Tag Archives: Yakobus

Yakobus 1

1:1 Salam saka aku, Yakobus, abdiné Allah lan abdiné Gusti Yésus Kristus, tumekaa marang sakèhé umaté Allah kang sumebar ing salumahing bumi.
1:2 Hé, para sedulurku! Menawa kowé padha nampa pacoban werna-werna, kuwi anggepen kabegjan.
1:3 Jalaran yèn sajroné dicoba mau precayamu marang Gusti Allah tetep, kowé dadi saya mantep.
1:4 Udinen bisané kowé tetep enggonmu ngandhemi precayamu, nganti dadia sampurna lan rumangsa ora kekurangan apa-apa.
1:5 Yèn panunggalanmu ana sing kurang wicaksana, nyuwuna karo Gusti Allah, mesthi bakal diparingi, awit Gusti Allah yèn maringi marang sapa waé kanthi loma lan éklas.
1:6 Nanging yèn nyenyuwun, kudu sing temenan! Aja mangu-mangu. Awit wong mangu-mangu kuwi ora béda karo ombak ing segara, sing mung mlayu mrana mlayu mréné manut lakuning angin.
1:7 Wong sing mengkono kuwi aja ngira yèn bakal nampa apa-apa saka Gusti,
1:8 awit wong sing atiné mangro, nindakaké pegawéan apa waé ora tau bisa rampung kanthi becik.
1:9 Wong-wong sing miskin padha bungaha samangsa diluhuraké déning Gusti Allah.
1:10 Lan wong-wong sing sugih iya bungaha, samangsa diasoraké déning Gusti Allah, awit wong sugih kuwi bakal sirna, kaya kembang suket.
1:11 Nalika srengéngé mlethèk, panasé saya sumelèt, njalari suket mau dadi alum, kembangé gogrog, éndahé ilang. Mengkono uga wong sugih iya bakal sirna nalika lagi padha nglakoni pegawéan ngundhakaké kasugihané mau.
1:12 Begja wong sing sajroné nampa panggodha, tetep precayané, awit samangsa wis bisa ngalahaké panggodha mau bakal tampa ganjaran, yakuwi urip sing dijanjèkaké déning Gusti Allah marang wong sing padha tresna marang Panjenengané.
1:13 Yèn ana wong sing lagi kena ing panggodha aja muni: “Aku digodha déning Gusti Allah,” jalaran Gusti Allah ora kena digodha déning piala, sarta Gusti Allah piyambak ora nggodha sapa-sapa.
1:14 Nanging saben wong digodha déning hawa-nepsuné dhéwé, sing nyèrèd lan mbujuk marang wong mau.
1:15 Lan yèn hawa-nepsu kuwi dituruti, banjur njalari dosa. Déné yèn dosa wis dilakoni, olèh-olèhané pati.
1:16 Sedulur-sedulur sing daktresnani! Aja padha kesasar.
1:17 Sakèhing peparing sing becik sarta saben ganjaran sing sampurna kuwi asalé saka ing swarga, saka Gusti Allah sing nitahaké sakèhing pepadhang ing langit. Panjenengané ora molah-malih, ora bakal mengker nilar kita ing petengan.
1:18 Panjenengané nitahaké kita saka kersané piyambak, srana sabdané kang suci. Mulané kita padha dadi pinunjul ing antarané para titahé kabèh.
1:19 Para sedulurku sing daktresnani! Padha diéling! Saben wong sing padha cepet yèn ngrungokaké, nanging sing alon-alon yèn caturan utawa yèn nepsu;
1:20 awit srana nepsu manungsa ora bisa nglakoni kersané Gusti Allah.
1:21 Mulané sarupaning pakulinan sing ora prayoga lan kelakuan sing ala padha singkirana. Mbangun-turuta marang Gusti Allah; lan pangandika sing didhedher ana ing atimu kuwi tampanana kanthi andhap-asor, awit iya pangandika kuwi sing nylametaké kowé.
1:22 Dhawuhé Allah lakonana, aja mung dirungokaké waé, sebab yèn mung kokrungokaké, kuwi padha karo ngapusi awakmu dhéwé.
1:23 Awit wong sing mung ngrungokaké waé tanpa nglakoni, kuwi kaya wong sing ngilo ana ing pengilon lan mung weruh rupané.
1:24 Sawisé namataké rainé dhéwé, mangka banjur lunga, sanalika wis lali kepriyé rupané mau.
1:25 Nanging sing sapa nggatèkaké dhawuhé Gusti Allah sarta nglakoni kanthi tumemen, dadi ora mung ngrungokaké waé, ing sabarang-gawéné mesthi diberkahi déning Gusti Allah, sebab dhawuhé Gusti Allah kuwi sampurna lan ngluwari manungsa.
1:26 Yèn ana wong sing rumangsa ngabekti marang Gusti Allah, mangka ora mekak ilaté, kuwi ngapusi awaké dhéwé, pangibadahé tanpa guna.
1:27 Pangabekti sing bener lan tanpa cacad ana ing ngarsané Gusti Allah, Rama kita, yakuwi ngrumati para bocah lola lan para randha ing sajroning kasangsarané lan njaga supaya awaké dhéwé aja nganti kena ing jejembering donya.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 59 Yakobus

