Category Archives: 57 Filémon

Filémon 1

1:1 Layang saka aku Paulus, wong sing dikunjara merga Sang Kristus Yésus, lan saka sedulur kita Timotius, tumekaa marang kanca lan mitraku tunggal gawé, Filémon,
1:2 lan marang pasamuwan sing ngumpul ana ing omahmu; sarta marang sedulur kita wadon Apfia, apa déné marang Arkhipus, kanca kita tunggal sapegawéan.
1:3 Gusti Allah Rama kita lan Gusti kita Yésus Kristus maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé.
1:4 Sedulur Filémon! Saben-saben aku ndedonga, aku tansah ngèlingi kowé lan saos sukur marang Gusti Allah.
1:5 Awit aku krungu bab katresnanmu marang para kagungané Allah, lan bab precayamu marang Gusti kita Yésus Kristus.
1:6 Kang daksuwun-suwun, muga-muga enggonku padha paseduluran karo kowé, merga padha déné dadi wong precaya, njalari kita saya ngerti marang sakèhing berkah, sing padha kita tampani ana ing patunggilan kita karo Sang Kristus.
1:7 Katresnanmu, Filémon, sedulur kang kinasih, ndadèkaké bungahku lan gawé gedhéning atiku! Para umaté Gusti Allah kabèh rumangsa olèh panglipur saka kowé.
1:8 Mulané, aku sedulurmu tunggal precaya marang Gusti Yésus Kristus, satemené bisa préntah marang kowé tanpa wigih-wigih, supaya nindakaké apa sing prelu.
1:9 Nanging merga saka tresna, luwih prayoga menawa aku ora préntah, nanging ajak-ajak kowé, senajan aku, Paulus, utusané Sang Kristus Yésus kalané saiki lagi dikunjara merga saka asmané.
1:10 Penjalukku marang kowé kanggo Onésimus, anakku ana ing Sang Kristus, awit sajroné aku dikunjara aku dadi bapakné kasukman.
1:11 Onésimus kuwi biyèn ora ana gunané tumrap kowé, nanging saiki migunani tumrap kowé lan iya tumrap aku.
1:12 Wong sing daktresnani banget iku dakkon bali mèlu kowé menèh.
1:13 Satemené aku kepéngin nyandhet dhèwèké ana ing kéné ngancani aku, sajroné aku dikunjara merga Injil, supaya bisa mbiyantu aku minangka sesulihmu.
1:14 Nanging aku emoh meksa kowé; aku luwih seneng yèn kowé nindakaké sing mengkono mau klawan sukalilaning atimu. Dadi aku ora arep nindakaké apa-apa tanpa nganggo rembugmu dhisik.
1:15 Bisa uga pisahé Onésimus karo kowé kanggo sawetara mangsa kuwi supaya dhèwèké bisa koktampa menèh kanggo selawasé.
1:16 Saiki Onésimus kuwi dudu batur-tukon, nanging saiki dadi sedulurmu kang kinasih ana ing Kristus. Kaya mengkono kaanané Onésimus tumrap ing aku, mengkono uga tumraping kowé, yakuwi abdi lan uga sedulur tunggal Gusti.
1:17 Dadiné yèn aku kokanggep kanca tunggal precaya, Onésimus iya tampanana kaya enggonmu nampani aku dhéwé.
1:18 Yèn Onésimus keluputan karo kowé, utawa duwé utang apa-apa karo kowé, aku sing nanggung.
1:19 Aku tandha tangan ana ing kéné: Aku, Paulus sing arep mbayar. (Lan ora ana preluné aku ngélingaké kowé bab utangmu karo aku, yakuwi awakmu dhéwé.)
1:20 Mulané kowé sedulurku ana ing Gusti, aku gentèn tulungana. Atiku lipura krana enggonku duwé sedulur kowé, padha-padha wong Kristen.
1:21 Sajroné nulis layang iki aku yakin, yèn kowé bakal ngleksanani penjalukku. Malah aku ngerti yèn satemené kowé bakal tumindak luwih saka kuwi.
1:22 Kejaba kuwi, aku sedhianana kamar siji, awit aku duwé pengarep-arep yèn Gusti Allah bakal ngabulaké panyuwunmu kabèh lan aku bali nunggal karo kowé menèh.
1:23 Épafras sing bareng karo aku ana ing pakunjaran krana Sang Kristus, kirim salam marang kowé.
1:24 Mengkono uga kancaku nunggal pegawéan, Markus, Aristarkhus, Dhémas lan Lukas.
1:25 Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila karo kowé kabèh. Saka aku, Paulus

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 57 Filémon