawetara mangsa engkas, nganti cacahé wong sing nunggal pegawéan karo wong-wong kuwi lan sedulur-seduluré sing iya bakal padha dipatèni kaya dhèwèké mau, genep.
6:12 Bareng Sang Cempé nglèthèk sègel sing kanem, aku nuli krasa ana lindhu nggegirisi. Srengéngéné dadi ireng kaya karung areng, lan rembulan dadi abang kaya getih.
6:13 Lintang-lintang ing langit padha rontog tiba ing bumi, kaya wohing wit anjir sing isih mentah padha rontog katempuh ing angin gedhé.
6:14 Langit nuli nglunthung kaya kertas digulung, lan sakèhing gunung sarta pulo padha ngalih saka panggonané.
6:15 Para raja ing bumi, para penggedhé lan para pemimpining prejurit, para wong sugih lan para pangwasa, sakèhing batur-tukon lan wong merdika kabèh padha umpetan ana ing guwa-guwa lan ing sela-selaning gunung watu.
6:16 Wong-wong mau padha kandha karo gunung-gunung lan watu-watu mau: “Aku padha jugrugana lan aling-alingana, supaya aku padha ora kapirsan déning Panjenengané kang lenggah ing dhampar lan kena ing bebenduné Sang Cempé mau.
6:17 Sebab wis tekan dina paukumané Panjenengané kang lenggah ing dhampar lan Sang Cempé; mangka ora ana sing kuwagang nadhahi.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Wahyu 7

7:1 Sawisé kuwi aku weruh malaékat papat ngadeg ana ing pojoking bumi papat, padha nyandhet angining bumi saka kéblat papat, supaya aja ana angin sing niyub ing dharatan, ing segara utawa ing wit-witan.
7:2 Banjur aku weruh ana malaékat liyané njedhul saka ing Wétan. Malaékat mau nggawa ecapé Allah kang gesang. Klawan swara seru malaékat mau kandha karo malaékat papat sing padha kaparingan wewenang saka Gusti Allah ngrusak dharatan lan segara.
7:3 Tembungé: “Aja ngrusak dharatan lan segara utawa wit-witan sadurungé aku padha ngecap bathuké para abdiné Allah!”
7:4 Aku dikandhani yèn cacahé para abdiné Allah sing diecapi bathuké mau satus patang puluh papat èwu.
7:5 Wong-wong kuwi asalé saka taleré bangsa Israèl rolas; saben taler 12.000. Yakuwi saka taler Yéhuda, Rubèn, Gad,
7:6 Asyèr, Naftali, Manasyè,
7:7 Siméon, Lèwi, Isakar,
7:8 Zébulon, Yusuf, Bènyamin.
7:9 Sawisé mengkono aku weruh ana golonganing wong akèh banget, ora kena diétung merga saka akèhé. Asalé wong-wong mau saka sakèhing bangsa, taler, negara lan basa. Padha ngadeg ana ing ngarepé dhampar lan ing ngarsané Sang Cempé; padha nganggo jubah putih sarta nyekel pang kurma.
7:10 Wong-wong mau padha nguwuh swarané seru: “Kita iki bisané slamet mung merga saka Allah kita kang lenggah ing dhampar sarta merga Sang Cempé!”
7:11 Ana déné para malaékat padha ngadeg ing sakubenging dhampar lan para pinituwa, sarta makluk papat mau. Para malaékat nuli padha sumungkem ing ngarepé dhampar sarta sujud marang Gusti Allah.
7:12 Unjuké: “Amin! Sakèhing puji kasaosna marang Allah kita merga saka kamulyan lan kawicaksanané. Pantes kasaosan panuwun lan kaurmatan, awit pangwasa lan kasektèné langgeng ing selawas-lawasé. Amin!”
7:13 Nuli ana pinituwa sing ndangu marang aku: “Apa kowé ngerti, sapa sing padha nganggo jubah putih kuwi lan saka ngendi pinangkané?”
7:14 Atur wangsulanku: “Bapak, kula mboten ngertos. Malah Bapak ingkang pirsa.” Pinituwa mau banjur ngandika marang aku: “Kuwi wong-wong sing luwar saka ing panganiaya sing nggegirisi, sarta wis padha ngumbah jubahé nganti putih srana rahé Sang Cempé.
7:15 Mulané padha ngadhep ana ing ngarepé dhamparing Allah, sarta padha ngabekti marang Panjenengané rina lan wengi ana ing Pedalemané Allah. Lan Panjenengané kang lenggah ing dhampar kuwi bakal dedalem ana ing satengahé wong-wong mau, paring pengayoman.
7:16 Wong-wong kuwi bakal padha ora krasa luwé lan ngelak menèh, sarta ora bakal ngrasakaké panasing srengéngé sing sumelèt.
7:17 Awit Sang Cempé sing lenggah ing dhampar kuwi bakal dadi pangoné sing ngirid wong-wong mau menyang etuking banyu kauripan, sarta Gusti Allah bakal ngusapi sakèhé eluhing mripaté.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Wahyu 8