Yakobus 2

2:1 Para sedulurku! Kowé kuwi wong-wong sing precaya marang Gusti Yésus Kristus, Kang Mahamulya. Kowé aja nganggo mbédak-mbédakaké wong manut kaanané tata lair.
2:2 Upamané yèn ana wong mlebu ing kumpulanmu nganggo ali-ali mas lan sandhangané becik, mangka iya ana wong miskin sing mlebu nganggo sandhangan sarwa èlèk,
2:3 kowé banjur luwih ngajèni marang sing menganggo sarwa bregas mau lan kokaturi mengkéné: “Kula aturi lenggah ing kursi ingkang saé menika,” mangka wong sing miskin mau koktuturi: “Ngadega ing kono!” utawa: “Lungguha ing ngisor kéné, cedhak sikilku!”
2:4 Apa kowé ora padha gawé dosa? Awit kowé wis mbédak-mbédakaké pepadhamu, lan wis mawas wong nganggo pikiran sing ora prayoga.
2:5 Sedulur-sedulurku sing daktresnani, wong-wong sing dianggep miskin ing donya iki, ditampi déning Gusti Allah saka enggoné precaya. Wong-wong mau padha dadi umat ing Pepréntahané Gusti Allah, sing wis dijanjèkaké marang wong-wong sing padha tresna marang Panjenengané.
2:6 Nanging kowé padha ngina marang wong miskin! Coba pikiren! Sapa sing nindhes kowé lan nyèrèd kowé menyang pengadilan? Apa dudu wong-wong sugih?
2:7 Iya wong-wong sugih kuwi sing nyewiyah Asmané Gusti Allah Kang Mahamulya, sing nimbali kowé dadi para kagungané.
2:8 Yèn kowé netepi dhawuhé Angger-anggeré Kratoné Gusti Allah, sing katulis ana ing Kitab Suci: “Kowé tresnaa marang sapepadhamu, kaya marang awakmu dhéwé,” kuwi wis bener.
2:9 Nanging yèn kowé padha mbédak-mbédakaké, kowé dadi nglakoni dosa, lan kowé uga disalahaké déning Angger-anggering Torèt, dianggep wong sing nerak angger-angger.
2:10 Sapa sing nerak Angger-anggering Torèt siji waé, kuwi wis nerak Angger-anggering Torèt kabèh.
2:11 Sebab sing ngandika: “Kowé aja laku bédhang,” kuwi iya sing ngandika: “Kowé aja mematèni.” Dadi senajan kowé ora laku bédhang, nanging yèn kowé gawé pati, kowé uga wis nerak angger-angger.
2:12 Enggonmu caturan lan enggonmu tumindak kuwi dikaya wong sing bakal padha diadili manut Angger-anggering Torèt sing gawé luwaré manungsa.
2:13 Awit Gusti Allah bakal maringi paukuman tanpa nganggo kawelasan marang wong sing ora nandukaké kawelasan. Nanging sukur déné kawelasan kuwi ngalahaké pengadilan!
2:14 Para sedulurku! Apa gunané wong muni: “Aku precaya,” mangka ora tumindak apa-apa? Apa precayané mau bisa nylametaké uripé?
2:15 Upamané ana sedulur lanang utawa wadon, sing butuh sandhangan lan pangan.
2:16 Apa gunané kowé muni karo wong mau: “Wis mangkata, muga kecukupan sandhang lan panganmu,” mangka kowé ora mènèhi marang wong-wong mau barang sing dibutuhaké?
2:17 Mengkono uga bab precaya. Yèn ora dikanthèni tumindak, precaya kuwi tanpa guna!
2:18 Bisa uga ana wong sing muni mengkéné: “Ana wong sing ngendelaké precayané, ana liyané sing ngendelaké penggawéné.” Wangsulanku mengkéné: “Coba aku tuduhna, kepriyé bisané wong nuduhaké precayané tanpa penggawé, banjur aku bakal nuduhaké marang kowé precayaku srana penggawé-penggawéku.”
2:19 Kowé rak precaya ta, yèn Gusti Allah kuwi mung siji? Sétan-sétan iya precaya, lan sétan-sétan mau padha gumeter merga saka wediné!
2:20 Bodho temen kowé kuwi! Apa kowé butuh bukti, yèn precaya tanpa penggawé kuwi tanpa guna?
2:21 Mengkéné: “Leluhur kita Abraham kuwi enggoné kaanggep bener ana ing ngarsané Gusti Allah rak merga saka penggawéné? Yakuwi nalika panjenengané nyaosaké putrané Iskak ana ing mesbèh.
2:22 Kuwi mau nélakaké yèn precaya lan penggawé kuwi tumindaké bebarengan, precayané disampurnakaké déning penggawéné.”
2:23 Srana mengkono dadi bener apa sing katulis ing Kitab Suci, sing surasané: “Rama Abraham precaya marang Gusti Allah, lan merga saka enggoné precaya mau panjenengané kaanggep bener ana ing ngarsané Gusti Allah.” Merga saka iku Abraham karan: “Mitrané Gusti Allah.”
2:24 Dadi saiki kowé padha ngerti, yèn wong mono enggoné karukunaké karo Gusti Allah iya merga saka penggawéné, lan ora mung merga saka precayané waé.
2:25 Mengkono uga Rahab, si sundel *sundel: pelacur (bhs. Ind.).* kaé. Rahab karukunaké karo Gusti Allah iya merga saka penggawéné. Yakuwi nalika dhèwèké ndhelikaké para telik *telik: mata-mata (bhs. Ind.).* Yahudi lan nulungi wong-wong mau lolos metu dalan liya.
2:26 Kaya déné badan tanpa roh kuwi mati, mengkono uga precaya tanpa penggawé iya tanpa guna!

