Yohanes 4


4:1 Wong Farisi padha krungu yèn Gusti Yésus olèh murid lan mbaptisi wong luwih akèh ketimbang karo Nabi Yohanes.
4:2 Satemené Gusti Yésus dhéwé ora mbaptis; sing mbaptis para sekabat.)
4:3 Nalika pirsa yèn wong Farisi padha krungu bab kuwi, Gusti Yésus nuli tindak saka tanah Yudéa, menyang tanah Galiléa.
4:4 Tindaké mau ngersakaké miyos tanah Samaria.
4:5 Ing tanah Samaria kono Gusti Yésus rawuh ing kutha Sikhar, ora adoh saka palemahan, sing biyèn déning Yakub diparingaké marang putrané sing jeneng Yusuf.
4:6 Ing kono ana sumuré Rama Yakub. Sarèhné sayah banget, Gusti Yésus nuli lenggah ing pinggir sumur mau. Nalika semana kira-kira jam rolas awan.
4:7 Nuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Gusti Yésus nuli ngandika marang wong mau: “Aku wènèhana ngombé.”
4:8 Para sekabaté lagi padha lunga menyang kutha, tuku pangan.
4:9 Wong wadon Samaria mau mangsuli: “Panjenengan rak priyantun Yahudi lan kula menika tiyang Samaria. Kénging menapa Panjenengan mundhut ngunjuk dhateng kula?” (Awit wong Yahudi karo wong Samaria padha sesengitan.)
4:10 Pangandikané Gusti Yésus: “Yèn kowé ngerti bab ganjaran peparingé Gusti Allah lan ngerti sapa sing njaluk ngombé marang kowé, mesthi kowé dhéwé sing malah bakal njaluk ngombé marang wong mau lan wong kuwi bakal mènèhi kowé banyu sing marakaké urip.”
4:11 Aturé wong wadon mau: “Panjenengan mboten kagungan timba, mangka sumur menika lebet sanget. Saking pundi enggèn Panjenengan saged maringi toyaning gesang?
4:12 Sumur menika tilaranipun leluhur kita, Rama Yakub. Rama Yakub piyambak ngunjuk saking toya sumur menika, mekaten ugi para putra lan raja-kayanipun. Menapa Panjenengan ngungkuli leluhur kita Yakub?”
4:13 Pangandikané Gusti Yésus: “Kabèh wong sing ngombé banyu iki bakal ngelak menèh,
4:14 nanging wong sing ngombé banyu sing Dakwènèhaké, selawasé ora bakal ngelak. Awit banyu sing Dakwènèhaké kuwi bakal dadi sumber sing mili terus, lan ndadèkaké wong mau lestari urip ing selawasé!”
4:15 Aturé wong wadon mau: “Kula mbok Panjenengan paringi toya menika, supados kula mboten ngelak malih, lan mboten prelu ngangsu mriki.”
4:16 Pangandikané Gusti Yésus: “Lungaa, bojomu undangen lan balia mréné.”
4:17 Aturé wong wadon mau: “Kula mboten gadhah sémah.” Pangandikané Gusti Yésus: “Pancèn bener kandhamu: ‘Kula mboten gadhah sémah,’
4:18 sebab kowé wis kawin karo wong lanang lima, lan wong lanang sing saiki urip bebarengan karo kowé, kuwi satemené dudu bojomu. Mulané, kandhamu mau bener.”
4:19 “Samenika kula sumerep, bilih Panjenengan menika Nabi,” aturé wong wadon mau.
4:20 “Leluhur kula sami manembah Gusti Allah wonten ing redi menika, nanging bangsa Panjenengan, bangsa Yahudi, criyos bilih panggènanipun tiyang manembah Gusti Allah menika namung wonten ing kitha Yérusalèm kémawon.”
4:21 Pangandikané Gusti Yésus: “Ngandela. Bakal ana wektuné wong manembah marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki lan uga ora ana ing kutha Yérusalèm.
4:22 Kowé wong Samaria padha ora ngerti sapa sing koksembah, nanging Aku wong Yahudi ngerti, sebab keslametan kuwi tekané lantaran wong Yahudi.
4:23 Bakal ana wektuné, malah saiki wis kelakon, wong-wong sing nyembah marang Sang Rama kanthi temenan, kuwi panyembahé klawan Roh Suci lan kanthi jujuring ati. Sebab iya srana patrap mengkono kuwi Sang Rama kersa disembah.
4:24 Gusti Allah kuwi Roh, lan wong sing arep nyembah marang Gusti Allah kudu nyembah Panjenengané kaya sapamisiké Roh.”
4:25 Wong wadon mau nuli matur marang Gusti Yésus: “Kula sumerep bilih Sang Kristus badhé rawuh. Menawi rawuh, Panjenenganipun badhé nerangaken samukawis dhateng kita.”
4:26 Pangandikané Gusti Yésus: “Iya Aku, sing lagi ngandikan karo kowé iki Panjenengané.”
4:27 Nalika semana para sekabaté Gusti Yésus padha teka. Wong-wong mau padha gumun weruh Gusti Yésus ngandikan karo wong wadon. Nanging ora ana siji waé sing nyuwun pirsa: “Panjenengan ngandikan bab menapa?” Utawa: “Menapa sebabipun Panjenengan ngandikan kaliyan tiyang èstri menika?”
