Purwaning Dumadi 1


1:1 Ing jaman kuna sing wiwitan mula Gusti Allah nitahaké jagad.
1:2 Bumi kaanané isih ora karu-karuwan, tur sepi banget. Salumahé bumi ketutupan banyu, mangka kaanané peteng ndhedhet. Déné Rohé Allah makarya ana ing sandhuwuré banyu.
1:3 Gusti Allah nuli ngandika, “Anaa padhang.” Banjur ana padhang.
1:4 Gusti Allah mirsani yèn padhang mau wis becik. Panjenengané nuli misah padhang karo peteng,
1:5 sing padhang diarani “rina”, sing peteng diarani “wengi”. Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kapisan.
1:6 Gusti Allah nuli ngandika, “Anaa penthèngan *penthèngan: cakrawala.* kang misahaké banyu dadi loro, ing panggonané dhéwé-dhéwé.” Banjur iya dadi mengkono.
1:7 Kaya mengkono Gusti Allah wus yasa penthèngan kanggo misahaké banyu sing ana sangisoring penthèngan karo banyu sing ana sandhuwuré penthèngan mau.
1:8 Penthèngan kuwi diarani “langit”. Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kapindho.
1:9 Gusti Allah banjur ngandika, “Banyu kang ana ing sangisoring langit padha nglumpuka dadi siji, supaya katona dharatané.” Banjur iya dadi mengkono.
1:10 Dharatan mau diarani “bumi”, lan klumpukané banyu diarani “segara”. Gusti Allah mirsani yèn kaanané wis becik.
1:11 Panjenengané nuli ngandika, “Bumi metokna tetuwuhan rupa-rupa, yakuwi thethukulan kang nuwuhaké wiji, lan wit-witan kang metokaké woh-wohan.” Banjur iya dadi mengkono.
1:12 Bumi metokaké tetuwuhan werna-werna, iya thethukulan sing nuwuhaké wiji, semono uga wit-witan sing metokaké woh-wohan. Gusti Allah mirsani yèn kuwi mau kabèh wis becik.
1:13 Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang katelu.
1:14 Gusti Allah banjur ngandika, “Ing langit anaa pepadhangé sing misahaké rina lan wengi, sarta kanggo tengeran wiwitané dina, taun lan mangsa riaya manut prenataning agama.
1:15 Karo menèh padha dadia pepadhang ing langit lan madhangana bumi.” Banjur iya dadi mengkono.
1:16 Gusti Allah yasa pepadhang loro sing gedhé, yakuwi srengéngé ngerèh wayah rina, lan rembulan ing wayah bengi, mengkono uga yasa lintang-lintang.
1:17 Pepadhang-pepadhang mau diprenahaké déning Gusti Allah ana ing langit kanggo madhangi bumi,
1:18 ngerèh wayah rina lan wayah bengi, apa déné misahaké padhang karo peteng. Gusti Allah mirsani yèn kabèh mau wis becik.
1:19 Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kapat.
1:20 Gusti Allah nuli ngandika, “Ing banyu anaa kéwan banyu werna-werna, lan ing awang-awang anaa manuké.”
1:21 Gusti Allah nitahaké kéwan kang gedhé-gedhé banget, lan werna-werna sing padha urip ing banyu, semono uga sakèhé manuk. Gusti Allah mirsani yèn kuwi kabèh wis becik.
1:22 Nuli padha diberkahi; pangandikané marang kéwan-kéwan sing ana ing banyu, “Padha bebranahana *bebranahan: tangkar-tumangkar: berkembang biak.* lan tangkar-tumangkara, ngebakana banyuning segara. Lan manuk-manuk padha tangkar-tumangkara ana ing bumi.”
1:23 Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kalima.
1:24 Gusti Allah banjur ngandika, “Ing bumi anaa kéwan werna-werna, kéwan ingon-ingon lan kéwan alasan, kang gedhé lan kang cilik.” Banjur iya dadi mengkono.
1:25 Gusti Allah yasa sato kéwan kuwi mau kabèh, sarta dipirsani wis becik.
1:26 Gusti Allah nuli ngandika, “Ayo Kita padha yasa manungsa, nulad gambar lan pasemon Kita. Manungsa iku ngwasanana iwak-iwak, manuk-manuk, lan sakèhé kéwan ingon-ingon lan kéwan alasan, sing gedhé tekan sing cilik dhéwé pisan.”
1:27 Gusti Allah nuli yasa manungsa nulad gambar lan pasemoné Piyambak. Enggoné nitahaké manungsa mau lanang lan wadon.
1:28 Nuli padha diberkahi, pangandikané, “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; turunmu padha ngebakana lan ngwasanana bumi. Mengkono uga padha ngwasanana sakèhing iwak, manuk-manuk lan kéwan-kéwan alasan.”
1:29 Sarta pangandikané menèh, “Kowé padha Dakparingi sarupané thethukulan kang metokaké wiji, apa déné sarupané woh-wohan minangka panganmu;
1:30 nanging sakèhing sato-kéwan alasan lan sakèhing manuk sarta sarupaning kéwan-kéwan liyané Dakparingi suket lan godhongé tetuwuhan minangka pangané.” Banjur iya dadi mengkono.
1:31 Gusti Allah nuli mirsani samubarang yasané, lan kabèh mau wis becik banget. Mengkono wis dadi soré lan wis dadi ésuk; yakuwi dina kang kanem.

Leave a comment

Filed under 01 Purwaning Dumadi, 1 Prajanjian Lawas

Leave a comment