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 59 Yakobus

Yakobus 3

3:1 Para sedulur! Panunggalanmu aja akèh-akèh sing dadi guru, sebab kowé ngerti yèn kita sing dadi guru kuwi bakal diadili luwih keras tinimbang wong-wong liyané.
3:2 Kita padha kerep gawé keluputan. Wong sing ora tau gawé keluputan srana tembung kuwi wong sing sampurna, lan bisa ngendhalèni badané sekojur temenan.
3:3 Kita padha masang kendhali ing cangkemé jaran, supaya jaran mau manut karo kita, mula kita bisa ngendhalèni badané jaran kabèh.
3:4 Contoné menèh prau: senajan prau mau gedhé lan disurung angin sing banter, éwasemono prau mau kena dirèh nganggo kemudhi sing mung cilik banget, lan manut sakarepé juru-mudhi.
3:5 Mengkono uga ilat kita, senajan cilik, éwadéné bisa ngandhakaké prekara-prekara sing gedhé. Coba pikiren! Alas gedhé, kuwi bisa sirna diobong nganggo geni mung sapelik!
3:6 Ilat kuwi ya kaya geni, presasat gudhanging kadurakan. Sarèhné ilat kuwi pérangané badan kita, mula iya bisa gawé alané badan kita sekojur. Ilat bisa ngobong badan kita mau srana genining nraka.
3:7 Manungsa bisa gawé tututé kéwan-kéwan sing galak, bangsa manuk, kéwan sing rumangkang lan bangsa iwak.
3:8 Nanging ora ana wong siji waé sing bisa gawé tututé ilat. Ilat kuwi ala lan ora bisa dikendhalèni, kebak racun sing mematèni.
3:9 Ilat kita enggo saos sukur marang Gusti Allah, Rama kita, nanging iya kena kita enggo ngipat-ipati wong liya, sing iya katitahaké miturut citrané *citra: gambar: rupi.* Gusti Allah.
3:10 Saos sukur lan ipat-ipat, kelairé saka sumber siji. Para sedulurku! Pancèné ora mengkono.
3:11 Ora ana sumber sing metokaké banyu tawa lan iya banyu pait saka tuk siji?
3:12 Wit anjir ora bisa metu wohé zaitun; utawa wit anggur metu wohé anjir, utawa sumber banyu asin ora bakal metokaké banyu tawa.
3:13 Yèn panunggalanmu ana sing wicaksana lan pinter, kuwi ngétokna kawicaksanan lan kapinterané srana urip sing becik lan laku sing utama, kanthi andhap-asor lan sarèh ing budi.
3:14 Nanging yèn ing sajroning atiné padha nduwèni rasa mèri, brangasan lan mung mikir awaké dhéwé, aja padha gumunggung, awit kuwi nyulayani karo dhawuhé Gusti Allah.
3:15 Kawicaksanan sing kaya mengkono mau pinangkané ora saka ing swarga, nanging saka ing donya. Ora saka Rohé Allah, nanging saka Iblis.
3:16 Sebab angger ana kumèrèn, mesthi ana rerusuh lan penggawé ala rupa-rupa.
3:17 Nanging kawicaksanan sing pinangkané saka Rohé Allah kuwi sipaté sing dhisik dhéwé suci, seneng marang katentreman, wataké alus lan sumanak, kebak katresnan lan metokaké woh sing becik tikel-matikel. Kawicaksanan sing mengkono kuwi ora mbédak-mbédakaké lan ora lamis.
3:18 Winih sing disebar déning wong sing dhemen marang kerukunan, kuwi metokaké woh kabecikan.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 59 Yakobus