4:28 Wong wadon mau nuli ninggal klenthingé ana ing kono, banjur énggal-énggal lunga menyang kutha, sarta kandha karo wong-wong ing kutha,
4:29 “Ayo padha ndelenga, ing kana ana Wong sing ngandikakaké lelakonku kabèh marang aku. Bisa uga kuwi Sang Kristus!”
4:30 Wong-wong mau nuli padha metu saka kutha marani Gusti Yésus.
4:31 Nalika semana para sekabaté Gusti Yésus ngaturi dhahar, aturé: “Guru, mangga kula aturi dhahar rumiyin!”
4:32 Nanging Gusti Yésus ngandika: “Aku duwé pangan sing ora kokngertèni.”
4:33 Para sekabat nuli padha takon-tinakon: “Apa ana wong sing nyaosi dhahar?”
4:34 Gusti Yésus banjur ngandika: “Pangan-Ku, yakuwi nindakaké kersané Gusti Allah, sing ngutus Aku, lan ngrampungaké pegawéan sing wajib Daklakoni.
4:35 Kowé padha muni: ‘Isih patang sasi engkas, lagi panèn.’ Nanging kowé padha Dakkandhani: Padha ngungaka ing sawah-sawah. Pariné wis padha kuning, wis wayahé dienèni!
4:36 Wong-wong sing padha derep kuwi saiki padha nampa bawon lan padha nglumpukaké asilé pegawéané, yakuwi urip langgeng. Kuwi sebabé wong sing nyebar lan wong sing ngundhuh loro-loroné padha bungah bebarengan.
4:37 Tumraping prekara iki ana paribasan: ‘Wong liya sing nandur, wong liyané menèh sing ngenèni.’
4:38 Kowé padha Dakutus ngenèni ing sawah, sing digarap déning wong liya; wong liya sing nggarap lan kowé sing ngenèni pametuning garapané.”
4:39 Akèh wong Samaria ing kutha kono, sing padha precaya marang Gusti Yésus, merga wong wadon mau kandha: ‘Panjenengané wis mbèbèraké marang aku, samubarang sing wis tau daklakoni.’
4:40 Wong-wong Samaria bareng wis ketemu karo Gusti Yésus, banjur padha nyuwun kanthi banget, supaya Panjenengané kersa pinarak ing omahé wong-wong mau. Gusti Yésus kèndel ana ing kono nganti rong dina.
4:41 Sawisé kuwi saya akèh menèh wong sing padha precaya merga saka piwulangé Gusti Yésus piyambak.
4:42 Wong-wong Samaria kuwi padha kandha karo wong wadon mau: “Saiki aku padha precaya marang Gusti Yésus, ora mung merga saka paseksimu, nanging merga aku dhéwé wis padha ngrungokaké pangandikané, lan ngerti yèn Panjenengané kuwi pancèn Sang Kristus.”
4:43 Sawisé kèndel ana ing tanah Sikhar rong dina, Gusti Yésus nuli tindak menyang tanah Galiléa.
4:44 Panjenengané wis ngandika: “Nabi kuwi yèn ana ing negarané dhéwé ora kajèn.”
4:45 Nanging nalika tekan ing tanah Galiléa, wong-wong ing kana padha nampa Panjenengané klawan bungah, sebab nalika padha ana ing kutha Yérusalèm, yakuwi nalika Riaya Paskah, wong-wong mau wis padha weruh apa sing dhèk semana ditindakaké déning Gusti Yésus.
4:46 Gusti Yésus nuli tindak menèh menyang kutha Kana, ing tanah Galiléa, panggonan enggoné Panjenengané damel mujijat banyu dadi anggur. Ing kono ana sawijining pegawé kraton, sing anaké lagi lara ing Kapèrnaum.
4:47 Nalika krungu yèn Gusti Yésus rawuh saka tanah Yudéa menyang tanah Galiléa, wong mau nuli sowan ing ngarsané Gusti Yésus, sarta nyuwun, supaya kersa tindak menyang Kapèrnaum, marasaké anaké, sing wis mèh mati.
4:48 Gusti Yésus ngandika marang pegawé kraton mau: “Apa kowé durung precaya, yèn durung ndeleng mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan.”
4:49 Wangsulané pegawé kraton mau: “Kula aturi énggal tindak, Guru, mumpung anak kawula dèrèng pejah.”
4:50 Dhawuhé Gusti Yésus: “Wis balia, anakmu urip.” Wong mau precaya marang pangandikané Gusti Yésus, banjur mulih.
4:51 Nalika lagi mlaku mulih, ana abdiné sawetara padha methukaké lan matur: “Keng putra sampun saras.”
4:52 Pegawé kraton mau nuli nakokaké jam pira anaké wiwit waras. Para abdi mau padha mangsuli: “Kala wingi wetawis jam kalihwelas bentèripun ical.”
4:53 Bapakné mau banjur kèlingan yèn ing wayah kuwi Gusti Yésus ngandika marang dhèwèké, ‘Anakmu urip’. Pegawé kraton mau sebrayaté kabèh nuli padha precaya marang Gusti Yésus.
4:54 Kuwi lelakon sing kaping pindhoné, sing ditindakaké déning Gusti Yésus ana ing Galiléa, sawisé Panjenengané rawuh saka tanah Yudéa.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 43 Yohanes

Leave a comment