8:1 Bareng Sang Cempé mau nglèthèk sègel sing kapitu, ing swarga banjur dadi sepi nyenyet wetara setengah jam suwéné.
8:2 Nuli aku weruh malaékat pitu ngadeg ana ing ngarsaning Allah, padha kaparingan slomprèt pitu.
8:3 Malaékat liyané, sing nggawa pedupan emas, nyedhaki mesbèh lan ngadeg ing ngarepé mesbèh mau. Malaékat mau wis kaparingan menyan akèh supaya diobong minangka sesaosan, bebarengan karo pandongané para umaté Allah kabèh, ana ing mesbèh emas, ing ngarepé dhampar.
8:4 Kukusé menyan sing diobong kuwi kumelun awor karo pandongané umaté Allah saka tangané malaékat mau marang ngarsané Gusti Allah.
8:5 Malaékat mau nuli nggawa pedupan lan diisèni mawa saka ing mesbèh, banjur diuncalaké menyang bumi. Nuli ana swarané gludhug gumleger bebarengan bledhèg sesamberan, apa déné lindhu.
8:6 Sawisé kuwi malaékat pitu sing padha nyekel slomprèt mau banjur tata-tata arep ngunèkaké slomprèté.
8:7 Bareng malaékat kang kapisan ngunèkaké slomprèté mau, nuli ana udan ès lan geni, campur getih, kaesokaké ing bumi; saprateloné bumi lan saprateloné wit-witan nganti padha kobong, semono uga sakèhé suket ijo.
8:8 Malaékat kang kapindho nuli ngunèkaké slomprèté. Banjur ana barang saèmper gunung gedhé sing murub, kauncalaké ing segara. Temah saprateloné segara malih dadi getih,
8:9 lan saprateloné makluk sing urip ing segara padha mati lan saprateloné kapal-kapal sing lagi lelayaran padha tumpes.
8:10 Malaékat kang katelu ngunèkaké slomprèté, banjur ana lintang gedhé murub kaya obor tiba saka ing langit, nibani saprateloné kali-kali lan etuk-etuking banyu.
8:11 Lintang mau jenengé Apsintus, tegesé “Pait”. Mula saprateloné sakèhing banyu dadi pait, njalari akèh wong padha mati merga ngombé banyu sing wis dadi pait mau.
8:12 Malaékat kang kapat banjur ngunèkaké slomprèté, saprateloné srengéngé lan saprateloné rembulan sarta saprateloné lintang-lintang padha ilang cahyané sapratelon. Semono uga saprateloné awan lan saprateloné wengi dadi peteng ndhedhet.
8:13 Aku banjur weruh ana manuk garudha mabur dhuwur ing awang-awang. Manuk mau nywara seru: “Bilai, bilai! Samangsa malaékat telu liyané ngunèkaké slomprèté, sakèhing wong sing padha manggon ing bumi iki nemahi bilai.”