Yakobus 4

4:1 Apa sing njalari kowé padha congkrah lan tukar padu? Apa ora merga kowé padha seneng ngumbar hawa-nepsu lan mburu pepénginanmu lan tansah padha golèk senengmu dhéwé-dhéwé?
4:2 Kowé padha mélik marang sawenèhing barang, nanging ora kelakon, banjur tuwuh niyatmu arep mematèni! Kowé kepéngin apa-apa, nanging ora keturutan, banjur padu lan kerengan. Kowé ora olèh barang sing kokpéngini, awit barang mau ora koksuwun karo Gusti Allah.
4:3 Lan senajan kowé nyuwun, kowé ora kaparingan, awit karepmu ala; jalaran sing koksuwun mau barang-barang sing arep kokenggo nguja hawa-nepsumu.
4:4 Hé wong mursal! Apa kowé padha ora ngerti yèn sing sapa memitran karo donya iki ateges dadi satruné Gusti Allah?
4:5 Aja koksepèlèkaké pangandika ing Kitab Suci sing surasané: “Atiné manungsa dikersakaké ngemungna rumaket marang Panjenengané waé.”
4:6 Éwasemono sih-rahmat sing diparingaké déning Gusti Allah luwih gedhé, kaya pangandika ing Kitab Suci: “Gusti Allah nampik wong gumunggung, nanging maringi sih-rahmat marang wong sing andhap-asor.”
4:7 Mulané padha wedi-asiha karo Gusti Allah; Iblis lawanen, karebèn padha mlayu ninggal kowé.
4:8 Padha nyedhaka marang Gusti Allah; Panjenengané bakal nyelaki kowé. Tanganmu wisuhana, hé wong dosa! Lan resikana atimu, hé wong lamis!
4:9 Padha nlangsaa, padha nangisa lan sesambata! Guyumu salinana tangis lan kabungahanmu salinana kasusahan!
4:10 Padha ngasorna badanmu ana ing ngarsané Gusti Allah, Panjenengané nuli bakal ngluhuraké kowé.
4:11 Hé para sedulur, aja padha ngrasani lan nenacad liyan! Sing sapa ngrasani utawa netepaké luputé seduluré, ateges nacad lan ngluputaké marang dhawuhé Gusti Allah. Yèn ngluputaké dhawuh-dhawuh mau ateges kowé ora sumuyud, nanging dadi hakimé.
4:12 Mangka sing maringaké dhawuh lan ngadili manungsa kuwi mung Gusti Allah. Mung Panjenengané sing nylametaké utawa numpes. Rumangsamu kowé kuwi sapa; kokarep ngadili manungsa pepadhamu?
4:13 Kowé sing padha muni: “Ing dina iki, utawa sésuk aku arep menyang kutha anu lan ana ing kana setaun lawasé, arep dagang lan golèk bathi akèh,” padha rungokna pituturku iki.
4:14 Kowé rak padha ora ngerti apa sing sésuk bakal kelakon. Uripmu kuwi rak mung kaya uwab, sing katon mung sedhéla banjur ilang.
4:15 Sing bener kowé kudu muni mengkéné: “Menawa Pangéran marengaké aku kaparingan umur dawa, aku arep ngéné utawa ngono.”
4:16 Nanging saiki kowé gumunggung lan umuk. Kuwi ora bener.
4:17 Dadiné saben wong sing ora nglakoni penggawé becik, mangka ngerti yèn kuduné dilakoni, kuwi gawé dosa.

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 59 Yakobus

Yakobus 5

5:1 Hé para wong sugih, rungokna pituturku! Padha nangisa lan sesambata, merga kowé bakal ketaman ing kasangsaran.
5:2 Kasugihanmu padha bosok lan sandhanganmu padha dipangan renget.
5:3 Mas lan slakamu kena ing timbrah. Iya timbrah kuwi buktiné yèn bandha-bandha mau nglawan marang kowé lan bakal ngrokoti dagingmu, kaya geni sing ngobong awakmu. Kowé wis numpuk bandha ing dina-dina wekasan iki.
5:4 Rungokna sambaté wong-wong sing padha nyambut-gawé ing palemahanmu sing padha ora kokopahi. Semono uga pangresulané wong sing padha derep ana ing sawahmu wis kapireng déning Gusti Allah, Kang Mahakwasa.
5:5 Uripmu ing donya kéné kepénak lan kebak kasenengan. Awakmu koklelemu, kaya wedhus sing arep disembelèh.
5:6 Wong sing bener kokukum, malah kokpatèni, mangka wong mau ora nglawan marang kowé.
5:7 Para sedulur! Mulané padha sing sabar nganti sarawuhé Gusti. Delengen sepira sabaré wong tani enggoné ngentèni pametuning buminé, sing gedhé ajiné. Kanthi sabar enggoné ngentèni tekané udan ing mangsa rendheng.
5:8 Mengkono uga kowé kudu padha sabar. Padha dimantep ing pengarep-arep, awit dina rawuhé Gusti wis cepak.
5:9 Hé para sedulurku! Aja padha ngresula lan nenacad, supaya kowé aja padha diukum déning Gusti Allah. Awit sing ngasta pengadilan wis mèh rawuh. Panjenengané wis jumeneng ana ing ngareping lawang.
5:10 Hé para sedulur, padha élinga karo para nabi sing padha ngandika atas asmané Allah. Tirunen sabar lan mantepé sajroné nandhang sangsara.
5:11 Para nabi mau padha diarani begja, merga enggoné padha sabar. Kowé rak wis padha krungu bab kesabarané Rama Ayub, lan padha ngerti kepriyé wekasané ganjaran sing kaparingaké déning Gusti Allah marang Rama Ayub mau, awit Gusti Allah kuwi gedhé sih-palimirma lan piwelasé.
5:12 Luwih-luwih, para sedulur! Yèn kowé janji apa-apa poma aja nganggo sumpah. Aja sumpah nganggo seksi langit utawa bumi, utawa nganggo seksi apa waé. Yèn “iya” kandhaa “iya”, yèn “ora” kandhaa “ora”, supaya kowé aja nampa paukuman.
5:13 Yèn kancamu ana sing susah, dongakna! Yèn ana sing seneng atiné, padha menyanyia.
5:14 Yèn ana sing lara, ngaturana para pinituwané pasamuwan, supaya padha ndongakna sing lara, lan ngusapi awaké sing lara mau nganggo lenga atas asmané Gusti.
5:15 Pandonga sing metu saka precaya, bakal njalari wong sing lara mau kawarasaké déning Gusti lan dosa-dosané kaparingan pangapura.
5:16 Mulané padha genti ngakonana kaluputanmu lan padha donga-dinongakna, supaya kowé padha kuwarasan. Pandongané wong sing netepi dhawuhé Gusti Allah, yèn diucapaké kalayan yakin kuwi gedhé sawabé.
5:17 Nabi Élia kuwi rak mung wong lumrah kaya kita. Panjenengané ndedonga kanthi temen-temen supaya aja ana udan, lan telu setengah taun lawasé ora ana udan temenan.
5:18 Bareng panjenengané ndedonga menèh, langit nuli ngesokaké udan lan bumi metokaké woh.
5:19 Hé para sedulurku! Yèn panunggalanmu ana wong sing murtad, banjur ana sedulur sing nuntun wong mau dadi mratobat,
5:20 ngertia yèn sing sapa mbalèkaké wong dosa saka lakuné sing nylèwèng, kuwi ateges ngentasaké nyawané wong mau saka ing pati, lan iya njalari akèh dosa sing olèh pangapura. Saka aku, Yakobus

Leave a comment

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 59 Yakobus