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Wahyu 9

9:1 Malaékat sing kalima nuli ngunèkaké slomprèté. Aku banjur weruh ana lintang tiba saka ing langit nibani bumi. Lintang mau kaparingan kunciné lawang teleng palimenganing pati.
9:2 Bareng lawangé dibukak, banjur ana kukus kumelun metu saka ing teleng palimengan mau kaya kebul metu saka pawon gedhé. Soroté srengéngé lan awang-awang banjur dadi peteng déning kebul mau.
9:3 Saka kebul kuwi nuli metu walangé akèh sing padha niba ing bumi. Walang-walang mau ngetokaké wisa ampuh saèmper wisané kalajengking,
9:4 lan padha dipenging ngrusak suket utawa wit-witan utawa thethukulan liya-liyané, kejaba mung manungsa sing ing bathuké ora ana capé Gusti Allah.
9:5 Walang-walang mau ora diparengaké matèni manungsa, nanging mung nyiksa waé, lawasé limang sasi. Panyiksa mau larané kaya yèn dientup kalajengking.
9:6 Sajroné limang sasi wong-wong mau padha ngudi supaya mati, nanging ora bisa. Padha kepéngin mati, nanging malah diedohi déning pati.
9:7 Rupané walang-walang mau kaya jaran sing siap arep perang. Ing endhasé ana kaya makutha emas. Rainé kaya rai manungsa.
9:8 Lan wuluné kaya rambuté wong wadon. Untuné kaya untu singa.
9:9 Dhadhané kaya nganggo keré wesi. Swarané elaré kumrasak kaya gumrubyuging kréta perang akèh digèrèd ing jaran, maju menyang peprangan.
9:10 Walang-walang mau duwé buntut lan entup kaya entupé kalajengking. Iya ana ing buntuté kuwi dununging kekuwatané kanggo nyiksa manungsa lawasé limang sasi.
9:11 Walang-walang mau duwé ratu, yakuwi malaékat penggedhéné teleng palimengan. Jenengé ing basa Ibrani Abadon, lan ing basa Yunani Apolion, tegesé: “Tukang Ngrusak.”
9:12 Kasangsaran sing sepisan wis kelakon. Sawisé kuwi isih ana kasangsaran loro menèh.
9:13 Malaékat sing kanem banjur ngunèkaké slomprèté. Aku banjur krungu swara metu saka pojoké papat mesbèh emas sing ana ing ngarsané Gusti Allah.
9:14 Swara kuwi ngandika marang malaékat kanem sing nyekel slomprèt mau: “Malaékat papat sing padha kabanda ana ing sacedhaké Bengawan Éfrat kuwi uculana.”
9:15 Malaékat papat mau nuli diuculi. Yakuwi malaékat sing dicawisaké kanggo matèni saprateloné umaté manungsa sing jam, dina, sasi lan tauné wis katemtokaké.
9:16 Aku dikandhani yèn cacahé prejurit jaranan kuwi rong atus yuta.
9:17 Ana ing wahyu kono aku weruh jaran-jaran lan sing padha nunggangi. Sing padha nunggang mau nganggo keré wesi, rupané abang mbranang lan biru kaya watu nilam, sarta kuning lirang. Endhasé jaran kaya endhas singa, lan cangkemé ngetokaké geni, kukus lan lirang.
9:18 Saprateloné umaté manungsa padha dipatèni déning wewelak *wewelak: malapetaka (bhs. Ind.).* telu, yakuwi geni, kukus lan lirang sing metu saka cangkemé jaran-jaran mau.
9:19 Daya kekuwatané jaran-jaran kuwi dumunung ana ing cangkemé sarta ing buntuté. Merga buntuté kuwi kaya ula, nganggo endhas. Srana buntut-buntuté kuwi jaran-jaran mau nyiksa umaté manungsa.
9:20 Nanging kekarèné manungsa sing ora dipatèni nganggo wewelak telu mau meksa ora padha mratobat saka penggawéné sing ala. Ora padha marèni enggoné nyembah marang para dhemit lan brahala-brahala emas, slaka, tembaga, watu apa déné kayu sing ora bisa ndeleng, krungu utawa mlaku.
9:21 Apa menèh ora padha mratobat saka enggoné mematèni, ulah ngèlmu gaib, laku jina, apa déné nyenyolong.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu

Wahyu 10

10:1 Aku banjur weruh ana malaékat liyané sing gagah-prakosa mudhun saka ing swarga, kemulan méga, lan ing sandhuwuring sirahé ana kluwungé. Rainé mencorong kaya srengéngé, lan sikilé kaya tugu geni.
10:2 Malaékat mau nyekeli gulungan kitab cilik bukakan. Sikilé sing tengen tumapak ing segara, lan sing kiwa ana ing dharatan.
10:3 Malaékat mau nguwuh seru kaya panggeroning singa. Sawisé mengkono, gludhug pitu kuwi mangsuli swarané gumleger.
10:4 Apa sing diucapaké gludhug pitu mau arep dakcatheti, nanging aku krungu swara saka ing swarga ngandika: “Apa sing diucapaké déning gludhug pitu kuwi wewadi. Aja kokcathet!”
10:5 Malaékat sing dakdeleng ngadeg ana ing segara lan ing dharatan mau nuli ngangkat ngathungaké tangané tengen,
10:6 sarta banjur sumpah demi Panjenengané kang gesang langgeng selawas-lawasé, kang nitahaké langit saisiné, lan bumi saisiné sarta segara saisiné; tembungé: “Dinané ora bakal kaundur menèh!
10:7 Nanging samangsa malaékat kapitu ngunèkaké slomprèté, Gusti Allah bakal nindakaké rancangané, kaya sing wis kawartosaké marang para abdiné, yakuwi para nabi.”
10:8 Swara sing wis dakrungu saka swarga mau nuli ngandika menèh mengkéné: “Majua, kitab gulungan bukakan sing ana ing tangané malaékat kang ngadeg ana ing segara lan ing dharatan kuwi tampanana.”
10:9 Aku banjur marani malaékat mau lan njaluk, supaya kitab kawènèhna marang aku. Pangucapé malaékat mau: “Tampanana lan panganen. Ana ing wetengmu rasané bakal kecut, nanging ana ing cangkemmu rasané legi kaya madu.”
10:10 Kitab bukakan cilik mau nuli daktampani lan dakpangan. Ana ing cangkem rasané kaya madu, nanging bareng dakulu tekan weteng rasané kecut.
10:11 Aku nuli didhawuhi supaya martakaké pangandikané Gusti Allah menèh marang para bangsa, negara-negara, basa sarta para ratu.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 66 Wahyu